You are on page 1of 1

Sesorah, Pidhato basa jawi

Assalamualaikum Wr. Wb

Bapak, Ibu para rawuh lan para rayi ingkang kula hurmati. Kaparenga ing wekdal menika kula
wakilipun kelas sanga ngaturaken gunging panuwun saha sugeng rawuh wonten ing adicara
perpisahan menika.

Bapak ibu guru ingkang pantes tinulad sinudarsana, mboten kanyana sampun tigang tahun
panjenengan didhik kula lan kanca- kanca kanthi kesabaran lan maringi ilmu ingkang katah kang
migunani dating pasrawungan sedaya kala wau diparingaken tanpa pamrih.

Dene kula lan kanca- kanca mboten saged mbales jasa- jasanipun panjengan sedaya. Namung saged
angaturaken mugi- mugi gusti kang maha wikan paring pinwales tumrapkawigatosan lan ilmu
ingkang sampun panjenengan paringaken dhuamteng kula sami. Ing mriki, kula amkili kanca- kanca
nyue\wun pamit sha idi panestu mugi- mugi kula lan kanca- kanca pinaringan panggenan pawiyatan
ingkang becik, kados ingkang kula lan kanca- kanca kersaaken.

Para rayi ingkang kula tresnani, supados tambah semangat sinau lan semangat anggenipun nggayuh
prestasi supaya pawiyatan ingkang kita tresanani niki, MTsN Kediri 2, saya apik lan tetep paling apik
ing Kutha Kediri.

Para rayi lan kanca- kanca kelas sanga,kula pesen kangge sedaya kemawon, aja ngantos “pedhot-
kekancan” supados kita tetep rerembagan kayata sakderengipun kita pisah.
Ing pungkasaning atur, kula lan kanca- kanca nyuwun idi pangestu lan agunging samudra pangaksami
dhumateng Bapak, ibu guru, para rawuh, lan para rayi menawi kula skanaca gadah kesalahan wiwit
tigang tahun niki.

Atur temanten managn srikaya


Mangan kupat uga pecel punten
Cekap semanten atur kawula
Bilih salah nyuwun pangapunten

Wassalamualaikum Wr. Wb

You might also like