Welcome to Scribd, the world's digital library. Read, publish, and share books and documents. See more
Download
Standard view
Full view
of .
Save to My Library
Look up keyword
Like this
8Activity
0 of .
Results for:
No results containing your search query
P. 1
PADINAN NEPTU

PADINAN NEPTU

Ratings: (0)|Views: 154 |Likes:
Published by Yoni Ahmad
Uploaded from Google Docs
Uploaded from Google Docs

More info:

Published by: Yoni Ahmad on Dec 26, 2010
Copyright:Attribution Non-commercial

Availability:

Read on Scribd mobile: iPhone, iPad and Android.
download as PDF, TXT or read online from Scribd
See more
See less

02/13/2014

pdf

text

original

 
www.setyawara.tk| E-Learning Bahasa Jawa SMABahan Ajar Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo XI - 2 | 1
PÉTANGAN JAWA
Bab Pranatamangsa lan liya – liyanéDening : Setya Amrih Prasaja,S.S.BAB I
A.
 
TAUN JAWA
Wiwit Jaman biyèn nganti tumeka sapréné wong Jawa isih akèh kang ngugemi lannggunakaké titi kalamangsa taun Jawa, taun Jawa utawa jeneng latiné
 Anno Javanicus
iki yasanéKanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Biyèn – biyèné wong Jawa nggunakaké titimangsaSaka saka Bangsa Hindu, gandèng ing tanah Jawa wis akèh wong sing ngrasuk agama Islam,Sultan Agung banjur gawé owah – owahan titimangsa Saka Hindu digabung karo taun HijriyahIslam sing sakbanjuré diarani taun Jawa.Owah – owahan iki dumadi rikala tanggal 8 Juli 1633 M. Utawa ngepasi taun Saka 1555,lan taun 1043 Hijriyah. Sasi – sasi sajroning taun Jawa uga kajumbuhaké karo sasi – sasi ing taunHijriyah, mung baé ana sing béda sithik. Kayata :
 
SASI JAWA – HIJRIYAH, LAN NEPTUNÉ
NO SASI JAWA SASI HIJRIYAH NEPTU1 SURA MUHARRAM 72 SAPAR SAFAR 23 MULUD RABIUL AWAL 34 BA’DA MULUD RABIUL AKHIR 55 JUMADIL AWAL JUMADIL AWAL 66 JUMADIL AKIR JUMADIL AKHIR 17 REJEB RAJAB 28 RUWAH SYA’BAN 49 PASA RAMADHAN 510 SAWAL / BADA SYAWAL 711 DULKANGIDAH DULKAIDAH 112 BESAR DULHIJAH 3
 
www.setyawara.tk| E-Learning Bahasa Jawa SMABahan Ajar Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo XI - 2 | 2
 
WUJUDING TAUN JAWA (SEWINDU)
Sakliyané sasi – sasi ndhuwur kuwi, wong Jawa uga nduwèni petungan taun singgunggungé ana 8 (Wolu).;NO TAUN NEPTU1 ALIP 12 ÉHÈ 53 JIMAWAL 34 75 DAL 46 27 WAWU 68 JIMAKIR 3Kanggo nengeri lakuning saben wolung taun banjur diarani WINDU, windu kuwi anapapat yaiku ;1.
 
WINDU SANGARA2.
 
WINDU SANCAYA3.
 
WINDU ADI4.
 
WINDU KUNTHARA
 
PASARAN / PANCAWARA
Sing diarani pasaran yaiku wujuding dina sing sakubengan ana limang dina, mula dina ikiuga diarani dina pancawara. Kagunan (gunané) kanggo métung dina pasaran. Jeneng dina landina pasaran iki asli saka Jawa. Kayata :NO DINA NEPTU1 KLIWON 82 LEGI 53 PAING 94 PON 75 WAGÉ 4
 
PARINGKELAN / SADWARA
Sing diarani paringkelan yaiku wujuding dina sing sakubengan ana nem dina, mula dina iki ugadiarani sadwara. Kagunan (gunané) kanggo métung tetanèn lan sakpanunggalané. Wujudé dinaiki kayata :
 
www.setyawara.tk| E-Learning Bahasa Jawa SMABahan Ajar Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo XI - 2 | 3
NO PARINGKELAN NGARANI DINA1 WURUKUNG KÉWAN2 PANINGRON IWAK3 UWAS MANUK4 MAWULU WINIH5 TUNGLÉ GODHONG6 ARAYANG MANUNGSA
 
PADINAN / SAPTAWARA
Sing diarani padinan yaiku wujuding dina sing sakubengan ana pitung dina, mula dina ikiuga diarani saptawara. Kagunané (gunané) minangka étungan saben dinané. Jeneng dina ikikajumbuhaké karo dina kang ana taun Hijriyah kayata :NO SAKA HIJRIYAH JAWA NEPTU1 RADITÉ AHAD AKAD 52 SOMA ISNAIN SENÈN 43 ANGGARA TSALASA’ SELASA 34 BUDA ARBA’A REBO 75 WRESPATI KHOMSAH KEMIS 86 SUKRA SITTAH JEMUWAH 67 SANISCARA SABBAH SETU 9
 
PADÉWAN / ASTHAWARA
Sing diarani padéwan yaiku wujuding dina sing sakubengan ana pitung dina, mula dinaiki uga diarani asthawara. Kagunané (gunané) minangka étungan bangas padéwan,jaman biyènékanggo meruhi kahanan dina para Déwa. Dina iki wis arang lan ora kagunakaké manèh, kejabaana ing petungan Primbon.NO PADÉWAN NO PADÉWAN1 SRI 5 RUDRA2 INDRA 6 BRAMA3 GURU 7 KALA4 YAMA 8 UMA
 
KAGUNAN NEPTU LAN PÉTUNGANÉ
Biyèn – biyèné neptu kang ana ing dina utawa sasi lan taun Jawa, kagunakaké kanggonengeri lan nggampangaké anggoné metung lan nyumurupi kahanané taun lan windu, lanpetungan iki mawa rumus lan waton (landhesan) sing njlimet “
 Matematis
”, dadi ora kok
klenik 
 lan
magic
kaya kang kaprah dingertèni wong akèh, salah siji tuladha panganggoné pétungan ikiyaiku ;

Activity (8)

You've already reviewed this. Edit your review.
1 thousand reads
1 hundred reads
dehasri liked this
Endro Rastadi liked this
Jonet Susanto liked this
Dr supriyanto liked this
Dwi Adi Mukti liked this

You're Reading a Free Preview

Download
/*********** DO NOT ALTER ANYTHING BELOW THIS LINE ! ************/ var s_code=s.t();if(s_code)document.write(s_code)//-->