You are on page 1of 12

Paribasan; Bebasan, Saloka

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu.
Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu
basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok,
lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang
kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa
pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa,
utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges
nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa.
Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa
dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira
bakal kalah prakarane

1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku,
wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
2. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
3. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
4. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
5. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
6. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
7. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
8. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
9. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan
tumindake
10. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani
sing krungu
11. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
12. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
13. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
14. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
15. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
16. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
17. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
18. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
19. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
20. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih
dhuwur panguwasane
21. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
22. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
23. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
24. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
25. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
26. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan
kepinterane
27. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
28. Asu marani gebug = njarag bebaya

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
29. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
30. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora
duwe panguwasa)
31. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake
pasedulurane
32. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu
ngrasakae lan melu tanggung jawab
33. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
34. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
35. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
36. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
37. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
38. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang
luwih saka ala
39. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
40. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
41. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali
kaya maune
42. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
43. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku
luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
44. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
45. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
46. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya
pati
47. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
48. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
49. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh
opah dhuwit, mangan, lan udut
50. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
51. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
52. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
53. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
54. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran,
utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
55. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
56. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging
sing siji luwih trengginas
57. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
58. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon
kang disiri
59. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
60. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa
ana prelune
61. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana
pedahe
62. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
63. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
64. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
65. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
66. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
67. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
68. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
69. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
70. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening
adhine
71. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
72. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
73. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
74. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
75. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung
nganti mati
76. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh,
karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
77. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
78. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah
sulaya karo rembuge wong akeh
79. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan
njalari kuwat.
80. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
81. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
82. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
83. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen
nemoni rekasa bakal dibelani
84. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
85. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala
dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
86. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang
ngimbuhi ribed
87. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-
dhewe
88. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
89. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
90. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
91. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
92. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala
atine
93. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog
lan saranane
94. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
95. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
96. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
97. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
98. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo
sing dirembug
99. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
100. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
101. Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora
ngerti
102. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
103. Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
104. Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
105. Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
106. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis
takdhire bisa kalakon
107. Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo
meruhi wewadi
108. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
109. Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke
ugamelu nglakoni
110. Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
111. Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
112. Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
113. Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
114. Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
115. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
116. Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
117. Entek jarake = wis entek kasugihane
118. Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
119. Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
120. ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
121. Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
122. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha
pasulayanwong cilik sing dadi korban
123. Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
124. Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana
wong lanang sing nakokake
125. Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
126. Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
127. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora
bis keturutan
128. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak
nanging bisa kelakon
129. Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
130. Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
131. Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
132. Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
133. nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
134. Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
135. Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
136. Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
137. Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu
kabegjan
138. Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
139. Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
140. nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
141. nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
142. nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake
dhewe
143. Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
144. Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok
wong kang uga tumindak ala
145. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
146. Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
147. Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
148. ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
149. Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
150. Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
151. ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong
sing dipitenah
152. Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu
ngrasakake kepenake
153. Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala
bebudene
154. Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan
ing omahe sing lanang
155. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
156. Idu geni = sakuni-unine kelakon
157. Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
158. Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
159. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen
ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
160. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad
(pengorbanan)
161. nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
162. nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
163. nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
164. Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe
kapitunan
165. Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
166. Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
167. Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
168. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
169. Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
170. Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
171. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
172. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga
lelakon sing wis tau gawe wedi
173. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing
nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
174. nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh
lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
175. nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
176. Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang
petung
177. Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik
bisa lan orane
178. Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
179. Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
180. Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
181. Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
182. Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
183. Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
184. Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo
nggoleki malah ora ketemu
185. Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa
kaluwargane dhewe
186. Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan
anak
187. Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun
(diwarahi)
188. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
189. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
190. Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida
ditandangi
191. Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
192. Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis
lumaku, arep maju wis rekasa
193. Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
194. Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
195. Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
196. Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
197. Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin
ngreti prekarane
198. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
199. Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
200. Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
201. Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
202. Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong
tuwane
203. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
204. Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
205. Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
206. Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
207. Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
208. Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
209. Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora
sembada
210. Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
211. Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
212. Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
213. Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
214. Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong
kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
215. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
216. Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
217. Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
218. Kethek saranggon = grombolane wong ala
219. Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
220. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih
tur bodho
221. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
222. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
223. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
224. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
225. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
226. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
227. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
228. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
229. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
230. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
231. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
232. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe
panggonan utawa omah tetep
233. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong
ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
234. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
235. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
236. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
237. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
238. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi
wiring isin
239. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu
kabegjan
240. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane
wong gedhe utawa wong kuwasa
241. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
242. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
243. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
244. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat
dalan kang mbebayani
245. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
246. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
247. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake
dhewe
248. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
249. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
250. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur
dibuwang, tanpa oleh pangkat
251. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
252. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
253. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean
(rekasa)
254. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
255. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
256. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
257. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
258. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
259. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake
ora mrantasi gawe
260. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe
celengan
261. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
262. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan
ngaku, jalaran konangan wong akeh
263. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi
daya kepiye wae nanging ora kasil
264. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
265. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang
dilakoni
266. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
267. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah
kena apus
268. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
269. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
270. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
271. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
272. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
273. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
274. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
275. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
276. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
277. Meneng kitiran = ora bisa anteng
278. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang
luput saka bebaya
279. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
280. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
281. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing
diojok-ojoki ora mempan
282. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
283. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
284. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter
(sugih)
285. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
286. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan
dhewe-dhewe
287. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
288. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
289. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
290. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
291. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
292. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
293. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
294. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
295. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
296. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
297. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
298. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
299. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung
mesthi olehe
300. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
301. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
302. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
303. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti
gawe kagete wong akeh
304. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
305. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
306. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
307. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
308. Nyolong pethek = luput saka pangira
309. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
310. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
311. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
312. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
313. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
314. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
315. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
316. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
317. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga
ngelmune
318. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
319. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
320. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
321. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat
lan sranane
322. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
323. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
324. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
325. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane
banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
326. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
327. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
328. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
329. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
330. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
331. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa
lan padha olehe
332. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
333. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
334. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
335. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
336. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging
sabenere niling-nilingake
337. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
338. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati
omah-omahe wong akeh
339. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
340. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing
diangkah
341. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
342. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang
wis ora duwe pangawasa
343. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
344. Obor blarak = mung sawetara wae
345. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
346. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
347. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
348. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
349. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
350. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
351. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
352. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
353. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
354. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
355. Ora polo ora uteg = bodho banget
356. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
357. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
358. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana
nyatane
359. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
360. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
361. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah
ngrusak
362. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
363. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
364. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi
kesenengane)
365. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
366. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
367. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
368. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing
papan kang mubra-mubru pangan
369. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
370. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
371. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
372. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
373. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
374. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa
disingkirake
375. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung
oleh piala saka wong iku
376. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
377. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani
(gawe cilaka)
378. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
379. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo
kekarepane

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
380. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
381. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha
santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
382. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
383. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
384. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane
wong akeh
385. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
386. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan
sanak sedulur
387. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
388. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng
(ngiwa nengen)
389. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
390. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
391. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
392. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung
ketularan alane
393. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut
ala
394. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
395. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe
kamelikan apa-apa
396. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
397. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang
gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
398. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan
adoh karo kanyatane
399. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan
kaanane
400. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
401. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan
panggedhene
402. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala
bebarengan
403. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan
sing gumathok
404. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-
atenane
405. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
406. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah
lan benere
407. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
408. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
409. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang
atine
410. Timun jinara = prakara gampang banget
411. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen
kekurangan)
412. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
413. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
414. Tunggal banyu – tunggal guru
415. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing
peperangan)
416. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
417. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
418. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone
mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
419. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong
gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara
ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
420. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur
pangkate
421. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
422. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
423. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa
nemu kabegjan
424. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
425. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
426. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
427. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
428. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
429. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
430. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
431. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
432. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
433. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung
balunge (wong ketula-tula uripe)
434. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
435. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
436. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang
pakaremane
437. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora
ngerti kang dikarepake
438. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah
nganti tuwa)
439. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
440. Waras-wiris = sehat
441. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
442. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
443. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
444. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
445. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi
diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
446. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
447. Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru

Sumber

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html

You might also like