You are on page 1of 4

Alyssa / XI Ipa 1 / 5

Kulo aturaken matur suwun kagem kanca-kanca sedanten ingkang sudi nyisih aken
wedalipun ngrawuhi pidato meniko.

Saderek-saderek sedanten……..

Minurut pengamatan kaliyan kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang
kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal
meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang
serius……..

Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..

Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme!


Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados
wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan
utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang
rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng
mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan
kualitasipun luwih sae……..

Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….

Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air
negeri “tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut
barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro
Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen
perjuangan

Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget
ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme
kito sedanten.

Matur suwun kulo sampekaken……… Berkah Dalem


Sugeng siang sedaya kemawon…Ingkang dahad kinurmatan Suster Kepala Sekolah
SMA Sedes Sapientiae, bapak ugi ibu guru, staf TU, konco-konco ugi adek-adek
sedaya kemawon ingkang kula tresnani.

Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti
ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita
sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa
kelas 12 sapunika. Kula siswa kelas 12 Ipa 1 ingkang tinanggenah guru kagem
mewakili konco-konco kelas 12 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco
namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru
ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng
pawiyatan menika.

Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget
nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco.
Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga,
masyarakat, ugi bahasa lan negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget
kagem nilaraken pawiyatan menika. Amargi pawiyatan menika supados kados griya
kula payimbak. Bapak ibu guru inggih sampun kula anggep kados tiyang sepuh kula
payimbak.

Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 11 kaliyan 10 supados sinal
ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang
lanthip. Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip
sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya
kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun.Sugeng Siang… Berkah Dalem
Suster Kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa


ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal
manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan
pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini
pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa
Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun
mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih
dipuncengkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-
langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge
majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken,
malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang
kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja
ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun
Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi
dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged
damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken


gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten
kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia.
Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap
sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

You might also like