You are on page 1of 5

SA. BANJARANSARI. SL.

M
(Bawa : Gd. Gandrung manis Sl.M)

Den ira campuh prang


Sri Harjuna sasra
Lawan Raden Sumantri
Aliru prabawa
Tan ana kasoran, mangkana Sri Narendra
Mangun triwikrama, tedhak saking rata
Mrepegi mungsuh ira
Jawateng awiyat
Ngudanaken kembang lumrang Banjaran sari

SA. DHUDHA GANDRUNG SL.M


(Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M)

Paksi pita, sendhanglit kinurung, sun cacadhang, wiwit timurnya


Wong ing mayang, pandaming kang ratri
Ing tembe sun kawulani
Perak rekta, mangke wus diwasa, suteng baya, warnanya punjul
Gandes luwes gapyak kaduk manis
Wyeng enget amring kawula

SA. HARINIDWANI. SL.M


(Bawa : Ktw. Sri Kacaryan Sl.M)

Dahat kacaryan,
Janma lyan praja, myat mring nagari kita
Indonesia, atur pratandha, samya suka ,mamitran
Mila sangsaya, gemah ripah, ngambar arum kang nama

SA.JALADHA. SL.M
(Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M)

Kagagas ing galih


Rama Wijaya ngling
Dhuh ari Leksmana, iku tala gasri
Unining bremara, humem pertangise
Putri manthili myang, kukila sauran
SA. MADURETNA SL.M
(Bawa : Gd. Lobong Sl.M)

Baya ta madu
Retna kang pinasthika
Pinusthi dadi, kusuma pepujanku
Kekuwung ira
Kang wehrudah ing driya
Driya matrenyuh, tis tis linobong brang ta

SA. MINTAJIWA SL.M


(Bawa : Ktw. Puspawarna Sl.M)

Laras ingreh Sang nahenkung


Ing dyantan kapadhan ingsih
Kang sangsaya ing turidaha, rudatine angranuhi
Ngrancaka temah wigena, ginupita ing sahari
Rineptapa mapuspita. Pantes patrape kang warni

SA. PAMULARSIH SL.M


(Bawa : Gd. Loro-loro Topeng, Ldr. Sigramangsah Sl.M)

Rukmi kinusweng hasta, parekane Sang Maharsi


Dhuh Gusti dasih ira
Anrus ing gilu memarap

Jineman ………….
Hamelang melang kalangkung
Sahari hari ratri
Mring kusuma kangngendhangi
Wedhiri puspa kresna, engeta Sang Pamularsih

SA. PRITANJALA SL.M


(Bawa : Gd. Widasari Sl.M)

Rikat lamlahireng, rata tan antara, prapteng sukuning ardi


Eram tumingaling, pakuwon arsine, dhengdheng saengga praja
Umyung kang pradangga, busekan kang janma, wor wor gredeging kuda
Kang njajari rata, amawa bandera, kumlaplir pritan jala
SA. SUMEKAR SL.M
(Bawa : Gending-Gendhing Sl.M)

Paran tumirah ingsun prihatin, waspanira gung mijil


Tuhu dahat, ingkang tanpa karya, sengkangnya rinemekan
Gelung rinu saksekarnya mawur ingkang gambir melathi
Upamatyas, sira amangungkung, mulat sira dyah ari

SA. SURARETNA SL.M


(Bawa : Gd. Pucung Sl.M)

Lela lela, linali saya kadriya


Driyas mara, marang rising kadi Ratih
Ratih Ratu
Ratune wong Cakra kembang
Kembang jaya, kusuma asih mring kula

SA. TEBUKASOL SL.M


(Bawa : Ldr. Sekargadhung Sl.M)

Hajrah ingkang, puspita arum


Katiyubing, samirana mrik
Sekargadhung, kongas gandanya
Maweh raras, renaming driya

SA. TEPIKAWURI SL.M


(Bawa : Gd. Montro Sl.M)

Ulun caos atur


Yen panujweng karsa, mugi parenga
Kalilan anyekar, ing tepi kawuri, tibeng Montro nya
Binarung abareng, gendhing nut wirama, supaya ramya
Wimbuh sukeng driya, mbokmanawa bias, golong sambada

SA. TIKTAMADU SL.M


(Bawa : Ldr. Mugi Rahayu Sl.M)

Sang pandhita Durna


Lon ngandika nira
Angger Dananjaya
Sayogya wurungna
SM. KINANTHI SEKAR GADHUNG SL.M
(Bawa : Ktw. Lebdasari Sl.M)

Antagopa klenthang klenthung


Mring sawah anyangking kudhi
Angendhangi rowang ira
Kang samya anambut kardi
Sigra wau ing ngundangan
Tinanya sawiji wiji

SM. PUCUNG SL.M


(Bawa : Rujak Jeruk Sl.M)

Semar iku pamonging satriya agung


Trah ing Witharadya
Tut wuripan handayani

Jineman ……………..
Datan kewran datan kewran
Saliring kang sanis kara
ST. KENYA KEDIRI SL.M
(Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M)

Kalembak gung paminta mawa basarum


Tansah puji ning pradasih
Suhing garan kendhil alit kisma mawur
Karaharjan nira Kanjeng Sang aprabu
Pan Narendra kawiwisma mring leluhur

Jineman ……………..
Garwa putra myang sentana
Sapraja samya basuki
Lir apindhanipun
Dyah ayu Kenya Kedhiri

ST. KUSWARAGA SL.M


(Bawa : Gd. Perkutut Manggung Sl.M)

Sri Maha jawata Katong


Handaku wulune rekta
Jroning nendra gung kaepi
Buja wreksa kawiwuwus
Panggya handika kusuma
Balenata rondhon pari
Paran margane wak mami
Kapithing kang sabeng rawa nguswa ragan ta wong ayu

ST. PRANASMARA SL.M


( Bawa : Ktw. Tarupala Sl.M)

Neng karang dhempel leledhang


Kyai Lurah Semar sapranak anne
Miyat kebon

Jineman ………..
Kebon tegal lan aleren
Sami ngundhuh tarupala
Suka sindhen sesendhonan
Sarywan njoged genti genti

You might also like