You are on page 1of 6

Punakawan 4.

Baworcarub
Punakawan adalah para pembantu dan Versi Jawa Barat, wayang golek
pengasuh setia Pandawa. Dalam wayang kulit, 1. Semar
punakawan ini paling sering muncul dalam 2. Astrajingga
goro-goro, yaitu babak pertujukan yang 3. Dawala
seringkali berisi lelucon maupun wejangan. 4. Cepot
Versi Jawa Tengah dan Jawa Timur, wayang Versi Bali
kulit/wayang orang 1. Tualen
1. Semar 2. Merdah
2. Gareng 3. Sangut
3. Petruk 4. Delem
4. Bagong Teman para Punakawan
Versi Banyumas, wayang kulit/wayang orang 1. Togog
1. Semarsemorodewo 2. Bilung
2. Garengnolo 3. Limbuk
3. Petrukkanthong 4. Cangik
Geganep utawa pelengkap (komplemen) iku kalebu perangane ukara kang gunane njangkepi
wasesa. Ukara kang ana geganepe iku padatan wasesane awujud tembung kriya. Mula, gunane geganep
iku kanggo ngganepi tembung kriya kang ana wasesa supaya ukara ora gothang. Sanadyan padha-padha
njangkepi wasesa, geganep ora padha karo lesan sebab lesan bisa didakake jejer ing ukara tanggap,
nanging geganep ora bisa didadekake jejer ing ukara tanggap. Saupama bisa, ukara bakal geseh tegese.
Miturut urutane, geganep dumunung ing sisih tengene utawa sawurine wasesa. Ananging yen ana ing
sawurine wasesa ana lesane, geganep dumunung ing sisih tengene lesan lan ora bisa ndhisiki lesan.
1. Fajar adus kringet
J W Gg
2. Indri kemalingan motor
JWL
3. Djoko kelangan proposal
JWL
4. Krisna nangis kekejer
JWL
5. Sikilku kesandhung watu
JWL
Tembung kringet(1), motor(2), proposal(3), kekejer(4), watu(5) ing tuladha dhuwur kalebu geganep kang
dumunung ing satengene utawa sawurine wasesa. Geganep ing ukara (1-5) ing dhuwur ora bisa dadi
jejer kaya ing ngisor iki:
6. Kringet diadusi Fajar.
7. Motor dimalingke Indri.
8. Proposal diilangake Djoko.
9. Kekejer ditangisi Krisna.
10. Watu disandhung sikilku.

Yen dibandingake, ukara (1-5) ing dhuwur beda banget tegese karo ukara (6-10). Iku ateges geganep
pancen ora bisa diowahi dadi jejer ing ukara tanggap. Beda karo lesan, sawise diowahi dadi jejer,
ukarane ora owah tegese .
Tuladhane: Aris tuku mobil (mobil ing ukara iki dadi lesan), padha tegese karo
Mobil dituku Aris (mobil ing ukara iki dadi jejer).
Ananging, ukara Fajar adus kringet ora padha tegese karo kringet diadusi Fajar.
Semono uga ukara Sikilku kesandhung watu (kakiku tersandung batu),ora padha tegese karo Watu
disandhung sikilku (batu disandung kakiku). Ukara Sikilku kesandhung watu ngemu teges ‘ora dijarag’
utawa ‘ora disengaja’, dene ukara watu disandhung sikilku ngemu teges ‘dijarag’.

Kajaba dumunung ing sisih tengene wasesa kaya tuladha (1-5), geganep uga bisa dumunung ing sisih
tengene lesan kaya kang katon ing ngisor iki.
11. Pak Danar maringi Dik Ageng dhuwit iuran.
J W L Gg
12. Mas Wahyu nyaosi Bu Siti dhuwit susuk.
J W L Gg
13. Indri nggawakke aku manisan karika.
J W L Gg

Sanadyan ing padinan kerep tinemu ukara kaya ing ngisor iki (11a-13a), ukara kasebut kalebu ukara kang
angel tinampa ing nalar. Coba ukara ing ngisor iki dijinggleng kanthi permati.
11.a. Pak Danar maringi dhuwit iuran marang Dik ageng.
12.a. Mas Wahyu nyaosi dhuwit susuk marang Bu Siti.
13.a. Indri nggawakke manisan karika marang aku.
Yen dipenggalih, apa tinemu nalar Pak danar maringi dhuwit iuran? Apa dhuwit iuran iku bisa nampa
paringane Pak Danar? Sing bisa diparingi iku rak Dik Ageng, dene dhuwit iuran iku kang diparingake.
Mengkono uga sapiturute.
Yen frasa dhuwit iuran (11), dhuwit susuk (12), manisan karika (13) arep didadekake lesan, tembung
Kriya kang ana ing wasesa ing ukara kasebut kudu diowahi kaya ing ngisor iki.
11.b. Pak Danar maringke dhuwit iuran marang Dik Ageng.
12.b. Mas Wahyu nyaoske dhuwit susuk marang Bu Siti.
13.b. Indri nggawakke manisan karika kanggo aku.
Menawa dijlentrehke geganep iku mapane asipat tegar, yaiku langsung ana ing tengene wasesa,
kalamangsa ana ing tengene lesan. Dene distribusi (urutan) mapane geganep iku:
1) J – W – Gg Arif golek gaweyan
2) J – W – L- Gg Krisna nyilihake adhine buku komik
J – W – L- Gg Pak Gun menehi Krisna permen karet

3) Geganep sing awujud tembung/ frasa Aran


Tuladha : Trias saiki wis duwe omah
Bukune Filsafat samake kertas manika coklat

4) Geganep sing awujud tembung / frasa Kriya


Tuladha : Gunadi ajar nggitar

5) Geganep sing awujud tembung/ frasa Kaanan


Tuladha : Sikape Pak Susilo malih apikan
Aten-atenane bocah kae pancen gampang-gampang angel

6) Geganep sing awujud tembung/ frasa Wilangan


Tuladha : Sapine Pak Gun saiki dadi enem
Wulan Januari bayare SPP dadi lima setengah yuta

7) Geganep sing awujud tembung/ frasa ancer-ancer


Tuladha : Mbah Maridjan seda ing Kinahrejo
Mbah Parto gerah ing griya sakit

JENISING TEMBUNG
1. Tembung aran: gunung, kelurahan, kursi, lsp.
2. Tembung kriya: adus, tuku, mangan, lsp
3. Tembung  kaanan/watak: padhang, pinter, cilik, ayu, lsp
4. Tembung sesulih: aku, kowe, iku, kuwi, lsp
5. T.Wilangan: siji, loro katelu,kabeh, sawetara
6. T. sabawa: dhor, blug, krosak, hus, krompyang, lsp.
7. T.Panyilih: Si, sang, sing , kang, lsp
8. T. Pangiket: lan, karo, nanging, sebab, nalika, sanajan, yen, lsp.
9. T.ancer-ancer: ing, menyang, marang, saka, lsp
10. T katrangan: ing kene, ing ngarep, kepungkur, suwe, mentas wae, lsp.
UKARA
Manut surasane:
1. Ukara Carita : Aku mengko arep lunga menyang Sala
2. Ukara pitakon: Sapa sing ngandhani adhimu?
3. Ukara Pakon: Klambimu setlikanen dhisik!
4. Ukara pamenging: Aja pisan-pisan wani karo wong tuwa.
5. Ukara Pamuji,pangarep-arep: Mugi Gusti paring pitedah kangge kula lan panjenengan
6. Ukara pangalembana: wah lha kok saiki tambah ayu to.
7. Lsp

PIDHATO
1.Nuwun/assalamu'alaikum
2.a. Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah, ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu guru, ingkang
kinurmatan bapak tuwin Ibu karyawan, para siswa SMAN1 Salatiga ingkang kula tresnani
   b. Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengna ngunjukaken sukur, puja-puji pudyastuti
dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Mahawikan. Imggih awit saking sih nugraha sarta berkahipun,
kula lan pamjenengan saged pinanggih wonten ngriki kanthi bagya mulya, kalis ing sambekala boten
kirang setunggal menapa.
   c. Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi
rawuh panjenengan saged ndamel regenging swasana. Awit saking menika, kula ngaturaken agenging
panuwun. Boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak kepala Sekolah ingkang
sampun paring idi palilah murih kaleksananipun sedya pengetan ambal warsa SMA ingkang
kaping....menika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng para Bapak saha Ibu Guru
sumrambah para Karyawan ingkang kepareng paring eguh pratikel murih pratitising adicara. Atur
panuwun ugi kula aturaken dhumateng para siswa SMA1 ingkang asung mbyantu ngantos adicara
punika saged lumampah.
3.a. Para bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya, kados sampun kauningan ing
ngakathah bilih rikala tanggal 28 oktober 1953 srkolah punika manggen ing ngriki.
b. Dene wosing gati wigatosing perlu, panjenengna kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu
mengeti dinten ingkang mirunggan punika. wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi pahargyan
punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengaken
panggulawentah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.a
4.a. Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMA1 dalah adicara kang
gegayutan kaliyan pengetan punika badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah.
Mugi-mugi kanthi wedharan punika mangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh
lebetipun para sesepuh tuwin alumni SMA rikala semanten sanyata boten entheng. Ingkang 
tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun. Boten babad wana awrat, boten ugi
damel margi tumuju ing sekolah, nanging alelandhesan pikir ngukir sekolah ingkang majeng, ing babagan
prestasi punapa dene akhlak
b. Awit saking punika , kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak kepala Sekolah kersaa paring
wedharan pengetan ambal warsa dinten punika.
5. Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih
lampahing adicara kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun pangaksami. Dene kula
pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih
saking tata krama tuwin paramasastra.
6. Nuwun. Matur nuwun.

Tanggap wacana pengetan ing ndhuwur iku nyakup: salam pambuka, purwaka basa, surasa basa,
pangarep-arep, wasana basa, lan salam panutup. Supaya wedharaning tanggap wacana bisa rancag,
gangsar, lan lancar, kudu kerep gladhen luwih dhisik. dene gladhen kang sanyata kudu diwiwiti saka
wedharing gagasan. Supaya wedharing gagasan bisa urut runtut, kudu digawe cengkorongane luwih
dhisik.
Tuladha tanggap wacana ing ndhuwur, cengkorongane mangkene.
1. Salam pambuka
2. Purwaka basa
   a. Atur  pakurmatan
      1. Bapak Kepala Sekolah
      2. Bapak lan Ibu Guru
      3. Bapak lan Ibu Karyawan
      4. Para mitra sesama siswa
   b. Pangajak puja-puji
      1, pribadi
      2. para rawuh
   c. Atur panuwun
      1. Para rawuh
      2. Para panjurung
      3. Para panyengkuyung
3. Surasa Basa
    a. Wedharan sawetara
      1. prastawa pengetan ambal warsa
      2. Dhasaring pahargyan
    b. Wosing gati wigatining perlu
      1. Kasuwun rawuh
      2. Ancas tumapaking adicara
4. Pangarep-arep
Gegayutan karo pengetan ambal warsa
1.Nulad semangate para sesepuh lan alumni SMA
2.Njumbuhake karo jaman saiki
5. Wasana basa
    Nyuwun pangapura
    a. bab adicara
    b. bab solah bawa
    c. bab tata tembung
6. Salam penutup

WARTA (BERITA)
Warta iku duweni informasi kang migunanu tumrap kang maca utawa kang ngrungokake. Mula
iku anggone maca sawijining warta kudu kanthi patitis, apamaneh yen macakake  warta kanggo
wwwong liya, kudu nggatekake kedal, lagu, lan pangucapan kang trep. Supaya warta iku bisa
katampa dening kang ngrungokake anggone maca ja banter-banter lan  kudu nganggo sikap maca
kang bener.
Para siswa bisa ndelok acara warta neng televise supaya ngerti kepriye maca warta kang apik
iku. Lungguhe kanthi jejeg lan pandengane mripat ana ing ngarep. Suarane kudu cetha laqn bisa
dimangerteni dening pamirenge.

Nggawe pawarta
Gawea pawarta utawa berita bab kedadeyan sing lagi wae dumadi. Upamane banjir ing Wasior,
Merapi njeblug, Barrack Obama  ‘pulang kampung’, lan prastawa-prastawa liyane sing mentas
bae dumadi sing kokrungu utawa sing langsung koksipati(pancen weruh dhewe). Gawenen
nganggo basa padinan/dialekmu.
Dene cengkorongane kanthi prasaja kurang luwih mangkene:
1.       Apa  isine warta
2.       Sapa sing diwartakke (misale sapa sing ketaman prakara kuwi)
3.       Kedadeyane kuwi kapan
4.       Ana ing ngendi kedadeyane
5.       Geneya kok dumadi
6.       Kepriye dumadine

Prabu Sentanu narendra ing Ngastina dhuk ing nguni kagungan klangenan mbebedhag menyang
alas.Meh ora ana dina senggang, panjenengane tansah tindak mbeburu sato wana.Sawijining dina
anggone mbebedhag nganti adoh pangoyaking kidang menjangan. Wusa tindake sang Prabu kesasar ing
salah sawijining papan kang asri lan ngelam-lami, prenahe ing gisiking kali Gangga. Iku jebul papan
palereman kanggo sumene para hapsari. Dumadakan sang Prabu uninga sawijining kenya kang banget
sulistyaning warna, pindha Bathari Sri ngejawantah. Netrane kocak lindri-lindri nenggih ndamar
kanginan. Dedege ngringin sungsang, kulit kuning kadi mas sinangling, waja rata lir miji timun, lathi
manggis karengat, pipi nduren sajuring, lamun terus kacandra bisa kentekan ukara turah rupa.Mula
saking gumune sang Prabu nganti kedhep tesmak panyawange. Kagawa banget kasengseme, tansah
njejegreg pindha tugu sinukarta.

Kosok balene sang Kenya uga mengkono, awit saka kepranan dening sang bagus, panyawange nganti
ndomblong tan kedhep nganti kamitenggengen. Putri mau wujude widadari kanthi kekasih Dewi Gangga
iya Dewi Setyawati. Gelising crita Dewi Gangga banjur kaboyong menyang Ngastina dadi jatukramane
sang Prabu jumeneng Prameswari, patutan putra wolu lanang kabeh, nanging mung urip siji kang waruju
dijenengi Raden Ganggadatu utawa Dewabrata. Ing perang Baratayuda Jayabinangun jumeneng
senopati mbelani para Kurawa kanthi peparap Sang Maharsi Wara Bhisma.
Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala.
Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa.
Sesebutan liyane kajaba Seng¬kuni, Harya Suman, Trigan¬talpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing
Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi
Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati.
Miturut crita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula
sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra.
Nom-noman Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga
disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni
kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (difitnah) dening Sengkuni.
Gandamana  sing dijeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diurugi. Gandamana ora mati,
males marang Sengkuni, banjur dijuwing-juwing kuwandhane.
Nalika Dewi Gendari dadi prameswarine Prabu Dhestarata, Sengkuni dadi patihe. Kalungguhane patih
langgeng nganti jumenenge Prabu Duryudana (putrane Dhestarata karo Gendari). Kanthi rekadayane
Sengkuni, Kurawa tansah kepengin nyirnakake Pandhawa.
Ing Bharatayuda, kabeh senapati wis gugur (Bhisma, Karna, Durna, Salya), Duryudana bingung, nggetuni
lelakone mung amarga kena pambujuke patihe ya Sengkuni. Sengkuni maju perang, nglepasake panah
dadi ula maewu-ewu. Akeh para prajurit Pandhawa mati kacokot ula. Janaka mateg aji maruta, angin
tumiyup nyingkirake ula-ula mau. Sengkuni pancen sekti, ora empan kabeh sanjata. Janaka kalah.
Wrekudara bingung kabeh kadigdayane, aji-ajine ora bisa mateni Sengkuni.
Kresna minangka titising Wisnu mangerti apa sebabe. Kabeh awake Sengkuni tau dilaburi lenga tala mula
ora empan senjata. Dena sing ora kelaburan mung papan buwangane. Sawise mangerti pengapesane,
Werkudara enggal nyandhak Sengkuni, diwalik awake, dalan buwangane disuwek nganggo kuku
Pancanaka. Sengkuni mati sanalika.
Wosing budi pekerti :
1. Ngundhuh wohing pakarti. Sing biasa tumindak ala bakal nemoni ala, sing nandur kabecikan bakal
ngundhuh kabecikan. Mula padha-padha tumindak, ayo padha tumindak sing becik, aja kaya Sengkuni.
2. Aja seneng mitenah, wekasane mung gawe bubrah.
3. Singkirana tumindak culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra!
4. Sing tumindak ala bakal cilaka. -Tumindak becik kang bakal mulya.

MAHABARATA
R.Maharsi/R.Pratipa adlh ayahnya Santanu/Sentanu
Batara Janu adlh ayahnya dewi Gangga
Sentanu menikah dengan Dewi Gangga , tetapi setiap bayinya lahir selalu dibuang ke sungai
Gangga, sampai 7 kali, bayi yang ke-8 tidak dibuang karena dia penjelmaan Dhayu(Wasu/gol
dewa yang  jahat) karena telah mencuri sapi kehormatan bernama Nandini kepunyaan Maharsi.
 Anak itulah yg  bernama Dewa Brata/ Bisma.
Lahirnya Durgandini
Basuparicara ketika berburu ingat Dewi Girika, lalu tanpa sengaja mengeluarkan air mani,
dibuang ke sungai Jamuna.  air mani itu ditangkap ikan besar lalu hamil, melahirkan 2 bayi, laki-
laki dan perempuan, kemudian ikan itu menghilang, dia sebenarnya bidadari yang tengah
menjalani hukuman.  Anak yang laki-laki bernama Matsyapati(Mangsahpati) sedangkan yang
perempuan bernama Durgandini. Matsyapati  kelak menjadi raja Wirata, sedang Durgandini
diasuh oleh Dasabala. Durgandini punya nama lain yaitu Rara Amis krn badannya yg berbau
amis, setelah  disembuhkan Parasara mjd harum baunya berubah nama menjadi Sayojanagandi.
Durgandini menikah dengan Parasara mempunyai anak bernama Kresna Dwipayana Wyasa
(pengarang kitab Weda dan Mahabarata)

You might also like