You are on page 1of 1

CANGKRIMAN

Malem minggu padhang bulan Agus,Nur,Zaki ro Hary lagi jogo poskamling,kabeh kade
men amarga ra nggowo sarung.
Nur : “Malem minggu padhang bulan ngene iki enake opo cah ?
Agus : “kepriye yen mlaku-mlaku bae,karo nggolek panganan.”
Hary :” po wonten warung bukak,wong sakniki jam 11.15.”
Zaki :” hayo,po ono sing buka.”
Nur :” yen ngono.Becike cangkriman bae yo,wani rag.”
N.A.H :”yooo.”
Hary :” sinten sik ?”
Nur :” aku sek bae,cangkrimanku batangen cah!!
Ki ana kuta hurufe ono 8,nek di pisah telung hurup ngarepe jeneng penyak
it,5 hurup terakhir jeneng kewan,lan 6 hurup terakhir dadi jeneng perhiasan,opo
kuwi ??
Agus :”Wah kok angel to nur,apa ya?
Zaki :”surabaya orakk,kebumen orak,jakarta orak.OpO yo ?”
Kuwi kuta nang Indonesia to ?
Nur :”HO,O.”
Hary : “ wis aku kalah.”
Nur :” pengen ngerti??”
A.H.Z : “YOOO.”
Nur :”iku magelang.”
Agus :”kok bisa?”
Nur : “wayo to M.A.G.E.L.A.N.G,3 hurup jeneng penyakit yaiku mag,5 hurup terak
hir jeneng kewan yaiku elang,6 hurup terakhir jeneng perhiasan yaiku gelang.”
Zaki :”ho,o yo wah ra kepikiran.”saiki sopo meneh ?
Hary :”kula nggeh,wonten wong yen mlaku sikile loro yen mandeg sikile sepuluh.”
Agus :”opo kuwi,opo ono ?”
Hary :”wonten nok ?”di tebak riyen.
Zaki : “wah angel je,tak pikir sik.”
Nur : “aku ngertine yen sikile papat,lha iki kok 10 akeh men.”
Hary :”pun nyerah dereng?”
Nek saged ngenjang dak tumbaske bakso granat.
Agus :”wah cuooocok,tapi opo yo.”
Zaki :”nyerahlah aku ra ngerti.”piye Gus,Nur ngerti ra ?”
A.R :”Ra ngerti.”
Hary :”pun nyerah,wangsulane tukang dawet,nek tasik mlampah sikile kaleh nek mande
g sikile sedoso yen gawane di selehke ngajeng sikile sekawan,mburi sekawan di ta
mbah sikile bakule dadi sedoso.”alhamdulillah duwitku utuh.
Agus :”saiki aku,putih cilik mlayune buanter banget,opo hayo?”
Zaki :”wah aneh aneh wae,opo yo ?”
Nur : “opo yo,ange timen.”
Hary : “ufo po?”
Agus : “nyerah rung.”
Hary :”wis lah nyerah.”
Agus :”jawabane upo nempel jet,hahahaha.”
Nur :”haha lucu tenan gus.”
Zaki :”saiki aku.”
Ana maling lima,sing siji mlebu,sing papat jogedan ana ing latar.”Apa hayo
?”
Nur :”opo yo,aku ra ngerti ?”
Zaki :”ono sing ngerti rag?”
A.H : “RA.”
Zaki :”iku wong lagi uthik-uthik upil.HA....HA......

You might also like