You are on page 1of 42

PENGETAN DINTEN KARTINI Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika. Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkunglangkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika. Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI . . . . Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati ! Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin. Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Quran Ingkang artosipun : Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko

pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia. Poro Rawuh Ingkang kulo hormati ! Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh. Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Quran surat Ibrahim ayat 7 Ingkang Artosipun : Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku banget . Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin. Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito

berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hurahura ingkang boten berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin.. Ingkang Artosipun : Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasaake marang jasa lan satemene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasigenerasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin. Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo. Masang pulut ning duwur cemoro Menawi luput kulo nyuwun ngapuro

PIDATO RESEPSI HALAL BIHALAL . . . . . . . Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati ! Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat shoho nimat, sehingga kulo lan panjenengan saget pepanggihan wonten meniko majlis, dalam rangka bersilaturrohim, utawi resepsi Halal bi halal kanti keadaan sehat wal afiat, sami ugi sehat lahiriah, utawi batiniyah. Kaping kalihipun Rohmat Tadzim dan salam bahagia Alloh, mugio tetep dipun limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, shoho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ! Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal malih. Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kito sampun sukses nindakaken ibadah puasa sebulan penuh. Kanti menambah amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus Al-Quran lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon kita tutup mawi Zakat Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang kito laksanakaken wonten ing wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun, sehinggo saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing manah kito sedoyo. Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito nindaaken perintahipun Allah SWT kanti ngeker hawa nafsu wonten ing siangipun wulan Romadhon, meniko ugi kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si Fakir-Miskin ingkang wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan

kelemahan tenogo, ingkang akhiripun kito timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir Miskin, sehinggo kito purun nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh dateng Fakir-Miskin kolo wahu. Poro hadirin ingkang kulo hormati ! menawi kito mboeten purun nglampahi ibadah puoso, berarti kito meniko gesang nuruti kemauan howo nafsu lan kemauan weteng utawi dados Abdul butun alias hamba perut, selalu dikuasi Howo Nafsu. Setiap hari selalu dalam pemborosan, mangan ngumbe sak katahipun, selalu berlebih-lebihan, melampauai batas tanpa mengukur kekuatanipun. Padahal, Alloh dawuh wonten Al-Quran : Ingkang artosipun : Mangano siro kabeh lan ngumbiho. Lan ojo ngliwati bates. Saktemen Alloh ikut ora demen marang wong kang ngliwati bates Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ! Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang penuh dipun rameaken lan dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing wulan menikolah saat meledakipun kegembiraan ingkang penuh harapan menuju kearah hidup baru gesang ingkang langkung sahe, katimbang wulan ingkang berlalu. Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken kangge bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara keluarga, famili, konco-konco lan sanak, shoho sederek seagomo lan seperjuangan. Mungkin wonten ing saat-saat ingkang berlalu terjadi kesalahan-kesalana utawi sering melakukan hal-hal ingkang mboten nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri, dengki, buruk sangka, mangkel-mangkelan lan sanesipun. Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken mawi berjabatan tangan, kito isi kanti halal bihalal, saling maaf memaafkan lahir lan batin. Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga, sahabat karib, tiyang sepuh kito, guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados gesang kito meniko angsal berkah sangking Alloh SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh : Artosipun :

Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine, lan didawakne (di berkahi) umure, mongko becik silaturrohmi (nyambung sanak sedulure) Poro Bapak, Poro Ibu hadirin sekalian ! Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal meniko, monggo kito tingkataken mutu pendidikan lan praktek, utawi mewujudkan sedoyo amal ingkang saget mbeto bahagia, sejahtera wonten ing duniyo lan akhirat. Mengingat kata penyair : * Ingkang artosipun : Naliko wis ngliwati aku sijining dino, lan aku durung ngasilken ilmu pengetahuan, lan durung ngasilaken pekerjaan tangan, Mongko opo gunane umurku ing dino iku Poro hadirin sekalian ! Sesuai kalian kata syair kasebut, monggo kito berusaha ningkataken pendidikan dateng putri-putri kito generasi mendatang, supados dados generasi ingkang berguna lan berjasa, ingkang sanggup dibebani seribu macam tugas, saking agomo, bangsa lan negoro. Kranten generasi meniko ingkang menentukan masa ingkang bade dateng. Kata penyair malih : * Ingkang artosipun : Satemen wong-wong sakwuse kito wis podo nandur jasa, lan kito sing mangan jasane. Lan yektine kito ugo nandur jasa supaya wong-wong sing sak wusi kito biso mangan jasa kito (metik jasa kito) Poro rawuh ingkang kulo hormat ! Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten.

PIDATO PERINGATAN NUZULUL QURAN . . . . : Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin-hadirot ingkang kulo hormati ! Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang saat meniko monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah muji syukur dateng ngersanipun Alloh SWT. Ingkang sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kito sedoyo sehingga ing saat meniko, kulo lan panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing meniko majlis ingkang mubarok, dalam rangka menghadiri acara peringatan Nuzulul Quran ingkang kados meniko meriyahipun. Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Amin Poro Bapak, Poro Ibu ingkang kulo hormati ! Kisah perjalanan manusia gesang wonten ing alam dunia menuju dateng Alam akhirot meniko saget kito ibarataken kados dene seorang musyafir ingkang lagi menyebrang lautan, menuju sebuah pantai. Utawi kados dene tiang ingkang lagi kesesahan nyebrang segoro mawi sebuah perahu menuju suatu pantai (pelabuhan), sampan sakmestinipun tiang ingkang lagi nyebrang. Meniko wonten ing tengah perjalanan memaggihi pintenpinten halangan lan rintangan. Kadang-kadang si musafir lagi tenang-tenang wonten nginggil perahu tiba-tiba angin datang meniup. Kadang-kadang badai dan gelombang menggelegar ombak menyeberang. Ia memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko kok si musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi, utawi boten gadah gondelan ingkang kukuh, saget-saget kapalipun meniko numplek lan tenggelam wonten ing tengahtengah lautan. Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan. Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken ! Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju dateng alam akhirat. Meniko sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan rintangan. Kadang-kadang tiang gesang

meniko dipun coba kalian Alloh di timpa kemiskinan, ekonomi kirang mencukupi, kadang di coba putrinipun sakit, usaha sesuatu boten berhasil lan sanes-sanesipun lan kangge menanggulangi hal meniko, Alloh sampun nurunaken kitab Al-Quran, ingkang supados damel pedoman gesang wonten ing alam dunyo supados saget wilujeng lan bahagia wonten akhirat. Dawuhipun Alloh surat Al-Hajr ayat songo : Ingkang artosipun : Satemene ingsun wis nurunake Al-Quran satemene Ingsun tetep jogo marang AlQuran. Poro rawuh, ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat An-Nahl : 89 Ingkang artosipun : Lan ingsun nurunake maring siro (Muhammad) kitab Al-Quran kangge jelasake sekabehe perkoro. Lan minongko dadi pituduh lan Rohmat lan kabar gembira tumrape tiang IslamQS. An-Nahl : 89). PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON . . . Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati ! Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Nimat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam. Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun. Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing

wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Quran : Ingkang artosipun : Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa (Al-Baqarah : 183). Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Quran, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun. Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito tindakaken poso kanti khusus khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambakpiyambak. Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum ( )ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun. No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waroun ( )utawi Wiroi. Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wirai utawi nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara. No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun ( )ingkang artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawisperkawis ingkang ndadosaken batalipun poso. Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito.

kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh : Ingkang artosipun : Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat Poro rawuh.kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun pangapunten lahir lan batin. PERINGATAN ROJABIYAH . . : Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati. Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh SWT. Shoho nyuwunaken tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd SAW, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun. Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken ! Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun Isro Miroj ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW. Kini kembali mengenai hal-hal historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh SAW, ingkang panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh SWT, dipun Isroaken utawi dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Miroj aken saking Masjidil Aqso minggah dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken dateng pinten-pinten tanda kekuasaanipun Alloh

SWT, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Quran surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten : Ingkang artosipun : Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu, saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, saperlu ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan Maha Mengetahui Poro hadirin ingkang kulo hormati ! Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro lan Miroj meniko, kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat Islam, ,lewat peringatan meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh SWT, ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan Rojabiyah meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup bermasyarakat, lan hidup bergotong royong lewat jamiyah-jamiyah. Lewat pengajianpengajian kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul Karimah, mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat Islam saget sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel akon-akon thok, nanging tumindhaipun boten sesuai. Mangane boten diatur coro Islam, pergaulane boten diatur coro Islam, nek pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan wajib ingkang dados rukunipun agami Islam. Terutama pengamalan wajib ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro Miroj meniko ingkang sampun dipun kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah. . nopo BU? Inggih meniko sholat gangsal wkedal.

M bok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko merupakan barometer utawi alat pengukur dateng pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget sahe utawi boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten dawuhipun Alloh wonten Surat Al-Angkabut, ayat 45 : Artosipun : Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah meniko dipun tingkataken ingkang saestu, terutami dumateng putra-putri kito utawi generasi kito sedoyo, meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito umbar, mboten kito arahaken, supados mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo, bongso lan negoro. Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun ingkang mendidik. Dawuhipun bapak kiai : Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-pengaruh sangking arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter ketendang banjir kepuntirpuntir ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental umat Islam. Kanjeng Nabi naliko Miroj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang dados lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang estri ingkang ayu.teng pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih meniko lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek, tentu umat panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot. Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman ingkang kuat mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan akhirat. AMin yaa

Robbal aalamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun angunging pangapunten. PIDATO PERINGATAN MAULID NABI . . . . . . Hadratul Mukarromin, Poro Ulamaul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati. Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin. Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa Islamiyah. Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo ! Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati ! Berbicara tentang peringatan Maulid Nabi, meniko sampun boten terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.

Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Quran surat Al-Anbiya : 107 Ingkang artosipun : Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati ! Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi : Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku

Poro rawuh ingkang kulo hormat ! Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu ( ) Rukunipun cinta meniko wonten tigo Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! La kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko. Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafaatipun, benjang ing dinten qiamat. Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten. PERANAN WANITA DALAM PEMBANGUNAN . . . . . Poro Bapak poro Ibu muslimat ingkang kulo multa-aken, soho mbak-mbak fatayat

ingkang kulo hormati. Ugi poro adik-adik, poro generasi penerus perjuangan Islam ingkang kulo sayangi ! Sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiyo nglahiraken, rasa puji syukur dateng ngersanipun Allah SWT kanti ucapan Alhamdulillah. Keranten Alloh sampun paring Rohmat soho Nimat dumateng kito sedoyo, sehinggo kito saget berkumpul utawi bersilaturrahim wonteng ing majlis puniko, kanti wilujeng, mboten wonten satunggal Alangan punopo. Ingkang kaping kalih, mugi salam bahagia Alloh lan Rohmat, tansah tetep dipun limpahaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad, salah satunggalipun Nabi pimpinan umat, Nabi ingkang bade paring syafaat, binjang wonten ing dinten qiamat. Mugi-mugi pertemuan kito ing saat meniko saget andadosaken sababiyahipun kito angsal syafaat saking kanjeng Nabi ing dinten qiamat. Poro Rawung ingkang kulo hormati ! Getuk menopo gedang goreng ? Sampun ngantuk menopo dereng ? Monggo ing saat meniko kito niyat wonten ing manah, niat bade ngaji, niat pados ilmu, niat ngibadah dateng ngersanipun Alloh SWT. Kranten pancen dados tiyang Islam lho Bu?! Ngaji utawi pados ilmu meniko wajib tumrap sedoyo. dawuhipun kanjeng Nabi. Ingkang artosipun : Pados ilmu meniko Fardhu tumrap saben-saben tiyang Islam jaler utawi istri (priyo lan wanito). Kanti wontenipun Hadist meniko kito sampun jelas bilih ingkang, wajib pados ilmu meniko boten namung tiang jaler thok, boten piyantun priyo mawon, tapi tiang istri inggih dipoun wajibaken pados ilmu. Kranten kangge nyekapi kebutuhan gesang meniko, menungso boten cukup berbekal harta benda, tapi ingkang langkung penting meniko berbekal ilmu pengetahuan. Nopo maleh wonten ing abad modern meniko poro kaum wanito boten purun ketinggalan. Kaum wanito boten cukup mendel teng nggriyo utawi cukup teng dapur mawon boten usah boten dados soal Asal sampun saget dandan utawi mack Asal sampun saget njangan utawi masak

Asal sampun saget babaran utawi manak Tapi kejawi saking meniko kaum wanito, kedang tumut belajar lan berjuang kangge membela Agama, Bangsa lan Negara. Kranten kanjeng Nabi dawuh : . Ing artosipun : Wanito meniko dados cagakipun negoro. Menawi wanitonipun sahe Negari ugi sahe. Lan menawi wanitonipun rusak, Negari ugi rusak Poro Rawuh kejawi saking meniko, tiyang istri menawi nglampahi amal-amal ingkang sahe, meniko ugi bade dipun jamin kalian Alloh, dipun bales dipun paringi gesang ingkang bahagia wonten akhirat. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Quran surat An-Nahl, ayat 97 ingkang surosonipun : . Ingkang artosipun : Sopo wonge kang ngamal soleh, podo ugi lanang utowo wadon kanti beriman, mongko yekti ingsun paringi kehidupan kang bagus. Lan ingsun bales kanti balesan kang luwih apik ketimbang amale (QS. An-Nahl : 97) Poro Ibu-ibu lan mbak fatayat ingkang kulo hormati ! Pramilo saking meniko, monggo Ibu-ibu lan mbak fatayat, sebagai kaum wanito, isoho dadi wanito sing cocok karo sebutane wanito, utawi jeneng wanito. Siang ateges wanihoto, wani noto, wani ditoto, nopo malih menawi kito enget perjuanganipun kanjeng Nabi Muhamamd SAW. kados pundi sepak terjangipun Siti Khodijah ? piyambakipun selalu ngorbanaken harta bendanipun kangge mbelo lan menolong perjuangan Rasululloh SAW. Kejawi meniko piyambakipun ugi mencurahkan tenaga lan fikiranipun mbantu perjuangan Rosululloh lan, kados pundi sikap Siti Aisah binti Abu Bakar. Piyambakipun ugi boten ketinggalan selalu mendampingi lan mengikuti Rasulullah SAW, di dalam menegakkan Agama Islam sehinggo piambakipun dipun paringi gelar utawi sebutan Umil Muminin. Anggenipun menghadapi hal nopo kemawon, piyambakipun ber Itiqod teguh lan jujur, sehingga ngantos Rosululloh wafat, Siti Aisah tetep berjuang membela lan nerusaken perjuanganipun kanjeng Nabi. Pramilo saking meniko, manggo kito sebagai muda-mudi Islam, penerus perjuangan Rosululloh, kito giataken lan kito tingkataken. Segala bidang kito tanam, benih-benih

iman lan taqwa wonten ing manah kito sedoyo supados tetep kuat lan teguh menghadapi liku-liku kehidupan, ingkang beraneka ragam, macam lan warna. Sehinggo saget tercapailah cita-cita kito, cita-cita Agama, Bangsa lan Negara. Amien. Kintinipun cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan kulo, awal ngantos akhir, kulo nyuwun agungipun pangapunten. PIDATO PEMBERANGKATAN JENAZAH . . . . . . Poro Rawuh, Hadirin-hadirot ingkang kulo hormati ! Ing mriki kulo atas nami wakilipun Bapak H. Umar sekeluargi, ingkang ing dinten meniko nampih musibah sangking ngarsanipun Alloh, inggih puniko sedanipun . (SI Fulan). Sepindah kulo muji syukru Alhamdulillah, shoho ngaturaken matur nuwun atas kerawuhan panjenengan sedoyo, ingkang sami keroyo-royo kerso taziah utawi bela sungkowo, lan hormat atas jenazahipun si Fulan meniko. Ing mriki kulo nyuwun agunging pangapunten dateng panjenengan sedoyo, amergi kulo mboten saget nyaosi papan pinaraan ingkang sekeco, shoho hidangan ingkang ngremenaken manah panjenengan sedoyo. Kejawi saking meniko kulo boten saget bales menopo-nopo atas bantuan panjenengan sedoyo ingkang arupi tenaga lan fikiran shoho sanesipun. Lan ing mriki, kulo, namung saget ndongaaken mugi-mugi sedoyo amal sholeh panjenengan kolowahu dipun trami dening Alloh SWT. Lan dipun bales ingkang sak katah-katahipun. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Sampun sakmesthinipun sangking keluarga Bapak H. Umar lan poro kerabat, shoho kulo panjenengan sedoyo meniko sami susah lan getun, atas sedanipun si Fulan meniko. Ananging kados pundhi maleh pancen sampun dados taqdiripun Alloh ingkang boten saget kito gadali lan boten saget dipun unduraken malih. Inggih boten sanes monggo kito

ikhlasaken mawon, lan dipun paringi jembar kuburipun, shoho dipun ngapunetn dosadosanipun lan dipun tampio amal-amalipun ingkang sahe sehingga sagedo angsal rahmat sangking ngarsanipun Allah SWT. Lan mugi-mugi kito sedoyo ingkang dipun tilar sagedo nerusaken perjuanganipun lan nyampurnakaken amal kesahenanipun soho usahanipun ingkang kapundut. Amin. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Saderengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki kulo aturaken dateng panjenengan sedoyo bilih sak sumerep kulo si Fulan meniki termasuk golongan tiang ingkang sahe. Baik segi ibadah dateng Alloh, ugi sesrawungan dateng tanggo, utawi dateng tiyang sanes. Tapi ing mriki perlu kulo saksekaken dateng panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun si Fulan puniko sahe nopo sahe ? 3x. Alhamdulillah. Poro Rawuh nggih si Fulan meniko anggadahi haqqul Adam, utawi utang piutang, soho sanesipun dateng panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan sedoyo, kulo suwun supados panjenengan ihlasaken. Dene menawi amrat menawi dipun ikhlasaken, kulo suwun supados langsung mawon hubungan kalih pihak keluarga utawi ahli warisipun. Lain malih sebagai meningso tentu kemawon sekedi utawi katah, si Fulan meniko gadah kalepatan dateng tiang sanes. Pramilo saking meniko, ing mriki kulo aturaken sedoyo kalepatan si Fulan meniko, saking segi nopokemawon, panjenengan kersoho paring pangapunten. Kintinipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten. Monggo jenazah sareng-sareng kito berangkataken, kanti mahos Sholawat (kalimat Toyibah). PIDATO WALIMATUL KHITAN : . Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati ! Sepindah Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken rasa puja lan puji

syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat lan taufiq soho hidayah dumateng kito. Sehingga wonten ing kesempatan meniko kito saget rawuh wonten ing puniko majelis dalam rangka Jabatud Dawah, utawi ngrawuhi dateng undangan dateng walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah dipun catet minongko dados amal sholeh kito sedoyo amin-amin ya robbal alamin. Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan rahmatipun, tansah kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW sebagai Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafaat dateng sedoyo umat benjang wonten ing dinten qiamat mboten pandang sugih utawi mlarat. Mboten pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat puniko taksih purun nindaaken syariat, tegesipun taksih purun toat lan boten purun ngelampahi maksiat. Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun Nabi Ibrahim as ingkang wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken khitan meniko sampun yuswo 80 tahun. Lan jenggote kaleh brengosipun sampun dowo. Tur wonten zaman semanten, dereng wontek calak utawi dokteng ingkang tukang nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak utawi ibu-ibu timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko tiyangipun wedi pemes, utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun lagek sunat ? Poro Ibu ingkang kulo hormati ! Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho sanes tiyang wedi pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun printah sunat utawi khitan meniko inggih sampun umur 80 tahun niku. Dados asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi Ibrahim. Lajeng Alloh SWT paring wahyu dateng kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi Ibrahim. Dawuhipun Alloh wonten Al-Quran Artosipun : Nuli ingsun wahyuake marang siro (Muhammad), supoyo melu (condong) marang agamane Nabi Ibrahim (QS. An-Nahl ayat 123).

Poro Bapak poro Ibu ingkang kulo hormat ! Lhoooo sakniki fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko katah ing antawisipun : No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan meniko saget ngilangi najis utawi kotoran ingkang kentung wonteng pucukipun zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal ngilangi najis puniko dados syarat absyahipun sholat. Lhoooo sholat gangsal wekdal meniko wajib. Pramilo menurut qoidah ushul fiqh : Artosipun : Sakabehe perkoro sing digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko hukume wajib Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi kucur/helm puniko wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat. Dene kaidah ingkang No. II inggih puniko : Dipandang sangking segi kesehatan dokter khitan puniko saget ngilangi penyakitpenyakit ingkang timbul sangking pucukipun zakar utawi kucur. Dene faedah ingkang No. III khitan meniko saget nambahi dateng keberanian utawi kekendelan, shoho nambahi kewibawaan. Hal meniko saget dipun bukteaken menawi panjenengan pikir, sedoyo poro pejuang 45 ingkang gagah berani, wantun ngusir panjajah, wantun bertanding melawan musuh, meniko sedoyo, pejuang-pejuang kolowahu inggih sampun sunat. Lan boten wonteng tiyang ingkang dereng sunat, puniko wantung perang ngusir penjajah. Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge akhir kata kulo monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro dereng dipun khitanaken, enggal mawon dipun khitani. Kranten hubunganipun meniko dateng masalah ibadah. Kintenipun cekap semanten atur kulo Kupat lepet taline janur Lepat luput tetepa dadi sedulur Masang pulut ing duwur cemoro Menawi luput nyuwun ngapuro PIDATO WALIMATUL MAULID

. . . Poro Bapak poro Ibu, hadirin, hadirot ingkang kulo mulyaaken ! Saderengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo, samio nglahiraken rasa puji syukur dateng ngarsanipun Alloh, kang Maha Kuasa kanthi ucapan Alhamdulillah. Dene menopo wonten ing saat meniko, Alloh sampun paring pinten-pinten rahmat, taufiq, dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo panjenengan sedoyo saget karoyo-royo bucal tempo ninggalno griyo, ninggal bondo lan rojo koyo, saget ngrawuhi undanganipun Bapak Ahmad sakeluarga. Dene menopo wonten ing saat puniko, Bapak Ridhwan nampi nimat sangking ngarsanipun ingkang Maha Kuoso, ingkang arupi kelahiran sang putro, ingkang lahiripun kanti keadaan wilujeng, boten wonten satunggal alangan punopo. Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo, dene kulo panjenengan dipun rawuhaken wonten ing dalem meniko, boten sanes dipun suwuni tambahipun barokah dugo mugi-mugi putri ingkang tembih lahir puniko, sagedo dados putro ingkang berguna migunani tumraping masyarakat, bangsa lan agama. Amien. Poro hadirin ingkang kulo hormati ! Dene bayi ingkang nembeh lahir ing saat meniko dipun paringi tetenger, utawi dipun paringi asmo Zainul Haqqi (contoh) pancen sampun dadaos kewajibanipun tiang sepuh, meniko menawi kagungan putro, kedah pareng asmo ingkang sahe, shoho paring pendidikan-pendidikan dateng putronipun kados ingkang dipun dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW Ingkang artosipun : Haq utawi kewajibanipun tiang sepuh dumateng putranipun inggih meniko : Kedah paring asmo utawi nami ingkang sahe Kedah mbagusi dateng adabipun

Kedah mulang nyerat utawi nulis Kedah mulang dateng renang utawi nglangi Kedah mulang dateng manah utawi nembak Kedang paring rizki ingkang halal Kedah ngrabekaken/nikahaken menawi sampun dewasa utawi menawi sampun ketemu jodohipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Kejawi keterangan wonten ing nginggil kolo wahu bilih anak meniko amanatipun Alloh ingkang dipun titipaken dumateng kito sedoyo, ingkang mbenjang wonten akhirat kito dipun suwuni pertanggung jawab. Tegesipun kito dipun dangu kados pundi anggen kito ngramut dateng putro kito. Menawi didikan kito meniko sahe, kito inggih dipun bales sahe dening Alloh, shoho putro ingkang sholeh meniko saget dados amal jariyahipun tiyang sepuh, menawi sampun sedo. Dene menawi anggen kito didik putro meniko awon, meniko kito inggih pikantuk sikso sangking ngarsanipun Alloh kanjeng Nabi dawuhaken.

Ingkang artosipun : Naliko Ibnu Adam (Manungso) meniko sampun sedo/wafat mangko putus sedoyo ngamalipun kejawi saking tigang perkawis. 1. Sodaqoh, 2. Ilmu ingkang manfaat 3. Putro ingkang sholeh, ingkang ndongaaken dateng Ibnu Adam kolo wahu (utawi tiang sepahipun) Poro rawuh ?! pramilo lewat kesempatan meniko, kulo ngajak dateng panjenengan sedoyo, monggo putro-putro kito meniko kito didik ingkang sahe kito wulang dateng ilmu agomo, supados benjang dados lare ingkang sholeh, minongko dados amal jariyahipun kito sedoyo. Kejawi saking meniko ugio saget nerusaken perjuangan kito sedoyo, supados kejayaan Islam lan kemulyaan Islam ing masa mendatang saget tetep gilang gemilang. Amin. Poro rawuh getuk menopo gedang goreng ?

Sampun ngantuk menopo dereng ? Kintenipun cekap semanten atur kawulo, menawi lepat nyusun pangapuro. PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN . : . Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati. Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget keramat meniko Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh kito sedoyo. Amien. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang kaping kalih mugiho rohmat tadzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sohabatipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi : Ingkang artosipun : Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh

Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko, dados syarat syahipun nikah. Poro rawuh ingkang kulo hormat ! Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko : Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha (Nikah )ing tigang huruf kolowahu anggadahi singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko singkatan sangking kata Nimat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin. Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri. Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane Poro rawuh ingkang kulo hormati !! Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putroputrinipun. Alloh sampun dawuh wonten Al-Quran Artosipun :

Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu toat, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten : Ingkang artosipun : Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga awake lan bondo siro Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih. Kupat lepet taline janur Lepat luput tetep dadiho sedulur Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten. PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY . . Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken. Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun paring pintenpinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat meniko. Poro rawuh ingkang kulo hormati, Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek dawuhipun

kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko. Tegesipun kanjeng Nabi dongaaken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah senajan namun nyembelih maendho setunggal. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul Ursy wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih meniko Walimatul Ursy utawi Walimah Manten Dene masalah ijabatut-dawah, utawi dugeni dateng walimah, meniko hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib nekani. Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !, salajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA . Ingkang artosipun : Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun walimah manten, kados

dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat. Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah dugeni walimah meniko kok benten-benten ? menurut sebagian Ulama meniko wonten ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang walimah manten meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis walimah manten meniko wonten tiyang ingkang nyandang susah utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan menikolah ingkang dados wajibipun dugeni undangan walimah manten. Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran) tumrap tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun sunat, kranten wonten ing griyanipun tiyang ingkang kagungan hajat meniko wonten ingkang ngraosaken sakit utawi payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng tiyang ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani utawi ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni dateng undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib. Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim : Ingkang artosipun : Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso mangko dongano bagus lan barokah menawo siri ora poso mongko mangano Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo akhiripun kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten. PIDATO PENERIMAAN KEMANTEN

. . . . .

Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo mulyaaken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati. Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat. Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi. Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid sekeluarga ngaturaken. Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito nimati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sawontenipun. Poro rawuh ingkang kawulo hormati ! Salajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah,

shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugimugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.

Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopomenopo, namung saget ndongaaken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo Amien. Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten. PIDATO PENYERAHAN KEMANTEN . . . Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken, shoho poro tamu pengantar penganten ingkang kulo hormati. Saderengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyen kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget rawoh wonteng ing majlis puniko, kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir sambi kolo.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Tadzim Alloh soho salam tansah tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW soho para ahli keluarga lumeber dateng kito ingkang sami rawuh ing majlis puniko. Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis puniko saget dadosaken sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi benjang ing dinten Qiamat. Amien Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken ! Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sasahe-sahenipun. Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking walinipun pengantin putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar pengantin putra. Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng Allah SWT. Shoho matur nuwun saagengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga, ingkang sampun bersusah payah budhi dhaya nyediaaken papan pinaraan, shoho hidangan engkang arupi daharan lan unjukan ingkang kados mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami wakil para tamu pengantar pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan Mugi-mugi atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait mriki sekeluarga tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun. Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak Hamid. Kolo wahu bidal sangking dalemipun, kawulo nampi Amanat sangking Bapak Hamid, ingkang supadoso masrahaken si manten jaler ingkang Asma sederek Hasan puniko, dumateng bapak Shohibul bait mriki minongko tiyang sepuhipun pengantin putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan puniko sampun trami dados putro mantunipun bapak shohibul bait mriki, ugi kulo wahu sampun dipun laksanakaken Aqad Nikah. Pramilo kanti raos bingahipun manah, shoho kanthi ucapan Bismilah sederek Hasan meniko kulo pasrahaken sadoyonipun dumateng Bapak Shohibul bait mriki, kanti pasrah bongkoan tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun

sangking segi nopokemawon, Dene menawin wonten kekiranganipun sangking segi nopokemawon, sami ugi : segi pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan sanesipun, kawulo suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga lan masyarakat mriki kersoho paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun. Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken ! Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking rombongan pengantar penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun paripurno, kawulo sarombongan, ugi nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun doa restu. Mugi kulo sarombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten setunggal alangan punopo. Amien. Shoho saderengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking sedoyo pengantar pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking tingkah laku, ucapan-ucapan, tindak tanduk ingkang kurang nyocokidateng panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun. PIDATO THOLABUL ILMI . . Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian ingkang kulo hormati ! Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Nimat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso. Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh : ) ) Ingkang artosipun : Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu. Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual. Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu. Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Quran, Surat AlMujadalah ayat 11 Artosipun : Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat Tapi sawangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprakklimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Saniki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken

anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanessanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi kentandang gaweh boten purun. Sabendino ngenteno sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe malah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro Ibu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi Artosipun : Sabagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane Poro rawo ingkang kulo hormati ! Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten. PIDATO KESAN PESAN KEPADA PARA SANTRI . . : Dumateng Poro Bapak Pinisepuh, soho Poro Bapak Kiyai ingkang kulo mulyaaken. Poro konco-konco, Poro santri putra soho Putri ingkang kulo hormati. Boten kesupen

dumateng Adi-adik senasip lan saperjuangan ingkang kulo sayangi. Lewat suasana ingkang indah, cerah terang benderang, pada kesempatan meniko, kintenipun boten wonteng kata-kata ingkang manis, ingkang pantes kulo aturaken wonten permulaan atur kulo, kejawi nglahiraken raos puji syukur, dateng Alloh SWT kanthi ucapan. Ingkang kapingkalihipun Rohmat soho salam mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW shohor poro Ahli Keluarga lan sahabatipun. Kaping tigonipun kulo aturaken matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kulo kangge ngisi wontenipun acara ing saat meniko. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo gunaaken ingkang sasahe-sahenipun. Poro konco-konco santri ingkang kulo hormati ! Pada kesempatan niki, kulo saget merasa bangga lan gembira kranten ing saat meniko kulo dipun takdiraken dening Allah saget bertemu, berpadu lan bersatu kaliyan rekanrekan santri ingkang giat lan gigih dalam memperjuangkan syariat Islam Agama Alloh. Pramilo merupakan suatu hal engkang sanget berharga shoho sanget penting menawi wonten kesempatan meniko kulo mengajak dumateng konco-konco kangge ningkataken mutu semangat belajar lan berjuang kanthi sungguh-sungguh lan sabar. Sampun ngantos putus sebelum berhasil. Nopo malih tumrap kito sedoyo sebagai santri, isoho dadi santri sing cocok kaleh sebutane santri. Ingkang maksudipun SAN niku Insan utawi menungso. TRI, niku berarti Tigo. Dados Santri niku insan (manungso) ingkang kedah netepi perkawis tigo. Inggih meniko No 1 : ( Toat dumateng Alloh) No. II ( Toat dumateng Rosul) No. III ( Toat dumateng Pemerintah). Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Wonten sebagian Ulama ingkang njelasaken : Bilih santri meniko singkatan sangking gangsal kata inggih meniko : SANTRI : SA berarti sanggup N berarti nerusaken T berarti tuntunan

R berarti Rosul I berarti Ilahi Dados sebagai santri kedah sanggup nerusaken tuntunan Rosul Ilahi. Shoho kedah berjuang lan anggadahi Itiqod ingkang kiat, tabah lan sabar dalam menghadapi sesuatu. Tak Mundur dalam bertempur. Tak cemas karena panas. Tak heran karena hujan. Tak goyang karena gelombang. Tak gentar halilintar. Tak muntir karena petir. Tak gopoh melawan musuh. Mendal karena rayuan gombal. Hal meniko cocok kalian qoulipun Iman Ibnu Malik wonten kitab Alfiyah ; * Ingkang artosipun : Aku ora bakal mandek wedi sangking pertempuran senajan musuh berbondong-bondong melawan Kejawi sangking meniko pancen santri meniko ingkang bertanggung jawab dateng maju munduripun utawi gesang lan matinipun umat beragama wonten masa depan. Imam Gozali wonteb kitab ; njelasaken * Ingkang Artosipun : Satemene ono ing tangan siro kabeh iku letak urusan umat yakni urip utowo matine lan ono ing derap langkah siro iku maju lan mundure umat Poro rawuh ingkang kulo hormat ! Dados jelasipun menawi kito sebagai santri, boten purun bertekat melingkis celana melangkahkan kaki, terjun wonten jamiyah utawi organisasi. Boten purun berjuang nyiaraken agami Islam, bererti kito meniko nuduhaken kematian lan kemunduruan agami wonten ing masa depan. Tapi sak wangsulipun menawi kito sedoyo sebagai santri utawi sebagai generasi muda-mudi Islam purun belajar ilmu agami ingkang mempeng shoho purun berjuang terjun wonten jamiyah-jamiyah, kados dene jamiyah qiroah utawi jamiyah dibaiyah shoho jamiyah seni hadroah shoho sanes-sanesipun, Insya Allah kehidupan agama lan kemajuan agama wonten ing masa depan tetap cerah bersinar terang. Pramilo sangking meniko monggo kito samiyo ngatah-ngatahaken dongo nyuwun dateng Alloh, mugi-mugi Alloh ngasilaken perjuangan kito sedoyo sehinggo saget tercapai lain

terwujud cita-cita agama, bangsa lan negara Negara aman, damai, adil dan makmur penuh ampunan, lan ridlo Allah. Amin. Cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan nyuwon pangapunten ingkang kathah. PIDATO PERJUANGAN . . . . . . Hadrotul Mukarromin, poro Ulamaul Amilin khususipun poro Bapak kiyai ingkang kulo hormati. Sahabat-sahabat, rekan-rekan, adik-adik senasib lan saperjuangan ingkang kulo sayangi. Langkung rumiyin kulo manjataken puji syukur dateng Alloh SWT, Tuhan Semesta Alam, ingkang mucal menungso mawi Qolam tentang ilmu ingkang dereng difaham, shoho Rohmat Allah lan salam mugiho dipun tetepaken dateng Nabi Pejuang Islam. Nabi pemimpin Arab lan ajam ingkang beto umat manusioa sangking masa ingkang hitam kelam, masa ingkang penuh sifat murka lan kejam menuju masa damai, aman, tentram, ingkang penuh cahaya bagaikan sinar bulan ing tengah malam, yakni saking masa jahiliyah menuju masa Islamiyah. Poro Hadirin ingkang kulo hormati ! Menurut pandangan Islam, agama ingkang paling mulyo minggahipun Alloh, inggih puniko agami Islam. Keranten Agami Islam, meniko bade mejamin umat manusia menuju hidup bahagia lahir lan batin, shoho wilujeng wonteng ing dunyo lan akhirat, selagi tiyang ingkang memeluk Agami Islam kolowahu-boten menyimpang lan melanggar dateng garis-garis agami Islam, shoho boten melanggar dateng ajaran Islam, tapi kangge mencapai lan ngasilaken kebahagiaan, shoho kawilujengan lahir lan batin meniko boten saget dipun wujudaken sambi turu utawi tenguk-tenguk kaliyan lingguh silo tumpang, meniko boten saget wujud tanpa dipun tuntut kalian perjuangan ingkang sungguh-sungguh Sedoyo kolo wahu boten berhasil nopo malih kangge mempertahankan

shoho melestarikan nilai kemulyaan Islam meniko. Kito kedah ringan tangan lan bermurah hati, ngorbanaken jiwa raga, shoho harta benda demi kejayaan Islam, lan kaum muslimin. Firman Alloh wonten Al-Quran : Ingkang artosipun : Lan berjuango siro kabeh klawan bondo siro lan awak siro ing dalem agamane Alloh Nopo maleh memasuki abad modern saat meniko katah kebudayaan-kebudayaan asing ingkang mlebet wonten negari kito Indonesia, ingkang bertentangan kalian agami Islam. Terutami wonten kalangan muda-mudi, remaja, katah poro remaja ingkang menggemari kebudayaan luar tapi boten dipun saring, cocok nopo boten kalian ajaran agami Islam ? niki boten peduli. Hal meniko menawi kito kurang waspada, utawi boten kito cegah, soyo dangu bade merajalela, sehinggo saget ngalahaken kebudayaan Islam piyambak akhiripun umat Islam piambak ingkang bade rugi. Pramilo sangking meniko kulo anjuraken dateng poro Jutawan, poro poro dermawan, sampun ngatos bahil utawi kumed ngurbanaken harta benda kangge Kepentingan Agami kito. Kito sebagai generasi penerus pewaris sangking generasi ingkang rumiyin sampun jerih payah mewarisi kito bangunan masjid-masjid, gedunggedung madrasah, langgar lan sanesipun, lan ugi kito ingkang ngraosaken utawi ingkang nggunaaken bangunan-bangunan kolo wahu. Sameniko kito ugi kedah purun bangun, utawi ndandosi bangunan kolo wahu, supados generasi ingkang bade datang ingkang ngrahosa ken jasa kita. Hal meniko cocok kaleh dawuhipun Al Hukama * Ingkang artosipun : Satemene wong-wong kang dingin wis podho nandur jasa sehinggo kito sing mangan jasane lan satemene kito ugo nandur sehinggo wongkang sawise kito (generasi mendatang) mangan jasa kito Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Pramilo sangking meniko kangge ngasilake kejayaan Islam dan kebahagiaan kaum

muslimin monggo sanak famili, tonggo teparu, lan masyarakat kito ajak menuju dateng dalan agamipun Alloh kanti bijaksana, nanti pitutur ingkang sahe, lan tingkah laku ingkang ngremenaken, supados saget cocok antara ucapan lan perbuatan. Hal meniko sesuai kalian dawohipun Allah : Ingkang Artosipun : Ngajako maring dalane Pangeran iro kanti bijaksana lan pitutur kang bagus lan tukaro pendapat maring Qoum kelawan toto coro kang bagus Poro Rawuh, pramilo monggo sepindah malih semangat berjuang lan beramal selalu kito tingkataken sampun ngantos bosen utawi waleh, saderengipun berhasil. Mugi-mugi Alloh SWT enggalo paring kesembadan dateng usaha lan perjuangan kito sehinggo, tercapailah cita-cita kito, bahagia, lan slamet wonten ing donyo lan akhirot Amin. Cekap semanten atur kulo PIDATO WAKIL SISWA DALAM PENUTUPAN SEKOLAH . . . , . . Hadratul mukarromin, poro Ulamaul amilin poro Bapak guru dan bu guru ingkang kulo taati, poro Bapak wali murid ingkang kulo hormati, poro konco-konco sedoyo siswasiswi madrasah ingkang kulo sayangi. Poro hadirin sekalian ingkang kulo hormati. Saderengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyin kulo muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun paring Rohmat Nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat. Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Tadzim Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho dumateng poro

ahli keluarga lan sohabatipun. Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo, saperlu nyampeaken sambutan atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga tsanawiyah, ingkang sekedap maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing Madrasah puniko. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Sesuai kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih puniko mewakili sangking sedoyo siswa-siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo Tsanawiyah wonten ing madrasah puniko. Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang saagungipun dumateng Poro Bapak Kyai, soho sedoyo dewan Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken jiwa raga, tenaga, lan fikiran. Boten pandang wekdal, siang utawi dalu, panas utawi jawah sak perlu mendidik soho membina dumateng kawulo sakonco awit milahi mlebet wonten ing madrasah mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat tsanawiyah. Wonten ing mriki kulo sakonco, boten saget bales punopo-punopo atas jerih payahipun, utawi jasa-jasanipun Poro Bapak Kyai, lan Bapak Guru, kejawi kulo namung saget ngaturaken. Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Poro Bapak Kiyai, Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sasahe-sahenipun, soho ingkang katah. Amien yaa Robbal Aalamien. Poro Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sakonco ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru wonten ing madrasah puniko, sebab kulo sakonco sering damel susah payahipun poro Bapak Kiyai soho poro Bapak Guru sami ugi wonten ing salebetipun Madrasah utwai wonteng ing jawinipun madrasah. Pramilo sepindah kulo nyuwun dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin. Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah doa restu dumateng Poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari sangking madrasah puniko, sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati lan barokahi dumateng pribadi kulo, masyarakat agami, lan negari ingkang akhiripun saget dados lantaran

kangge taqorrub dumateng Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun khusnul khotimah. Amieen. Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat tsanawiyah puniko sageto nerusaken dateng tingkat saterusipun sehinggo saget hasil lan tercapai nopo ingkang kito cita-citaaken. Amien. Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten.

You might also like