You are on page 1of 13

Filsafat Ha-Na-Ca-Ra-Ka Paku Buwana IX

Filsafat ha-na-ca-ka-ra yang diungkapan Paku Buwana IX dikutip oleh Yasadipura sebagai
bahan sarasehan yang diselenggarakan Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional
Yogyakarta pada tanggal, 13 Juli 1992. Judul makalah yang dibawakan Yasadipura adalah
" Basa Jawi Hing Tembe Wingking Sarta Haksara Jawi kang Mawa Tuntunan Panggalih
Dalem Hingkang Sinuhun Paku Buwana IX Hing Karaton Surakarta Hadiningrat ". Dalam
makalah itu dikemukakan oleh Yasadipura ( 1992 : 9 - 10 ) bahwa Paku Buwana IX
memberikan ajaran ( filsafat hidup ) berdasarkan aksara ha-na-ca-ra-ka dan seterusnya,
yang dimulai dengan tembang kinanthi, sebagai berikut.

Nora kurang wulang wuruk tak kurang piwulang dan ajaran

Tumrape wong tanah Jawi bagi orang tanah Jawa

Laku-lakune ngagesang perilaku dalam kehidupan

Lamun gelem anglakoni jika mau menjalaninya

Tegese aksara Jawa maknanya aksara Jawa

Iku guru kang sejati itu guru yang sejati

Ajaran filsafat hidup berdasarkan aksara Jawa itu sebagai berikut :

Ha-Na-Ca-Ra-Ka berarti ada " utusan " yakni utusan hidup, berupa nafas yang
berkewajiban menyatukan jiwa dengan jasat manusia. Maksudnya ada yang
mempercayakan, ada yang dipercaya dan ada yang dipercaya untuk bekerja. Ketiga unsur
itu adalah Tuhan, manusia dan kewajiban manusia ( sebagai ciptaan )
Da-Ta-Sa-Wa-La berarti manusia setelah diciptakan sampai dengan data " saatnya
( dipanggil ) " tidak boleh sawala " mengelak " manusia ( dengan segala atributnya ) harus
bersedia melaksanakan, menerima dan menjalankan kehendak Tuhan
Pa-Dha-Ja-Ya-Nya berarti menyatunya zat pemberi hidup ( Khalik ) dengan yang
diberi hidup ( makhluk ). Maksdunya padha " sama " atau sesuai, jumbuh, cocok " tunggal
batin yang tercermin dalam perbuatan berdasarkan keluhuran dan keutamaan. Jaya itu "
menang, unggul " sungguh-sungguh dan bukan menang-menangan " sekedar menang "
atau menang tidak sportif.
Ma-Ga-Ba-Tha-Nga berarti menerima segala yang diperintahkan dan yang dilarang
oleh Tuhan Yang Maha Kuasa. Maksudnya manusia harus pasrah, sumarah pada garis
kodrat, meskipun manusia diberi hak untuk mewiradat, berusaha untuk
menanggulanginya.
Anda juga dapat mepelajari falsafah kuno mengenai HANACARAKA pada kitab
sbb :
PUSTAKA
WEDHA SASANGKA
Kababar Dening :
KANGJENG GUSTI BENDARA
RADEN ADJENG DHENOK SURJANINGSIH
(Ngeksiganda Nagri 1643)
Rinukti Saha Rinumpaka Dening :
SESANGGAWIRJA
Sengkalaning Tjandra
SAPTA RASA MALEBENG PERTIWI
Utawi
WIWARANING TJEPURI HESTHINING DJAGAD
(Tahun Masehi 1967 utawi Tahun Saka 1988)
Wedha Ageng Surasa.

Karangan Angka 1 saking :


Wirid Wedha Tjarita lan Djangka :
Bagijan Kaping Kalih, Ngagem Tjarios :

ARGA BAWERA

Punapa ta tegesipun Arga Bawera ?Arga sami kalijan giri, prawata, prabata, ardi,
redi, gunung. Bawera sami kalijan djembar, omber, kobet, mboten tjupet, mboten kaling-
kalingan, tanpa wangenan, tanpa wates. Dados Arga Bawera ateges : Gunung kang
djembar omber, mboten kaling-kalingan, padhang trawangan.
Suraosipun: Pralampampitaning kawitjaksananipun Sang Lokaprana, ingkang tuhu
limpad, bontos, djembar, omber, tanpa wangenan, sarwi padhang datan kewran nembus
sagung aling-aling (warana). Dumunung ing puntjaking Arga ingkang Bawera, panggenan
ingkang inggil pijambak, limrahipun sok kawastanan : Guruloka. Tumrap blegering
manungsa dumunung wonten ing sirah (mustaka).
Katjarijos Sang Prabu Brawidjaja ingkang kaping II inggih Raden Djaka Lawung,
ingkang sakelangkung lingsem ing penggalih, sebab sanget kaesi-esi dening ingkang
garwa Dewi Retna Sekar dalah ingkang rama marasepuh Adipati Tjiung Gupita,
sesampunipun masrahaken pusaraning pradja Madjapait dhateng ingkang raji Pangeran
Anom Minak Pijungan, ingkang ladjeng adjedjuluk Prabu Brawidjaja ingkang kaping III.
Ladjeng djengkar saking kedhaton, tindakipun mendhem kula, nimpal keli, tanpa kendel
tumoleh, ngener mangidul, kesupen dhateng ingkang katilar, nering karsa sumedija
nindakake dhawuhing ingkang ibu swargi. Ing sakmargi-margi tansah ngawuningani alam
gumelar ingkang sarwi elok, edi, asri, nengsemaken. Penggalihipun Sang Prabu
kasengsem sanget, kadudut, kapiluja pirsa kawontenan mekaten wau punika.
Ing salebeting kalbu rumaos kagigah, binuka saja kentjeng sedijanipun. Thukuling
raos ladjeng tansah kagungan tresna ing sesamining tumitah, mboten mbedak-
ambedakaken; malah saja ngrembaka, ing wasana mahanani santosaning penggalih
anggonipun badhe mangudi dhateng kaluhuran. Saja malih menawi emut nalika taksih
wonten ing salebeting kedhaton, tansah dipun tjampahi, dipun tjamah dening ingkang
garwa punapa dene dipun sepelekaken. Inggih ing salebeting kawontenan punika Sang
Prabu rumaos, bilih penggalihipun kirang santosa, mijar-mijur, gampil kapikut tuwin kapikat
dening pakartining pantja drija ingkang damelipun namung adjak-adjak risak thok
kemawon. Pramila sadaja kala wau ladjeng anambahi santosaning penggalih, kentjeng
sedijaning tijas; ingkang mekaten kala wau andjalari tindaking Sang Prabu saja mantep,
madhep, terus tanpa kendel, tan ngetang tansajaning marga, mboten kepengin dhahar,
ngundjuk punapa dene sare, ngantos sariranipun katingal kera aking persasat namung
kantun gagra kusika.
Benter soroting Hijang Bagaskara ing wantji tengange lan asreping hawa ing wantji
abijoring Sang Kartika, babar pisan mboten karaos, ing salebeting tyas namun tansah
kumedah-kedah inggal saged mangertosi punapa sedjatosipun ingkang dinawuhaken
rama ibunipun swargi kok wanter sanget.
Mboten kepetang pinten dangunipun anggenipun tindak nilar kedhaton, sampun
dumugi ing pinggiring bengawan Brantas ingkang sisih ler. Ing papan ngriku Sang Prabu
sumedija aso sawatawis, kedjawi kalijan ngentosi tuntasing riwe sarta sajahing sarira, ing
salebeting ngaso kala wau, Sang Prabu emut dhateng panguwuhing garwa dalasan mara-
sepuh, ingkang kalih-kalihipun sampun sami kaperdjaja, bab anggenipun tansah damel
sisiping rembag, ing wusana nuwuhaken risaking kawontenan. Wekasan Sang Prabu
ladjeng ngupadi palenggahan ingkang prajogi, inggih punika sendhe-sendhe ing kadjeng
ageng sapinggiring bengawan Brantas kala wau. Amargi kenging siliring Hijang Samirana,
sarira keraos seger, ngantos mboten kraos lijer-lijer, wekasan ngantos sare kepatos.
Ing wusana tengah-tengahing sare Sang Prabu njumpena kados-kados rinawuhan
ingkang rama kanthi paring dhawuh mekaten: "Ngger Djaka Lawung putraningsun pribadi,
kaja ing wektu dina samengko, sira wus karasa lan ngrumangsani sekabehaning
kaluputanmu, dhek nalika sira ngasta pusaraning pradja Madjapait. Kaja nalika ingsun
bakal surud wus paring uninga marang sira, jen sira kudu wasis djumeneng dadi
pengembaning negara Madjapait. Ora kena mbedak-mbedakake marang sidji lan sidjining
kawula, paribasane mban tjinde mban siladan, lan tansah kudu tresna lahir trusing batin
tumrap marang sekabehaning para kawula. Kudu wani sengsem marang tumindak
kautaman, ninggal marang sekabehaning tumindak kelahiran, ja ing alam kanisthan.
Nanging djebul kosokbaline, sira lena marang sekabehing piwelingingsun apadene
piweling ibunira. Wekasan sira mung tansah ngumbar hardaning kamurkan, ora kersa
sumungkem dalasan manembah ing ngersaning Hijang Bagas Puruwa, malah
ngungkurake. Wekasan sira gampang kapikut marang bebudjukane si Adipati Tjiung
Gupita lan anake si Retna Sekar. Sira tansah kelu marang gebijaring kadonjan, datan
kersa ngemuti jen ta kahanane djagad raja mangkene tansah owah lan gingsir. Mengertija
ngger, jen sira ana ing sadjeroning lali, kuwi kang ana kabeh mung marang nistha, jen sira
dumunung ana ing sakdjerone eling, kabeh kuwi mau sedjatine dalan kang tumudju
marang kaluhuran. Mula saka kuwi jen pantjen ing wektu dina iki sira wus wiwit binuka
rasanira, elinga marang djedjering djagad, ja djagad gedhe kang den arani djagad raja,
utawa ja djagadira pribadi kang den arani bawana setra. Lan jen pantjen sira njata-njata
temen sumedija tumindak kang tumudju marang kaluhuran djati, pirsa marang asal
mulanira, weruh marang sedjatine djiwangga, mara noleha mangidul, delengen ing
puntjaking gunung Ardjuna kae, sira sedjatine ja wus dumunung ing kana."
Sinareng Sang Prabu noleh mangidul, ladjeng anedija mirsani puntjaking redi
Ardjuna, katingal tjahja manther saksada lanang ngantos sundhul ngawijat. Dene Sang
Prabu rumaos kados-kados sampun lenggah dumunung ing puntjaking Arga Ardjuna
ngriku. Sareng Sang Prabu mirsani kanan kering, tjetha sanget bilih arga punika ingkang
winastanan arga bawera. Ing sisih ler katingal pradja Madjapait kanthi wela-wela, ing sisih
wetan katingal pareden bebandjengan, sisih kidul katingal pesabinan idjem rojo-rojo. Saja
kraos wonten ing puntjaking redi kasebat. Wosipun saged amirsani kanthi tjetha wela-wela
lan mboten kaling-kalingan punapa-punapa, inggih punika kang den wastani tanpa
warana.
Ing saladjengipun ingkang rama paring dhawuh malih, mekaten: "Mangertija ngger,
jen sedjatine ing putjuking gunung Ardjuna kana kae, papane ramanira dhek djaman kala
semana mesu brata, mangesthi ing Hijang Bagas Puruwa, mudja lan mudji akanthi
nindakake talak brata, datan sare, datan dhahar, mung tansah mindeng madijaning Guwa
Laja, njenjuwun supaja bisa pinaringan turun kang ing tembe saged gumanti kepraboning
pradja Madjapait, jen wus tumeka titi wantji ramanira kundur ana ing Hindrabawana. Awit
wus sawatara warsa anggeningsun palakrama kelawan ibunira, nanging meksa isih
durung pinaringan turun. Kang mengkono mau rama rumaos ketjalan lari tumrap
pamangkuning negara, jen ta tumeka kukuting angganingsun isih durung pinaringan putra.
Ja sanadijan abot dikaja apa, djer kanggo kamuljaning putra wajah, mula ramanira ja ora
kagungan pangresula, djer kuwi wus dadi kuwadjibane ramanira pribadi.
Apadene lelakone ibunira, dhek nalikane ingsun tinggal ana ing kedhaton, sakperlu
andjaga keputren, lan isen-isening kraton kabeh, ing wusana marga saka pokale si
Darmawangsa, ibunira djengkar lolos saka keputren, parane mangulon, perlu ngupaja
anane si Handaja Pati, ja kuwi warangka dalem ing Madjapait, kang ing wektu semana lagi
ingsun utus mbedah tanah Djawa Tengah, perlu jasa pelabuhan ing Semarang. Dene
tindake ibunira kalunta-lunta, nusup-nusup angajam wana, munggah gunung medhun
djurang, nganti tumeka ing lelengkehing gunung Lawu sisih wetan.
Mangertia ngger, merga saja anggone nusup-nusup mau ilang sipating
prameswarining Naga Binathara, malah kaja wus ilang trap-susilaning wanodija kang
andana warih, pada bae karo wong tjilik kang datan kambah ing wulang wuruk.
Kahanan kang mangkono mau kabeh disangga dening ibunira kanthi sabar nrima,
sareh pikoleh, datan asesambat utawa angresula, kang ana mung emut, lan ateges ora lali
marang kaluhuran lan emut jen ing djagad gumelar mono asipat owah miwah gingsir,
malah penjungkeme tumrap Hijang Bagas Puruwa ditemeni, ora nglirwakake, rumaos
ibunira, kaja wus utjul saka blengguning kanisthan. Sakbandjure ibunira tansah emut
marang ingsun, ija ramaneki pribadi, kang lagi mesu brata kanggo keperluane negara lan
kawula. Mulane sanadijan abot dikaja ngapa ibunira datan wigih nanggulangi rubedaning
salira, djer kuwi kenaa kanggo panebusing putra wajah ing mbesuke.
Nanging bareng sire dhewe ngger, banget anggenira nglirwakake piwelingingsun,
apadene piwelinge ibunira kang tansah nandhang papa tjintraka. Djebul tibame marang
sira kosok balen banget. Dupeh sira wus darbe panguwasa, dupeh sira wus adarbe
wenang tumrap negara lan kawula, ing wekasan mung anduweni sipat adigang, adigung
adiguna, lali marang laku kautaman, ngumbar hardaning kamurkan, nggugu sakarepe
dhewe, gampang kelu marang gebijaring djagad gumelar, suthik marang tetulung, adoh
marang pamesu brata, ninggalake marang djedjering wong tuwa, apa rumangsanira
dupeh wong atuwanira wus padha sirna. Ing satemah nampa pawelehing Hijang
Sasangka Djati, sira ingatasing Nalendra Gung mung ditjamah dening garwanira
tedhaking sudra. Rumangsanira wus kinadjenan lan kineringan dening sakpadha-pdha, lali
jen kuwi mono kabeh mung dumunung ing alam kanisthan. Mula jen tjetha-tjetha sira wus
ngrumangsani kabeh kaluputanira kanthi rasa kang djudjur, mara sawangen kae ing
putjuking gunung. Wis ja ngger samene bae, adja kongsi sira lali maneh sekabehing
piwelingingsun iki, jen pantjen sira kepengin muljakake turun-turunira kabeh nganti tumeka
pungkasaning djaman."
Sakrampungipun dhawuhipun ingkang rama, Djaka Lawung inggih Prabu
Brawidjaja ingkang kaping kalih, sampun rumaos lenggah wonten ing putjuking redi
Ardjuna madjeng mangaler. Nanging sanget andadosaken kedjoting penggalih, sareng
mirsani sariranipun ageng inggil, asta dalasan ampejanipun sarwi ageng kebak rikma,
kenakanipun pandjang-pandjang, rikma gimbal, djenggot miwah rawisipun pandjang.
Persasat denawa (raseksa) ingkang anggegirisi. Rumaos ngagem agem-ageman sarwi
pethak, kados pangagemaning para pandhita. Ing salebeting penggalih sanget lingsem
dhateng Hijang Bagaskara, dene ingatasing putra Nalendra kok ladjeng saged mawujud
denawa ingkang anggegirisi sanget.
Mekaten kala wau kawontenanipun Sang Prabu Brawidjaja, ingkang nembe tapa
njingkiri papan keramenan, nanging kados-kados klentu marginipun, awit anggenipun
gantos wewudjudanipun anggegirisi. Punika sedaja nelakaken, bilih satunggaling djanma
ingkang nembe tumindak nilar dhateng kaluhuran, tansah ngumbar hardaning kamurkan,
wusana ladjeng tebat dhateng Hijang Bagas Puruwa. Senadijan tata lahiripun sampun
miwiti pamesu bratanipun, namung saking dajaning kamurkan ingkang babar pisan dereng
uwal saking kuwandhanipun, ateges taksih kelet kumanthil, wusana saged mahanani
wewudjudan ingkang anggegirisi kala wau.
Inggih mekaten punika tumindaking sebagian ageng para djanma manungsa,
ingkang namung tansah ngumbar hardaning kanepson, pepenginan, angkara murka,
gampil kapikut ing gebijaring djagad gumelar, ingkang mboten aseli, mboten sedjati,
ingkang ateges sedaja kala wau palsu.
Pramila Djaka Lawung saja kentjeng anggenipun badhe nindakaken pamesu
bratanipun, mboten badhe kundur jen dereng angsal wangsiting Hijang Sasangka Djati.
Katjarios sesampunipun Djaka Lawung radi dangu anggenipun mesu raga wonten
ing putjuking redi Ardjuna, ing satunggaling wekdal, ing tengah dalu, nalika Djaka Lawung
nembe nindakaken pakarjaning pasemeden, wusana mboten kanthi kanjana-njana lan
mboten kagraita, wonten satunggaling peksi emprit mentjok ing bau kiwaning Djaka
Lawung. Ing salebeting anggalih Djaka Lawung ngungun ketjampuran kaget, kok wonten
kedadosan ingkang nganeh-anehi. Ingatasing peksi emprit ing wantji tengah dalu, kok
mentjok ing pundhak kiwanipun. Punika genah sanes sabaenipun peksi, mesthi badhe
wonten kedadosan-kedadosan ingkang elok. Ing salebeting tijas Djaka Lawung anggraita:
"Iki kok ndadak ana kedadean aneh maneh, ingatase manuk emprit ing wajah bengi kathik
tengah wengi sisan, wani mentjok ing bau kiwaku, iki genah ana apa-apa kaja dene
pengalaman kang uwis-uwis". Wusana pepuntening batos ladjeng kepengin ndangu
dhateng pun emprit kala wau. Dhawuhipun mekaten: "E, emprit iki kok elek banget,
ingatase kowe mung asipat manuk, kok wani mentjok ing bauku kang kiwa, kang sedjatine
aku iki lagi nengah-nengahi pakarjaning pasemeden. Apa kowe ja bisa tata djanma, mara
terangna kang tjetha".
Peksi emprit: "E, kowe lali ngger karo aku, nanging ja wus sakmesthine, lha wong
njatane aku saiki saling wewudjudan. Mangertia ngger, sedjatine aku iki rak ja wong
ngatuwamu dhewe ta. Elinga dhek djaman kala samana, nalikane ibumu keplaju-plaju
nganti tekan ing sakngisoring gunung Lawu kang kapara rada sisih lor, ing kono ibumu rak
mampir ana ing sawidjining omahing mbok randha, kang aran mbok Saraagi ta. Dene
djalarane ibumu nganti keplaju kuwi mung merga saka pokale si Darmawangsa. Mula
ngger, kowe ngugua karo omongku, sedjatine kowe rak wus tak jasakake kedhaton kang
gedhe banget ana ing tengah-tengahe Bengawan Brantas, ja kuwi nalikane kowe ngaso
bijen kae. Aku mung andjaga murih kepenakmu ing tembe mburi, mula tak djaluk kanthi
banget kowe inggala andjegur ing bengawan Brantas kana, mengko ndak papag. Perlune
kowe bisa djumeneng Nata Binathara kang ing pungkasane bakal bisa andhepani djagad,
dadi ratu kadjen keringan".
Djaka Lawung: "Mengko ta dhisik, kuwi nalare keprije, ingatase kowe ki manuk, lha
kok bisa tata djanma kathik ngaku wong tuwaku pisan, mara terangna kang tjetha".
Emprit: "We lha, rupane kowe isih durung mudheng wae marang kandhaku, aku rak
wis omong ta, jen aku iki sedjatine rak ja ibumu dhewe kang wus swargi, ja saiki iki aku
awudjud emprit kang dadi jitmane ibumu. Mulane adja kesuwen mengko mundhak selak
ora karu-karuan kedadeane. Wis ja, mung welingku bae inggal tindakna, andjegura ing
tengahing bengawan Brantas, aku wus sumadija ing kana. Aku tak budhal andhisiki".
Djaka Lawung: "Ija,, mengko inggal-inggal taklakonane.".
Katjarios Prabu Brawidjaja I ingkang sampun swargi, sampun dumunung wonten
ing Hasta Warana, papan ingkang wijar, omber lan bawera. Mboten kewran mirsani
kawontenan ingkang mekaten kala wau. Djalaran priksa sedaja kawontenan ingkang
sampun lan ingkang dereng kedadosan. Nering penggalih dereng saged negakaken
dhateng ingkang putra. Pramila pandjenenganipun sanalika tumurun njelaki ingkang putra,
kanthi paring sabda mekaten: "Ngger Djaka Lawung, teka kebangeten temen, durung
sepira suwene ingsun paring dhawuh marang sira, poma di poma sing ngati-ati, djebul lagi
kena omonge si emprit bae wis kelu, kepikut, tandha jekti jen sira durung mumpuni
anggonira nindakake pamesu bratanira. Isih gampang ginodha dening sapa bae, kang
ateges sira durung anduweni prajitna, ja kuwi durung nganggo wewaton PANTJA WEDHA.
Mangertija ngger, jen sedjatine kang awudjud emprit iki mau dudu wong atuwamu,
nanging kuwi jitmane si Djaja Katiwang. Elinga dhek nalikane sira isih djedjaka, dhemen
ambebedhag, sira rak wus tau tate djemparing ajam wana kang wusana bisa kena, ing
kono getihe si ajam wana nganti amber ambalabar, bisane sat marga sira dhewe kang
nambak. Ing sakwise bandjur ana swara, ngaku jen sedjatine kuwi jitmane si Djaja
Katiwang. Nganti sira ngojak-ojak tekan sakwetane bengawan Madijun. Mula ngger adja
sira gampang utawa kelu marang gebjaring kahanan, kuwi mono mung wudjud pengitjuk-
itjuk, supaja sira lena, ing wekasan badhar pamesunira. Wis ja ngger, sing ngati-ati, Rama
bakal kundur."
Sakontjating ramanipun saking panduluning pamesu bratanipun Djaka Lawung, ing
wusana ladjeng gumregah wungu saking anggenipun mesu raga, ing salebeting tijas
namung tansah angrumaosi, bilih tumindakipun taksih tansah dereng tumata, dereng titis,
tandha jekti taksih gampil ginodha ing kawontenan sanes, ingkang sedajanipun namung
badhe andjelemprengaken kemawon. Ingkang mekaten wau ing salebeting penggalih
sanget matur nuwun dhateng ingkang rama dene kok tansah kadjangkung, kapirsanan,
anggenipun tansah tumindak kirang leres wau. Ugi ngrumaosi bilih anggenipun talak brata
dereng sampurna, lan kedah saja dipun prajitnani, sageda anggenipun mesu brata inggal
katarimah ing Djawata, sarta sedaja kalepatanipun inggala saged kalebur sadaja. Ing
wusana nering tjipta menawi sedaja sampun sami resik, wusana badhe djumeneng
Nalendra Pandhita ingkang sidik ing kawruhing budhi.
Sesampunipun Djaka Lawung saja mantep, madhep anggenipun sumedija
nindakaken pamesubratanipun, awit rumaos saja padhang, saja terwatja, saja gamblang
lampahing kawontenan ing Djagad gumelar punika. Nering sedija mboten badhe keguh
utawi kelu sarta kepintjut dhateng gebijaring kawontenan, sarta mboten balereng mirsani
soroting Hijang Bagaskara, namung tansah kondjem ing bantala, sumungkem wonten
ngersaning Hijang Bagas Puruwa, nindakaken sedaja dhawuhing rama ibu ingkang njata-
njata tumudju dhateng kaluhuran djati. Wekasan sanget andadosaken kedjoting penggalih,
dene sareng mirsani angganipun, pulih duk ing nguni, kados nalikanipun dereng wudjud
denawa, inggih punika wudjud Djaka Lawung ingkang bagus ing rupi.
Ewahing rerupen kala wau mertandhani, bilih dajaning angkara murka ingkang
tumumplek ing angganipun Djaka Lawung sampun sirna sedajanipun, ingkang wonten
namung sutji, resik, padhang suminar, amargi sedija ingkang sampun kawetja wau. Inggih
mekaten punika wohing lampah ingkang tumudju dhateng kaluhuran djati, mboten maelu
dhateng kelahiran. Wudjuding satrija anggambaraken sipating kautaman, dene wudjuding
denawa anggambaraken sipating Angkara Murka.
Mangkana ta wau, bawane Nalendra kang sampun gentur tapane, mahanani tjahja
gumebjar ing saknginggiling redi Ardjuna, lir soroting Hijang Tjandra ingkang badhe midjil
saking lengkehing bawana. Sumilak sumamburat ngebaki dirgantara. Kathah ingkang
samia arerepen, kathah ingkang samia amemuhun, mratjihnani wonten ndaru ingkang
lumengser saking gedhong kaendran, andhawahi redi Ardjuna. Gotheking ngakathah sami
suka-suka pari suka, bilih badhe wonten Pandhita Nalendra, ingkang badhe adamel
kuntjarining negari miwah kawula.

Tjahja saja dangu saja katingal sirna, wekasan sirna babar pisan.

Sinten ta ingkang nampi pulunging pandhita ?

Sak sirnaning tjahja, ingkang lagija teteki ing putjuking arga Ardjuna, inggih Prabu
Brawidjaja kaping II ugi peparab Djaka Lawung, karawuhan satunggaling begawan
ingkang sampun ketingal sepuh, ketingal mesem gumudjeng, sedaja polahipun tansah
adamel renaning sanes. Glomah-glameh pangandikanipun, nanging mranani, mertandhani
begawan ingkang pantjen sampun kawisudha bontos ing kawruh budhi menggah ngelmu
dalasan lakunipun. Ing wusana begawan sepuh ladjeng ngendika : "Ngger Djaka Lawung,
ingsun rawuh ngger, mara prajogakna lenggahira, adja sira kleru ing panampa lan uga sira
adja kagungan raos adjrih, ingsun mene ja Ejangira dhewe djare. Kira-kira sira lali marang
ingsun, awit ja mangkene kuwi kahanan ing donja, bisane mung tansah gawe lali, nanging
arang-arang bisa gawe eling. Mula rawuhingsun iki kepengin gawe eling marang sira.
Mangertia ngger jen ingsun iki sedjatine ja Hijang Bagas Puruwa kang bakal paring
wangsit marang djeneng sira, kang lagija teteki sak perlu njuwun ngapura sekabehing
kaluputanira. Miturut tata lahir kaja-kaja ora tinemu ing akal jen ta ingsun ing wektu dina
samengko bisa wawan sabda kelawan djeneng sira. Mangertia ngger, kedjaba ingsun iki ja
Hijang Bagas Puruwa, nanging ja emuta, nalikane sira isih ana ing sakdjeroning
kandhungane ibunira, ingsun ja wus ana ing kono ngger, adjedjuluk Begawan Manik Sidhi,
mula ingsun iki ja kena diarani Begawan Manik Sidhi.
Elinga nalika isih djumeneng ana ing sadjeroning kandhungan, sira wikan,
waskitha, witjaksana, djalaran durung ketaman ing kahanan kelahiran, ja kahanan kang
tansah gawe lalinira wau. Sira wis bisa mangerteni marang sekabehing kahanan kang sira
lakoni ing mbesuke, lan sira ja wus mangerteni asal mulanira kabeh, nanging bareng sira
wus mijos saka guwa garbane ibunira, bandjur salin slaga, awit anggonira mojos mau
metu sawidjining marga kang ala dinulu, ja kuwi kang aran Marga Sara Ina. Bareng sira
wus wiwit lelumban ing madijaning djagad gumelar, apa maneh marang asalira, marang
marganira kang lagi diliwati bae wis kesupen kabeh. Mula ngger, poma dipoma tansah
elinga marang mula bukanira, marganira lan sakpanunggale, kanggo gegondhelan aja sira
kongsi gampang ketaman bebendune ejangira dhewe, ja kuwi ingsun iki, djalaran babar
pisan sira nglalekake, dadi kang tjetha sakiki ja ngger, jen ingsun iki sedjatine ja djeneng
sira pribadi nalikane sira isih lenggah ing madijaning kesutjen, ja alam purwaka. Tjethane
jen ingsun iki ja sira, ateges ingsun sumimpen ana ing sira, ateges ingsun sumingid ana
ing sira, ateges ingsun njamadi marang sira, ateges ingsun nguripi marang sira, ateges
ingsun kang agawe kekuatan marang sira, lan ateges pribadiningsun, ja pribadinira.
Mula saka kuwi ngger, elinga sira marang ingsun, uga ingsun tansah makarti
tumrap sira. Jen sira lali, ateges datan maelu marang ingsun, ingsun mesthi bae ora
saged tumindak, djalaran katutup dening pakartining kuwadhaganira. Dene
kuwadhaganira dipandhegani si Lokaprana, ja kuwi kang tansah ngaling-ngalingi sira, jen
ta sira kepengin emut marang ingsun. Kang mangkono mau jen sira wus widjang-widjang
panampanira, kaja samubarang lir wus ora bakal tumpang suh ja senadijan ngenani
djagad gumelar apadene ngenani bawana setranira dhewe, kanggo saiki ja kanggo ing
mbesuke, jen sira wus tumeka ing djandji bisaa bali, kaja dene Tapaking Garuda Jeksa
kang sinamber gelap, sirna sakpandurat lir katijup ing maruta sakethi.. Semene dhisik
ngger, poma tansah EMUT."
Djaka Lawung: "Kandjeng Ejang Begawan, sareng ingkang wajah nampi
wedjangan sawatawis saking pandjenenganipun Ejang, kados siniram toja gesang raosing
manah, kenging kawastanan, kalis saking sedaja rubeda. Pramila namung sagung
pangaksami ingkang tansah kula suwun, kersaa Ejang paring sih kawelasan dhateng
djasat kula, ingkang namung tansah katutup ing warananing gumelar, nilar dhawuhing
rama ibu. Punapa dene sareng Ejang andhawuhaken, bilih inggih Ejang punika djasat
kula, nalika kula taksih wonten ing guwa garbaning ibu, nindakaken tapa, kenging
kawastanan mboten tumama ing bentjana, mboten ketaman gebijaring kelahiran ing
wusana sareng kula midjil saking wewengkoning ibu ing wekasan kula tumindak mboten
sakmesthinipun, ingkang ateges namung tansah ngumbar ubaling pantjadrija, kesupen
dhateng duk asal kula, lan dhateng pundi purug kula ing bendjingipun."
Begawan Manik Sidhi: "Wis ora maido ngger, apa maneh sira kang pantjen durung
titi wantji ngawruhi sedjatining kahanan, ja kahanan ing nalika semana apa dene kahanan
ing mbesuke, selagine para djanma kang ngrumangsani wus bontos mungguh ing kawruh
sangkan paraning dumadi bae isih akeh kang padha nglenggana, amarga pantjen durung
pinareng lan antuk wangsiting Hijang Sasangka Djati. Maknane ja saka pepadange dhewe
kang ateges pribadi, ja kang den arani gurunira sedjati. Ja amarga saka kahanan kang
mangkono mau ingsun kepara wani rawuh andhisiki ana ngersanira, djer kabeh mau wus
katata, katiti lan ora ana barang kang luput saka sedijane, sakuger kabeh ditindakake
kanthi temen-temen lan djudjur. Mula saka kuwi ngger, pamundhutingsun, adja sira
gampang mitajani marang rembuge sapa bae, kang nyata-nyata durung bisa minangkani,
apa ta sedjatine kang diarani Guru Sedjati kuwi. Mangka ing wektu dina saiki, kaja sira
wus bisa wawan sabda karo Guru Sedjati, ora lija ja ingsun pribadi iki, ateges ja
pribadinira dhewe. Kanggo kagambarake dhek nalikane sira isih djumeneng ing
sadjeroning guwa garbaning ibunira."
Djaka Lawung: "Saja padhang raosing manah kula Ejang sareng tampi dhawuh
punika wau. Kepareng ingkang wajah ladjeng njuwun priksa kados pundi ing saknjataning
gumelar punika, lan kados pundi tumrap ing wekdal sakpunika, punapa inggih namung
kedah mekaten kemawon, ingatasing kula punika anggadhahi kuwadjiban mengku negari
dalasan sak-isinipun, ingkang ing wekdal sapunika kula pasrahaken dhateng dimas Minak
Pijungan. Awit saksirnaning rama ibu ingkang sampun swargi, paring piweling, menawi
bendjingipun negari Madjapait punika badhe angalami kawontenan ingkang sakelangkung
awrat sanggenipun, ingkang wosipun supados kula waspada sedaja tindak tanduk kula."
Begawan Manik Sidhi: "Ngger, bener banget pitakenira iku. Mula ngger sedjatine
dhek nalikane sira isih djumeneng ana ing guwa garbaning ibunira, kabeh mau wus
kawetja, tandha jektine ingsun ing wektu dina iki bisa anggelar sakabehing kahananira
dhek samana, wong sedjatine sira ing kala samana ja ingsun iki, dadi kabeh iki wus katata
lan katiti, marga saka kawitjaksanira ing dhek djaman kala sama, ja ateges
kawitjaksananingsun ing sak-iki iki. Bab pangembataning pradja sedjatine ora kepareng
sira aturake tumrap marang ingsun, djalaran tundone bandjur tumudju marang gebijaring
kelahiran. Ewa semono jen pantjen temen-temen kabeh iku mau ora mung kanggo
keperluanira dhewe, kaja dhek nalikane sira isih ngasta pusaraning pradja, Ejang ija
mrajogakake. Mangertia ngger, anggenira nindakake tapa brata seprana-seprene kae
kudu katudjokake marang kabeh para kawula, utawa ing besuk jen wus tumeka redjaning
djaman. Mula saka kuwi ngger piwelingingsun, sakpungkuringsun iki mengko, sira
kepareng nilar putjuking gunung Ardjuna kene, lan andjudjuga ing sadjeroning dhatulaja
Madjapait, nemonana adinira si Minak Pijungan. Sira wadjib mendha-mendha kaja wong
miskin kang panggaweane mung andjedjaluk. Ing wusana kanggo mangerteni lan
andjadjagi sepira saktemene penggalihe adinira lan keprije pangrengkuhe. Jen pantjen
adinira apik tengkepe lan pangrengkuhe marang sira lan mangerteni sedjatine sira kuwi
sapa, wusana bandjur mundhuta pamit, dene bab ruwet rentenging negara tetep pasrahna
marang adinira. Nanging jen pangrengkuh kuwi mau nganggo tjara kang deksura,
dakwenang utawa munasika, kersaa sira bandjur gawe ontran-ontran. Mundhuta siti sak-
gegem, bandjur sabdanen dadi kentjana. Ing kono sira bandjur njenjuwun marang Hijang
Bagas Puruwa, supaja pengagem tjara Nelendra, kaja nalikane sira djumeneng bijen. Jen
Minak Pijungan wus ngrumangsani kaluputane, negara apa dene isen-isene kabeh
pasrahna, nanging mawa perdjandjen, adja kongsi negara kapasrahake marang putrane
Minak Pijungan, awit putrane Minak Pijungan ora anduweni wenang mangku negara
Madjapait, dene kang wenang ja putranira dhewe. Bab srah-srahaning pradja ngenteni jen
putranira wus midjil saka garwanira padmi."
Djaka Lawung: "Nalaripun kados pundi Ejang, djalaran ngantos wekdal sapunika
ingkang wajah dereng anggadhahi garwa utami padmi." Begawan Manik Sidhi:
"Ngene ngger, jen sira wus masrahake negara marang adinira, sira kudu djengkar saka
kedhaton, lakunira ngidul terus mangulan bener. Jen sira wus tumeka ing sakwetane
gunung Lawu, ing kono sira bakal mirsani ana sela gedhe nanging rata, lan ing kono ana
tjarakan Djawa, tinggalane Ejangira dhewe kang aran Begawan utawa Empu Galihan. Ja
marga anggonira bisa matja tjaraka mau, ateges sira wus mangerteni marang asal
mulanira apa dene marang paranira. Sakwise sira bandjur djumeneng ana ing sak
tjedhaking sela kono, dadi Pandhita Nalendra adjedjuluk Begawan Dwiasmara. Tetekia
kongsi djangkep sapta warsa lan adja sira kundur jen durung pepanggihan karo Pandhita
Wanodija kang asma Resi Trembini. Ja Resi Trembini kuwi kang bakal dadi garwanira.
Dene asma kang saktemene ja kuwi Dewi Lawung Wati Sri Wardani. Ja ing kono sira
bakal kagungan putra kakung gumanti keprabon Madjapait, kang aran Raden Prijangga
Lawung. Dene Dewi Lawungwati Sri Wardani kuwi putri saka negara Djenggala kang
kebhedhah dening Djaja Katiwang dhek djaman kala samana. Nanging mangertija jen
Dewi Lawungwati Sriwardani kuwi juswane kira-kira ja wus sepuh, nanging ja ing kono si
Prijangga Lawung bakal mretapa, tjalon djumeneng nata Madjapait Prabu Hajam Wuruk,
ja Prabu Brawidjaja Kalamurti Tjakrabuwana kang kaping IV."
Djaka Lawung: "Sesampunipun mekaten ladjeng kados pundi Ejang, punapa
ingkang wajah tetep wonten pertapan ?"
Begawan Manik Sidhi: "We lha ora ngger, sira lan garwanira kudu wani tumindak
kaja dene kawula tjilik, idhep-idhep mirsani keprije sedjatine kahanan negara kuwi, sira
kudu laku tetanen, ngupakara tanem tuwuh, utawa kasile bandjur diedol menjang negara.
Anggone ngedol ana ing sadjerone pasar, ja garwanira sing nggendhong, lha sira dewe
sing njunggi, sarta ana ing dalemira kudu tlaten ngopeni sato iwen, upamane pitik, bebek,
menthog lan lija-lijane. Dadi tjekak tjukupe kudu bisa urip kaja dene wong tani kae. Ing
kono babar pisan sira ora kepareng ngatonanke jen sira mono sedjatine Nalendra. Jen ing
wajah bengi sing wadjib mulang-muruk bab tjarakan Djawa marang sapa bae, utawa
kabeh ija uga bab kawruh sangkan paraning dumadi. Djer mengko kena kanggo pantjadan
sira djumeneng nalendra kang witjaksana ambek adil paramarta, asih ing sesamaning
dumadi. Bisa angrasakake keprije dadi kawula kuwi, dadi ora mung waton paring dhawuh
thok bae."
Saka panuwune Ejang, sira adhedhukuh ing pedhukuhan kang diarani Madjalangu,
kang ora adoh saka Talok Langu, ja kuwi ngger sedjatine kang aran Negara Madjapait,
asal saka padhukuhan kang sira dunungi mau. Dene madja ateges manunggaling djagad,
pait tegese paekaning tumitah kang tjidra. Dadi ing mbesuke Negaranira bakal rusak
marga saka pokale turunira dhewe, nanging ing titi mangsa kala bakal mudjudake Negara
kang bisa agawe manunggaling djagad, kaloka kadjana prija, kondhang ing Bawana
mantja. Ja ing kono negaranira bakal dadi negara gedhe kang katelu lan anduweni tjahja
kang sumorot madhanigi ngawijat.
Ing sakwise mamgkono sira kudu wani nandur empon-empon tolaking wong sak
Negara, dene papan kang betjik ing tlatah wetan, ja kuwi ing sakwetane Semeru. Ing kana
sira bakal kagungan garwa ampejan asma Dewi Wiraksini Prabawulan.
Wus samene bae ngger piwelingingsun, lan inggal ajatana adja kongsi katalompen,
lan sakpungkuringsun terus tindaka mlebu marang dhatulaja."
Djaka Lawung: "Sanget kapundhi dhawuh pengandikanipun Ejang lan ingkang
wajah namung tansah njuwun tambahing pangestu, pinaringan kijat lan emut, sarta
mboten badhe tumpang suh anggen kula nindakaken".
Sakpandurat Begawan Manik Sidhi sampun mboten katingal ing pandulu, mlebet
ing madijaning Guwalajanipun Djaka Lawung. Saja adamel teguh sedijaning Djaka
Lawung anggenipun badhe nindhakaken pakarjan utami kalawau.
Wekasan Djaka Lawung ugi mandhap saking petapan redi Ardjuna, terus ngener
dhateng kedhaton negari Madjapait, Kanthi mengagem ingkang sarwa rompang-ramping,
tumindak kados dene tijang ngemis, terus mandjing ing salebeting dhatulaja. Kaleresan
Sang Nalendra inggih Minak Pijungan pinudju lenggah ingadhep andher para abdi dalem
seba tjaos, ngendikan bab anggenipun ngasta pusaraning pradja. Ketingal rena ing
penggalih, katandha anggenipun ngendika kinanthenan gudjeng ingkang renjah, adamel
renaning para ingkang sami seba tjaos.
Dereng dangu anggenipun sami imbal watjana, katungka sowanipun abdi dalem
djagi, ngaturi uninga bilih ing srambining dhatulaja wonten satunggaling tijang ngemis
ingkang kepengin mundjuk atur ing ngersaning nata. Sang Nalendra marengaken supados
tijang ngemis wau sowan ing ngarsa nata. Sareng sampun katingal sowan, sanget
andadosaken dukaning ingkang Sinuhun, teka wudjudipun tijang ngemis kemawon udjug-
udjug wantun lenggah ing kursi andjadjari ingkang Sinuhun. Sang Nata ladjeng utusan
abdidalem supados tijang ngemis kalarak medal pinaringan pidana sakmurwatipun.
Nanging sareng tijang ngemis badhe kalarak ladjeng njirnani, ing wusana adamel ontran-
ontan, mundhut siti sakgegem, pinudja dados kentjana. Wusana Sang Prabu kepareng
nimbali tijang ngemis wau, sanget kedjotipun malih, bilih sirna wudjuding tijang ngemis,
nanging gantos wudjud ingkang raka, inggih Sang Prabu Brawidjaja kaping II, ngagem
busana kanalendran.
Dhawuhipun Sang Prabu (Brawidjaja II): "Jaji Prabu, durung sapira lawase sira
ngasta pusaraning pradja djumeneng nata wus tumindak sija marang sakpadha-
padhaning tumitah. Ja kebeneran iku kang mandjilma djenengingsun pribadi, upamane
wong ngemis temenan, kira-kira ja sira patrapi paukuman, senadijan wong ngemis iku
tanpa dosa lan perkara, mung marga saka wani lungguh kursi djadjar sira. Kang
mengkono mau jaji, andadekna ing pangeling-elingira ing salawas-lawase".
Minak Pijungan: "Dhuh kakangmas, pantjen ingkang raji kirang waspada,
mertandhani bilih ingkang raji dereng saged djumeneng nata gung binathara, ingkang
mekaten kala wau prajoginipun sedaja panguwaosing ratu kula kunduraken ing ngersa
paduka kakangmas. Dene sedaja kalepatanipun ingkang raji,kersaa paring gunging
pangaksami".
Sang Prabu: "Wus ora dadi ngapa jaji, jen tumindakingsun iku sedjatine kanggo
andjadjagi penggalihira, wus kuwat apa durung djumeneng Nalendra, nanging sepisan iki
ora dadi baja pengapaa, muga-muga ing sateruse adja kongsi sira ambaleni maneh
tumindak kang keleru mau. Dene bab pradja tetap ingsun pasrahake marang sira.
Nanging poma dipoma, adja kongsi dipasrahake sapa bae jen ingsun durung kundur,
djalaran mangertia jaji, jen kang andarbeni wenang nglengser keprabon ing mbesuke
dudu saka turasira, nanging midjil saka turasingsun".
Minak Pijungan: "Nuwun dhawuh sendika kakangmas. Sedaja badhe kula
estokaken, ladjeng kakangmas badhe ngersakaken djengkar negari malih punika
nalaripun kados pundi, sarta tindakipun dhateng pundi utawi pinten warsa dangunipun ?".
Sang Prabu: "Bab djengkaringsun sira ora perlu mangerteni, kabeh mau dadi
reregemaningsun. Wus jaji, karia slamet basuki tumeka ing besuke".
Sang Prabu Brawidjaja kaping II inggih Djaka Lawung kanthi mengagem tjara
limrah terus ontjat saking dhatulaja, tindakipun ngener redi Lawu ingkang sisih wetan.

TJARAKAN JAWA
Djaka Lawung (Prabu Brawijaya II) andhedherek dhawuhipun Begawan Manik
Sidhi, terus andjedjak ing papan ingkang sampun kapratelakaken dening Begawan Manik
Sidhi kasebat, inggih punika njata wonten ing lelengkehing redi Lawu ingkang sisih wetan,
katingal sela ageng wradin. Inggal-inggal Djaka Lawung minggah dhateng sela kala wau,
sareng sampun dumugi ing nginggil, pranjata wonten seratanipun Djawa Kina, inggih
punika ingkang sinebat Tjarakan Djawa.
Djaka Lawung sakelangkung ngunguning penggalih mirsani tjarakan Djawa kala
wau kalijan ngumandika, iki bandjur keprije tjarane aku bisa matja. mboten dangu
Begawan Manik Sidhi sampun katingal rawuh ing ngersaning sinatrija, ladjeng paring
pitedah bab pemaosing tjarakan Djawa wau, dhawuhira: "Ngger Djaka Lawung,
tumungkula ngger, lan rungokna dhawuhingsun tumrap pematjaning tjarakan iki:

"Hingsun Nitahake Tjahja Rasa Karsa"


"Dumadi Titising Sarira Wandija Laksana"
"Pantya Dhawuhing Djagad Jekti Ngawidji"
"Marmane Gantya Binuka Thukul ing Ngakasa"

Kuwi ngono anggambarake kahanan ingsun apadene sira dhek djaman kala
samana, sakdurunge mawudjud kaja ngene ini. Mungguh keterangane mangkene:
Hingsun kuwi katjekak Ha, tegese ana, wudjud, wiwitan, ja kuwi kang den sebut
Hijang Bagas Puruwa, lenggahe ana ing alam Puruwa, ya alam Wasana, kena diarani
Sirna nanging Neka, utawa datan kena kinaja ngapa.
Nitahake, jen katjekak Na tegese, ndhawuhake, njabda, nganakake,
andjumenengake, mudjudake. Dadi Hijang Bagas Puruwa wus andhawuhake.
Tjahja, jen katjekak Tja tegese, Sorot, pepadhang, sunar kang tanpa wewajangan.
Ja kuwi tjahjaning Hijang Bagas Puruwa pribadi.
Rasa, jen katjekak Ra tegese, ja rasane Hijang Bagas Puruwa pribadi kang wus
kadhawuhake utawa katitahake.
Karsa, jen katjekak Ka tegese karep, ja karepe (karsane) Hijang Bagas Puruwa
dhewe (pribadi).

Dadi: HA, NA, TJA, RA, KA, tegese, Hijang Bagas Puruwa wus aparing dhawuh
marang tjahja, rasa lan karsane pribadi, kang supaja tumitis utawa tumurun, tegese turun
saka pribadine Hijang Bagas Puruwa dhewe. Dene Hijang Bagas Puruwa kuwi kena
diarani Sang Hijang Huna, tegese Swara, Pangandika kang tanpa lesan. Dene lesan ing
kene ateges piranti. Bandjur sakteruse :
Dumadi, jen katjekak Da,tegese wis dadi, mawudjud, gatra wis ana, nanging wudjud
utawa gatra kang isih samar. Tegese ora bisa dipirsani nganggo pirantining pantjadrija.
Titising, jen ditjekak Ta, tegese tetesing sabda, dhawuh, pangadika mau.
Sarira, jen ditjekak Sa, tegese Sarining Rasa, ja rasane Hijang Bagas Puruwa
kasebut.
Wandija, jen katjekak Wa, tegesa wahana kang winadi, utawa wola-wali (ora mung
sepisan), dadi wahana kang winadi kuwi sedjatine ja kang diarani ora mung sepisan kuwi.
Laksana, jen katjekak La, tegese tumindak utawa ditindakake, lumaris, lumaku,
makarti. Ja marga pakarti, tumindak lan laku mau, bandjur bisa mawudjud wela-wela.

Dadi: DA, TA, SA, WA, LA, tegese Ana Tetesing Rasa Kang Wola-Wali Pakartine,
tjetha jen kabeh kuwi ora mung sepisan gawe, kang ateges marambah-rambah nganti
kena diarani datan ana pedhote, utawa langgeng, tetep, adjeg, kaja dene getere
djedjantungira.
Pantya, jen katjekak Pa, tegese papan, wadhah,S panggonan, bolongan, guwa,
utawi sipat.
Dhawuhing, jen katjekak Dha, tegese perintahe, pakone, kongkonane, utusane.
Djagad, jen katjekak Dja, tegese djagad, bumi, bawana, kelaswara, tijambita,
wewengkon, ringkese diarani panguwasa.
Jekti, jen katjekak Ja, tegese sajekti, sedjati, temenan, ora goroh, sampurna, pepak,
djangkep ora kurang.
Ngawidji, jen katjekak Nga, tegese manunggal, kumpul, ora pisah, samad
sinamadan, limput linimputan.

Dadi: PA, DHA, DJA, JA, NJA, anduweni teges: Wadhah Kanggo Papane Dhawuh
Kang Wus Manunggal Kalawan Bumi, tegese wadhah lan isine ora bisa pisah, utawa sing
andhawuhi lan sing diparingi dhawuh wus njawidji (manunggal).
Marmane, jen katjekak Ma, tegese mulane, sanjatane, akibate, kedadeane.
Gantya, jen katjekak Ga, tegese ganti, berobah, ewah sipate, owah wewudjudane,
owah kahanane.
Binuka, jen katjekak Ba, tegese kabukak, menga, diweruhi, kaweruhan, katon,
mangerti, karasa, kasat ing mata.
Thukul ing, jen katjekak Tha, tegese wutuh, semi, modot, berobah saka asale,
pindhah saka papane.
Ngakasa, jen katjekak Nga, tegese ngawijat, dirgantara, awang-awang, ndhuwur,
ngantariksa.

Dadi: MA, GA, BA, THA, NGA anduweni teges: Mulane Bandjur Owah
Wewudjudane lan Bandjur Thukul Ing Awang-awang, tegese ana nanging durung kasat
mata, ja pirantine si pantjadrija.
Semene ngger, luhuring tilarane ejangira dhewe ja Empu Galihan, anggone paring
tetilaran marang putra wajahe, kedjaba bakal kena kanggo sesambungane pangandikan
tumrap sidji lan sidjine, djebul ngemu surasa nalika sira isih ana ing djaman ketentreman,
ja djaman kang wiwitan. Kawruh iku mau sedjatine durung tutug, djalaran kedjaba ana
aksara Djawa, uga ana sandhangan, tegese sakwise sira bleger awudjud kaja saiki iki bisa
njandhang, ngrasakake. Dadi sandhangan dudu panggango, nanging Rasane. Tjatjahe
sandhangan iku mau ana 12 idji, dene aksarane ana 20, mulane aksara Djawa iku kabeh
ana 32. Telu ateges asalira, rasaning bapa, rasaning bijung lan titising Hijang Djagad
Pratingkah, dene loro kuwi tegese wadhah lan isine.
Kawruh kang kaja mangkene iki sebarna marang kabeh para kawula, kareben
padha mangerti marang asale dhewe-dhewe, kang ateges ora gampang ngumbar
hardaning kamurkan. Kaja wus tjukup samene ngger piwelingingsun bab tilarane ejangira
Empu Galihan, wus ngger karia basuki".
Saknalika Begawan Manik Sidhi enja saking pandulu, dene Djaka Lawung saja
mantep, madhep lan rumaos rena sanget panggalihipun, dene wonten kedadosan ingkang
saged maringi pepadhang ngantos dumugi sakputra wajahipun sedaja bendjing ugi badhe
sanget mangertosi, ingkang ateges mboten itjal larinipun.
Pamesubratanipun kaladjengaken terus ngantos pinten-pinten warsa. Ing ngriku
Djaka Lawung djumeneng Pandhita Nalendra, adjedjuluk Pandhita Dwiasmara, ugi
Pandhita Katong.
Mboten karontje kawontenanipun Sang Pandhita, anudju ing satunggaling dinten,
Sang Pandhita lenggah ing srambining Sanggar Palanggatan, ingadhep sedaja para
tjantrik, ingkang karembag inggih namun tambahing kawruh budhi, ingkang tumudju
dhateng kaluhuran djati. Dereng dangu anggenipun sami asung pangandika, katungka
aturipun tjantrik, bilih ing ndjawi wonten satunggaling wanodija ingkang kepengin sowan
ing ngarsa resi. Sang Pandhita ugi ladjeng marengaken.
Sesampuning wanodija sowan, Sang Pandhita mundhut priksa: "Sampejan saking
pundi mbakju, dene nami sampejan sinten, kok keraja-raja tekan padhepokan ngriki, napa
baja wonten perlu."
Wanodija: "Inggih Sang Pandhita, kula punika asal saking negari Djenggala, ladjeng
kepladjeng nalika negari Djenggala binedhah dening Ratu Angkara, ingkang nama Prabu
Djaja Katiwang. Sampun dangu anggen kula ngumbara kalunta-lunta, perlu ngangsu
kawruh Kejaten, inggih kawruh kasunjatan. Ing wusana salebeting kula ngumbara tanpa
prana, mireng rawat-rawat bakul sinambi wara, bilih ing ngriki wonten pandhita kang sidik,
asma Pandhita Dwiasmara, punapa inggih pandjenengan Sang Pandhita ? Dene peparab
Kula Resi Lawung Wati, nami kula pijambak Lawung Wati Sri Wardani, putra ratu ing
Djenggala duk samanten."
Sareng Sang Pandhita mireng aturipun wanodija kala wau, saknalika emut dhateng
dhawuhing Begawan Manik Sidhi, menawi wanodija punika njata-njata tjalon garwanipun,
pramila mboten saranta Sang Pandhita ladjeng aparing dhawuh kanthi trang terwatja:
"Diadjeng, kaja wus tumeka ing titi wantji, jen sira bakal dadi tetimbanganingsun. Awit
Hijang Bagas Puruwa wus paring uninga marang djeneng ingsun, jen sedjatine ja sira kuwi
kang pantes ingsun garwa kinarja sarana margane ingsun adarbe turun tjalon gumanti
keprabon ing negara Madjapait. Mula dhiadjeng, adja kongsi sira andarbeni pangira-ira
kang ora bener, awit kabeh mau kaja wus kinarsakake mring Djawata, dadi jen pantjen
sira kepengin njuwita ing padhepokan kene, kaja ja wus prajoga banget, malah sakwise iki
sira bakal ingsun bojong tindak anjedhaki pradja, sakperlu mirsani kahananing negara,
awit negara ing wektu dina samengko ingsun pasrahake marang adhiningsun si Minak
Pijungan. Ing kana ingsun bakal andjudjug ing padhepokan Madjalangu lan ingsun wadjib
agawe karang kitri, laku tetanen, sira mengkono uga dhiadjeng."
Wanodija: "Dhuh sang Pandhita, sanget andadosaken ngradatosing manah kula
sareng nampi dhawuh pandjenengan ingkang kados mekaten punika. mboten kanjana-
njana menawi kula badhe kedhawahan pulung ingkang tanpa upami agengipun, bebasan
lumpuh kang saged lumaris. Sang pandhita, menawi pantjen Sang Pandhita sudi dhateng
djasat kula, badhe anggarwa dhateng kula, punapa mboten getun ing pawingkingipun,
awit Sang Pandhita katingal taksih mudha, ing mangka kula sampun sepuh kados
mekaten wudjudipun, Sang Pandhita. Punapa malih sareng kula mireng, bilih Sang
Pandhita punika Nalendra ing Madjapait, punapa inggih pantes menawi kula angrenggani
keputren, kinarja garwa prameswari."
Sang Pandhita: "Wis ta dhiadjeng adja sira kakehan ing pangudasmara, djer kabeh
kuwi wus kinarsakake ing Djawata, dadi ingsun apadene sira mung kari nindakake."
Mboten katjarios Sang Pandhita kalijan Dewi Lawung Wati Sriwardani sampun sami
sih-sinisihan, lir saklimrahing djanma, ing wusana sang Dewi sampun katingal anggarbini
timur.
Ing salebeting anggarbini kala wau, Sang Dewi sanget anggenipun kagungan
pepinginan dhahar ulam ajam sawung, ingkang ulesipun wiring kuning tjampur wido
djengger lan sukunipun pethak memplak. Panuwunipun dhateng ingkang garwa mboten
kenging kaampah, kumetjer ngiler. Sang Pandhita mboten kirang weweka, sedaja
panjuwunipun ingkang garwa inggal kaupadi, wekasan pikantuk satunggiling sawung
tjeples ingkang dados panjuwunipun ingkang garwa.
Sawung ladjeng kapragat, ulamipun kadhahar sedaja kanthi nikmating raos.
Inggih sawung punika sedjatosipun ingkang badhe djumeneng wonten ing guwa
garbaning Sang Dewi, ingkang ing tembe badhe mijos kakung tjalon gumantos
Kepraboning negari Madjapait, adjedjuluk Raden Prijangga Lawung.
Sang Pandhita ingkang tansah emut dhateng dhawuhing Begawan Manik Sidhi,
sesampuning ingkang garwa anggarbini sawatawis tjandra, ladjeng kabojong dhateng
padhepokan ing Madja Langu ing satjelakipun Negari Talek Langu, ing sisih ler kilenipun.
Wonten ing padhepokan ngriku, Sang Pandhita inggal mbangun teki, jasa dalem
sakmurwatipun, nindakaken tetanen, nginguh sato iwen, ingkang wosipun sedaja wau
sami tumut amiturut dhawuhing Begawan Manik Sidhi.
Mboten katjarios Sang Dewi sampun ambabaraken putra kakung, bagus ing warni,
kimplah-kimplah pindha tojaning tlaga Arga Sonja. Djabang baji senadijan saweg juswa 2
warsa, namung sampun katingal pamering ngaluhur, pantjen inggih trahing kesuma
dhasar tedhaking mara tapa.
Sang Bagus pinaringan asma Raden Prijangga Lawung. Kotjapa sareng Raden
Prijangga Lawung sampun djangkep juswa 17 warsa, saja tjetha pamoripun, gumebijar
mentjorong, mertandhani tjalon Nalendra Binathara. Remenipun namung tansah ulah
kridaning dedamel, tetes, merak ati, ngabekti dhateng rama ibu, lembah manah, nanging
kendel, datan adjrih dhateng punapa kemawon. Landheping panggraitanipun ngedab-
edabi, persasat pirsa dhateng sedaja kawontenan, senadijan dereng winarah nanging
dipun tresnani dhateng kantja-kantjanipun ing kiwa tengening padhepokan ngriku. Remen
weweh dhateng sesami, asih lan andhap asor, ngertos dhateng susila, mboten ngluhur-
ngluhuraken, tindakipun sami kemawon kalijan lare padhusunan, persasat mboten mantra-
mantra menawi punika sedjatosipun putraning Nalendra.
Ing wantji senggang ingkang rama kepareng nimbali ingkang putra, dhawuhipun:
"Ngger Prijangga Lawung, sira ingsun paringi pirsa ngger, nanging adja kaget atinira, lan
bandjur adja kegedhen ing rumangsa. Mengkene ngger, sedjatine wong atuwanira iku ja
ingsun iki dudu kawula tani kang mengkene iki. Ingsun sedjatine Nalendra Madjapait. Kala
samana nalika rama isih djumeneng, akeh banget penggodhane. Mula rama bandjur
kepengin gesang kaja dene kawula ing nganti seprene. Dene negara ingsun pasrahake
marang pamanira dhewe, ja kuwi si Pangeran Anom Minak Pijungan lan sakiki djumeneng
Nalendra adjedjuluk Prabu Brawidjaja Kalamurti Tjakra Buwana kang kaping III. Dene
ingsun wus paring dhawuh marang pamanira, adja kongsi negara dipasrahake marang
sapa bae, jen ingsun durung kundur ngedhaton. Ing wusana wektu dina samengko kaja
wus tumeka titi wantji ingsun andjabel panguwasane Minak Pijungan, djalaran ingsun wus
rumangsa kagungan putra kang wenang nglenggahi dhamparing keprabon, ja kuwi sira
ngger. Jen ingsun waspadakake, kaja sira wus andungkap diwasa, kaja wus pantes jen ta
ngrenggani negara Madjapait. Mangertia ngger, sedjatine ibunira iku putri saka Djenggala,
dadi wus pantes jen djumeneng prameswarining Nata. Mula sira ja wus wenang banget
nglintir keprabon. Mula saka kuwi ngger, poma dipoma tansah sumungkema ing ejangira
kang wus swargi, kang bakal andjangkung pangastanira djumeneng Nata ing pradja
Madjapait."
Raden Prijangga Lawung: "Kandjeng Rama sesembahan kula, sanget ing
pamundhi dhawuhipun rama, ingkang putra namung andhedherek sedaja dhawuh, mboten
badhe ambadal kersa. Sedaja namung tansah sumarah ing ngarsa rama dalasan ibu,
ingkang kula bekteni lahir trusing batos, inggih wakiling Hijang Bagas Puruwa."
Sang Pandhita lega sanget ing penggalihipun, dene ingkang putra tansah andherek
dhawuning rama.
Sang Pandhita paring dhawuh malih: "Nanging mangertia ngger, jen djumenengira
dadi nalendra kuwi kudu ngenteni jen sira wus juswa 25 warsa, dadi kurang 8 warsa. Ing
sadjeroning 8 warsa mau, kang 7 warsa anggonen ngulandara, lelana kang sakperlu ngudi
kawruh budhi kang sedjati, anggladhi marang katijasaning sariranira, kudu wani pait getir,
makarja kang abot, nindakake talak brata, pirsa marang kasengsaraning kawula, pirsa
marang kawula kang dhemen nindakake djubrija, tjidra, durdjana lan kudu wani
nanggulangi. Adja sira kundur jen sira durung ngleksanani pamundhute rama. Awit sira
wadjib sudjana marang kedadean ing tembe mburi, emut marang anak turunira, andjaga
katentremane djagad sak isine kabeh. Jen kurang sakwarsa djandji sira wus bisa
ngleksanani pamundhute rama, sira kepareng kundur. Ing kono sira ingsun sengkakake
ngaluhur djumeneng Adipati Anom. Dene bab jasa kraton ora perlu bojong menjang Talok
Langu, tjukup padhukuhan kene bae kanggo kraton. Katimbang ngusir si Minak Pijungan
mesakake, aluwung ingsun kang ngalah. Wis ngger djengkara saka kene, ingsun tunggu
ing padhepokan kongsi sakrawuhira ngger. Ora liwat rama mung bisa paring pudja-pudji
pangestu, rahaju, widada ing saklawas-lawase."
Raden Prijangga Lawung: "mboten langkung rama, ingkang putra namung njuwun
tambahaing pangestu, tinebihna ing rubeda, tjinelakna ing karahajon. Sampun rama,
sembah sungkem kundjuk ing ngersa rama miwah ibu."
Raden Prijangga Lawung nilar padhepokan sumedia nindakaken dhawuhing rama,
dene Sang Pandhita miwah garwa sami nengga ingkang putra kanthi raos prihatos, sarta
tansah njenjuwun ing Djawata, sageda ingkang putra tansah pinajungan karahajon.

You might also like