You are on page 1of 1

ATUR PANAMPI PASRAH CALON PINANGANTEN KAKUNG

1. Kawula aturaken agenging panuwun dhumateng pranatacara ingkang kepareng paring wekdal dhumateng kawula. 2. Mugi sih wilasa, kawilujengan tuwin karahayon tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sedaya, saha kepareng hangluberana dhumateng kawula. 3. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sare, dene kawula cumanthaka marak mangarsa ngadeg hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan inggih awratipun amastuti jejibahan luhur, kula piniji minangka raga sulih salira talanging basa, kinen anampi atur pangandikan saking calon besan sutresna. 4. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, ingkang hanggung hamastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi tuwin kinabekten. Para tamu saking calon besan sutresna ingkang dhahat kinormatan. Para rawuh kakung sumawona putri ingkang winantu ing suka basuki. 5. calon besan sutresna hangaturaken salam taklim dhumateng Bp Waluya Hadi Wardaya, kawula tampi kanthi suka gembiraning manah saha dhawah sami-sami. Kosok wangsulipun sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsanipun calon besan sutresna sakulawangsa kagem ingkang langkung sepuh tuwin salam taklim dhumateng ingkang saksami-sami saha langkung mudha. 6. Ing salajengipun saking badhe besan sutresna masrahaken calon penganten kakung, kula tampi kanthi bingahing manah, saha nyuwun kanikahaken kawula sagahi kanthi legawa. Bp waluya Hadi wardaya sarimbit sampun nggumathokaken wekdal, menawi mboten wonten alangan setunggal menapa kaangkah mbenjang enjang dinten Minggu Kliwon, surya kaping sanga wulan Oktober 2011 tabuh sanga wonten ing GKJ Rewulu Pepanthan Sumbergamol. Mila saking punika kawula nyuwun mugi calon kadang besan sakalawangsa kersa nderek hanyekseni tuwin paring donga pangestunipun, ugi dhumateng para rawuh kakung saha putri kersa paring donga pangestu, sahengga lampahing berkahan nikah sederek Anton Hariawan kaliyan Retno Dwi Prastiwi tanpa alangan setunggal punapa saking purwa madya dumugi wusananipun. 7.Rawuhipun kadang besan sutresna sakalawangsa masrahken calon penganten kakung sinartan paring sarana dalah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi. Wonten amplop minangka pambiyantu anggenipun mahargya calon pinanganten sekalian saking wiwit ngantos pungkas, mugi saestu hamberkahi. Wonten kalpika, pisang sanggan angsal-angsal, wosipun sedaya ingkang sampun kaparengaken kawula tampi kanthi suka bingahing manah. 8. saparipurnaning pahargyan pasrah saking calon kadang besan sakulawangsa ngersakaken nyuwun pamet bidhal saking papan palenggahan nyuwun pamit, kawula inggih Bp Waluya Hadi Wardaya sekalian sakulawangsa tuwin kawula pilenggah ing mriki ngaturaken sugeng tindak, sugeng kundur, mugi lampah saking papan punika dumugi dalem Sembuh Kidul tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos, saengga mangih wilujeng samudayanipun, mugi karahayon ingkang tansah pinanggih. 9. Pepuntoning atur kula ingkang minangka raga sulih salira talanging basa Bp Waluya Hadi Wardaya sarimbit nampi pasrah calon penganten kakung, mbok bilih wonten gonyakganyuking wicara, solah bawa ingkang singlar/benceng saking reh tata krami, mboten langkung matur kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangaksama, kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. 10. Ing salajengipun wekdal kawula sumanggakaken maleh dumateng pranatacara. Nuwun.

You might also like