You are on page 1of 4

STASI SANTO PETRUS LAN PAULUS SAMPANGAN PAROKI KATEDRAL SEMARANG

Alamat : Jl.Menoreh Utara Raya No.:5-7 Telp.: 8316434 Semarang

RITUS PAMBUKA

Kidung Pambuka (KA: 158) Umat jumeneng Tandha Pamenthangan Cecala Umat lenggah Pamartobat Gusti Nyuwun Kawelasan (KA: 179)
Minulya Allah Ingaluhur Sembahyang Pambuka Umat Jumeneng

BOJANA EKARISTI NGAHAD LUMRAH XXII 27 AGUSTUS 2011 PRAYOGI DIPUN ASTA KONDUR

I Ayo padha munjuk : Allahing alam sawegung, samukawis ingkang tuhu sae, punika Gusti ingkang kagungan. Kawula nyuwun mugi manah kawula kadhedherana raos tresna dhateng Asma Dalem; dene raos pangibadah kawula mugi kasucekna, supados ingkang sae sageda dipun pepetri lan dipun lestantunaken krana gunging katresnan Dalem. Lantaran Sri Yesus Kristus, . U Amin IBADAH SABDA Waosan kapisan (I) Umat lenggah L. Pethikan saking Kitab Nabi Yeremiyas (20,7-9)
Krana sabdaning Pangeran aku dicecenggring

Gusti kawula sampun kalimput, kawula sampun kapusan.Gusti langkung kuwaqsa tinimbang kawula. Gusti ingkang unggul. Sadinten muput kula dipun gegujeng, saben tiyang nyepelekaken kawula. Awit samangsa kawula kumecap, kedah nguwuh sora :Sarwa ambek siya lan gawe bubrah ! Krana sabdaning Pangeran aku disemoni lan dicecenggring sadina dina.Yen aku nggagas : Aku emoh ngeling eling Pangeran maneh, aku emoh ngomong atas Asmane, jeroning atiku kaya ana geni murub, sing katlikung jeroning sungsum. Aku lemes, entek kekuwatanku, wis ora tahan maneh. Makaten sabda Dalem Pangeran. U Sembah nuwun konjuk ing Gusti. Kidung panglimbang Mzm. 63. Refren 1 7 1 3 4 5 . 5 5 1 7 . 5 4 3 . . Sukma kawula tumenga ing Gus ti Ayat-ayat: 1. Gusti punika Allah kawula, kawula ngupadosi Gusti. Sukma kawula ngorong dhateng Gusti,kados siti cengkar garing tanpa toya. 2. Kawula ngawasaken Gusti ing padaleman suci, nyawang panguwasa lan kamulyan Dalem,Katresnan Dalem langkung aos katimbang gesang, lesan kawula badhe ngluhuraken Gusti

Waosan kapindho (II) (Rom 12, 1-2) L. Pethikan saking seratipun rasul Santo Paulus dhateng umat ing Roma. Unjukna ragamu minangka kurban kang urip Para sadulur,dhemi sih kawelasan Dalem Allah, kowe dakjaluk: unjukna ragamu minangka kurban kang urip,suci kang gawe renaming Allah, yaiki pangibadah rohani sing pantes kocaOSAKE. Tindak tandukmu aja kolarasake karo donya iki; dadia manungsa anyar, sing tinuntun ing wawasan anyar, temah bias mbedakake endi sing dadi karsaning Allah,sing becik, sing gawe pirena lan sing sampurna. Makaten sabda Dalem Gusti U Sembah nuwun konjuk ing Gusti. Kidung cecala. Refren 3 4 5 3 . 3 4 5 7 . 7 5 7 1 3 . 3 4 5 3 A le luya Ale luya A le lu ya A leluya Ayat : Muga Rama Dalem Sri Yesus Kristus maringana sunaring pepadhang ing ati kita, amrih kita bisaa mangerti marang pangarep-arep, kang sumimpen ing timbalan kita Waosan Injil (Mat,16: 21-27). I Gusti manunggala U Kaliyan kula sadaya

I Pethikan Injil suci anggitanipun Santo Mateus. U Linuhurna Gusti Sing kepengin ndherek Aku kudu selak dhiri Nalika samana Gusti Yesus wiwit nerangake marang para murid, yen kudu tindak menyang Yerusalem lan nandhang sangsara akeh, marga para pinituwa, Imam kepala lan Ahli kitab lan bakal disedani, nanging telung dinane diwungu maneh. Nanging Petrus ngajak Gusti mayambak lan matur;Gusti, boten badhe punika kalampahan. Boten badhe Gusti ngalami ingkang ngaten punika. Gusti nuli tumoleh lan ngandikani Petrus:Minggata setan ! Kowe dadi sandhunang tumrap ing Aku. Pikiranmu iku dudu panggalihaning Allah, balik pikiraning manungsa. Gusti banjur ngandika marang para murid:Saben wong sing kepengin ndherek Aku, kudu selak dhiri, manggul salibe lan tutburi Aku, awit sing sapa ngeman uripe, bakal kelangan, nanging sing kelangan uripe krana Aku, bakal nampa. Apa gunane nguwasani salumahing bumi, nanging kelangan uripe ? Lha banjur apa sing kanggo ngijoli uripe ? Sebab Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Rama Dalem didherekake para Malaekat; ing wektu iku saben wong bakal diparingi pituwas miturut lelabuhane. I Rahayu wong kang uripe salaras karo sabda Dalem lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem. U Rinesepna Sabda Dalem ing manah kawula.

HOMILI Kawula pitados Sembahyangan umut : I Gusti kawula Sri Yesus Kristus nimbali kita sadaya supados ndherek Gusti kanthi manggul salibe, Gusti ngajak kula lan panjenengan sadaya amrih masrahaken bot repoting gesang kita dhumateng asta Dalem Gusti. L Kagem Pasamuwan suci. Dhuh Gusti, mugi pasamuwan suci sangsaya ngatingalaken Sang Kristus ing salebeting gesang ing masarakat, sarana migatosaken kanthi asih tresna dhumateng ingkang sami kasrakat. Mangga sami munjuk. U Gusti, dadosa kekiyatan kawula. L Kagem tiyang Kristen ingkang ngaken dados murid Dalem Sang Kristus Dhuh Rama, mugi sadaya tiyang Kristen tansah gesang miturut tuntunaning injil suci sarta tanpa raos ajrih dados paseksen Dalem Sang Kristus ingkang sinalib Mangga sami munjuk. U Gusti, dadosa kekiyatan kawula. L Kangge ingkang nandhang sangsara jiwa raganipun, saha kagem sadaya ingkang ngupadi amrih jejeging adil miwah tentreming sagung para bangsa. Dhuh Gusti, mugi sadaya wau sami pitados bilih samudayanipun nyawiji kaliyan sengsara saha seda Dalem Sang Kristus Mangga sami munjuk.

U Gusti, dadosa kekiyatan kawula L Kangge para sadherek ingkang ngadhepi pepalang anggenipun nampi timbalan Dalem Gusti. Dhuh Gusti, mugi para sadherek ingkang ngadhepi pepalang saged manggihaken rencang ingkang kuwagang nuntun wangsul ingarsa Dalem Gusti. Mangga sami munjuk. U Gusti,dadosa kekiyatan kawula L Kangge kita sadaya ingkang bpjana Ekaristi punika. Dhuh Gusti, mugi kita sadaya mbudidaya amrih tansah saged ndherek karsa Dalem Gusti. Mangga sami munjuk. U Gusti, dadosa kekiyatan kawula. I Gusti kawula Sri Yesus Kristus, Sampeyan Dalem nimbali kula sadaya amrih tansah ndherek Gusti, sarta ngaturaken pisungsung sareng kaliyan kurban Dalem Gusti. Kaparengna ugi sareng Gusti mbudidaya sagedipun ngatingalaken sugeng lan kawilujengan Dalem Gusti dhumateng sasami kawula, sapunika sarta ing salami-laminipunU Amin. Bojana Ekaristi Pisungsung Umat jengkeng Kidung pisungsung (KA 213) Sembahyangan pisungsung I Gusti, mugi caosan punika tansah ngangsalna berkah kawilujengan kawula. Mugi sih nugraha Dalem ingkang

kawula tampi wonten ing pangibadah punika, estu ageng daya pangaruhipun wonten ing gesang kawula. Lantaran Sang Kristus, U Amin. Prefasi Suci-suci (KA 224) Puji panuwun agung . Anamnesa .. Rama Kawula (KA 141) Ayem tentrem (KA 656) Cempening Allah (KA 234) Komuni Kidung komuni (KA 442) Sembahyangan bakda Komuni I Ayo padha munjuk Sasampunipun nampi rejeki ing meja dhahar kaswargan, kawula nyuwun, kateguhna katresnaning manah kawula, amrih sageda nggigah sanak sadherek kawula supados sami ngabdi Gusti. Lantaran Sang Kristus, U Amin RITUS PANUTUP Wara-wara Berkah Ayahan Kidung panutup (KA 265)

You might also like