Professional Documents
Culture Documents
BAB I PAMBUKA
a. Latar Belakang Masalah
Upacara Tingkepan niku mujudaken kebudayaan jawa ingkang kirang dipun apresiasiken dening kawula muda. Selain menika upacara niki uga cuma diperhatikaken kalih tiyang-tiyang sepah mawon kang ngertos budaya jawi Upacara Tingkepan niku ing saben daerah radi benten-benten, sebab tradisi menika diadaptasikaken marang daerah masing-masing
c. Tujuan Panaliten
Panaliten dupun laksanaken kagem anggenepi tugas basa jawi kelompok kito
d. Metode Pembahasan
tatacara panyampaian nipun saking hasil wawancara kaliyan tambahan referensi ing internet
BAB II ISI
a. Data sumber informasi
Narasumber inggih punika Mbah Saminah, manggen ing desa kalibaru wetan, kecamatan kalibaru, kabupaten Banyuwangi
c. Upacara Tingkepan
Upacara Tingkeban menika salah sawijinipun tradisi masyarakat Jawi, upacara puniki dipun kasebut mitoni, upacara puniki dipunlaksanaken nalika yuswa bayi sampun 7 ulan ing bobotanipun ibu lan wajib nalika kagem anak nomor setunggal. Ing upacara niki sang ibu sing mbobot di siram banyu kembang setaman kaliyan doa supaya sang jabang bayi diparingi rahmat kaliyan berkah.
Siraman dipun laksanaken oleh 7 sesepuh tuladhanipunipun rama lan ibu kaliyan rakyatipun ibu saing mbobot. Wontong apike siraman dipun laksanaken oleh sespuh ingkang kagem putu
Sak sampunipun siraman, dipunlanjutaken upacara nglebetaken endog pitik lan cengkir gading oleh ayahipun jabang bayi ke sarung/jaritipun ibu sampe pecah. Dilanjutipun kelapa gading kan dipuntampani kaliyan mbahipun jabang bayi.
Upacara Ganti Klambi Calon Ibu ngagem jarit pethak sebagai dasar, pelambang bayinipun suci dateng Tuhan Ingkang Maha Esa. Calon Ibu ngganti klambi 6 kali dibarengi pertanyaan sampun pantes dereng?, dlan dipun jawab dereng nanging kang terakhir dipunjawab pantas.
Sak sampunipun ngagem kebaya 7 kali, dipunlaksanaken pemutusan benang lawe utawi janur maksutipun supaya jabang bayi lair kaliyan gampang lan selamet. Lajeng diterusaken upacara anggrem, yakui, sang ibu anggrem ing duwuripun jaritjarit wau damel pelambang supaya bayinipun dijaga sakpenuhipun ati.
Upacara Mecah Kelapa Kelapa gading kang jumlahipun 2 lan digambari Wayang Kamajaya lan Kamaratih wau, dipun walik dados gambaripun mboten kalihat. Lajeng sang bapa milih lan mecah kelapanipun, konon, nalika mecah Kamajaya dadosipun putra, nalika mecah Kamaratih dadosipun putri. Dodol Rujak Upacara kang terakhir puniki, sang ibu dodol rujak dipun rewangi kaliyan rakyatipun. Para ibu-ibu kang hadir tumbas rujak ngagem kereweng. Upacara niki panyimbol supaya rejekinipun snag jabang bayi lancar.
b. Saran
Matur nuwun dumateng nara sumber lan referensi uga gambar ing internet saka website: http://chandrarini.com/ . Wonten kirang jangkepipun laporan punika nyuwun panyaruwe saking sinten kemawon ingkang maos, supados saged langkung sampurna saha migunani datheng ilmu ke-jawi-an.