You are on page 1of 3

Assalamualaikum wr.

wb Alhamdulilahirabbilalamin asholatuwassalamuala asrofil ambiyai warmursalin, sayidina wamaulana muhammadin waala alihi wasohbihi ajmain ama badu. Simbah kakung simbah putri ingkang tansah kula bekteni, Pakde Bude ingkang kula hormati, mbak mas lan adek-adek ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin mangga kita tansah ngunjukaken raos puji syukur dumateng ngarsanipun gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi makinten-kinten karohmatan dumateng kita sedoyo, saenggo wonten ing sonten menika kita sedaya saged makempal manunggal wonten ing papan punika sakperlu ngawontenaken acoro rutin trah simbah Mardi Wiharjo saha syawalan. Wonten ing sonten menika kula bade maosaken rantaman hadicoro wonten ing sonten menika: Sepisan pembukaan, Angka kaleh gema wahyu illahi, Angka tiga atur sapdo utawi wejangan saking simbah mardi wiharjo. Sekawan waosan surat yasin saha pangaosan. Gangsal arisan saha laporan keuangan. Enem lain-lain Pitu panutup. Gegandengan wekdal sampun ndungkap sonten pramila adicoro wonten ing sonten punika monggo-monggo enggal kita awiti sesarengan kanthi waosan basmalah..

Bismillahirrahmanirrahim. Matur nuwun mugi-mugi kanthi waosan basmalah sak wau sageto nambah lancaring adicoro wonten ing sonten punika. Acara ingkang kaping 2 inggih punika waosan ayat-ayat suci al-quran. Pramila dumateng....

Wekdal kula sumanggaaken.

Matur nuwun kula aturaken dumateng .............. mugi-mugi dados amal kesaenanipun. Amin yarabbalalamin.

Acara ingkang kaping tiga inggih punika atur sapdo utawi wejangan saking simbah mardi wiharjo. Pramila dumateng.... Wekdal kula sumanggaaken.

Acara ingkang kaping sekawan inggih punika waosan surat yasin saha pangaosan. Pramila dumateng.... Wekdal kula sumanggaaken. Acara ingkang kaping gangsal inggih punika arisan saha laporan keuangan. Pramila dumateng.... Wekdal kula sumanggaaken. Acara ingkang kaping enem inggih punika lain-lain. Pramila dumateng.... Wekdal kula sumanggaaken. Acara ingkang kaping pitu inggih punika panutup. Mangga acara kita tutup sesarengan kanthi waosan hamdalah. Alhamdulilah. Sakdereng kula tutup mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani saking penggalih para pinisepuh saestu nyuwun agunging samudra pangaksami. Cekap semanten atur kula. Wabillahi taufik walhidayah.

Wassalamualaikum wr.wb.

You might also like