You are on page 1of 24

Language, Literature and Culture of Java Indonesia

Jumat, 20 Agustus 2010


Antologi Geguritan
CITA CITAKU Esok awan wengi aku sinau Kanggo nentoake cita-citaku Ora ana wektu kanggo nyenengake atiku Nanging semangatku nyagak sinau Aku sinau sedina-dina Tansah ngestokake dhawuhe wong tuwa Takdua sak kabehing gada Aku kudu entuk juwara Oooh gusti Paringana rido awak mami Supaya aku sesok bakti negri Marakabi mring sesame Oooh.. abot kaya ngene angele Nanging aku kudu bisa nelakake Kanggo ngimbangi rekasane wong tuwa Bapak, Ibu ben lega atine Putrane bisa Kabul gegayuhane Yuli Falianti Fallah

Sedyaku Wis, Jeng Aku sumeleh Nyelehake pangarep-arepku Marang katresnan lan kawigatenmu sing semu Yen nyatane among semene Cuthele lelakonmu Novi Anggraeni

Ndandani kretek

Dinaminggu aku sakanca pada saiyeg saeka piraya Nggawa pacul, ekrak lan sapu sada Anyengkuyung para warga Tuwa enom jaler lan estri Kabeh warga padha kerja bakti Kretek rusak den dandani Gotongroyong saekta kapti Nur Rahmawati

Parangtritis Sumilir ing bayu prasasat nggawa tentrem ing atine Gemricike ombak krasa nggawa senenge alam pikirku Parangtritis. Ya mung parangtritis papan wisata kang endah Ing pinggir laut kidul kang tansah nentremake atiku Ya mung parangtritis papan wisata kang ora bisa tak lalekake Riska Ningrum Y

Kanthi lampah kang linambaran tekad lan ati sumringah mlaku ngener sekolah Aku mangkat sekolah Langkah anteb kan ndasari ati mantep Tundhane wajib sregep Atine dhemen banget Arep ketemu kanca-kanca Kang wus manjing dadi mitra Neng dalan tansah sopan Bisa mlaku nggayuh kamulyan Adoh soka laku ngiwa Sekolah wakiling simbah Kang ora bisa ndongeng Pitutur kang bisa gawe nora sempelah Sukur bage aku keconggah Gawe mareme bapak ibu Slametan kakehenpolah Ika Mulyana Fatmawati

Tangis Yayi Enggal usapan luhmu Sing tansah tumetes Nalika jantraning lakumu Kudu nglewati dalan tukpil Sebab Geguritan alam wis tansah ngelingakekuwajiban uripmu Sing kudu tansah kaayah Aja kesuwen sedhih Mundhak ora prayoga Ngertia sedhih iku sejatine uga rahmat Septian Febriana

Keriya Slamet Alasku (Selamat Jalan) Aku wis kesel, sayah Ora duwe daya Saka pokake wong kang njarah sliramu Awit dheweke Nganggep sliramu Kaya tinggalane wong tuwane Lali marang warisan kanggo putra wayahe Karia slamet Alasku Kang dak tresnani Aku wis ora kuwawa ngayomi sliramu Niwayan Ramanandiah

Mamring Sepi mamring Sepi sumpeg Peteng kesel Ah embuh

Ora weruh, ora ngerti Bisu Nangis sajrone ngguyu Ngguyu sajrone nangis Mlaku sjroning mudeg Mudeg sajroning mlaku Dwi Lestari Ibu

Ibu Ajari aku dados kaya panjenengan Ingkang sabar ngajar putra-putrimu Ingkang tulus ngajari putra-putrimu Ibu Kula mangerteni bumi lan isine Boten cekap kangge bales Rasa tresna panjenengan dhateng kula Satunggal ewu maaf Boten saged ngapus Salah kula dhateng panjenengan Nanging kula percaya tanpa kabeh niku Rasa tresna lan maaf panjenengan niku Selalu kagem kula Ibu Elahari Yanti Nasution

Isih durung rampung Sajake isih during rampung pacobaan iki Kaya antri Dlidir nekani baka siji Notok saben lawang Nagih sesaji Sajake pacobaan iki isih during rampung Nanging banjur apa sing kudu enggalditarung Yen kabeg panjurung

Wis rapet kapinjrung Layung-layung kang cecandikan Candikala kang rerantakan Becik kapungkasan bareng-bareng Kanggo nyuwak langit kang mbrambang kapuranta Mateg aji niyat atur pada pangruwat Yen gurit puja pangalembana kang pungkasan Isih during bisa rampung Tanceb kayon ing dhadhane Rama Anggraeni

Pari Pariku wes kuning Wis wancine Wis padha dungkluk Nunggu tangan-tangan para tani Ngenteni anggone padha ngeneni Pari Gedhe mupangatmu Kanggo awaku Kulawargaku Mitraku Lan, kanggo para menungsa Bisa ngilangi rasa ngelih Gawe adheme weteng Lan, bisa menehi kekuwatan Pari Aja musnah Aja ngilang Aja rusak Mung amerga ama Duh Gusti Panjenengan jayi Supados kita boten sami kekirangan pari Aisyah Rusfianti

Wutahing ludira

Mblabare ludira Tumetes ing bantala Dhadha lan jangga kena lesaning sanjata Bangke gumlethak nggawa ganda Swara manuk gagak Apadene genderasetengah cagak Tandha pakurmatan kang pangaji Mring pejuang kang sowan ing tempat suci Muncrating ludira dadi saksi lan tandha Apriliane Malinda Sari YEN SLIRAMU NGLILIR Yen bengi iki sliramu nglilir Ana cerita sing kecicir Ing pinggir dipan pangimpen Napas-napas tlatah cengkar Ngumandang sandhing bantal Adohe dalan rumpil Glibedan ing kumrelipe senthir Uga paseksen kang nyamut-nyamut Nanging kertas-kertas yahdung lingset Jalaran mangsi kebacut macet Kinepung benang bundhet Aku ngerti Sliramu isih setya ngenteni Tekane mbulan ndadari Senajan wayahe wis lingsir wengi Nanik Nur S Anak Wedok Anak Lanang Lelorone dakgegadhang Bisa lan wani ngupadi Mrih ungguling jati dhiri Anak anakku Apa kowe nedya maju Bapak ibu kula tuhu Maju ing bab apa Ajining gesang punika

SUKMA LELANA GUGAT Angin kang mabur Kekiteran ing dhuwur samodra Sasat tanpa leren ngobahake banyu Iwak gedhe, iwak padha gumeregah Jumedul sakdhuwure ombak Ilang swara mubu ing aksara Prau-prau lelangen Ngoyak playune angen-angen Kanthi jala lan jarring Saka sutra Obar thathil lan lintang Sambung sinambung ing Wewangunan jagad Tepake isih katon Cetha ing tangan Dwi Astuti AKU KEPINGIN MULIH Nengendi wae aku melangkah Ayang-ayangmu mesti mbayangi aku Aku kepengen ndelik Nanging mesti kok temokake Aku ngerasa kesel banget Aku tekok ra ana sing njawab Yen aku eleng peristiwa iku Mung nyisakake luka ing jiwa Aku kepengen goleki jawaban Nanging ra ana sing ngerti

Perasakanku ngandakake Aku kepengen mulih Aku kudu mulih SUJUD Langit mendung, peteng dedet lelimengan Tan sumunar suryaning rembulan Gagak gagak macah ing langit Tan gumebyar seminar ing lintang Ambyar sekeping pecahing mego, tetep wae peteng Duh Gusti sinten ingkang salah..! Punopo ingkang salah..! Sumerbak gandaning arum melati Kang dadi panutaning ati Pinuju mulyaning gesang Pengarep restuning bumi Sujud sunembah ing ngarsaning Gusti Duh Gusti sinten ingkang salah! Punopo ingkang salah.! Kawulo sujud

Uswatun Khasanah KANGEN Saben sesawangan Kang dak temoni Memba wewayanganmu Ngreridhu batin Mula, kudu dak akoni Ora dak selaki Pranyata, angel anggone ngilangi

Dwi Retno BIYUNGKU Ing tengah-tengah ing jagad raya Ing antarane para wanodya

Ana sawiji kang dak tresnani Nganti ana sajroning Hyang Widhi Mula tan angon mangsa lan wektu Nora kendhat donga panuwunku Supaya biyungku binarkahan Secta dinirgakna ingkang yuswa

Ananda Putri Vilani PAMIT Aku sida mangkat saiki ibu Ninggal pangkonanmu Kanggo ngranggeh gegayuhanku Sanajan bungah lan susah Daklakoni nganthi lega banget Aku ora nangis ibu Dah jaluk puji pangestumu ibu Nur Zuliyati Ulfah

ULANG TAHUN Detik terus mlaku Tan peduli sira sregep Amal utawa ndeleya Jam terus mlaku Tan peduli sira Waspada utawa lena Dina terus mlaku Tan peduli sira sregep Ngabekti utawa duraka Umurku tansah Tambah ananing Kadewasanmu ora Mesti tambah Amarga kadewasan Iku butuh pangorbanan Amarga kadewasan Iku kehormatan Slamet ulang tahun

Muga-muga tinambahe umurmu Dibarengi tinambahe Peci ke atimu Lan mantepe kadewasaanmu

Nurrochmah Oktavia Ningrum UMPAMA Umpama Ing ndonya ora ana tembung dosa Ora ana tembung nistha Ora ana tembung cidra Ora ana sing salah ing katresnan iki Aku ora njaluk, aku ya ora nembung Akeh sing memerak ati nggodha lan mbebejuk dhiri Nyatane mung kowe Sing tansah ana ing pangangen Ngreridhu sepiku Bareng lintang lan rembulan sing budhal panglong Srengenge wiwit nyambut gawe Panas ngeget sumelet Nggugah nalar lan piker Yen ora ana dosa, ora bakal ana neraka Yen ora ana neraka, ora bakal ana suwarga Yen ora ana suwarga, ora bakal ana rasa tresna Yen ora ana tresna. Ora ana kowe !!! Ora. Katresnan iki ora bisa diijoli Digadheke Apa maneh dituku sarana ubaling napsu Katresnan iki katresnanmu, katresnan saka suwarga Kang kudu tak reksa lan tak jaga Aja nganti nyimpang nyemplung neraka Dhuh, upamane Aku karo kowe.. Wuah

Rina Dwi A GURU KULA

Guru kula. Kula nganturaken panuwuli Panjenengan gudlianging ilmu Mbabar ayat-ayat suci Wiwit jus tigang doso Guru kula. Kula ngatulaken panuwuli Panjehengan dados pepajar kula Panjenengan dhumuk hanacaraka Wanaya apa wajaya Padha ana kono Nganti tekan magabathanga Guru kula. Kula ngaturaken panuwun Kula saniki dados padhang Sampun saged dados tiyang Boten naming buruh ketang Ing rasa ora dadi nglambrang Guru kula.. Punika ingkang kedah kula aturaken Boten wonten sanesipun Kajawi mugi-mugi Gusti angijabani Dhateng pak lan bu guru ingkang tebih kula niki Eko Wulandari KEMBANG MLATHI Daksebar kembang mlathi Ing Taman Pahlawan Kusuma Bangsa kan sejati Luhku tumetestesnelesi bumi Aku rumangsa dosa Durung biso melu labuh Negara Among sekar mlathi iki Tandha setya lan janji Bakal melu napa suci Labuh nagari alelan deshan ati suci Dadi pepenget Agustus iku dina mulya lan suci Sintha Ayu Pradita LINTANG LINTANG

Lintang-lintang obyor ing tawang Cumlorot sliweran nalika alihan Kumleyang mencok ing socamu asihku Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu Lintang-lintang alihan Cumlorot telu ana pundhakku Kawitan lintang abang lintang perang Kapindho lintang mirunggan lintang kemaungsan Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan Indriyani Ningrum Hidayah Duniane katon endah pas kowe teka Hawane ayem wektu kowe ana Udan tangis dadi guyu nalika kowe teka Jeneng ra ana artine Status kanggokura penting Seng paling penting kowe ana Ora isoh tak bayangke Menawa kowe lungo Mungkin aku Rabakal isoh ngguyu meneh Umpama kowe lungo saka uripku Nur Hanifah KASMARAN Petheng ndedet lelimengan Nalika mendung angemuli rembulan Kadya petenging atiku Kang lagi kelangan Srengenge kang sumunan ing pojokan atiku Srengenge iku sliramu Katansah madangi atiku Nangeng embuh ana ing ngendi sliramu saiki Aku mesti bakal nggoleki Sanajan among ana ngimpi Septiriya Anjani LUHING KATRESNAN Mripatmu kembeng-kembeng

Ngampet perih ing netraku Mendung petheng ndedhet Gumandul ing langit ireng sap pitu Luhing katresnan Ngipatake jiwa kang ringkih Nganthi bundhas tatu biru Luhing katresnan Nyiyutake panjang kaku Njambak praupanku sing abnag mbranang Ngiles tandes katresnanku Luhing katresnan Nyebul mlendung rasa gethingku Nganti mledhus nuwuhake ganda amis Tumpleg bleg ngebaki kalbu Eni Setyawati SUWALA Yen dak kandha Sliramu kejem Mesti wae ora gelem Nanging yen saben dina raja iki nyanding Kaya njaba pinggeting ati Sliramu pangan wenang Kapara menang Nanging opo ora kelingan Rikala semana Bandawasa arep ngayunake kenya jonggrang Jonggrang, apa kang sedya Mesti wae wes tak sembadani Minangka tandha tresno marang sliramu Nanging saiki Sliramu bisa kandha Aku ora ana rasa tresno marang dheweke Sodiq R. H NYAMBUT DAMEL SESARENGAN Kita sesarengan Beraktivitas sesarengan Nyambut damel sesarengan Mboten krasa sampun rampungan sedaya Mbeta kita sesarengan Narik kita sesarengan

Ngresike kita sesarengan Sedaya kaleh nyambut damel sesarengan Nur Janah Khoiby Sabrina SUJUDKU Yen pancen kita ngaku wong sing iman Kudhu bisa mbuktekake ana tumindak Akeh kang mung mandheg ana pangucap Padha ninggal bebener, tumindak ngiwa Ing sasi kang kebak barokah Ayo padha ningkatake ibadah Ramadhan kang kebak rohmah Ramadhan kang tansah endah Ramadhan kang kebak ampunan Sujudku pasrahku marang Kang Maha Kuwasa Wutuh kanthi ati lan rasa Nyuwun ampunan dosa kang tanpa kinira Puty Rimagi SRENGENGE KEMBAR Panembahan Senapati nangis ngguguk Nyipati kukuhe Mataram saiki wis ambruk Jangkahe pujangga ngronce unine sasigar paying Temahan ngubal-ubal tangis layung-layung Hangebehi lan Tedjowulan Adreng nglungguhi Kebondanu Lan Ratu Kidul mung kari crita Ing saambane segara Tanpa makna Isnaini Nur Rahmawati LAYANG KAGEM IBU Ibu saka lemah pangu lan datan kene Anakmu kirim laying Nyuwun donga pangestu Bakal methik kembang Sesumping setya Bakal lungguh dhampar kencono Linambaran babut sutra Ibu, kanthi dlancang setokiyi

Anakmu ngantu rawuhmu Ngastu sasuek pangapuro Pinongko nambal kaluputan Anakmu sing wus kasupen Segotiwul, sambel korek ndeso Dandange Ibu sawengi ceput Datan sare, kanggo aku Biyen kae Imron Nuryoken Kuncoro IBU Ibu Matursuwun Ibu Panjenengan sampun ngorbanake Nyawanipun panjenengan dingge Nglairke kulo teng donyo niki Kulo Anak sing Ibu lairke Naming saget bales Perjuanganipun lan pangorbanan Ibu Kalih dongo lan kabektian kulo Kalih panjenengan Ibu Ibu Kulo nyuwun pangapunten Amargi kulo sampun lelakon Kesalahan kaleh Ibu Kulo sadar, umpami mboten wonten Ibu Kulo mboten saget lahir Teng donyo niki Matursuwun sanget Ibu MANGSA RENDENG Grejeh Saben dina daganganku bubruk Kaya-kaya atiku wus ambruk Ora kuwawa muluk Senadyan gur sapincuk Nanging aku sadar Ngadhepi ganjarane pangeran Aku eling ing mangsa terang Daganganku laris Nganti entek nggusis Ya iki adiling pangeran

Ngabulake dongane para tani Kang butuhake banyu kang mili Kanggo uriping pari Endri Ani NGGAYUH KAMULYAN JATI Tak tulis gurit iki Nalika ati lagi goreh Mikirake urip seng aneh Takpecaki uripku khanti titi Nanging sandhungan tetep ana Natori dlamakansikilku Gawe rendhete laku Dalan aspal dalan nggronjal Mengak-mengok Munggah-mudhun Takliwati Aku ora ngerti kapan pepuntoning laku? Senajan garis nasibing manungsa bisa Kaukur petungan akal budi Lamun wis tuwa wasanane mati Nanging misteri urip tan bisa ginerta Dening sapa wae Kalebu uwong sing ngaku waskita Srengenge isish sumunar manasi bantala Isih adoh karo surup Lakuku kepanasan, kicat-kicat Mikul tanggungjawab Antika Ani Saputri KAWRUH Saliring kodrat kang tinon mripat, Apa dene kang tan kasat mata, Kabeh tumindhak miturut sipat, Garis angger-anggering jagad raya, Wit lumrahing janna neng jagad, Tan sepi anane para sarjana, Rina lan wengi tan kendhat-kendhat, Marsudi angering tri bawara, Sarana pakarti lan samadi, Sanityasa ngetog mangulir budi, Wohing pamardi tinatata, Linda Oktaviani

PANGAPURAMU Bukaken lawang pangapuramu Senajan rinasa abot Kaya-kaya ora bakal tinarbuka kanggo salawase Nanging, apa sliramu tega lan mental??? Aku ngerti Sliramu sejatine ora mental Mula, gede pangarep-arepku Ing sawijining wektu Bakal ono pangapura Kanggo aku kang nate ngrasakake katresnamu Ernyani Puji Lestari WATON NGGLINDHING Urip pancen angel tenan, Urip udhu mung dholanan, Kudhu ngalahke kahanan Kala-kala njelma rodha Nanging tumrap kang siji iki Aku luwih seneng Kari gumlindhing Rodha kang terus muther Snadyan kudhu nibo-tangi Sndyan kudhu wira-wiri Nanging tetep tak lakoni Wathon ngglindhing Dewi Yunita Sari SUWARA ENDAH TENGAH WENGI Lamat lamat Digameli sewu rijal Diamini jangkrik upa Dipandhangi sewu lintang tanpa mega Keprungu suwara endah saka pojok omah Kumricike banyu padasan Sumelaking sajadah kang banjur ginelar Sesenggukane anak lanang Gusti, mugi paduka tansah ngreksa tiyang sepuh kula Anak lanag kula piguna Mring sakehing papadha

Renanda Elsa Ariska ANGIN SUMILIR Angin sumilir Angin sumilir ing kampungku Ana antarane godhong-godhong tebu Gemercik banyu, aduh segere Dene srengenge abang mbarang Saka kulon katon nyenengke Angin sumilir Angin sumilir ing kampungku Nggawa layangan mumbul dhuwur Kaya dene nggawa angen-angenku Melu mumbul ing awan Angin sumilir Angin sumilir ing kampungku Ngajak bocah-bocah pada geguyonan Dolan ing sawah nyumilir angin Tanduran podhonari ing tengah sawah Rini Yuliana PETANI Sager esuk kudu wis tangi Rebutan banyu saber wengi Nggawa pacul kanggo maculi Arite dingo ngeriti dami Ora peduli panase matahari Sawahe kudu diopeni Ora peduli ademe wengi Ngileni banyu saka kali Ora peduli kudu ngenteni Sing penting isoh dadi pari Hana Astin KADHANG TANI Soroting surya cumbrot mandhangi donya Pratanda murwani dina Kadhang tani sigra makarya Makanya sengkut sadina laya Panase surya tanpa rinasa Keselsayah ing raga Nyata ora karasa

Mbujung butuh kang nyata Kabeh mau kagem kulawarga Nanging putra Yagene sliramu mangkene Nglirwakake tanggung jawabe Sinau sageleme dewe Seneng seneng cupet nalare Lireora mikir tembe burine Aku kudu piyeaku kudu piye Amrih bisa nyambut gawe Ngecakake ngilmu kang dinuwe Delengendelengen wong kang apes uripe Mlarat prigel, pinter ora duwe Keduwung ora ngrampungi gawe Nadyan awak nggreges, nganti lemes Mripat pedhes tetep apes Ana Faizatul Muslimah AGUSTUS 2005 Kamardikan kaya-kaya during andum kalodhangan Sing maune padha ngrasakake penjajahan Sing uripe padha nate ngrasakake kasangsaran Koksimpen ing endi kabeh cathetan Sing nyritakake pait getiring lelabuhan Budhal saka awal gegayuhan Sing diarani kamardikan Saiki sing wis padha ngrasakake enake jaman Mana noleha gitohe githoke dhewe-dhewe Sapa kanda ora bisa Ora dhemen nonton pengilon sarto eloking lelakon Aku lan sliramu Bisa uga wis ora nate ketemu Apa maneh karo deweke Dalan uripe seje-seje Taun iki suwidak taun sawise 1945 Coba dieting upama umur-umurane manungsa Rak wis thuyak-thuyuk wis ora kena diarani mudha Jarene isih sok sinau mlaku Mangka sing wis nate labuh mbaka siji lunga Ana sing nggawa tatu-tatu ing atine Ana sing ninggalake tatu-tatu kanggo bangsane Dhuh agustus Coba critakno maneh gegayuhane bangsa iki Amrih generasi sing gumanti Ora kepaten obor Arep ngidul apa ngalor

Ngetan apa ngulon Lurik bathik iket blangkon Diah Ayu Putri .J.S LARE NGGUNUNG Senadyan kulo lare nggunung Teden kulo sekol jagung Tebeh ratu coket watu Nanging manah tetep kukuh Nuntut ilmu, mugi kasembadan ingkang ginayuh Raos kulo gembira ing manah Saget sekolah wonten SMK MUHAMMADIYAH Bapak Ibu Guru kulo nyuwun pangestu Mugi gusti paring idi menopo ingkang dados Idamaning atiamin RANSEL TUWA Dening : Umi Shangadah Ransel klowos kang cumenthel leso Wus tumek pait getire ngulandara Nut sumiyuting angin Milang jutha saha desa Ora sah diwilang nganggo mbulan purnama Ora sah di etung nganggo patine warsa Aja di anggep ngecer-ecer umur Ing sadwaning lelakon PETENG DEDET Dening : Riki Endrayani Awan mendhung peteng dedet Manuk padha mabur ing langit Kang seminar ing lintang Ambgar pecahing awan Gusti, sinten ingkang salah? Sumerbak aruming melati Sing dadi panutan ati Nuju mulyaning pejah Sujud ing ngarsaning doa-doa Gusti, sinten ingkang salah? Punapa kawula JUMANGKANG Dening : Neti Tri Yuliyanti

Jumangkang ngarah pangangkah Panjangkene bocah sekolahan Ati bungah bisa polah Kang Maha Wadhah Wadhah.. Wadhah pirantine ngasah Wajib lan tanggung jawab ora kalah Netebi wajib lumaku tertib Tumrap Pangeran kang kinutib Dhasar bocah lantip Teteg lakune ora mobat-mabit Ngarah pangangkah kang dhuwur mencit Mangsa dawa genep sedina Tinata karya kang nyata Tumindak enak merga kulina Panjangka klakon ora rekasa Ya,amarga netepi mangsa Mbudidaya lan pandonga Nadhah Pangeran kang Maha Mulya

TELPUN Dening : Puspita Ayu Aldila Alexander Graham Bell Saka Skotlandia Inggris Benua Eropa Gedhe jasane Nemokake telpun piranti komunikasi Telpun wis anjrah ing desa ngodesa Kanggo kirim pawarta Sanak sedulur ado cedhak Pesen dedangongan lan liya-liyane Kanth telun irit wektu tenaga arta Kabar cepet tinampa ing kulawarga Telpun umum, wartel kiostel cointel Bisa kirim pawarta warna-warni URIP LAN MATI Dening : Ika Setyawati Awakku mung bisa nonton langit Iku ning awakku urip Lan aku bisa nonton langit Iku yen awakku mati Mati lan urip Iku ora adoh beda

Urip mung kanggo sawetara Mati kanggo saklawaseCinta kadang kala mati Ning cinta iku kadang kala urip Mati merga ketutupan mega mendhung Urip mega di cori rasa cinta lan rasa tresna CIDRA Dening : Desi Ika Sari Aja samardhi Ora bakal nasar Umpama tembe Mapan Bisa empan ikrar Prajanjen dhiri Tulus, tumusing ati Nalika mangsa kala Candra ngancik warsa Warsa tekan windu Drajak nyangking semat Pangkat nggawa berkat Dursila tawa-tawa Durangkara anglela-lela Lena lali Nyimpang saka bebener Nrajang angger-angger Tinggal glanggang colong playu SAKA TLATAH CENGKAR Dening : Mariyani.T Alon liwat angina sarat Angina anganti angkuping wengi Tembang saka sambaranging karang Ampang ngumandhang Kembang angsoka kelangan jingga Musna wangun ana samun Rembulan liwat Getih mateng kebientongn Eluh dumrodos Runtuh kabeh lintang ULANG TAUNMU Dening : Deni Susilowati Detik terus mlaku

Tan peduli sira sregep amal Utawa ndeleya Tan terus mlaku Tan peduli sira waspada utawa lena Dina terus mlaku Tan peduli sira sregep ngabekti Utawa duraka Umurmu tansah tambah Ora nina kedewasanmu ora mesti tambah Amarga kedewasaan iku pilihan Amarga kedewasaan iku butuh pangorbanan Amarga kadewasaan iku kahormatan Selamat ulang tahun Muga-muga tinambahe umurmu Dibarengi tambahe becike atimu Lan mantebe kadewasaanmu AJA LENA Dening : Ratna Sulistya Ningsih Ngati-ati Memet rejeki ing tlaga rekasa Karan metropolitan Kang tuka saka tlatah cengkar Bumi pepujan Ing kene okeh papan sangar Ing antarane watu-watu abalung wesi Akeh baya sandhangan luru mangsa Lintah-lintah malikan Ngelakrah Aja lena Yen salah langkah Bisa kelp;eset keseret Kecemplung mbel kagubel Blethok neraka Ing kene akeh pasangan kala Panjiret jangga NUSWANTARA Dening : Fitria Pravitasari Telung atus skeet warsa Dijajah bangsa walanda Saindhengining nuswantara Uripe kalunta-lunta Gumrengah andreg pra warga

Mbudi daya mrih merdika Wus klakon ambangpun praja Andhedhasar pancasila Nggayuh urip kang sempurna Cukup sandhang klawan boga Tata tentrem tur raharja Tan kurang sawiji apa PITAKON Dening : Dalwati Ana swara tanpa sangka Ana tandha tanpa irama Heh manungsa Kepriye anggonira padha Jejer dadi pangarasa Gubernur lan bupati wali kutha Apa dene Camat lurah lan andhahane Dene iki banjir baing kaca gedhe kang rada suwe Wong bayi kewan tetandhuran Lan barang-barang Kontang koncar kabuncang Bendungan bobol, kreteg jebol, lemah longsor Delengen githokmu dhewe Ngiloa ing kaca gedhe kang rada suwe Banjur rungokna Ana swara tanpa sangka nuli Wapadakna Ana bandha tanpa irama Kepriye..? Alam sawegung Wis ngelingake..

You might also like