You are on page 1of 1

Pidato Bahasa Jawa

Assalamu alaikum Wr.Wb. Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, ingkang kula tresnani. Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dhumateng kita sedaya. Sahingga kita sedaya saget sesarengan kempal wonten adicara rapat desa punika. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken bab-bab ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pengikisan kebangsaan Nasionaisme. Wonten jaman menika sampun kathah pengikisan kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho langkung kepenut dhateng pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang dugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo ingkang remen mundhut produk-produk mancanegeri dipunsebabaken reginipun langkng mirah lan kualitasipun langkung sae. Bab-bab menika saget dipunicalaken lan saget mbangsulaken raos tresna tanah air negeri tercinta Indonesia menik kanthi salah satunggaling cara inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, ngormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan. Kulo raos menika ingkang saget kulo aturaken, mugi- mugi saget ndhatengaken ewah-ewah lan saget mbangsulaken raos Nasionalisme kula panjenengan.

Cekap semanten saking kula, manehing kula wonten ingkang lepatipun, kula nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kanawon. Matur nuwun Wassalamualaikum Wr.wb.

You might also like