You are on page 1of 12

UJIAN PRAKTIK BASA JAWA ATUR PAMBAGYA HARJA

Nami : Dita Nur Hanifah Kelas : XII IPA 3 Absen : 12

SMA NEGERI 1 KLATEN 2011/2012

DAFTAR ISI
Atur pambagya harja pawiwahan temanten .. 3 Atur pambagya harja pasrah panampining srana .. 6 Atur pambagya harja adicara aqiqah . 8 Atur pambagya harja pawiwahan supitan .. 9 Atur pambagya harja syukuran . 10 Atur pambagya harja layatan 11

Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten


Assalamu'alaikum wr.wb. Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, Panjenenganipun para Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bp Lurah dalah para perangkat desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan; para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu; menapadene, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan. Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal, kula panjenengan saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kalimah syukur kanthi maos kalimah tahmid alhamdulillahirobbil'alamin. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah.Allahumma amin. Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri. Ing ngriki kula minangkani kulawarga, keparengna nggempil wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken menggah wigatosing gati pawiwahan ing titi kalenggahan menika. Purwakaning atur, minangkani kulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, sugeng rawuh, marhaban ahlan wasahlan bihudluurikum, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng ndhanganaken penggalih saha haminaaken wanci, kesdu hangrawuhi pawiwahan menika. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna ngamal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Amiin.
3

Ing panginten, panjenengan sedaya sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pawiwahan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha suta mahargya siwi, nuwun inggih adhi kula ingkang nami: Nayla Hanif, ingkang ka-akid-nikahaken kaliyan Taufiq Adnan, putra panjenenganipun Bp/ibu Yusuf Majid ingkang pidalem ing Yogyakarta. Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau enjing , nuwun inggih dinten Sebtu nyarengi surya kaping 19 Juli 2011 titiwanci tabuh 8 enjang wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang kulawarga, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing Masjid Fatimah kanthi manggih wilujeng mboten manggih alangan setunggal menapa. alhamdulillahirobbil'alamin. Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana; minangkani kulawarga, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya pambiyantu, paring sumbangsih lan kadarman panjenengan ingkang awujud menapa kemawon, bandha beya, bau suku, menapadene iguh pratikel, langkung-langkung pambiyantunipun para warga masyarakat Bentakan menika, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng prastawa gati ing titi kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggeman kulawarga. Ananging andadosaken kuciwaning manah dene kula sakulawarga mboten saget atur piwales menapa-menapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi Allah SWT tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin. Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang tuhu dhahat kinurmatan, lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu, kulawarga anggenipun angrerantam, ngreronce, miwah anggantha-gantha prastawa gati menika, ananging dhawahipun namung kados mekaten menika, sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, atas nami kulawarga, kula namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh, mugi keparenga paring puja sesanti mulya tuwin puji pendonga tumrap temanten kekalih, anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung: mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang tuhu pantes sinudarsana, kula sakulawarga tansah nglenggana bilih budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun kula sakulawarga nampi rawuh panjenengan sedaya menika: kirang ing tanggap, kirang ing tangguh, menapadene kirang gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, mugi keparenga panjenengan hangluberaken agunging pangaksami. Para rawuh, para pilenggah kakung putri ingkang tansah winantu ing bagya mulya; mawantu-wantu para kadang kulawarga, keparenga panjenengan andumugekaken anggenipun samya lelenggahan, ngantos dumugi titiwanci purnaning adicara wiwahan ing siang/dalu menika. Ing wasana, mbok bilih anggen kula matur menika wonten kalepatan saha kekirangan, wonten kiranging subasita, menapadene cicir, cewet, lan cupeting atur, mugi keparenga diagung ing pangaksami. Akhirulkalam, wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana


Assalamualaikum Wr Wb. Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta saraya saking calon saha badhe/ calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya karana kula piniji panjenenganipun Bapak Maryono sekaliyan, kinen ngaturaken pambagyo harjo, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika. Pinangka purwaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karira sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula., saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manaunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madayanign pepanggihan punika Bapak Maryono sekaliya lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang dta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih. Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika. Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bapak Maryono sekaliyan garwa sampun nggumolongaken pirembagan kaliyan panjenenganipun Bapak Maryono sekaliyan, karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bapak Maryono sekaliyan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bagus Ridwan panjenenganipun Bapak Sujoko sekaliyan anggadhahi siwi putri taruni kanthi sesilih Rara Sri Ningsih manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken satataning adat. Inggih awit saking samudayanipun sampung manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran saha walimahan. Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bapak Maryono sekaliyan mugi wontena jumurunging pamuji hatuti saking para lenggah sedaya hanggenya Bapak Sujoko sekaliyan badhe nampi pasrahaipun calon kadang besan tansah manggih basuki ing salwiring reh.

Hambok bilih Bapak sekaliyan suma-rambah para kaluwangsa anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet henglenggana budi dayaning manungsa kirang smpurna awit saking punika Bapak Maryono sekaliyan namung tansah tumadhah lubering pangaksama. Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bapak Maryono sekaliyan lumantar kula, hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mrenani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya. Wassallammualaikum.Wr.Wb.

Atur Pambagyo Harjo Adicara Aqiqah


Assalamualaikum Wr Wb. Ingkang kinurmatan pinisepuh lan sesepuh, ingkang tansah dados pandam pandoming kawula dasih, ingkang kinurmatan bapak ustad, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, ingkang boten supen tansah paring winarah babagan kautaman kaliyan pangertosan babagan leluhuring budi. Para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya. Mangga kita sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya saengga kanthi kanikmatan menika kita saget makempal wonten bale wisma ing (siang) punika. Kejawi saking menika Bapak Budi Karno sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, dhumateng panjenengan sedaya, dhumateng para tangga tepalih, para sanak sedherek menapa dene pawong mitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sampun adamel entheng sesanggemanipun Bapak Budi Karno sekaliyan ingkang ing titi kalenggahan menika nembe nampi kanugrahaning Gusti arupi momongan. Para rawuh para pilenggah ingkang kinurmatan, keparenga atur uninga bilih awit saking welas asihing Gusti Ingkang Maha Agung saha berkah pandonga panjenengan sedaya Bapak Budi Karno sekaliyan nampi nugrahaning Gusti arupi momongan ingkang mijil kakung rikala dinten Selasa Pahing, tanggal 9 Juni 2011 wonten ing dalemipun kanthi manggih wilujeng tanpa alangan setunggal menapa. Dene putra ingkang angka kalih menika dening Bapak Budi Karno sekaliyan dipun paring nami Muhammad Alif. Ewa semanten, Bapak Budi Karno sekaliyan tasih badhe ngresahi malih dhumateng panjenengan sedaya, nuwun inggih nyuwun ugunging tumrap tambahing donga puja lan puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe lair menika tansah pinaringan nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos, saged murakabi dhumateng tiyang sepuhipun, saged mikul dhuwur mendhem jero, satemah migunani dhateng bebrayan, minggahipun dhateng nusa, bangsa lan agami, allahumma amin. Wassallammualaikum.Wr.Wb

Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Supitan


Assalamualaikum Wr Wb. Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Kula keparenga sumela afar ngempil kamardhikan panjenengan sekaliyan, kalanipun saweg sakeco mawan pangandika. Kula minangka tetalaning tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri. Baking keparengipun Bapak Margono sarimbit, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil Baking telenging wardaya. Saking Bapak Margono sarimbit, langkung rumiyin ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene saged anjenengi pawiwahan supitan(sunatan) putranipun ingkang angka kalih nama pun Muhammad Adnan Rahman. Kaping kalihipun Bapak Margono sekaliyan ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung sumawana putrid. Bapak Margono sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha panggalih saged sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Lintunipun menika Bapak Margono sarimbit ngaturaken panuwun, dene panjenengan sam ugi kersa paring berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang sampun dipun khitan. Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindahan katur dhumateng para sanak sadherek kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga tepalih tuwi para muda-mudi ingkang sampun kanthi lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang mengku damel. Kaping sekawan Bapak sarimbit nyuwun berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun, sageda dados putra ingkang diwasa remaja ngertos tanggel jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi dhateng bebrayan, saha migunani dhateng negari, bangsa lan agaminipun. Cekap semanten atur kawula, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya harja punika taksih kathah cicir crewet kuciwaning atur, saha kirang mrenani penggalih panjenengan sami, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Wassallammualaikum.Wr.Wb.

Atur Pambagyo Harjo Syukuran


Assalamualaikum Wr. Wb. Para sesepuh, para pinisepuh, para pepunden, Bapak bapak, Ibu ibu ingkang kawula bekteni, para tamu undangan kakung sumawana putri, mudha mudhi ingkang tuhu kinurmatan. Nuwun wiyosipun kula kepareng matur minangka wakil saking Bapak Bima Soeharto sakaluarga, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat lan hidayah sahingga kita sedaya saged ngrawuhi syukuran awit sampun jangkep anggenipun ngangsu kawruh (kuliah) putra saking Bapak Maryono inggih menika Mas Bagus Muhammad Ridwan saking Fakultas Ilmu Komunikasi Gadjah Mada wonten ing wewengkon Ngayogyakarta Hadiningrat. Tadah duka saha nyuwun pangapunten ingkang ageng, dene kawula cumantaka matur nggempil kawibawan panjenengan sami karana kawula mundi pangandikanipun Bapak Maryono sakaluarga awit saking gambiraning penggalih lan bombongipun manah, amargi Mas Bagus Muhammand Ridwan sampun lulus sarjana. Mila mboten nama mokal menawi mboten kuwawa matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya naming kandheg wonten jangga mboten saged kawedhar ing lathi. Salajengipun Bapak Maryono sakaluarga nyuwun donga pangestu, mugimugi Mas Bagus Muhammad Ridwan anggenipun wisudha ngantos nglampahi pedamelan saged gangsar lan wilujeng nir ing sambikala. Awit saking sedaya panyengkuyung Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sederek sedaya, Bapak Maryono sakaluarga ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun. Kejawi saking menika Bapak Maryono sakaluarga ngaturaken pangapunten awit saking kirangipun papan lan pasugatan ing sedayanipun. Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, mbok bilih sedaya atur kawula kirang damel suka renaning penggalih kawula minangka titah biwasa nyuwun samudra pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb.

10

Atur Pambagyo Harjo Layatan


Assalamualaikum Wr Wb. Kawilujengan, katentreman mugi tansah kasalira miwah kajiwa dhumateng jasad panjenengan sedaya dalasan kula awit saking kersaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Amin. Para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing dhumateng kitab wahyuning Illahi, para satriyaning praja, pangemban pangembating praja minangka pandam pandoming para kawula dasih, para pambela sungkawa miwah panglipur ingkang pantes sinudarsana. Madyaning dhuhkita ing wekdal punika kula piniji dening kulawarga Bapak/Ibu Ramlan sumarambah putra wayah ingkang sami nandhang, minangka sulih salira ngaturaken lekas ing sedya babaring karsa ingkang kawedharaken ing akathah inggih awit kawontenan miwah raos bebeging manah panjenenganipun Bapak/Ibu Ramlan karana pinunggel jatining katresnan pisah salami-lamininpun ingkang punika mboten kumiwa matur wonten ngarsa panjenengan sadaya amung kandheg wonten salebeting kalbu. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang taksih pinaringan rohmating Gusti, minangka purwakaning atur kula, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken sesarengan tansah ngluhuraken asmaning Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos, awit ing kalenggahan punika panjenengan sedaya dalasan kula taksih pinarengaken kempal manunggal saged ndherek bela sungkawa sedanipun Bapak Rolan kanthi manggih kawilujengan. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan, panjenenganipun Bapak/Ibu Ramlan sumawana para kulawarga panandhang lumantar kula hangambali matur sugeng rawuh miwah panuwun ingkang tanpa pepindhan, menggah karawuhan panjenengan sedaya tandha yekti nedahaken raos sih katresnan ingkang mboten saged ginambaraken ing mriki. Wigatosing gati ing madyaning dhuhkita wekdal punika, perlu kula aturaken nadyan panjenengan sedaya sampun pikantuk kintaka layu-layu miwah warta ingkang binandhunging karna, parandene wekdal punika kula aturaken wonten ngarsa panjenengan sedaya. Suruping dinten Rabu Pon magut dinten Jumat Pahing wanci tabuh jam 04.00 WIB Bapak Rolan sampun murut dhumateng kasidan jati saha katimbalan wonten pangayunaning Gusti kanthi tentrem jalaran nandhang gerah kados punapa anggenipun mbudi daya para kulawarga ngantos kaliwat saking bebasan ateken janggut suku jaja anggenipun ngupadi usada murih Bapak Rolan saged pinaringan waluya jati, jati temahan waluya, parandene sedaya wiradat mboten kuwawi ngungkuli panguwaosinga kodrat. Innalillahi wainna illahi rojiun. Amung panyuwunipun para kulawarga panandhang mugi wontena suka Waning penggalih para pambela sungkawa
11

kakung putri tansah paring donga puja hastawa mugi rohipun suwargi Bapak Rolan tansah lepas parane, jembar kubure, dipun apunten sedaya dosanipun katampia wonten ngarsaning Gusti pinaringan papan ingkang sak mesthinipun, wondene para kulawarga ingkang tinilar enggala pinaringan katentreman, iman ingkang teguh saengga saged pulih nindakaken jejibahan ingkang kapanggul sowang-sowang. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang kinurmatan, keparengipun para panandhang, suwargi Bapak Rolan nyuwun pamit wonten ngarsa panjenengan sak lami-laminipun, hambok bilih duk rikala Bapak Rolan taksih sugengipun wonten pepetangan ingkang dereng karampungan kaliyan panjenengan, mugi karampungna kaliyan kulawarga ingkang tinilar, saha mbok bilih duk rikala sugengipun suargi Bapak Rolan hanggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi para pambela sungkawa tansah hangandhapa pangaksama ingkang agung. Amung mbok menawi panjenengan sedaya hanggadhahi lepat kaliyan suwargi Bapak Rolan mugi pinaringan pangapunten saking Gusti Allah. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinandhing rohmating Gusti, keparengipun para kulawarga, layon suwargi Bapak Rolan badhe kapethak miwah kasarekaken ing astana laya Makam Sungkur sru panyuwunipun para panandhang, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing astana laya Makam Sungkur wondene wonten pakaryan ingkang wigati, kulawarga panandhang namung saged ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur, mboten kekilapan kulawarga panandhang tansah ngaturaken agunging panuwun, awit sih kadarman panjengan sedaya langkung-langkung para warga RT Sungkur Kelurahan Bareng ingkang sampun kepareng hanyengkuyung ingkang dados karepotanipun kulawarga panandhang mboten saged mangsulaken karana lahir amung kasumangaaken wonten ngarsanipun Gusti Allah mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan. Pepuntoning atur saking kulawarga ingkang sami nandhang dhuhkita lumantar kula, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kirang trep kaliyan handhap inggiling kalenggahan labet mboten kajarag/kasengaja, para panandhang amung tumadhah lubering pangaksama ingkang agung, kula pribadhi minangka sulih salira, menawi wonten atur ingkang mrenani dhiri, labet kiranging seserepan ugi nyuwun agunging samudra pangaksami. Wassallammualaikum.Wr.Wb.

12

You might also like