You are on page 1of 4

Aron lan parjo iku kanca kentel.

Deweke kekancan awit cilik, nanging sawijining dina nalika keluargane parjo dadi kere, aron ora gelem maneh kekancan karo parjo. Sawijining awan nalika parjo, aron, rani lan ika gek pada resik-resik ono ing kelas, Parjo njaluk tulung aron amarga menurut parjo, aron kui wong kang bisa nulungi deknen lan aron kui kanca kentele. Ananging sing kadadean malah aron dadi ngece parjo. Parjo : ron, aku arep njaluk tulung , iso to koe nulungi aku? Aron : apa? Nulungi koe? Lha koe ki sapa ku hee...kok penak temen,, hahahh Parjo : ana apa ron? Bukane awake dewe wis kekancan ket biyen, apa koe wis lali kabeh ron? Aron : kanca? Hahahh.. sori yo, aku ora due kanca sing kere koyo koe.. ora lefele dolan karo koe.. Mb dita : ono opo to? Kok sajakke lagi ono masalah. Parjo : ora popo kok dit. Apik-apik wae kok. Iyo to ron? Aron : apik-apik wae pie? Ngene yo dit, mau cah kere iki njaluk tulung karo aku, tapi aku rasudi nulung wong kui. Ngaku-ngaku dadi kanca ku maneh. Wegah temen.. Mb dita : oohh.. (bel mlebu rampung istirahat muni, murid-murid pada lungguh ana ing panggonane dewe-dewe, bu guru mlebet) Bu guru : assalamualaikum wr wb Murid-murid : walaikum salam wr wb bu Bu guru : sapa sing ora mlebu cah? Mlebu kabeh to? Murid-murid : enggeh bu.. Bu guru : minggu wingi bahas apa yo cah? Ika: pidato bu Bu guru : hmm saiki materine bahas cerita wayang, bukak kaca 18, ayo ika, di waca, liane nyimak, sek guyon mengko tak kon nyanyi ning ngarep kene. Murid-murid : enggeh bu. Ika : sakniki bu? Bu guru : iyo, mosok sesuk.. yo saiki. Ika : nggeh bu.(ika banjur maca cerita wayang iku, liane pada nyimak) Bu guru : kui ceritane dipahami yo cah banjur di catet kata-kata sing durung mudeng. Ibu arep ketemu pak kepala sekolah disik. Mengko tak takoni seko siji-siji.

Murid-murid : nggeh bu. Mb dita : buk, kayungyun niku nopo? Bu guru : kayungyun kui kepencut cah,..tak tinggal disik yo cah, aja rame ndak ganggu kelas liane. Murid-murid : enggeh bu.(murid-murid banjur nglakoni apa kang diprentah bu guru) Aron : dit, ngarih-arih ki apa? Mb dita : aku ora ngerti ron. Aron : hah.. koe sing ngerti ki apa? Ra ngerti kabeh.. Ika : sabar dit, sabar Mb dita : humm (banjur pada neruske maneh, let sauntara bu guru mlebet) Bu guru : wis rampung cah? Apa sing arep ditakokke? Parjo : ngelipur niku napa buk? Bu guru : ngelipur kui menghibur.. liane? Ika : wanara buk? Bu guru : wanara ki yo kethek kui.. (bel bali sekolah muni, murid-murid pada tata-tata) Bu guru : ayo dongo disik, Assalamualaikum wr wb Murid-murid : walaikum salam wr wb Parjo : aku bali diki an yo kanca-kanca. Ika lan mb dita : iyo, ati-ati ( parjo bali dewekan) Mb dita : ron, aku pingin ngomong karo koe. Aron : arep ngomong apa? Cepet, aku selak arep bali. Mb dita : koe ana masalah opo to karo parjo? Mbok aja ngono, mesakke parjone. Koe karo parjo kan kancanan ket cilik to? Mosok goro-goro parjo karo keluargane saiki ora due, koe ora gelem kekancan maneh. Bukane wektu saiki iki mbok tunjukke gawe parjo, nek koe ki pancen sahabat sek apik. Ika : iyo, bener kui. Sakjane koe ngewehi semangat deknen. Mesakke yo parjo..

Aron : koe, koe ki sapa ku? Sok pie.. sak-sak ku arep ngapa wae. Urusen awakmu dewe.. Ika : aku karo dita ki ora due maksud ngandani koe po sok pie. tapi ming eman-eman wae nek persahabatanmu karo parjo rusak. Aron : halah udu urusanku karo koe to. (aron banjur bali) Mb dita : astagfirullahhaladzim.. aron kok dadi berubah ngene.. Ika : wis lah, ora sah di bahas maneh , bali saiki yo,dit Mb dita : yo,(ika lan mb dita bali bareng) (esuke murid-murid mlebu sekolah meneh padha biasane, nanging parjo ora mlebu. Parjo ora mlebu 2 minggu luwih, pada akhirnya nalika ika,dita dan aron bali sekolah, ora sengaja ketemu karo parjo) Ika : eh kae kan parjo? Mb dita : iyo, kae parjo. Gek ngopo yo? Kok malah ora sekolah? Ika : iyo bener( ika langsung njawil aron sing gek asik dolanan pspne) Ron, delok kae sopo? Apa sing gek dilakoni sahabatmu? Aron : haha, mesti yo gek ngublek-ublek sampah. Jenenge we wong kere. Hahahaa Mb dita : heh ngawur wae. Wis yo di samperi wae. Ika : jo, la gek ngapa koe ning kene? Parjo : yo ngene iki, Aron : aku ngomong pie, hahaha. Mesti gek ngublek-ublek sampah. Kaya ora ngerti wae gaweane wong kere. Mb dita : uwis ron, parjo kan yo sahabatmu to. Ika : lha ngapa koe kok ora mlebu sekolah meneh jo? Parjo : wong tuaku ora due dana gawe biayai aku lan adikku sekolah. Nanging adikku iseh pingin sekolah, dadi aku ngalah wae gawe adikku. Ben adikku sing sekolah wae, aku bantu wong tua ku golek duit. Ika : subhanallah. Apik tenan niatmu. Aron : haha, apik apane? Kui bocahe ming cari muka? Kok yo do gampang di gobloki karo cah koyo ngono. Parjo : kok tega tenan koe ngomong ngono . Aku pancen kere, tapi aku iseh due perasaan. Nek koe wegah kekancan karo aku kui ora dadi masalah, ning aja ngece aku ro keluargaku koyo ngono. Siji meneh, aku ra pernah nyesel kenalan lan kekancan karo koe. ning kui ki pembelajaran bagiku. Maturnuwun ron. ( parjo banjur mlayu ninggalke ika, mb dita lan aron.)

Ika : wis puas koe nglarani sahabatmu dewe? Mb dita : ron, mbok yo di eling-eling pas biyen bareng-bareng karo parjo. (aron ming meneng wae, deweke ngrasa salah marang parjo) (banjur ika, mb dita lan aron bali dewe-dewe) (sakwise tekan ngomah aron langsung mlebu kamar, deweke ming meneng wae, ngeling-eling apa sek wis dilakoni. Ming iso kuciwo lan kuciwo) Aron : ya allah.. apa sing wis tak lakoni iki? Astagfirullahhaladzim, jo.. jo salahku akeh tenan karo koe.. nek duitku iki iso gawe koe balik maneh aku rilo jo,, astagfirllahaladzim (dina kui pas dina terahir deknen ketemu parjo. Amarga parjo lungo mbuh ning endi tujuane. Saklebare kui aron wis ngerti pentinge sahabat ketimbang banda. banjur aron mbantu kebutuhan ekonomi keluargane parjo, yo nyekolahke adine parjo lan modali usahane keluargane parjo) RAMPUNG

CHANDRA. F ( PARJO) DITA N(MB DITA) IKA ELINA(IKA) PRASETYA H(ARON) RANI S(BU GURU)

You might also like