You are on page 1of 2

Pranatacara Tanggap Warsa Ingkang Kaping 48 SMA N 1 Bantul

Assalamualaikum wr.wb Dumateng Bapak Isdarmoko selaku Kepala SMA N 1 BAntul ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ing kula kurmati, saha para siswa putra lanputri ingkang tansah winantu ing suka basuki. Para siswa ingkang minulya, purwaning atur, sumangga kula nderekaken ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, awit sampun kepareng paring kesehatan dumateng kita sedaya, saengga kita saged manunggal wonten ing adicara pengetan tanggap warsa ingkang kaping 48 SMA N 1 Bantul punika kanthi sehat lan tanpa alangan satunggal punapa, ugi kanthi pangajab mugi-mugi adicara menika saged lumampah kanthi rancag kali sing sambekala. Amiiiin.. Para siswa lan guru, keparenga kula wonten ing mriki ngaturaken urut reroncening adicara pengetan tanggap warsa ingkang kaping 48 SMA N 1 Bantul kanthi pandonga pamuji langkung nengeraken mutu, saengga saged mujudaken pawiyatan ingkang asung panyengkuyung tumrap donyaning pendidikan ing Indonesia punika. Menika urut reroncening adicara ingkang karantam dening panitia: 1. Adicara ingkang sepisan inggih punika purwaka 2. Adicara ingkang kaping kalih inggih punika atur pambagyaharja saking panitia 3. Adicara ingkang kaping tiga inggih punika tanggap sabda saking Kepala SMA N 1 Bantul 4. Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika tigas tumpeng 5. Saha adicara ingkang kaping gangsal inggih punika panutup Mekaten urut reroncening adicara ingkang karantam dening panitia Sagung para siswa, sumangga adicara ingkang kapisan tumuli kawiwitan kanthi waosan Basmallah. Matur nuwun

Febri Eka Setyawan XIA3/11

Salajengipun minggah adicara ingkang kaping kalih inggih punika atur pambagyaharja saking panitia. Dumateng Bapak Wardal kula sumanggakaken. .. Matur nuwun dumateng Bapak Wardal ingkang sampun paring pambagyaharja. Adicara ingkang kaping tiga, tanggap sabda Bapak Kepala SMA N 1 Bantul. Dumateng Bapak Isdarmoko kula sumanggakaken. .. Matur nuwun dumateng Bapak Isdarmoko ingkang sampun paring tanggap sabda. Minggah adicara ingkang kaping sekawan inggih punika tigas tumpeng. Dumateng Bapak Wardal supados nigas tumpengipun saha Bapak Isdarmoko supados nampi tumpengipun. .. Matur nuwun dumateng Bapak Isdarmoko lan Bapak Wardal ingkang sampun nampi lan nigas tumpengipun. Minggah adicara ingkang salajengipun inggih punika panutup utawi pungkasan. Saderengipun adicara panutup kawiwitan, pramila anggen kula ndherekaken lampahing adicara Tanggap Warsa punika, saestu kathah kalepatan, kula tansah mawantu-wantu lumunturing sih samudra pangaksami. Sumangga kula ndherekaken kanthi waosan hamdallah. . Billahitaufik wal hidayah Wassalamualaikum wr.wb.

Febri Eka Setyawan XIA3/11

You might also like