You are on page 1of 4

==Jinis== Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene : * Kotekan

Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak. * Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani . * Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak. * Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ). * Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita [[Babad]], dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing '[[Pendopo]]'). * Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ). Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

==Perangkat pengiring== [[Kendang]], [[saron]], [[ketuk]], [[kenong]], [[kempul]] lan [[gong]] bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo [[suling]] utawa terbang. kanthi tambahan [[keprak]]. Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari . Para pradangga gamelan, bebarengan karo [[sinden]] (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil. Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan .

mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak. Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari . Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil. Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :

Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak. Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani . Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak. Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ). Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging

wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo'). Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).

Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat .

Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: DarmaDarmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo. Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan. Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipaglarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan. Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine, Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/

http://jv.wikipedia.org/wiki/Kethoprak

You might also like