You are on page 1of 34

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI

Dino iki Boy mlebu kuliah pertama kaline. Kit mau macak nang ngarepe koco ndek kamare gak mari-mari. Mekitik ancene, atase pertama kuliah ae, gayane koyok yok-yok-o. Cuk, ancene ngganteng aku iki tibake, jarene dee dhewe, ambek ngelus-elus rambute. Koyok asu! Ngelem awake dhewe Bah...Mikaku budhal, salamlekom! pamite nang Abah ambek Umik. Iyo, le, saut Umik, Bah, dipamiti anakmu iko lombidheg ae! Boyo iku nek budhal gak tau pamit wong tuwane, jare Abah. Iko lo..areke sik tas pamit! sentak Umik. Wong pamit garek cangkeme mangap ae opo angele, se? jare Abah maneh. Oalahancene budheg! Percuma ae ngomong sampek lambe mrongos, kono gak krungu opo-opo! sambat Umik, Wis, emboh tak nang salon ae, manicure pedicure *** Boy markir Tigere nang ngisore wit sono ngarepe fakultas ekonomi. Arek iku sik tas ketrimo nang jurusan manajemen Universitas Karang Menjangan nang Suroboyo. Terkenal lo universitas iku. Mangkane dee guaya saiki. Kelas wis dimulai, Boy sik tas mlebu ruangan. Arek sakkelas ndeloki kabeh. Dosene opo maneh, ndeloki ambek mecucu cangkeme. Oalah mashari pertama kuliah sudah telat. Sana duduk! sentak dosene. Duduk dimana, Pak? takok Boy. Nang kene lojare dosene karo nduding bolongane irunge. Terserah kamu mau duduk di mana. Boy langsung lungguh nggolek kursi sing kosong. Nama saya Joko, kalian boleh panggil saya Pak Joko. Saya mengajar mata kuliah Pengantar Bisnis, jare dosen iku. Sekarang saya ingin kenal dengan kalian juga. Ayo, yang tadi telat, siapa nama kamu? Saya, ta Pak? takok Boy ambek tolah toleh kiwo tengen. Iya, yang telat kan kamu! Pak Joko rodok emosi jiwa. Lho, yang lain gak ada yang telat, ta? Masak cumak saya? IYA, KAMU THOK YANG TELAT! Pak Joko wis muntap. Ya sudahSaya akan mulaimaaf, saya tadi disuruh apa? Perkenalkan dirimu, cuuuk..! Pak Joko njambaki rambute dhewe, stres dee ndelok kelakuane Boy. Nama saya Boyo, tapi panggil aja Boy. Sebenarnya nama saya Prabowo, tapi gara-gara

petugas yang nyatat akte kelahiran saya itu guoblok, kliru nulis Praboyo di akte, akhirnya rapot saya pas SD sampe ijazah SMA saya ya pakek nama Praboyo. Padahal sumpah, nama asli saya itu Prabowo, kalo gak percaya tanya aja sama Abah atau Umik saya, jare Boy panjang lebar. Bah boyo, bah bajul, bah nyambek, urusanmu, cuk! Pak Joko mulai ngomong karo nyekeli ndhase, Ndak tau, tiba-tiba hari ini saya gak mood ngajarGini aja untuk bab satu ini kalian saya beri tugas buat ringkasannya, dibuat satu kelompok dua orang. Nomer absen satu dengan nomer absen dua, tiga dengan empat, dan seterusnya. Minggu depan dikumpulkan! Dikumpulkan dimana, Pak? takok Boy. Nang kene lo Pak Joko nduding bolongane irunge maneh. Lho, kuliah sudah selesai, ta? takok Boy. Pak Joko gak njawab, cumak ngombe banyu putih, trus nyumet rokok ambek metu ruangan. Cangkeme sik mecucu ae. *** Boy nyangklong tase metu nang nggone kantin. Ate moleh yo males, engkok onok kuliah maneh jam siji awan. Nang kantin ae wis. Bulik, mangane opo? takok Boy nang Bu Kantin. Bulik mattamu yoKapan kawin ambek Paklikmu? semprot bakule. Jenenge Mbak Pat. KerengeWis gak ayujahat pisan,jare Boy. Babah ta, masio gak ayu sing penting lak wis payu, jare Mbak Pat. Endel! Mangane opo ae? wetengku wis kaliren iki lo, cuk! Pecel, rawon, lodeh, saut Mbak Pat. Ndeso, cuk! Iki lho kantin fakultas ekonomi universitas paling get sak-Suroboyo, dodolane kok gak keren blas, jare Boy. Nyocot ae! Mangan ta gak? Mbak Pat mulai gregeten. Yo wis, sego pecel dikeki duduh rawon, gak athek kangkung, sambele pinggirno, peyek kacang ae, iwake empal, kek-ono bali tahu, segone tambahono, cuk! Boy mulai rewel. Tak banting temen piring iki, Mbak Pat ancang-ancang ate mbanting piring nang tangane, Garek mbadhog ae rewele koyok prawan ate manak! Ngombene es teh, ojok legi-legi, es batune thithik ae, gak usah sedotan. CUK! Mbak Pat stress. Moro-moro tekok mburi pundhake Boy dijawil wong. Eh, jaran! Boy kaget terus noleh nang sing njawil dee. Arek iku ancen koyok asu, kagetan, latah pisan.

Eh, maaf, nama kamu Boyo kan? Praboyo kan? takok arek wedok sing njawil Boy mau. Iya, bener, tapi panggil aku Boy aja. Kok tau nama saya? Wah, resiko jadi orang ngganteng ya, baru pertama masuk kuliah, wis terkenal, Boy mulai mekitik. Rai Gedheg, gremeng Mbak Pat. Enggak, aku lihat nama kamu di absensi, kita satu kelompok buat tugasnya Pak Joko. Eh, iya, namaku Prita, jare cewek iku ambek ngekekno tangane ngajak kenalan. Boy, jare Boy ambek nyaut tangane cewek iku. Cuk, tangane alus, cak! batine Boy. Wis, ojok suwi-suwi salamaneKesempatanjare Mbak Pat. Boy, kalau mau ke Hotel Garden Palace naik angkot yang mana ya? takok Prita. Lapo, eh ngapain ke hotel? Boy mikir macem-macem. Mosok sik tas kenal wis ngajak check-in? Resiko wong ngganteng, pikireAreke ayu pisan. Boy wis kemrengseng, nggoceki slerekane. Enggakaku kan dari Bandung, di sini belum dapet kos-kosan. Jadi sementara ini tinggal di hotel dulu. Naik jurusan mana ya Boy? OTak pikir ate ngajakGini aja, gak usah naik angkot, tak anterin aja naik sepeda motorku ya? Sebentar Boy mlayu njupuk Tigere. Gak usah Boy! Prita karepe nolak. Tapi Boy wis mlayu adoh. Hati-hati, mbakJangan mudah percaya sama orang yang baru kenal. Ini Surabaya, mbak. Kota Buaya! Mbak Pat mulai menghasut ambek nyuntek duduhe rawon nang sego pecele Boy. Ayo! bengok Boy tekok Tigere. Lho, nggak pake helm, Boy? takok Prita. Gak usah, deket aja kok, lagian Pak Polisi kan Sahabat Anak? Boyosegomu iki yok opo? bengok Mbak Pat. Gak sido, panganen dhewe! jare Boy ambek ngegas Tigere banter. Asu iku! semprot Mbak Pat. *** Pirang ndino kuliah, Boy wis nduwe konco akeh. Onok sing jenenge Soni, Angga, karo Kosim. Soni iku arek Malang. Senengane mbalonan, ngajak nang Dolly terusSampek konco-koncone sumpek kabeh. Cepitno lawang kono lo, nek sik gatel ae! jare konco-koncone. Nek Angga iku arek Suroboyo koyok Boy. Areke dhukur, pinter main basket. Pas SMA biyen jarene tau menang basket trus dikirim nang luar negeri. Asline se yo gak pinter-pinter nemen, wong tuwane ae sing sugih. Dhuwike akeh, cuk! Sing Kosim iku arek Meduro. Kos nang daerah Gubeng Kertajaya. Senengane mendem. Alcoholic pol. Wong kadang-kadang nek pas kebelet, dee tuku alkohol 70% nang apotek daerah Dharmawangsa trus diombe dicampur nutrisari. Ancene wong gendeng. Nang endi iki, rek? Kuliah maneh engkok jam papat sore, sik suwi, takok Boy nang

konco-koncone.Mosok nang kantin kene sampek engkok sore? Males, cak! Bakule lo raino gak isok didelok, saking eleke. Nang Dolly ae, Boy, awan ngene sik tutup ta? takok Soni. Cuk, raimu mbalon thok ae. Males-males, budhalo dhewe! sentak Boy. Aku gak onok sepeda, Boy, nyilih Tigermu yo? rayu Soni. Emoh! Engkok tonggoku liwat kono, pas ndelok sepedaku dipikir aku mbalon, matek aku. Mari ngono dikandakno Abahku, tepak wisgak oleh sangu temen aku, jare Boy. Trus nang endi lo, sik yah mene lo Boy, takok Angga. Nang kantin kene ae lho ambek mangan-mangan jajan, Mbak Pat melok nyauti, koyok nyaut pemean. Nyaut ae gak dijak ngomong! sentak Boy. Ya iya lah, masa ya iya dong. Mulan aja Jamilah bukan Jamidong. Secara gitu loh, jare Mbak Pat tiru-tiru arek gaul. Cuk, wis tuwek ae gayane koyok arek ABG. Ate bongko ae kakean model, tambah Boy. Suka-suka gua dong, Emang Gue Pikirin, jare Mbak Pat koyok Maia Ratu ambek mbenakno bulu mata palsune sing ate rontok. Cangkruk nang nggone Cak-Cuk ae, rek! Nang Dharmawangsa kono lo, cidhek kok, jare Boy. Kenengan napa neka, Boy ( panggonan opo iku, Boy )? takok Kosim. Ojok nggawe boso Meduro ta, cuk! Aku lo gak eruh artine, jare Boy. Artinya tempat apa itu, rek? jelas Kosim. Toko koyok distro ngono, tapi kaose desaine tentang Suroboyo thok. Pokoke lucu-lucu, ngguatheli pol. Suroboyoan temen, jelas Boy. Iyo, aku yo tau tuku ambek adikku nang Balai Pemuda, tulisane Surabaya Kota Pahlawan, tapi gambare Super Hero koyok Superman, Batman, Spiderman. Lucu, cuk! jare Angga. Kon tukuo sing gambare Patung Dolyberty ae Son, cocok! Raimu lak sering nang Doly se, hehehe, Boy ngguyu kemekelen. (Asline pas bagian iki aku males nulise, soale bermuatan sponsor alias iklan. Tapi yok opo maneh, namanya juga sponsor, ya harus dimuat) Moro-moro sak durunge arek-arek budhal nang counter-e Cak-Cuk, onok arek wedok nyeluk Boy. Boy, kamu mau kemana? Tugasnya Pak Joko udah dikerjain belum? Besok pagi dikumpulin lo, Boy! bengok Prita. Oh, iyolali aku, cuk! Dikerjain sekarang aja, mumpung lagi gak ada kuliah, gimana? takok Boy. Ya udah, dikerjain diamana? Di sini saja, mbaksambil makan-makan jajanan saya, towo Mbak Pat ambek nyumet

rokok nang lambene. Ada ote-ote, klepon, tempe menjes, petisnya gratis lo. Kita kerjain di perpus aja ya, kamu jangan dekat-dekat dia, ntar ketularan jelek, ayo, ajak Boy. Asu! Raimu lo yo gak ngganteng-ngganteng temen! amuk Mbak Pat. Gak ngganteng yok opo se? Christian Sugiono lo, nek ketemu aku mesti kaget. Pikire, lho, aku nduwe saudara kembar ta? Kok onok sing persis aku? Saudara kembar dari Hongkong Mbak Pat nggak ndelok ambek nyedot rokoke. Sik, rek, yo, aku onok perlu iki, pamit Boy nang arek-arek. Soni, Angga, karo Kosim cumak ngowo thok.

*** Nang perpustakaan akeh mahasiswa sing lagi diskusi pisan, mboh gak eruh nggarap opo. Sok repot nyathet iki iku. Tapi sing gendaan yo akeh. Alasane sinau, asline yo rempon thok. Boy ambek Prita lungguh dhep-dhepan nang pojok cidhek cendelo. Prita ngetokno kathoke, eh, maksude laptop-e. Boy, dikerjainnya langsung di laptop aja, ya. Ntar diprint-nya di rental sekitar kampus, biar besok tinggal dikumpulin aja, jare Prita karo mbukak kathoke, eh, laptop-e. Eh, iya, jawab Boy. Dee gak konsen nggarap tugas, soale ndeloki wajahe Prita terus ambek mbayangno, Cuk, ayune, irunge mbangir, idepe malik, rambute lurusArek iki wis duwe pacar durung yo? Mosok durung-durung wis takok nduwe pacar ta gak? Isin, cak! Koyok wong crongoan ae. Boy, mikirin apa, kok bengong aja? jare Prita. Eh, oh, enggak, gak mikirin apa-apa kok, Boy kisinan dhewe. Ini, definisinya menurut buku ini kayaknya terlalu panjang, kita ringkas aja Boy, biar lebih padat. Iya, lebih padat, lebih besar, saya suka, jawab Boy. Maksud lo? Prita bingung. Aduh, maksudkugak ada maksud apa-apa sih, Boy ngowo thok. Kamu lagi gak konsen ya, Boy? Iya, aku kalo lagi lapar biasanya gak bisa mikir, alasan Boy. Ya udah, aku aja yang ngerjain, tapi kamu yang ngeprint ama buat covernya, ya? Ntar malam ambil di kosanku ya. Oke, nanti takprint di rumahku aja, jawab Boy langsung mlayu metu, keluwen. Tapi gak suwe dee mbalik maneh. Eh, sori, alamat kosmu dimana ya? Mosok datang ke kosmu tapi gak tau tempatnya? Sama nomer Hpmu, kali aja aku perlu, jare Boy.

Nih, Prita nulis alamat ambek nomer HPne nang kertas cilik. Thanx, Boy mlayu metu. Tapi gak suwe dee mbalik maneh. Eh, sori, kamu mau ikut makan gak, aku mau cari makan nih, ajak Boy. Nggak deh Boy, ntar makan di kosan aja, tolak Prita. Ayolah, gak pa-pa. Kamu kan gak pernah makan makanan Surabaya yang aneh-aneh? Sekarang tak ajak wisata kuliner, ayo selak kaliren perutku. *** Boy ngejak Prita mangan lontong balap nang daerah Kranggan. Kamu gak papa ta, takgonceng naik sepeda motor? takok Boy. Nggak pa-pa, Boy, emang kenapa? EnggakSurabaya kan panas, gak kayak di Bandung. Iya,sihPanas banget, tapi gak pa-pa kok Boy. Jelas ae gak po-po, wong digonceng wong ngganteng koyok Christian Sugiono, batin Boy, mulai metu mekitike. Koyok asu ancene! Sing dodol lontong balap wonge gendut, lontonge empuk, kecambahe renyah, wenak pokoke. Jarene sihPak Bondan sing nang Wisata Kuliner iku tau soting nang kene. Ya ini namanya lontong balap, Prit, pake sate kerang, wah tambah sip, jare Boy ambek njejelno lentho nang cangkemme. Sambelnya kok item, Boy? takok Prita. Iyo, soale dicampuri petis. Paklik tambah lonthe, eh lenthone loro! cangkeme Boy mulai crangapan. Prita ketokane kaget ambek panganan iki, trus langsung ngombe es degan . Gimana, Prit, kamu suka makanan ini, kan? Kamu sudah punya pacar belum? UPPS! Boy gak sengojo keceplosan ngomong, keselek sampek kecambah nang cangkeme muncrat metu. Hukehk, Prita sing lagi ngombe es degan yo langsung keselek. Upseh, sori.Waduh., Boy salting karepe dewe. Prita meneng ae ambek ngelapi klambine sing kutahan es degan. Eh, anggep percakapan tadi tidak ada ya, sori Prit

*** Sore iku Boy nang kamare kelesetan ambek lenger-lenger. Cuk, goblok, ancene aku iki, lapo lo mau ngomong koyok ngono. Asuasu..! Ngene iki lak Prita maleh gak enak maneh. Boy misuh-misuh karepe dewe, menyesali kegoblokane.

Yo Boyoiki lho onok gethuk tekok Bulik Yatemi. Gelem, gak? Selak dientekno Abahmu lho!Wong iku nggragas, gak isok ndelok panganan nganggur diluk! bengok Umik tekok meja makan. EmohBadhogan gethuk ae dipamerno! Ngrusak body! Dientekno Abah lak uwis, saut Boy. Umik mlebu kamare Boy trus takok,Lapo se, kon kok aras-arasen mangan? Onok masalah nang sekolahan ta? SekolahanKampus!...Ndeso! Lha iyo, leOpo-o? Gurune kereng-kereng ta? GuruDosen!...Ndeso! Lha iyo, dosene nek ngekeki ulangan angel-angel ta? Umik sek mekso SKSD ( sok kenal sok deket) Emboh, emboh, MikTambah ngelu ndhasku. Nek ngelu yo ngombe obat, Yo. Sinau sing sregep, engkok nek males gak munggah lo, nasehat Umik. OalahMikKuliah iku gak onok gak munggah, Mik! Boy mulai jengkel. Lho, nek males, nek goblokyo gak diunggahno karo guru, eh dosene. EmbohAku metu disekSalamlekom, jare Boy langsung nyaut jakete. Ndhase mumet wisan. Arek iku ancen angel kandanane. Engkok nek gak munggah temen yok opo, sambate Umik,Wis emboh, tak main PS ae.

*** Boy mlayokno Tigere nang tengah kota. Pas liwat Taman Bungkul kan akeh arek gendaan, dee eling Prita. Oh, iyo aku lak janji ate njupuk garapan Penis-e Pak Joko (maksude Pengantar Bisnis). Bengi iki diprint, mene isuk dikumpulno. Langsung ae Tigere digas nang daerah Kertajaya, kosane Prita. Tapi tekok ngarep kosane Prita, Boy kaget, trus ndelik nang mburi wit pelem, wedi ketemon. Lho, kok onok polisiOnok grebegan ta? Paling sabu-sabuopo kumpul kebo. Atau judi togel? Ah, mosok se? Lho, polisine kok ngobrol karo Prita. Ojok-ojokPrita iku Bandar SS, atau balon? Atau pengepul togel? Boy pasang mata pasang telinga. Ambegane mlebu irung metu silit, saking ndredhege. Dee pengen eruh lapo kok Prita ditangkep polisi. Tapi kok polisine ijenan gak onok koncone, yo? Lho, cuk, kok tangane polisi iku nyekel pipine Prita? Lho kok Prita dielus-elus rambute meneng aetrus diambung bathuke. Boy tambah bingung. Ojok-ojok Dengkule Boy moro-moro kemlothak lemes. Njerone ati dee misuh-misuh.

Jancuk Asu Nggatheli ***

KEMPING MEMBAWA BERKAH (SIKUEL MAKHLUK TUHAN YG PALING NGGATHELI) Share Sunday, July 26, 2009 at 5:05pm Arek-arek mahasiswa anyar koncone Boy sak jurusan siap-siap ate budhal ospek jurusan. Rencanane ate kemping nang Coban Rondo. Kabeh kudu melok, soale nek gak melok engkok di-DO (mosok, se?). Mangkane kabeh kumpul sore iki nang parkiran sebelahe mesjid. Wis onok telung trek tentara sing disiapno gawe ngangkut arek kabeh. Perhatiantruk satu dan dua untuk maba cewek, truk tiga untuk maba cowok. Dilarang campur cowok dan cewek dalam satu truk! mahasiswa senior bengok-bengok nggawe megaphone. Walahmosok lungguh bareng nang trek ae isok meteng, cak? saut Boy. Siapa itu tadi yang ngomong? Awas, jangan celometan, ya? Kalau gak mau, silakan naik angkutan lain aja, gak usah protes! jare senior. Asiik, ayo Ngga, numpak mobilmu ae, jarene mas iku dikongkon numpak angkutan lain, ajak Boy nang Angga. Sik, Boybarang-barange awake dewe wis mlebu nang nggone trek, yok opo iki? takok Soni. Yo jupuken, cuk, mosok ngongkon Bibikmu njupuk? sentak Boy. Soni cepet-cepet njupuki tase dee, Boy, Angga, karo Kosim, trus dilebokno nang Nissan X-Trail-e Angga. Ayo, Sim, kon melok gak? Ngowo thok ae koyok kobokan cangkemmu! Boy nyentak Kosim sing lholhak-lholhok. *** Jam papat sore rombongan mahasiswa iku budhal dilepas Pak Joko, wakile kampus. Bapak harap, kalian sebagai generasi muda penerus perjuangan bangsa dapat terus memelihara rasa cinta dan bangga terhadap tanah air, seperti apa yang telah dicontohkan para pahlawan pendahulu kita yang telah gugur mendahului kita tanpa pamrih jare Pak Joko ambek nangis srenggukan. Wong gendeng, jare arek-arek gak ngereken. Sampean iku ngekeki sambutan ta upacara tujuhbelasan, jare Boy gregeten. Iring-iringan iku langsung budhal, ninggalno Pak Joko sing sik ngecemes ae lambene ambek

nangis-nangis gak jelas. Jare budhal tibake teko, Soni moco pantun. Opo artine? takok Angga ambek ngegas mobile. Selamat tinggal Pak Jokosaut Soni karo dhadha. Arek-arek ngguyu ngakak Metu tol, pas sampek Porong moro-moro Kosim njaluk mandheg. Tretan, mandheg disek, yo, jarene. Lapo, kebelet nguyuh ta? takok Soni. Ndak, aku pengen ndelok Lumpur Lapindo. Mumpung liwat, mandheg diluk yo, jaluk Kosim. JancukNdeso iki gak usah, gak usah! Engkok kene ketinggalan ambek liane. Pas moleh ae Sim, ojok saiki! jare Boy. Kosim meneng ae. Cangkeme mecucu, sampek isok dikuncrit. Nggondhok koyok kodhok, gudho Boy. Nesu koyok asu tambah Soni. Purik koyok kirik saut Angga Hahaha arek-arek ngguyu kekel. Kosim mesam mesem thok koyok asu. Mobil mlayu terus ngetutno rombongan sing nang ngarep. Sampek teko Batu, Soni kumat gatele. Eh, rekgak nggolek arek wedhok ta? Nang kene aku eruh nggone cewek-cewek bokingan, jare Soni. Cuk, emoh, aneh-aneh ae iki! tolak Boy. Walahmurah kok, seket ewuan. Satus ewu paling gelem digawe wong papat. Engkok taknyangno, jelas Soni. Cuk, cangkemmu bosok ancene, Son! Males aku, nek ate mbalon, mbalono dewe, ojok jak-jak! sentak Boy. Iyo, Soni ikiEngkok nggarai mobilku apes ae, ojokojok! jare Angga. Nang Coban Rondo lo adhem, cak! Rugi gak onok sing dikeloni, rek! Soni sik mekso. Mangkane jenengmu Soni, koyok merek sempak, lha wong pikiranmu nang sempak thok ae! Pokoke nek gak, yo gak! Nek koen sik pingin kelon yo iku kelonono Kosim ae! sentak Boy. Soni meneng ae karo mrengut. Atine mbedhodhog disentak Boy koyok ngono. Koen lo sopo nyentak-nyentak aku koyok ngono, batine dee. Suasana dadi rodok gak enak. Rodok panas. Kabeh meneng gak onok sing guyon Nggondhok koyok kodhok, moro-moro Kosim muni. Boy ngelirik Angga. Angga yo ngelirik Boy ambek ngempet ngguyu. Nesu koyok asu, tambah Kosim koyok gak duwe duso. Boy ambek Angga wis gak kuat ngempet ngguyune.

Purik koyok kirik! jare Boy ambek Angga barengan. Hahaha! Jancukasukoen nyemoni aku yo Sony ngantemi lengene Kosim karo ngguyu kekel. Aduhaduhampun, Son, ampunguyon Kosim nggoceki tangane sing kelaran diantemi Soni. Hahaha! *** Kabeh mahasiswa anyar mlebu nang kemahe dewe-dewe sing wis dibagi karo senior. Son, tasku endi, kok gak onok? Koen lali njupuk tekok trek yo? takok Angga. Gak, Ngga, wis takjupuk kabeh, kokTasku, tasmu, tase Boy, tase Kosim, kabeh wis taklebokno mobilmu, jare Soni. Kon keliru njupuk bee, Son. Iki lo tase onok jenenge Anya, duduk Angga. Wah, soro kon iki, Son! Angga ketok jengkel. Waduh, iyo, Ngga, sepurane yoSoale kabeh tase kan seragam, ambekan mau kesusu-susu, aku gak nguwasi nek jenenge kliru. Dibalekno nang kemahe senior ae, Ngga, sopo ngerti tasmu kijolan karo Anya. Ayo takterno, jare Boy. Moro-moro tekok speaker krungu sworo banter. Perhatianperhatiankepada semua maba diharap segera berkumpul di lapangan, acara api unggun dan makan malam akan segera dimulai! Arek-arek langsung ngumpul kabeh nang lapangan gawe ngrungokno instruksi tekok senior. Nang lapangan peteng ndhedhet, cumak onok api unggun sing dadi penerangane. Howone uadhem pisan, sampek akeh sing kathuken. Moro-moro onok arek maba wedhok loro maju nang mejone senior, nggowo tas karo bisik-bisik. Ketokane arek wedhok sijine iku Prita. Gak eruh sitoke. Perhatiankepada maba yang bernama Angga diharap maju ke depan. Tas kamu ketuker sama tas maba lain. Ngga, cepetan jupuke tase areke, jare Boy. Iya, sebentar Mas, saya ambil tasnya dulu, jare Angga ambek mlayu nang kemah njupuk tas. Mari ngono dee maju ngekekno tase nang senior. Itu bener tasmu? Namamu Anya? takok seniore. Iya, masItu tas saya, jare Anya karo mrengut. Oalah, rekrek, wong ada tulisannya besar ANYA, kok ya masih keliru, jare senior iku maneh. Hahaha wong sak lapangan ngguyu kekel kabeh. Anya raine abang kabeh ngempet isin.

Lho, ayo kembalikan tasnya Anya, kok malah kamu pegangi terus! jare senior. Angga ngekekno tase Anya. Tapi durung ditampani Anya tase tibo.Waduh,jare Angga. Isine tas iku langsung metu kabeh. Onok suri, wedhak, jepit rambutAnya karo mangkel ndhodhok njupuki barang-barange. Sini, takbantu, jare Angga karo ndhodhok. Gak usah! tolak Anya. Tapi Angga tetep mekso ngewangi nglebokno barang-barange nang tase Anya. Moro-moro tangane nyekel barang putih, empuk koyok kapas. Opo iki? batineHisoftex! bengok Angga karo nguncalno barang iku. Lho, softexe ngglundhung! bengok Boy. Arek-arek sak lapangan tambah ngguyu kemekelen. Anya sing kisinan langsung mlayu nggowo tase nang kemah. Prita nulungi njupuki barang-barang sisane ambek mleroki Angga. Mbakroti kempite keri lo! jare arek-arek. Hahaha suasane tambah dadi rame karo guyune arek-arek. Arek-arek kabeh antri mangan bengi nang mejo dowo ngarepe tenda senior. Pas ndelok panganane, Boy langsung kaget bin curiga. Ojok-ojok iki masakane Ayo, antriantrigak usah royokan, sik akeh kok, moro-moro Mbak Pat metu tekok tenda ambek nggowo enthong. Jancukbener kan perkiraanku. Asunang kampus mangane Mbak Pat, nang kene mangane Mbak Pat pisan. Gak onok katering liane, ta? takok Boy. Gak usah kakean cangkem, mbadhog ta gak? Mbak Pat jual mahal. Mangan, cuk! Timbangane kaliren gak onok sing dibadhog! Boy rodok mangkel, tapi yo tetep njupuk sego. Mari mangan acarane istirahat. Angga mbisiki Boy,Boy, aku gak enak ambek Anya, ketokane areke sing ngamuk. Terno poo, aku ate njaluk sepuro. Ayo, engkok njaluk tulung Prita ae. Dee kan koncone Anya, Boy langsung tangi. Arek loro iku langsung nang nggone tendane arek wedok. Boy langsung nyeluki Prita. PritPritakamu belum tidur kan Boy bisik-bisik nang pinggire Tenda, ndelik nang mburine uwit, wedi ketok senior. Belumsiapa, tu? takok Prita tekok njero kemah. Aku, Boykamu keluar bentar ya, ada perlu penting nih. Prita metu tenda ambek tolah toleh, soale peteng. Boy langsung methuki ambek Angga. Ini, lo, PritAngga mau minta maaf sama Anya. Dia gak bisa tidur kalo belum minta maaf katanya. Kamu panggilin Anya, dong, jare Boy. Ya udah, gua coba ajak dia keluar ya, tunggu bentar. Prita ngrayu Anya cek gelem metu. Tapi Anya gak gelem. Akhire Prita nyerah.

Boy, Anya nggak mau tuh. Besok aja ya Ngga, ntar aku rayu dia lagi deh biar mau maafin kamu jare Prita. Tapi Angga gak gelem. Dee langsung mbengok Anyaaku mau minta maaf sama kamu. Kamu keluar dong! Angga mbengoki tekok njobo. Aduhsiapa sih itu teriak-teriak di luar! jare mbak senior tekok njero tenda. Anya, aku serius, nihKalo kamu gak mau keluar, biar aku yang masuk! Angga rodok esmosi. NggaNggaojok gendeng koen! Boy nggoceki tangane Angga. Tapi telat, Angga wis nekat mlebu tendane arek wedhok. Boy ketarik mlebu pisan. Aaaa.ada cowokkeluarkeluar! mbak senior sing lagi ganti klambi jerit-jerit ambek nutupi dhodhone sing kutangan thok karo selimut. Kurang ajar, gak duwe aturanTolong! Spontan suasana dadi rame. Senior lanang-lanang langsung teko ambek ngamuk-ngamuk. Onok opo iki? jare Mas Bayu, ketuane senior. Arek loro iki maneh! Arek loro iki kurang ajar, mas! Masuk tenda cewek malam gini! jare arek sing ganti klambi mau. Iyatolongmereka mau memperkosa saya. Mereka mau merampas kesucian saya jare Mbak Pat ambek nutupi wajahe. Cuksampean lo wis gak prawan sentak Boy. Sudah, sudah! Kalian berdua dihukum gak boleh tidur di tenda. Kalian harus tidur di lapangan dekat api unggun. Titik! hukum Mas Bayu. Angga ambek Boy dikeler metu tenda koyok tahanan Medaeng. Melas, cak Alhamdulillahuntung kesucianku tetap terjaga, jare Mbak Pat cuek. Cewek-cewek langsung kudu mutah kabeh. Boy ambek Angga lungguh kathuken nang pinggir api unggun sing wis mati. Moro-moro krungu sworo tekok tenda lanang. Ealah, Sim mau sore digolekno wedok nang mBatu, jarene emohtibake nggolek wedok dewe nang tendane arek wedok. Ha..ha..ha Cukiku swarane Soni, nyemoni awake dewe, Ngga! Boy mecucu ae. Tapi Angga gak nyauri. Kit mau meneng ae. Moro-moro onok sworo senior nyentak-nyentak, Ayo, metu! Kon iki mokong yoWani-wanine ngombe nang njero tenda. Metu! Senior iku ngamuk ambek nyengkeweng klambine Kosim ambek Soni. Arek-arek metu kabeh kaget. Kita gak mabuk kok Mas, Cuma minum dikit buat anget-angetan, Kosim alasan. Iya, Massaya lho gak ikutan minum, jare Soni. Cangkemmu lo mambu alkohol! Sik mungkir ae!

Mas Bayu cumak gedheg-gedheg thok ndelok kelakuane arek-arek iki. Mendem nang njero tenda, cuk. Kalian berdua bergabung sama yang dua itu. Kalian tidur disana sampe pagi! Anak-anak jaman sekarang itu ya, Mbak Pat manas-manasi, Mana minumannya, sini, biar saya saja yang simpan, jarene. Cuk, asline sing mendem paling yo Mbak Pat karo arek-arek senior, batine Boy, Titenono koen yo, kejahatan harus dibalas dengan kejahatan yang lebih sempurna! Opoo Boy? takok Angga. Gakgak po-po jare Boy ambek ngrogoh sak celonone,Ohsik onok barange Tambah bengi howone Coban Rondo tambah uadhem. Arek papat iku dempet-dempetan ngilangi adhem koyok wong keroken. Melase, cakKoyok wong mbambung gak nduwe omah ae, turu keleleran nang lapangan. Moro-moro onok arek wedok loro nekani kono. Lho, Prita, ngapain kamu? takok Boy. Sssssttini aku ama Anya bawain selimut buat kalian. Tapi cuman dua. Dibuat berempat ya jare Prita. Kalian nggak pake selimut? takok Boy. Aku sama cewek-cewek lain nyampur jadi satu selimutnya. Udah, ya..., ayo semuanya Wenake reknyampur jadi satu karo cewek-cewek lain, melok poo jare Soni. Wis, cuk, ojok nyocot ae, iki lo, koen selimut siji ambek Kosim. Aku tak kelon karo Angga, jare Boy. Cukgak sido kelon ambek cewek, tambah ngeloni wedhus ikiAyo sayang, kene tak keloni, jare Soni ambek ngrangkul Kosim. Kabeh ngguyu cekikikan, wedi krungu senior. Isuk wis teko, srengengene wis mlethek. Ayo, tangi-tangi! Boy digugah senior, Lho, kok onok slimute? Oh, mokong arek-arek iki! Boy angop ambek mullet,Wuuaahhwis isuk rek, weteng luwe pisan. Jarene. Ayo-ayo semua bangun! Persiapan untuk olahraga dan sarapan pagi! Mas Bayu bengok-bengok liwat megaphone. Soni, Kosim, ambek Angga mlebu nang tenda. Boy nang endi Son? takok Angga. Emboh, ngising palingjawab Soni sak kecekele. Boy mlayu-mlayu nemoni Prita ambek nggowo bungkusan. Ada apa, Boy? Kok gitu wajahmu, jare Prita. Enggaknih, aku bawain jatah sarapan pagi kamu sama Anya. Ada dua bungkus, tapi sembunyiin dulu, jangan sampe ketauan senior. Entar aku dihukum lagi! Iyaiyamakasih ya Boy!

Boy mlebu nang tenda lanang ambek ngos-ngosan. Ngising nang endi, koen? takok Soni. Ngising mattamu, yo! Iki lho njupukno jatah sarapanmu! Wah, koen iki ancene konco paling uapik kok, Boy! jare Soni ambek njupuk sego bungkusane. Gathel! Nek onok butuhe ae aku mokelem-elem! Tapi mangane engkok ae bareng liane, rek, jare Boy. Arappa? takok Kosim. Wis, ta, ojok nyocot ae! *** Jam wolu pas, acara sarapan dimulai. Kabeh oleh jatah sego bungkusan. Pas mari mangan moro-moro akeh sing wetenge loro, embuh kenek opo. Mas, perutku sakit,jare arek-arek. Iya, mas, jadi kebelet beol nih, jare liane. Iya, ada apa dengan makanannya nih, perutku juga mules, jare Mas Bayu. Makanannya mungkin, Mas. Mungkin masaknya kurang higienis, jare Boy, Sopo sih sing masak? Mbak Pat, jare arek-arek. Mbak Pat disuruh masakEmangnya dia tau expired date itu apa, higienis itu apaNggak nyalahin Mas, kalo sekarang banyak anak-anak yang rebutan ke toilet, jare Boy. Ya ampuun, sumpah, aku juga gak ngerti kenapa jadi begini, Mbak Pat setengah nangis ndelok akeh arek sing kecirit-cirit. Mangkane ta, Mbak Pat nek mari ogok-ogok upil iku tangane diwisuhiojok langsung digawe masak, nasehat Boy. Iyonek mari garuk-garuk daerah sensitif iku tangane dicuci bersih dulu tambah Soni. Iyonek masak ojok dicampuri minuman keras! jare Kosim sing sik loro ati bir iteme ditenggak Mbak Pat. Mbak Pat nangis karo mancal-mancal. Dee stress bengok-bengok. Gak usah nangistambah elek, Boy cekikikan karo Soni. Iyo, tambah mirip karo bedhes Coban Rondo! Boy ngajak Angga marani Prita ambek Anya. Soni wis ucul dewe karo Kosim nggolek nggon gae mendem. Prit, daripada disini ngeliat orang-orang sibuk rebutan toilet, kita pergi ke air terjun yuk? ajak Boy.

Iya, ayo Anya, aku juga bingung kok tiba-tiba banyak orang sakit perut ya, jare Prita. Tempatnya jauh nggak Boy? Enggak, kokjalan kaki paling sepuluh menit, jare Boy. Arek papat iku mlaku mudhun nang air terjun Coban Rondo. Selama perjalanan wis nemoni wong papat sing bingung golek nggon ngising nang semak-semak. Ngapain mas jongkok di situ? takok Boy. Ehlagi nyariin hapetadi jatuh di sini, jare mas senior. Nyariin hape kok cuma jongkok di situ, mana bisa ketemu! Boy, Angga, Prita, karo Anya mlaku terus nang air terjun. Itu, Boy, air terjunnya kelihatan! bengok Prita. Ayo kita dulu-duluan ke sana, yang kalah gendong ya! jare Boy ambek mlayu. Boykamu curang! Prita melok mlayu pisan nguber Boy. Garek Angga ambek Anya thok mlaku kalem-kalem nang mburi. Koyoke arek loro iku cocok nek pacaran, yo Nya? takok Angga. Hus! Prita lo wis duwe pacar. Pacare polisi, lo Ngga! jare Anya. Iyo, ta? Tak pikir Prita iku sik durung duwe pacar, tibake pacare polisi, Jare Angga. Nek koen Nya, wis duwe? Anya meneng ae. Trus ndhase gedheg-gedheg. Nek Boywis duwe pacar durung, Ngga? takok Anya. Durung nduweEmboh Boy iku, padahal raine lak ngganteng, mesti akeh cewek-cewek sing seneng karo dee. Gak koyok aku, jare Angga setengah putus asa. (JanciikBoy ae diwara ngganteng, nek jare mirip Christian Sugiono iku lak jarene dee dewe. Asline lo luwih mirip Chris John.) Opoo koen? takok Anya. Raiku lo gak masuk itungan blas, jare Angga. Jare sopokoen lo Ngga luwih dhukur timbang Boy, luwih atletis, gak kakean model, rupamu yo mirip Afgan Koco motone thok! saut Angga. Nggak, maksudkukan gak setiap cewek suka type cowok yang sama, Ngga, jelas Anya. Lha nek dikongkon milih aku opo Boy, koen seneng sopo? takok Angga. Anya langsung mandheg. Kaget ditakoki Angga koyok ngono. Koen luwih seneng Boy, kan? takok Angga. EnggakBoy lo kelakuanae koyok wong gendeng sunggoko jare aku, yo mendingan koen, jare Anya. Maksudmu koen seneng karo aku? takok Angga. Gak ngono, maksude nek dikongkon milih, aku ancen milih koen, tapi gak berarti aku

gelem Gak perlu dijawab saiki, kok, Nya, jare Angga ambek mencolot njabut kembang nang pinggir kali. Gak popo kembang iki takdeleh nang rambutmu? takok Angga. Anya mesem thok karo manthuk. Hayopacaran yo! getak Boy karo Prita tekok mburi. Klambine arek loro iku teles kebes kabeh, paling mari sirat-siratan banyu nang air terjun. Iya, nihpake acara nyelipin kembang di rambut segala. Romantis banget kayak sinetron kejar tayang, jare Prita. Angga ambek Anya kisinan, cumak mesam-mesem thok koyok maling konangan nyolong. Moro-moro Boy mencolot nang kali njupuk kembang pisan, ate dikekno Prita karepe. Prit, tak taruh di rambutmu ya, kamu pasti cantik, jare Boy ambek ndeleh kembang, tapi tangane langsung disampluk Prita. Kembange tibo nang kali terus kintir kegowo banyu kali sing bening. Boy meneng ae ambek ndeloki kembang sing kintir iku. Terus dee ndeloki Prita. Prita cumak ndingkluk ae gak wani ndelok motone Boy. Aku tau Prit, jare Boy. Tau apa, Boy? Polisi itu kan, jare Boy. Kamu sudah tau, Boy? takok Rita lirih. Ya wisayo kita kembali ke kemah, pasti sudah ditunggu yang lain, jare Boy ambek mlayu banter ninggalno arek telu iku. Boy! Prita mbengoki Boy. Raine ketok mbrabak. Tapi Boy wis mlayu adoh ninggalno kabeh. Sudahlahayo, Prit, jare Anya ambek ngerangkul Prita mbalik nang kemah. CAK DAN NING ( SIKUEL SI BOY ) Share Thursday, July 30, 2009 at 4:00pm Mari kuliah Pengamen (Pengantar Manajemen) Boy ambek geng-e, yoiku Angga, Soni, karo Kosim cangkruk nang kantine Mbak Pat. Ate cangkruk nang endi maneh? Nang perpustakaan, pikire mahasiswa liane: Gak salah, ta? Ketemplekan setan endi bangsat-bangsat iki mlebu nang perpus? jare mahasiswa liane karo ngucek-ngucek matane. Kate cangkruk nang mesjid, arek-arek SKI karo takmir mesjid wis mbatin Masya AllahAstaghfirullahmesjid kok ate digawe mabuk Kate cangkruk nang parkiran, dipikir ate nyolong helm. Malah Kosim ndhase dicantoli arek helm. Eh, sori Mas, tak pikir sampean mau cantolane penitipan helm. Eh, tibake menungso... jarene. Patek celeng! sentak Kosim

Mangkane ta Sim, nduwe rai elek iku ojok dideleh sembarangan. Yo gak salah nek mas iki mikir ndasmu cantolane helm, ancen modelmu lo koyok pekakas, gak koyok menungso umum, Boy mbelani arek mau. Kosim mecucu thok ae. Akhire yo yo-opo maneh, gelem gak gelem yo nang warunge Mbak Pat. Mampiryo mampir jare Mbak Pat karo mbenakno kutange. Arek-arek langsung mutah-mutah. Kutange lo, cak, bolong-bolong akeh penitine. Taline rantas kathik akeh bolote. Nggilani, cak. Ayo, cabut, rek! Ndelok raine wong iki, wetengku langsung kebelet ngising, ajak Boy. Minggato-minggatoGak duwe duwik ae cangkruk nang kafeku, jare Mbak Pat. Kafe gathel taTriplek-e ditrombol tikus ae rubuh, kathik ngaku-ngaku kafe, bales Boy. Akhire arek-arek cangkruk nang toko kaos Cak-Cuk nang daerah Dharmawangsa. Opo iki, mbak? Soni takok nang SPG-ne. Kertas, mas jare SPG-ne Wis ngerti, mbaksopo ngarani iki gedebog! Maksudku iki formulir opo? Soni takok karo mangkel. Wis ta lah, massampean gak mungkin isok, jare SPG iku nggregetno. Jasiiitaku iki cumak takok, IKI FORMULIR OPO.? Soni rodok emosi. Formulir lomba Cak dan Ning. Sing melok lo ayu-ayu karo ngganteng-ngganteng. Wajah sampean lo gak jelasantara vespa ambek matic, jare SPG-ne. Mbok kiro iki sepeda motor? Soni gregeten. Wis ta lah, Sonkoen ambek Kosim ancen gak isok melok lomba iki. Pertama wis jelas, raimu karo raine Kosim lumayan rusak. Kedua, sing melok lomba iki kudu wong sing KTP-ne Suroboyo. KTP-mu lo Malang, Kosim tambah gak jelasnang endi-endi sing didudokno malah kartu Gaskin, Keluarga Miskin! LANJUTKAN! jelas Boy. Gaskin matamu, Boy! jare Kosim. Moro-moro Anya karo Prita mlebu nang toko. Lho, lapo nang kene, rek? takok Anya. Gak lapo-lapo, ndelok-ndelok kaos. Koen lapo? takok Angga. Ate njupuk formulir lomba Cak dan Ning! jare Anya. Koen ate melok, ta? takok Angga. Iyo, koen melok-o poo, Ngga! Koen pisan yo, Boy, jare Anya. Emoh, nggilani, cuk, tolak Boy. Eh, goblok, hadiahe lumayan lo Boy, jare Anya. Opo? takok Boy karo Angga barengan. Trophy, dhuwik, karo tiket pesawat nang Bali pp,jare Anya. Temen, ta? takok Boy. Tiket nang Bangkalan gak ada ya? takok Kosim.

Melok-o lomba Kerapan Sapi ae! sentak Boy. Yo-opo, Nggamelok ta gak? takok Boy. Wis ta lah, melok aekene aku sing ndaftarno. Dino iki pendaftaran hari terakhir. Ayo kene takfoto karo hapeku, ngkok takcetakno pisan! jare Anya karo moto Boy ambek Angga. Rai welek ae kathik melok Cak dan Ning, protes Soni. Elek yo-opo se? Koyok Christian Sugiono ngene jare elek! Boy mulai mekitik koyok asu. Christian Sugiono? Chris John kaleeee jare Soni. Nek raimu koyok Bokir ojok athik iri. Prita ndak ikut juga? takok Boy. Nggak lah, Boy, KTP gue kan Bandung, bukan Surabaya, mana bisa? jare Prita. *** Boy lagi kelesetan nang kamare. Abah lagimboh, ngurek-ngurek kupinge bee. Umik lagi main playstation karo Yu Mi, babune. Ayo, Mi, PS mungsuh aku, sing kalah kudu mijeti sing menang, yo, tantang Umik. Mboten, Bu, sampean nek main nakalan ngoten. Mengke nek wayahe sampean mijet, alasane aku takngising sik, Yu Mi. Nek gak ngono aduh, Yu Mi, tanganku moro-moro kram tolak Yu Mi. Wis ta, ojok ngecemes ae lambemu, ayo, timbangan koen engkok takpecat! sentak Umik. Sorone yodadi babu. Ngene salah, ngono yo salah, juragan senengane ngomel.ae! sambate Yu Mi. Sik lumayan aku, gak tau nyikso koen. Padahal saiki kan usume babu disetriko juragane. Opo babu dinyos rokok karo bos-e. Lagi ngetrend, lo Yu Mi, Mari ngono dimutilasi. Sampean iku juragan ta Ryan, tukang Jagal? Moro-moro onok swarana telpon. Poooon.Eh, kriiiiiing. Yu Mi, angkaten telpone, kongkon Umik. Walah, Bu, mesti.kulo sing dikongkon ngangkat telpon, protes Yu Mi. Lha terus aku ngongkon sopo? Koen lo babuku. Lha mosok wong dodol es tebu ngarep iku dikongkon ngangkat telpon? Bendino ngene yo bungkuk gegerku, jare Yu Mi. Wis ta, ojok ngomel ae, paling-paling sing telpon bakul tempe gendakanmu iku. KemalanSik tas duwe hape ae gayane telpan telpon! sindir Umik. Sori, nggih, BuMas Tommy lho nek telpon langsung teng hape kulo, tolak Yu Mi. Jenenge asline Tompo ae athik diganti Tommy! Kemoncolen! Kersane tah, Bu. Sampean mboten tumut mbancaki ae kakean protes, jare Yu Mi ambek ngangkat telpon. Halo, dengan Yu Mi disini, bisa saya bantu Yu Mi, Boy nang omah, ta? Endi areke? takok Angga. Sopo iki? Lapo nggoleki Mas Boy, aku lho nganggur Wis talah Yu Mi, iki penting. Hape ne gak diangkat taktelpon.

Iyoiyo areke lo sik turu tak gugahe sik, saut Yu Mi. Boy ngangkat telpon karo angop, mari keturon, Lapo, Ngga? Boy, mene isuk awake dhewe diceluk gawe penyisihan Cak Ning nang balai kota. Ojok lali lo! jare Angga. Yo wis, bareng ae yotimbangane ijenan mrono koyok gajah kopoken, jare Boy.

*** Isuk iki penyisihan Cak Ning, materi sing diuji yoiku wawasan tentang kota Suroboyo. Ujiane tertulis koyok UTS ngono iku. Hasile diumumno jam rolas awan. Sing dijupuk nang babak berikute arek seket. Selawe lanang, selawe wedok. Pas diumumno Boy karo Angga katut nang babak berikute. Anya katut pisan. Asiiik, awake dhewe katut limapuluh besar, Boy, jare Anya. Iyo, tapi wetengku luwe, cuk! Wis jam rolas gak dikeki mangan. Panitiane yok opo se? dikorupsi bee anggarane gawe mangan awan! Boy bengok-bengok kaliren. Cangkemmu ojok banter-banter, ta! Koyok wong kemalan badhogan ae, jare Angga. Lha terus yok opoawake dhewe gak oleh mulih, nang kene gak dikeki mangan Boy marani wong sing nggawae keplek panitia. Paklik, pesertane gak dikeki mangan, ta? Boy takok nang wong iku karo nyekeli wetenge. Lak-lek lak-lek Mbok anggit aku iki bakul pentol ta? Sik, ta, dikekidikeki! Ojok nggarai gupuh ae ta! Wonge ngomel ae ditakoki boy. Yo wis, nek ngonoTakenteni yo lek, yo Mari acara mangan awan, sesi berikute latihan mlaku nang panggung. Sing nglatih jenenge Mas Yance. Wonge rodok yok opongono. Rodok gagah gemulai. Ayoayo.semua latihan dengan serius yebiar nggak malu-maluin ike nanti kalau tampil di panggung, jare Mas Yance. Ngga, pelatihe rodok gak beres yo..endel Boy mbisiki Angga. Ayoitu lekong yang lagi bisik-bisik tetanggapasti lagi ngrasani ike, ya! sentak Mas Yance. Gak, kok mbak, eh mas, iku lo kupinge Angga onok semute. Sutra bok, gak pake alesanayo berdua maju ke sindang Ayo kamu yang tinggi, coba jalan dulu kayak yang ike ajarkan tadi.. kongkon Mas Yance. Angga langsung mlaku nang catwalk. Aduh, nekjalannya kok koyok wong kebelet ngising ngono sihAyo ganti yang satunya, jare Mas Yance ngongkon Boy mlaku. Boy mlaku karo wedi nek disentak karo Mas Yance.

Oalah, yoyo iki malah mlakune koyok wong kabotan gandul ae. Mekekeh mekekeh, sentak Mas Yance. Ancene kegeden, mas jare Boy koyok asu. Opone sing kegeden, hayo Celonoku lo kegedenmlakune dadi mekekeh mekekeh, Boy ngunjukno celonone. Arek-arek ngguyu kabeh ndelok Boy koyok bedhes mlakune. *** Dino iki pemilihan Cak Ning dimulai sesi interview. Pesertane diseleksi tekok seket, sing lolos dadi telungpuluh. Limolas lanang limolas wedok. Jurine onok telu. Pertanyaan gawe peserta macem-macem, saksire jurine. Koyok sing ditakokno nang Boy saiki. Sebagai orang Surabaya, apa yang kamu banggakan dari kota Surabaya ini? takok juri sing lemu. Emyang saya sukai dan saya banggakan dari Surabaya ini adalah makanannya. Kebetulan saya ini orangnya suka makan ya, alias kemalan badhogan kalau orang Surabaya bilang. Nah, macam-macam makanan khas Surabaya ini bener-bener gak ada tandingannya. Saya pikir gak ada yang bisa nyaingi kota ini dalam hal makanan, sepanjang yang saya ketahui. Ada rawon, rujak cingur, lontong balap, semanggi, soto ambengan, mi kluntung, soto sulung, tahu campur, tahu tek, lontong kikil, kupang lontong, nasi bebek, tempe penyetpokoke top markotop, Boy nyerocos. Lalu bagaimana cara mengenalkan makanan tersebut ke publik nasional ataupun internasional? takok juri sing kribo. Yapertama harus dipatenkan mereknya dulu, daripada nanti diakui Malingsia, eh Malaysia sebagai makanan khas daerahnya. Eh, mana bisa ya? Memangnya di sana ada petis atau lento. Terus yang kedua adalah dibuat lebih keren, misalnya packagingnya. Misalnya kalau biasanya mi kluntung diadai piring, bisa disajikan di hotplate. Kan keren, Pak Ooobegitu. Selain makanan, apa lagi? Ya banyak Pak tapi yang paling saya banggakan ya makananya. Ngomong-ngomong makanan, jadi lapar nih, Pak. Nanti siang lak ada konsumsinya ya, Pak? takok Boy. Ya, ampunsik jam sepuluh wis kaliren, Mas, jare juri sing wedok. Ndak, buk..soale yang kemarin itu makan siange telat. Latihan mlaku koyok peragawatiterus.gak mangan-mangan. Oalah Mas ini ikut Cak Ning apa kemalan badhogan? Masalahnya kalo saya gak makan itu, kaki saya itu gemeter, trus jalannya kak jadi ngedher, akhirnya dimarah-marahi terus sama yang nglatih jalan. Kathik yang nglatih itu orangnya judes, ngamukan. sambat Boy. Hayongrasani ike lagi ya Mas Yance moro-moro metu.

Lho, kansaya bilang apa. Durung garing lambeku ngomong, wonge wis cerok-cerok koyok bebek ate ngendhog, jare Boy. Yelagi-lagi yeike bisa pusiiiing ngurusin ye. Aduh dewan juri yang terhormat dan mulia serta yang dipertuan agung, ike saranin peserta yang satu indang gak usah dilolosin aza. Bikin kacau acara deh, dewan juri yang berhati mulia dan bijaksana. Lapo sesing mutusno lo dewan juri, duduk sampean. Awakmu lo isoke cumak nglatih mlaku thok ambek ngomong smail pose.blocking. sopo sing gak isok, cak! omel Boy. Liat tu dewan juri yang maha mendengar insan yang lemah ini. Doi selulit menghina ike yang berhati baik dan lembut ini. Sudah, sudahgak usah bertengkar. Malu, acara ini kan disiarkan di tivi dan diliput media cetak. Ayo saling maaf-maafan, kongkon Dewan Juri. Minta maaf sama dia? NeneneIke bisa diinfus dua kali duapuluh empat jam di rumah sakit kalo harus minta maaf sama dia, Mas Yance gak gelem wawo. Diinfus? Mesisan cuci darah ae atau operasi plastik ganti kelamin yo gak popo! towo Boy. "Pokoknya saya tidak terima dengan penghinaan ini. Dewan juri harus mutusin milih dia atau ike. Kalau pilih dia, ike mau mundur dari kontes ini. Itu keputusan ike. Titik! Aku lo gak ngurus awakmu maju ta mundur ta njengking ta kayang. Kalau dewan juri minta saya mundur saya gak papa. Kalah menang bukan tujuan saya ikut kontes ini. Arek suroboyo yo koyok ngene iki, cak! opo onoke. Nek kelakuanku dianggep gak sesuai ambek acara iki, yo wis, aku sing ngalah. Sepurane sing akeh, nedho nrimo! jare Boy karo ninggalno panggung. Tapi Angga cepet-cepet munggah ambek nggowo es teh ditemplekno nang dhodhone Boy koyok iklan nang tivi. Boy rodok adem. Wis, ta Boy, gak popo njaluk sepuro Mas Yance. Anggepen ae wong gendeng. Aku males nerusno nek koen gak melok Boy, Angga ngrayu Boy cek gelem njaluk sepuro. Boy meneng ae ambek mecucu, Yo wis, saya mau minta maaf demi lancarnya acara ini sampai selesai...Mbak, eh, masmaafkan saya ya, jare boy ambek ngekekno tangane. Apa, salaman sama Ye? Huh, najis! tolak Mas Yance. Najis mattamu yo! Cuk, asu, raimu lo atase empat tujuh ae kakean model! Boy esmosi maneh. Untung Angga cepet-cepet nemplekno es teh nang dhodhone maneh. Tuh, kan dewan juri yang adil dan tersohorike dikatain empat tujuh. Doi menghina ike lagi. Empat tujuh itu apa? takok juri karo bingung. Oalahdewan jurine gak tau tombok togel. Empat tujuh itu kalau togel gambarnya orang banci, jare arek-arek. Sudahsudahayo Yance, kamu jangan ngambek lagiBoy juga, jangan emosi lagi. Sini tangannya, ayo wawo. Gak oleh eker-ekeran maneh, jare jurine ambek nggathukno tangane Mas Yance karo Boy. ***

Boy gak ngiro nek dee katut nang grand final. Angga ambek Anya yo katut pisan. Acarane nang hotel Shangri La, disiarno live karo tivi lokal ambek interlokal pisan. Kabeh peserta nggawe kebaya ambek kudung, trus sing lanang yo nggawe batik ambek nggawe beskap trus ndhase dibebet udheng gawe klambi adate. Bukniki lo, acara final Cak Ning disiarno teng tivi. Mengke lak wonten Mas Boy disoting, jare Yu Mi Iyo ta Mi? siksik tak telpone ibuk-ibuk arisan cek nontok Boy mlebu tivi. Anakku gitu lo jare Umik. Cepetan Buk, niki lo Mas Angga pun disoting, jare Yu Mi. Angga maju nang podium trus ngenalno awake dhewe. Good evening ladies and gentlemen, my name is Angga, I was born in Surabaya twenty years ago. Now I am a student in Karang Menjangan University majoring in management. I like music and sport, especially basketball. Thanks for the time given to me, good evening, Angga lancar ngomonge gak ndhredheg blas. Bahasa Belandane Mas Angga hebat nggih BukMas Boy mosok saget Misuh thok isoke. Faseh, enyek Yu Mi. Ojok nyocot ae cangkemmu, Mi! sentak Umik. Niru mbokejare Yu Mi kalem wedi krungu Umik. Mari ngono Angga dikongkon nunjukno keahliane, nggowo gitar listrik nang panggung, terus main instrumental melodi lagune Dewa 19. penonton langsung keplok-keplok kabeh. Hebat nggih, Buk, gitarane Mas Angga. Mas Boy lo, paling get nyekel ecek-ecek, mosok entos gitaran. Tak tampek temen lambemu lo, Mi, nek sik nyocot ae! Opo maneh mbokeisoke ngomel thokjare Yu Mi kalem. Wayahe Anya maju, dee nunjukno keahliane. Nggowo sampur karo nari gambyong nang ndukur kendi. Penonton langsung tepuk tangan kabeh ambek suit-suit. AyuneMbak Anyatariane apik, nggih Buk. Gerakane isok lemah gemulai koyok merak. Mas Boy mosok isok. Iyo nek joget ndangdutan, pinter dee Yu Mi protes ae. Klethak!!! Aduh!!! Buk, kok kulo sampean sawat asbak se, loro niki lo ndhas kulo, Yu Mi nggoceki ndhase sing menthol. Bah, pethal lak yo wis. Lha koen nyocot ae kit mau. Nek gak ngono gak mingkem lambemu! Umik wis gregeten. Juragan sadisKPRT. Kekerasan Pembantu Rumah Tangga! Sebagai seorang perempuan, seandainya anda menjadi walikota Surabaya, apakah anda setuju dengan adanya lokalisasi Dolly? Apa tidak seharusnya ditutup saja? takok juri nang Anya.

Saya pikir kita harus cermat dalam hal ini. Eksitensi dolly bagaikan dua sisi mata uang yang dilematis. Di satu sisi adalah demoralisasi penduduk sekitar, namun di sisi lain adalah sumber penghasilan bagi banyak orang. Jadi menurut saya sebaiknya fungsi lokalisasi harus dikembalikan ke asalnya. Bahwa lokalisasi itu harus terisolir dari masyarakat luas. Jadi, saran saya, gak usah ditutup, tapi dipindahkan ke tempat yang jauh dari penduduk. Trus dipagar yang tinggi, dan diawasi dengan ketat siapa saja yang boleh masuk kesana. Baik PSKnya, penjual makanan, mucikari, atau siapa saja. Tidak seperti sekarang ini, anak kecil berangkat ngaji atau pulang sekolah saja bisa lihat dengan leluasa paha dengan rok mini yang diangkat tinggi-tinggi untuk menarik lelaki hidung belang, jelas Anya. Mari iklan nang tivi, gilirane Boy diceluk munggah panggung. Klambine dipasangi mikrophone wireless, dadi gak perlu nggawe mike maneh nang panggung. Tekok ngisor Mas Yance wis mecicil ae karo wanti-wanti cek Boy mlakune koyok sing diajarno dee, gak mekekeh-mekekeh. Boy gupuh ae dipecicili koyok ngono. Ayo mlaku, cepetan! Mas Yance ngekeki isyarat cek Boy cepet maju nang podium. Boy maju ambek gupuh ngatur mlakune soale nggawe sewek. Apes, sik tas rong jangkah, sikile kecantol kabel sound system band sing sliweran. Gedebug!!! Boy tibo nyosop, ndhase ketatap jagrake gitar listrik. Penonton ngguyu kabeh ndelok kedadian iku. Jancukasupicek matane bee sing noto sound system iki, kabel sliweran koyok ngene dijarno ae! swarane Boy banter krungu nang salon. Dee gak sadar nek klambine dipasangi mikrophone. Penonton tambah ngguyu kekel ndelok Boy misuh-misuh. Mas Yance isin, ngamuk-ngamuksikile mancal-mancal njejeki kursi nang ngarepe. Krune goblok ancene, masang kabel ae gak enthos. Cuk, loro cangkemku ketatap jagrak! Penonton tambah kekel ngguyune. Boy ngadeg maneh karo ndeloki Mas Yance sing njambaki rambute dewe gara-gara stres. Lho, mas jarike suwekyok opo ikiditerusno ta ganti disek? Boy takok nang Mas Yance. Ancene goblok arek iku dee gak sadar nek suarane mlebu nang salon. Disiarno live pisan. Penonton tambah ngakak. Mas Yance sing njaluk tambahan infuse. Boy maju nang tengah ambek nggoceki jarike sing suwek. Cangkeme sik misuh-misuh gak jelas.Tivi sing nyiarno live, langsung nampilno iklan, onok sing nyiarno alasan gangguan teknis. Onok sing langsung nyiarno acara binatang-binatang, padahal duduk jam tayange. Onok sing langsung nyiarno siaran ulang Persebaya lawan Arema tahun 2006. TVRI langsung nyiarno dunia dalam berita, padahal sik jam wolu bengi. Yok nopo sih, Buk, Mas Boy nikuathik sampean wis kadung telpon ibu-ibu arisan pisan, Yu Mi mulai adu-adu. Wis, koen ojok kakean cangkem. Boy iku ancene huh nggregetno. Ngisin-isini ancene! Umik nyawat Yu Mi remote tivi. Oke, gak papa. Yang itu tadi adalah kecelakaan yang bisa saja terjadi pada siapa saja dan kapan saja. Sekarang coba kamu tunjukkan bakat kamu, jare dewan juri.

Boy gak isok konsentrasi blas, gara-gara kedadian mau. Otake blank (asline yo gak onok isine). Dee lali ate nampilno opo. Maaf, saya agak blank eh, gini aja, saya mau nyanyi saja lah daripada pusingBoy langsung nyanyi, Garuda Pancasila akulah pendukungmu patriot proklamasi koyok arek SD, cuk. Angga ambek Anya ngguyu kekel. Asu! Ancene arek gendeng Boy iki, batine. Prihatin bangsakutidak maju-maju..tidak maju-majutidak maju-maju. Penonton ngguyu ngakak ndelok kelakuane Boy sing koyok asu iku. Sudahsudah mendingan kamu melawak saja. Kayaknya kamu ada bakat jadi pelawak, bukan penyanyi, saran jurine. Gini aja, dewan juri tak kasih tebakan. Penonton pisannek isok njawab takkeki satus ewu. Yok opo? tantang Boy. Oke, apa tebakannya? jare juri barengan. Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok? Penonton rame kabeh nyobak njawab pertanyaane Boy. Ayomosok sakmene akehe gak onok sing isok Ayo pak walikotaikut njawab, kalo bisa tak tambahi jadi rongatus ewu Opo bedane sepeda montor wedok karo wong wedok Dewan juri karo Penonton nyobak njawab tapi, gak onok sing isok. Kathokkathok nyerah jare penonton. Jawabane, nek sepeda montor wedok iku dikumpo dhisek, baru ditumpaki... Lha nek wong wedok ditumpaki dhisek baru.. DIKUMPO!! jare penonton barengan ambek ngguyu. Dewan juri ngguyu thok ae ndelok kelakuane asu iku. Ayoyang terakhir, coba kamu buat pantun atau parikan! Ngombe jamu gelase bathok.. jare Boy. Opo artine? takok jurine. Jurine lemu hak isok ndhodhok, jawab Boy. Hahaha juri sing loro ngguyu juri nang pojok sing ancene lemu. Juri sing lemu mrengut ae. Bo abo nak-kanak tambah Boy. Artine? takok penonton. Juri sing kribo ambune sengak, saut Boy. Hahaha ganti juri sing lemu ngguyu juri sing rambute kribo. Sampun nggihkecap santen toya kelopo yu painten ketiban cendelocekap semanten parikan kulo tiyang nggantheng niki nyuwun ngapuro, jare Boy terus mudhun panggung. Sakwise kabeh finalis dites nang panggung, saiki wayahe pengumuman sopo sing dadi pemenang Cak dan Ning Suroboyo. Kabeh finalis munggah panggung maneh. Cak karo Ning

Suroboyo tahun wingi yo melok munggah ambek nggowo selempang gawe pemenange. Mari ngono diumumno pemenang miss congineality, terus cak persahabatan, ning berbakat, ning favorit, dan lain-lain. Pemenang Cak dan Ning Surabaya tahun ini adalah Cak Angga dan Ning Anya.. penonton tepuk tangan kabeh, Hadiah yang akan diterima adalah trophy bergilir, uang tunai, dan tiket wisata ke Bali pp Kabeh royokan ngerangkul ambek nyalami Anya karo Angga. Mas Yance pisansok berjasa Berikutnya yang terakhir untuk Cak favorit pilihan pemirsa, dengan sms terbanyak adalah.CakBooooooy. jare mc. Wong-wong nggoleki Boynang endi arek iki. Angga tolah-toleh, dipikir Boy nang panggung pisan. Tibake asu iku lagi mangan sego kotakan nang pojokan. Ancene kemalan badhogan temen. Sikdilukwetengku luwe, cuk! jare Boy ambek mlayu munggah panggung. Kesusu-susu mlayu, lali nek nggawe jariknang ndukur panggung kesrimpet maneh sikile. Brak!!Boy nyosop nibani Mas Yance sing lagi ngatur posisi nang pinggire panggung persis. Mas Yance kesurung njungkel tibo tekok ndukur panggung nang ngarepe dewan juri. Lumayan yodukure panggung ae sekitar sak meter setengah. Aduhaduhsetan itu gak ada brentinya nyiksa ike tolong ike diinfusjauhkan ike dari syetan yang terejam itu, jare Mas Yance, terus semaputdalam kedamaian.

MINGGATMINGGATMINGGAT (SIKUEL SI BOY No.4) Share Saturday, August 8, 2009 at 5:32pm Boy, Sony, karo Kosim ngowo thok ndeloki omahe Angga sing guedhe iki. Awan iki are-arek ancen niat dolin nang omahe Angga. Omahe rong kapling nang daerah Galaxy, Surabaya Timur. ck ck ck mobile sampek gak cukup nang garasi. Onok ji, ro, lu, pat, mo, nem, pitu, wolu, songo Masak-alah iki omah ta showroom mobil, pikire Boy. Jancuk, omahmu gedhene, Ngga. Koyok omahe Michael Jackson,jare Sony. Sekolah nang ndesoku ae kalah gedhe, jare Kosim ambek mbayangno sekolahe sing remek kabeh nang Meduro, ngenteni dana tekok SBY. Omahe ebesku, duduk omahku, jare Angga. Podho ae, jare arek-arek. Mobil sakmono akehe iku digawe kabeh, Ngga? Iyo, onok sing digawe Papa, Mama, adikku, pembantu. Cuk, babumu lo uripe luwih mulyo timbangane Kosim. Aduh, Nyahmbok dipasang eskalator mawon timbangane kulo munggah mudhun terus, pegel, jare babune.

Leres, Nyah, kados teng Carrefour niku loenak Kamar kulo AC-ne nggih mati Nyah, ongkep nek dalu, jare babu liyane. Asukamare babu ae dikeki AC kos-kosane Kosim po-o, kipas angine sempal kabeh. Isok muter tapi limolas menit thok, trus matek sampek isuk jare Boy. Ma, iki konco-koncoku kuliahkenalno rekiki Mamaku, jare Angga. Oh, iyasaya Mamanya Angga, ini sapa? Boy? Ini Sony lha ini yang kecil? Kosim, Tante, jare Kosim. Kosim? Koyok nama tukang kebon kita dulu yo Nggaayo, Ngga, koncomu dijak mangan disek..ketoke kok kaliren si Boy iki, jare Mamane Angga dengan ramah. Cuk, asu, eruh ae Mamane Angga iki, batine Boy. Wadadah...nambahi penggawean ae, jare babune sing semlohe ambek nyepakno mangan. Ngrusuhi wong fesbukan ae, jare babu liyane karo ngetokno blackberry-ne. Cuk atase babu ae nggawe BB, hape-ne Kosim ae model lawas sing layare monochrome cumak abang thok, trus suarane yo monophonic, keypad-e opo manehgak onok sing ketok hurufe, wis nglenthek cet-e. Ayo, makan dulu, gak usah malu-malu. Tante tinggal ya. Pamit Mamane Angga. Arek-arek kaget ndelok panganan nang mejo. Sony karo Kosim sing model kos-kosan langsung nyarap koyok kere gak menangi mulud. Cuk, panganan sakmene akehe, koen kok yo gak lemu-lemu se Ngga? Enak-enak pisankoyok nang acara mantenan ae,jare Sony ambek njupuk lidah asap. Ngga. Nek gak entek, takgowo mulih yo, gawe nang kos-kosan, jare Kosim ambek njupuk lobster. Cuk, ojok ngisin-isini koen, Sim. Boy ipok-ipok jaim, padahal dee yo kaget ndelok panganan sing koyok nang hotel iku. Aduh-aduharek-arek iki cik akehe wong mbambung nang wetenge, jare babu sing untune mrongos ambek ngetokno pai apel gawe dessert. Nggacor ae, juragane lo gak protes. Awakmu atase babu ae kakean cocot, jare Boy. Mari mangan arek-arek munggah nang kamare Angga. Nang kamare Angga, opomaneh... AC, home theater, Tv kabel, wis takoyok hotel bintang lima temen. Onok Gym-e pisan kelas temenan Wah, sangar, Pak, onok kamar mandi dalame pisan nek nggowo cewek isok langsung jret-jret, jare Sony sing uteke mesum. Asu, iki pikirane lak konokan tok ae, jare Boy ambek langsung ndeloki koleksi dvd-ne Angga. Bokepe onok gak Boy? takok Sony. Sik talahaku yo nggoleki iki lojare Boy. Kosim wis kungkum nang bathtub wenak paktimbang nang kosan, adus ae antri, ngising

ae gentian. Sim, nek ate kungkum nang kolam renang ae, jare Angga. Onok ta? takok Kosim. Onok , nang mburi. Ayo nek kepingin Aku melok! jare Boy. Son, koen nek nyetel BF suarane offno yo, ngkok krungu pembantuku nek kebanteren, jare Angga. Oke bosMiyabiIm comingjare Sony. Bedhes iku seneng atine koyok ketiban duren.

***

Mari kuliah, Boy, Angga, Sony, karo Kosim cangkruk nang parkiran. Males ate cangkruk nang kantin. Mblenek ndelok raine Mbak Pat. Herene lolapo cangkruk nang kononang cafku kene lo! Bengok Mbak Pat. Mohbosen, ndelok sampean thokgak onok hiburane blas, jare Boy. Oalah, pingin hiburan tojadi aku mokkongkon striptis,gitu? ahjadi malu jare Mbak Pat ambek nutupi raine. Cukjancuk.rai koyok cithakan apem ngono kok yo sik kemayu Boy gregeten. Tapi body gue seksi kankayak maia ratu Mbak Pat pamer bangkekane ambek motone kethip-kethip. Iyakayak mayat asu jare Sony. Arek-arek gak ngurus Mbak Pat sing ngosek-ngosek nang cagake warunge koyok penari striptis. Enak yo Ngga, awakmuopo-opo wis cemepak, sembarang wis tersedia. Mobil garek milih, mangan garek nyidhuk, duwik garek nggunting, jare arek-arek. Yo yo-opo maneh, onoke yo iku mosok ate gak digawe jare Angga. Rumongso gak direken arek-arek, Mbak Pat semakin berani. awake digrujuk karo banyu sak ember cek timbul efek kaos basah. Arek-arek tambah gilo, gak terangsang blas. Ebesmu kerjone opo se, Ngga? takok Sony. Yo pengusaha biasa. Eh,sik yo hapeku muni. Angga nompo telpon nang hapene. Mbak Pat sing gak direken arek-arek tambah kesetanan. Kaose dibukak garek kutangan thok ambek mendesah-desah koyok wong kepedesen. Eh, rek, aku disikan yoate nang rumah sakit, ebesku mlebu UGD. Iki adikku sik tas telepon, pamit Angga. Yo wis, ayo ngalih pisan, timbang nang kene ndelok wong gendeng kutangan thok. Mbak Pat muangkel ndelok aksine gak dianggep arek-arek. Malah arek-arek SDN Airlangga

sing mulih sekolah ngelokno. Wong gendengwong gendengwong gendeng Mbak Pat langsung muntap dilokno arek cilik-cilik. He, kirik kabeh. Gak tau diajar wong tuone yo!!! jarene ambek nyawati arek-arek mau karo piring plastik Ojok mlayu koen, kene...taknyunyuk rokokku iki! Wong gendeng ngamukwong gendeng ngamuk jare arek cilik-cilik karo mlayu sipat kuping.

*** Wis telung dino sejak kedadian wingi iku Angga gak tau ketok nang kampus. Hapene yo gak isok dihubungi. Arek-arek yo gak onok sing eruh. Koen gak eruh ta Boy? Takok Sony. Embuh, Sondee gak pamitkoen gak dipamiti Nya? Takok Boy nang Anya. Gak iku Boy, hapene yo mati terus, jare Anya. Iyo Mbak Anya, hapene mati terus biasane lo Mas Angga sms aku, takok sudah makan belum? Kalo tidur jangan malam-malam, jare Mbak Pat Taek, iyo,ta? takok Boy gak percoyo. Jancuk, lapo aku mbujukiiki lho sms-e nek koen gak percoyo, jare Mbak Pat ambek nduduhno hapene. Iyo-eaku gak nyongko nek Angga onok hubungan khusus karo sundel bolong iki,jare Boy. Tapi, sikiki duduk nomere Anggaiki nomere KosimiyoSim iki lak nomermu se? Kosim manthuk ambek ngempet ngguyu Oodadi selama iki duduk Mas Angga sing sering sms aku ootibake asu ikijare Mbak Pat ambek mlayu karo nyincing roke nguber Kosim sing wis mlayu ndisiki. He asu, mandeg koentak tampeki kene raimu nggarai wong tuek ae penggaweane telok lemak sempel iku Mbak Pat bengok-bengok.

*** Boy mlayokno tigere mulih, tapi moro-moro dee kepikiran Angga. Pasti nang lapangan basket biasane Angga latihan. Pas tekok nggone Boy ndelok Angga latihan basket dewekan. Ngga!!! bengok Boy. Angga noleh tapi meneng ae gak ngereken Boy. Boy marani Angga nang tengah lapangan.

Nggakoen nang ndi ae se, gak tau ketokgak isok ditelepon jare Boy. Duduk urusanmu Boy, jare Angga ambek terus latihan. Koen lagi onok Masalah ta? Duduk urusanmu, cuk! Angga emosi ambek nguncalno bal basket. Boy kaget dipisuhi Angga, tapi dee meneng aeYo wis, nek koen pingin ngomong, aku nang sebelah kono ngisore Papan skor, jare Boy ambek mlaku nang pojokan. Gak tapek suwi Angga marani Boy lungguh nang jejere. Sori, Boy aku lagi sumpek, jare Angga ambek ndingkluk. Gak popo, Ngga nek koen lagi gak pingin ngobrol yo gak popo. Arek-arek cumak kuwatir kok jare Boy ambek nyumet rokok. Boykoen eling pas aku ditelpon adikku dikongkon nang rumah sakit Pas iku Papaku hb-ne rendahterus harus transfusi darah gawe menaikkan hb-ne dee. Pas iku aku ate donor, tapi tibake golongan darahku seje karo Papa. Padahal aku ambek Mama ambek adikku golongan darahe seje pisan. Papaku A, adikku B, Mamaku B, lha aku Osampek omah, Mama takdhedhes taktakoki opoo golongan darahku seje dewe? Pertamane Mama gak gelem ngaku. Tapi takdhedhes terus akhire Mama ngomong nek aku iki duduk anak kandunge Mama Papa. Heh?!! Boy kaget. Rokoke langsung dipateni.Mosok? Iyo Boy, bapak ibuk kandungku wis mati kit aku umur setahun nang Kalimantan. Aku dipek anak karo Papa Mama sampek saiki... Boy meneng ae gak eruh ate ngomong opo. Adikmu? Adikku anak kandunge Papa Mama, Boy mangkane aku sumpek nang omah, Boy aku kepingin eruh kuburane wong tuo kandungku, paling gak eruh fotone lah tapi Mama ngomong gak eruh nang ndi kuburane opo maneh nduwe fotone, jare Angga ambek motone mbrabak.. Pirang dino koen gak mulih omah? takok Boy. Rong dino iki Koen turu nang ndi, Ngga nang omahku ae yo.. Gak wis Boy suwun yo omongno arek-arek aku njaluk sepuro jare Angga ambek ninggalno Boy. Boy sik thenger-thenger shock

*** Sampek omah Boy langsung nggoleki Umik. Umik Umik bengoke gak ndelok Yu Mi sing lagi kelesetan nang jubin langsung keidek-idek Boy.

AduhMas Boy niki yok nopo segak ndelok wong kelesetan ta? protes Yu Mi ambek nyekeli boyoke. Mangkane ta kelesetan kok nang tengah dalan. Takpikir keset mau. Umik Umik. Boy bengok-bengok. Walah onok opo se? bengak bengok koyok nang terminal ae..! jare Umik metu tekok jedhing. Mik aku saiki takok nang Umik, jawaben sing jujur sejujur-jujurnya yo Takok opo koen?Arek iki kesambet opo se Yu Mi kok moro-moro ngomong gak jelas ngene? jare Umik. Aku iki anake sopo? Anake sopo yo-opo? Gendeng arek iki wisan jare Umik. Wis ta jawaben aku iki anake Umik ta duduk? Duduk koen lo mlethek tekok watu sempel arek iki. Sing nggembol koen sangan wulan lo, aku...yo-opo arek iki, Umik tambah bingung. Temen ta Yu Mi temenan aku iki anake Umik karo Abah? Boy takok nang Yu Mi. Sampean dibujuki Umikasline sampean sing nemu aku nang tempat sampah ngarep diwadahi kresek abang dieker-ker kucing, jare Yu Mi. Yu Mi takjejek temen lo cangkemmu! sentak Umik. Bukelingsampean wis hajjah nek ngomong ditoto disampluk moloekat mengke jare Yu Mi. Lha koen nggarai aku stress ae, jare Umik. Wis talah aku iki anake sopo?? Boy ngotot. Yo anakkuarek iki droko gak ngakoni wong tuane. Ate dadi maling kondang (maksude Malin Kundang) ta koen.? Yu Mi album foto cilikane Boy gowoen mrene! Cek ndelok dewe arek iki cilikane biyen jare Umik. Walah buk sampun mboten wonten Yu Mi njawab enteng. Gak onok yo-opo se.. mok deleh endi kabeh? Kulo buwak sedoyo buk fotone elek-elek gambare lo hitam putih sedoyo, jare Yu Mi karo njabuti rambut keleke. Kemproh ancene Yu Mi iku. Koen iki gendeng kok ancene Yu Mi foto jaman biyen yo hitam putih kabeh, goblok. Gak onok sing berwarna. Endi saiki albume! Umik emosi ndelok kelakuane Yu Mi. Tenang ae buk.. albume mpun kulo ganti sedoyo fotone kalian foto artis-artis. Sae-sae buk sedoyo berwarna Koen iku sekarat ancene Yu Mi lapo album keluarga isine mokganti fotone Sahrukh Khan, Aksay Kumar, Sri Devi Kulo lo mboten seneng artis Indonesia buk sering kawin cerai, Yu Mi membela diri. Umik golongan darahe opo? takok Boy. Aku lo golongan darah O, podho karo koen. Abahmu golongan darahe A. jelas Umik.

Kulo golongan darah rendah, jare Yu Mi. Gak ngurus raimu, sentak Boy. Mbuhpokoke aku ate tes DNA ! Boy mekso. Tes DNA? Tes Opo iku koyok tes SIM ngono iku ta? Gawe opo? takok Umik. Bukbukndeso. Kados sing teng sinetron niku lo Luna Maya dites DNA, damel mestekno anake niku bapake Ariel nopo mboten? jelas Yu Mi. Lho Luna Maya wis rabi karo Ariel ta? takok Umik. Walahniki sinetron mboten temenanAnake niku dites DNA, bapake Ariel nopo Raffi? Lho Raffi iku karo Yuni Shara gak karo Luna Maya yo, goblok ancene koen iku, Yu Mi, jare Umik. Boy ndhase tambah mumet. Moro-moro Abah metu tekok kamar. Opo ae se rek, kok rame ae kit mau? jarene. Bah, aku iki anake Abah ta duduk? takok Boy. Nasi uduk? Mohaku gak seneng. Jare Abah. Oalah yo ancene budheg jare Boy. Gudheg? Gelem aku Boyo. Endi kene? Boy langsung mlayu nang kamare karo nutupi kupinge. *** Boy, Sony karo Kosim isuk iki nang rumah sakit Karang Menjangan. Nemoni dokter gawe tes DNA. Jadi Mas mau tes DNA? takok doktere. Iya, dok saya mau cocokkan DNA saya dengan ibu saya, jare Boy. Kenapa kok gak yakin kalau mereka ayah ibu kandungmu? takok doktere. Ya soalnya saya kan ngganteng, lha Umik sama Abah itu wajahnya biasa-biasa, gak mirip blas, jare Boy mekitik koyok asu. Doktere cumak ngempet ngguyu ndelok asu iku. Oketapi biayanya mahal, lo Ehmberapa dok? Yapuluhan juta, jare doktere. Heh??? Duwik kabeh opo dicampur godhong? Yang bener dok? Iya, memang mahal, karena peralatannya pun mahal. Duwik gambar garengorang operasi bibir sumbing adiknya Kosim aja gratisMasak gak ada diskon se Dok? jare Boy. Yateknologi memang mahal Boy langsung nyeluk Kosim, nyilih kartu gaskin sing mesti digowo Kosim nang endi-endi. Kalo pake kartu gaskin ini gak bisa dok. Ini kan untuk keluarga miskin? Masak gak ada

keringanan? rayu Boy. Doktere cumak godheg-godheg. Wis Boy, prikso nang puskesmas nggonku ae, nang Burneh. Murah, isok mbayar nggawe telo opo pohong, jare Kosim. Mattamu Sim, iyo nek prikso watuk opo pilek. Iki lo tes DNA! Lha iya Boy aku yo pernah periksa ndek kono lengkap kok, onok alat SPG gawe ndelok bayi nang weteng, jare Kosim. USG goblok.wis wis, mulih ae larang perikso nang kene, Boy ngejak arek-arek nyingkrih. Iyo, jare Sony, Nang wong pinter ae, Boy. Onok dukun nang Lumajang isok ndelok, Boy. Jancikiki manehlaopo mblakrak sampek Lumajang barang Iyo, Boy wong bibikku ilang lo isok ketemu maneh karo pamanku gara-gara dukun iku. Mosok nggoleki wong tuo aslimu thok ae gak isok, jare Sony. Bibikmu lo ancen minggat, gak tau diopeni pamanmu. Wis, talah gak athek tes DNA, TNT, BCA wis pokoke garek nggowo kembang telon karo endok pitik kampung thok. Wis ketemu, jelas Sony. Moh, raimu gendeng cuk sirik iku, tolak Boy. Iyo, sirik tanda tak mampu, jare Kosim. Moro-moro Mbak Pat mlebu ruang periksa. Dok, disini bisa operasi silikon ya? takok Mbak Pat. Cukasu iki melok pisan, gremeng Boy. Gimana dok? Saya ingin seperti Krisdayanti lo, dok katanya dia opersai plastik juga kan.? jare Mbak Pat ambek mbukak klambine, trus dicantolno mburi lawang. Arek-arek langsung mlayu semburat kabeh ndelok Mbak Pat kotangan thok kampul-kampul koyok wewe gombel iku. Doktere pisan mlayu ndelik nang toilet ambek mutah-mutah. Untung security bagian Poli Penyakit Jiwa langsung teko. Mbak Pat langsung diseret metu digowo nang barak. Sik, ta cukasuojok main seret ae. Klambiku lo keri, jare Mbak Pat cumak kutangan thok ambek jerit jerit. Arek-arek SDN Airlangga sing mulih sekolah bengok-bengok maneh. Wong gendengwong gendengwong gendeng, jare arek-arek cilik iku. Asu ancene arek SD saiki mokong-mokong

***

Dino iku, Angga ambek Boy, Sony, karo Kosim pisan cangkruk nang lapangan basket. Dadi koen sik durung mulih nang omahmu blas Ngga? takok Boy.

Angga godhe-godheg Mon tedhung na kemma, Ngga? takok Kosim. Ojok nggawe boso planet ta cuk, Boy protes. Tidurnya itu lo dimana? Boy iki emosian, jare Kosim. Lha koen nggawe boso Inggris Temor ngono, jare Boy. Aku tidur di hotel, jare Angga. Wenak, cuk onok hostes-e gak, Ngga? Purel, purel, nek gak ngerti hostess, takok Sony. Cuksempak sitok iki gak ngerti nek koncone kesusahan balon thok ae sing onok nang utek-e, sentak Boy. Yo untunge kartu kreditku akeh, dadi aku gak repot. Turu nang omahku yo gak popo kok Ngga, timbangane duwikmu entek, jare Boy. Suwun Boy, gak usah cumak masalahe engkok nek duwikku wis entek yo-opo iki, jare Angga. Yo gampang njaluk ae nang Papamu dee kan sugih. Duwike lo gak entek gawe tujuh turunan tujuh tanjakan, jare Boy. Moh, aku gak gelem njaluk duwik manehPapa Mama jahat kabeh, mbujuki aku kit cilik. Karuan aku nggolek kerjo ae. Moro-moro onok adike Angga, jenenge Putri, ngampiri arek-arek. Mas AnggaMas Angga nang endi ae sih, Mas jare Putri. Angga ngadheg trus mbentak, ngalih-ngalih lapo koen mrene gak usah nggoleki aku. Aku lo duduk Masmu! Mas aku iki gak eruh opo-opo aku yo stress sik tas ngerti nek Mas Angga iku duduk Mas kandungku. Tapi yoopo maneh? Putri emosi pisan. Mbuhmbuh.. minggir! jare Angga ambek metu lapangan basket Mas Mama saiki iku nang rumah sakit nggoleki sampean terus! Putri mbengok karo nangis. Gak ngurusjare Angga ambek terus mlaku nang parkiran. Mas Mama iku telung dino iki wisan gak gelem mangan, gak gelem ngomong, njaluk ketemu sampean thok. Sampean kok jahat se? Putri marani ambek mlayu. Angga mandheg Mama iku saiki diinfus Papa bingung nggoleki sampean hapemu mokpateni jare Putri. Boy siap-siap ate ngomong, tapi cangkemme langsung dibingkep Sony. Sony eruh disaat urgen koyok ngene, omongane Boy biasane mblakrak gak karuan, padahal Boy lo cumak ate ngomong, Ngga kancing klambine adikmu lo mbukak siji tali kutange ketok Ayo, nang rumah sakit, jare Angga karo nyeret adike. Ayo melok pisan! jare Boy ngejak Sony karo Kosim. Lapo melok? takok Sony. Kancing klambine adike Angga lo mbukak

Sampek rumah sakit Angga langsung marani Mamane sing diinfus. Mamane langsung ngrangkul anake iku. Masepurane, Ma Mama ojok koyok ngene maneh, Angga njaluk sepuro Mamane. Nggaakoen nang endi ae, Le turu nang enditrus mangan opoKoen iku anakku Mama iki Mamamu, Le sampek kapan tetep Mamamu ojok lungo-lungo maneh karuan mati ae Mama iki nek moktinggal, jare Mamane. Mama ojok ngomong ngonoIyo, maaku janji gak minggat maneh tapi Mama yo gak oleh ngene maneh, jare Angga karo ngempet nangis ndelok Mamane koyok ngono. IyoiyoMama janji, pokoke koen gak minggat maneh yo, jare Mamane ambek ngambungi Angga. Angga gantian dirangkul Papane. Papa njaluk sepuro, Le, gak ngandani koen kit biyen tapi koen yo kudu eruh nek koen iku anakku... gak onok bedane karo Putrikabeh anake Papa Mama, jare Papane Angga karo ngrangkul Putri pisan. Boy, Sony, Kosim, karo suster sing ndelok cumak isok mingkem thok ndelok kedadian iku. Dee gak sido ngomong, Ngga kancing klambine adikmu lo mbukak siji tali kutange ketok Moro-moro onok wong wedok diseret petugas keamanan karo bengok-bengok. Wong-wong kaget kabeh. Tolong ..asukirik kabeh aku iki gak gendeng cuk,aku cumak pingin operasi plastik, cuk, jancuuuuk jare wong wedok sing diseret cumak kutangan thok iku( koen pesti eruh sopo wong wedok iku) ***

You might also like