You are on page 1of 1

PEMBERANTASAN SARANG NYAMUK METODE 3M Ass.Wr.Wb konco-konco ku kabeh sing tak tresnani.

Mbarengi kemajuane zaman ing kutho surabaya iki,akeh omah gedhong sing ngebaki kutho,nganthi ora ono lemah sing sela,wekasane banyu udan ora bisa mili,jalaran akeh sing podho lali ora gawe urung-urung kanggo lakune banyu,katambahan uwuh sing di buang sembarangan dadi numpuk,banjur dadi susuhe lamuk-lamuk. Mongko kita kabeh ngerti,yen lamuk kuwi nggarahi leloro sing wernowerno,utamane loro demam berdarah. Opo maneh yen lagi mongso udan,ayo kabeh konco pho ngati-ati. Kanggo njogo sumebaring leloro,sing di sebabake lemuk mulo ayo podho nindhakake program pemerintah sing disebut 3M : ingkang sepindah1.Menutup :Tegese tandhon-tandhon banyu kudu di tutup sing rapet ojo nganti lamuk ngendog ing kono. Ingkang ongko kalih2.Menguras :Karepe podo nguras bak-bak adus,potpot kambang,papan ngombene manuk lan liya-liyane. Setitike seminggu kaping kalih Ingkang ongko tiga3.Mengubur :Tegese barang-barang rosokan,sing bisa dadi susuhing lamuk,koyoto Omplong botol-botol aki sing wis ora kanggo,kudu dipendhem. Kudu dingerteni,yen lamuk Aedes sing njalari demam berdarah kuwi sobone ora mung wengi wae,senajan isuk ugo golek mangsa senenge malah ono ing panggonan sing resik-resik. Kae ono slogan : luwih becik nyegah ojo nganti loro,tinimbang kebacut loro. Mulo ayo konco kabeh podho ngati-ati ojo sampek awake dewe kabehkeno sesakit Demam Berdarah Ws.Wr.Wb.

You might also like