You are on page 1of 2

ASAL USUL PACITAN

Jaman biyen, sing dadi raja ing Mataram jenenge Sunan Pakubuwono. Sunan duwe adi jenenge Pangeran Mangkubumi. Pangeran Mangkubumi kuwi duwe jasa akeh karo Mataram. Nanging Sunan Pakubuwono klalen ora menehi jabatan marang Pangeran Mangkubumi amarga kena hasutane Patih Pringgalaya. Iku sebabe Pangeran kecewa atine lan arep lunga saking Mataram. Pangeran Mangkubumi sengit lan ora seneng karo Belanda. Oleh sebab kuwi Pangeran Mangkubumi arep ngusir Belanda saka Mataram. Akhire Pangeran lunga ninggalke Mataram karo para pengikute. Pangeran lan pengikute perang nganggo taktik Gerilya sing pindah-pindah kanggo nglawan Belanda. Nanging ana sepisan Pangeran kalah amarga kentengan bekal. Akhire Pangeran mundur menyang Laut Kidul, lan akhire anjuk ing Bukit Gunung Puger sing tandus. Ing kana Pangeran lan pengikute pada liren. Wektu kuwi pengikute Pangeran tinggal wong 12. Salah sijine jenenge Setraketipa, sing tugase ngrawat jarane Pangeran. Setraketipa pancen abdi sing setia, dheweke ngerti yen Pangeran lan kanca-kancane wis pada kesel, lemes lan ngelih. Dadi Setraketipa luruh woh-wohan lan banyu kanggo Pangeran lan kanca-kancane ing alas Gunung Puger. Ing kana, Setraketipa ndheleng akeh tanduran woh pace (Mengkudu) sing ambune

nyengat lan rupane elek. Nanging Setraketipa ora tega menehi Pangeran woh kuwi. Dadi Setraketipa luruh maneh lan entuk setitik banyu lan woh pirang iji lan diwenehna menyang Pangeran lan kanca-kancane. Dheweke mangan ampas lan nginum banyune Pace. Saben dina dheweke mangan Pace lan awake tambah seger lan kuwat, dheweke ya uga sing luruh woh-wohan kanggo Pangeran. Nganti ana sedina Pangeran bingung ndheleng Setraketipa sing tambah kuwat lan seger, nanging dheweke durung pulih, akhire Pangeran nakoni Setraketipa, menapa Setraketipa saya kuwat lan seger? Setraketipa njawab yen saben dina dheweke mangan lan ngombe Pace, dheweke wedi menehi woh kuwi marang Pangeran mbokan Pangeran nesu. Bar kuwi Pangeran dhawuh marang Setraketipa kanggo njupukna Pangeran woh Pace, ajib sawise mangan woh kuwi Pangeran ngrasa kuwat maneh. Sesuke Pangeran lan pengikute nglanjutke lunga menyang wetan. Ing perjalanan akeh woh Pace padha tukul. Pangeran Mangkubumi janji yen perjuangane nglawan Belanda berasil, daerah Pace sapengetan diwenehna marang Setraketipa sing wis berjasa. Lan sejak kuwi daerah kuwi diarani Pacetan. Saiki daerah Pacetan kuwi dadi kabupaten Pacitan.

(Cerita Rakyat Dari Pacitan oleh Edy Santosa)

You might also like