You are on page 1of 7

1

BAB III METODE PANALITEN

3.1 Rancangan Panaliten Ing sajrone panaliten, salah sawijine tahap kang wigati yaiku metode panaliten. Metode iku minangka piranti kang dipilih dening panulis supaya asil saka panalitene bisa dipertanggungjawabake ing bebrayan. Djajasudarma (1993:3) ngandharake yen metode panaliten iku minangka piranti, prosedur lan teknik kang dipilih dening panulis kanggo naliti (kanggo ngumpulake data lan nganalisis). Metode panaliten basa ana gandheng cenenge karo tujuan panaliten basa. Panaliten basa tujuane kanggo nglumpukake lan ngolah data sarta nyinaoni kadadeyan-kadadeyan basa. Moleong (2006:4) ngandharake menawa panaliten kang nggunakake metode kualitatif yaiku panaliten kang nggunakake prosedur tartamtu kanggo ngasilake data deskriptif kang wujude tembung-tembung kang katulis utawa lisan saka manungsa lan solah bawane kang bisa diamati. Ana ing sajerone panaliten kualitatif metode kang biasane digunakake yaiku wawancara, pengamatan, lan metode kang manfaatake dokumen. Saliyane iku, Mahsun (2005:233) uga ngandharake menawa panaliten kualitatif nduweni tujuan mangerteni fenomena sosial kalebu uga fenomena kebahasaan kang lagi diteliti. Milles (1992:1) nambahake yen data kualitatif awujud sumber saka deskripsi sing rowa lan dhasare kuwat sarta ngandhut andharan ngenani prosesproses kang dumadi ing sapanggonan. Kanthi panaliten kualitatif bisa ngajak panulis antuk panemu-panemu kang ora dinyana-nyana sadurunge. 25

Saka andharan ing nduwur wis cetha menawa punjere panaliten iki yaiku nggunakake pendekatan deskriptif kualitatif. Sudaryanto (1992:62) ngandharake yen panaliten deskriptif yaiku panaliten kang adhedhasar fakta-fakta kang empiris kang urip ing ndhiri penutur. Semono uga panemune Djajasudarma (1993:8) kang ngandharake metode deskriptif minangka metode kanthi cara nggawe gambaran, lukisan kanthi cara sistematis, aktual, lan akurat ngenani data-data, sifat-sifat hubungan fenomena-fenomena kang kanthi cara empiris urip ing dhiri penuture.

3.2 Sumber Data Sumber data minangka sawijine perangan ing panaliten kang nduweni peran kang wigati kanggo nganalisis data. Dadi, panaliten ora bisa kalaksanan menawa ora ana sumber data, semono uga data ora bakal ana menawa panulis ora golek informasi ing lapangan. Arikunto (2002:107) ngandharake menawa sumber data iku, saka wong kang njawab pitakonan utawa responden, bisa arupa tulisan utawa pangucapan. Sumber data ing panaliten iki kang kajupuk arupa tembung, ukara lan tetembungan. Sumber data kasebut dijupuk panulis saka rekaman kang dilaksanakake marang Mbak Tyas utawa asring kasebut mbak Yayah yaiku sawijine bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan kanthi piranti alat rekam (tape recorder).

3.3 Objek lan Subjek Panaliten Objek ing panaliten iki yaiku basa kang digunakake dening Mbak Tyas utawa asring kasebut mbak Yayah bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur

Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan, banjur subjeke yaiku Mbak Tyas utawa asring kasebut mbak Yayah sawijine bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan.

3.4 Instrumen Panaliten Instrumen ing panaliten iki uga nduweni peran kang wigati banget. Instrumen iku minangka piranti kanggo njupuk data panaliten. Arikunto (2002:126) ngandharake yen instrumen minangka pirantine panaliten supaya, metode-metode kang digunakake cocog lan gathuk. Mula saka iku, panaliten iki nggunakake rong instrumen, yaiku: (1) Instrumen Pokok Ing panaliten iki, panulis minangka pihak kang dadi instrumen pokok amarga, panulis minangka pelaku panaliten saka wiwitan nganti pungkasan kang diwujudake ing wujud laporan panaliten. (2) Instrumen Pambiyantu Sarujuk karo panemune Bungin (2001:84) kang ngandharake yen panaliten kang manfaatake metode pengamatan mbutuhake alat pambiyantu amarga, pengamatane manungsa ana watese. Mula ing panaliten iki panulis nggunakake instrumen pambiyantu, yaiku kaset rekaman kang dijupuk saka rekaman gunemane Mbak Tyas utawa asring kasebut mbak Yayah bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan. Instrumen pambiyantu iki kalebu bab kang wigati uga ing panaliten amarga, kaset rekaman kasebut ngandhut data panaliten. Tanpa data, panaliten iki ora bisa dumadi.

3.5 Teknik Pangumpule Data Kanggo ngentukake data ngenani basane BJGIPSM, panulis nekani (observasi) Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan kanggo nggoleki bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur ing Pasar Sayur Magetan. Sawise antuk wong kang karepake, yaiku bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan aran Mbak Tyas utawa asring kasebut Mbak Yayah. Panulis ngetutake bakul jamu gendhong dodolan suwene kurang luwih sesasi, yaiku saka tanggal 25 Januari nganti tekan tanggal 11 Februari 2010. Panulis ngetutake bakul jamu gendhong wiwit esuk saka jam 09.00 WIB nganti tekan jam 13.00 WIB. Panulis muter ngetutake bakul jamu gendhong ider karo nggawa tape recorder. Tape recorder digunakake panulis kanggo ngrekam gunemane bakul jamu gendhong nalika transaksi dol tinuku jamu. Saliyane nggunakake teknik rekam kang wis diandharake ing ndhuwur panulis uga nggunakake teknik simak, sadhap, lan catet kanggo ngumpulake data ngenani basane BJGIPSM. Panulis nggunakake teknik simak kanthi cara nyimak apa wae tembung, ukara lan tetembungan kang diandharake dening BJGIPSM. Panulis nyimak kanthi permati kepriye carane BJG guneman, nyapa mitra tutur, lan pacelathon karo bakul-bakul liyane. Panulis nyadhap gunemane bakul jamu gendhong, panulis nyadhap gunemane bakul jamu gendhong kanthi piranti alat rekam (tape recorder). Nalika panulis nyadhap gunemane bakul jamu gendhong, bakul jamu gendhong ora mangerteni bab kasebut. Dadi bakul jamu gendhong bisa guneman karo mitra tutur lan bakul-bakul liyane kanthi kepenak tanpa nduwe rasa pakewuh amarga gunemane disadhap.

Panulis nyathet bab-bab wigati kang ana sesambungane karo bakul jamu gendhong kayata, bakul jamu gendhong iku guneman karo sapa, dumadi ing ngendi guneman kasebut, lan apa kang digunemane bakul jamu gendhong marang mitra tutur lan bakul-bakul liyane. Sakabehe teknik mau dilakoni panulis kanggo ngumpulake data ngenani basane BJGIPSM. Dadi, karo mider ngetutake bakul jamu gendhong dodolan jamu panulis uga ngrekam, nyimak, nyadhap, lan nyatet apa wae kang ana sesambungane karo basa lan solah bawane bakul jamu gendhong ing Pasar Sayur kasebut.

3.6 Teknik Pangolahing Data Kanggo ngolah data supaya ngasilake asil panaliten kang rowa lan jangkep, panulis ngandharake kanthi tahap-tahap ing ngisor iki : (1) Tahap ngumpulake data. Ing tahap iki panulis ngumpulake data ngenani basane bakul jamu gendhong ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan kanthi cara ngetutake bakul jamu gendhong dodolan ing Pasar Sayur Magetan karo nggawa alat rekam (tape recorder). Dadi data ing panaliten ngenani basane bakul jamu gendhong ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan iki, arupa rekaman basane Mbak Tyas utawa mbak Yayah bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan. Panulis ngentukake data rong kaset rekaman (90 menit) wolakwalik. Data kang isih ana ing njero kaset rekaman kasebut ditraskripsi menyang basa tulis banjur diseleksi miturut undhering panaliten.

(2) Tahap nyeleksi lan klasifikasi data. Ing tahap iki panulis nyeleksi sakabehe data. Data-data kang ora ana gegayutane karo undhering panaliten disisihake (ora digunakake). Data-data kang ana gegayutane karo undhering panaliten, yaiku ngenani wujud ragam basa, alih kode, campur kode, lan pamilihing tembung sarta tetembungan kang digunakake dening bakul jamu gendhong ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan didhewekake. Banjur data-data kasebut diklasifikasi miturut undhering panaliten supaya mengko gampang anggone ngolah data. Data ngenani wujud ragam basa diklasifikasi dhewe, data ngenani alih kode diklasifikasi dhewe, data ngenani campur kode diklasifikasi dhewe lan data ngenani pamilihing tembung sarta tetembungan kang digunakake dening bakul jamu gendhong ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan uga diklasifikasi dhewe.

(3) Tahap ngolah data Sawise data diklasifikasi, data diolah miturut undhering panaliten. Ing tahap iki panulis ngolah data kang arupa basane Mbak Tyas utawa mbak Yayah sawijine bakul jamu gendhong kang laris lan misuwur ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan. Kaya ngapa anggone panulis ngolah data supaya bisa mangsuli undhering panaliten bisa dideleng ing tuladha ngisor iki. (1)BJG (2)BJ (3)BJG (4)BJ : Njuk neh ra Mbah, Mbah Gondor? Njuk neh pa ra? (LD1, H139) Mau lagi tidak Mbah, Mbah Gondor? Mau lagi apa tidak? : Ora, jamumu lulang. (LD1, H139) Tidak, jamumu lulang. : Lulang... iya diulu terus ilang. (LD1, H139) Lulang... iya diulu terus ilang : Jamune lujik ya tak tuku. Hla jik piye jamune? (LD1, H139) Jamunya lujik ya tak beli. Hla apa masih jamunya?

(5)BJG

: Jik, tak jukukne mbah. (LD1, H139) Masih, saya ambilkan Mbah.

Konteks : Wacana tutur (1) nganti tekan (5) minangka pacelathon antarane BJG lan bakul janganan, bakul janganan kasingkat dadi BJ. Pacelathon kasebut dumadi ing njero Pasar Sayur Magetan sisih kulon perangan bakul janganan. Wacana tutur (1) nganti tekan (5) mujudake basa ngoko. Sanadyan, BP luwih tuwa umure tinimbang BJG nanging, BJG anggone guneman tetep nggunakake basa ngoko amarga, antarane BJG lan BP nduweni derajad kang padha ing pranatan status sosial yaiku padha-padha bakulan ing Pasar Sayur Magetan Kab. Magetan. Ing wacana tutur (2) BJ ngandharake ukara Ora, jamumu lulang lan ing wacana tutur (4) BJG ngandharake ukara Jamune lujik ya tak tuku. Hla jik piye jamune? Tegese tembung lulang ing wacana tutur (2) bisa dideleng ing wangsulane BJG ing wacana tutur (3) kanthi ukara Lulang... iya diulu terus ilang BJG ngandharake tegese tembung lulang, yaiku diulu terus ilang banjur kanggo mangsuli wacana tutur (4), BJG ngandharake ukara Jik, tak jukukne mbah. Tembung lujik ing wacana tutur (4) nduweni teges diulu ijik. Dadi, saka andharan ing ndhuwur bisa dideleng yen ing pacelathone, BK nggunakake tembung plesedan, yaiku ing tembung lulang lan lujik.. Dadi bisa didudut yen tegese tembung lulang yaiku diulu terus ilang lan tegese tembung lujik yaiku diulu terus ijik. Luwih cethane maneh ngenani pangolahe data ing panaliten ngenani basane BJGIPSM bisa dideleng ing bab sabanjure, yaiku ing bab pratelan asiling panaliten BJGIPSM.

You might also like