TRI PRAKARA SATRUNING URIP

Tri prakara, satruning ngaurip. Yèn pinêkak: wèh utama. Yèn inguja: wèh sangsara.

MEGATRUH Pêgat-pegat wuwuse pandhita sêpuh / mring sagunging para cantrik / kang samya andhèr nèng ngayun / nyadhang wulange sang rêsi / munggèng sanggar kacariyos // Pan mangkana purwaning wasitanipun / sira kabèh para cantrik / rungokna wêwulang ingsun / môngka sangune ngaurip / aywa na kang kaparojol // Tri prakara satruning manungsa iku / kang dadi godhaning urip / setan lawan donyanipun / miwah daginge pribadi / katrinya tan wèh krahayon // Marmanipun sira kabèh pra manguyu / kudu awas kudu eling / ywa sira nganti kalulut / mring katri kang môngka wèri / wèrining wong mèt krahayon // Lamun ana kang klulut mring katri iku / tangèh ingaran utami / malah kosokbali tuhu / aran manungsa sapalih / mokal eling mring Hyang Manon // Mungguh jèntrèhe katri prakara iku / sun udhare saka swiji / setan iki artinipun / kang tansah ngojok-ojoki / murih nglampahana awon // Nadyan janma yèn nganggo watêk puniku / yakti tan siwah lan iblis / mung tansah mèlèt mêmulut / dimèn katut kanthil-kanthil / kalulut maring piawon // Wus mangkono watêke iblis puniku / tansah ngarah-arah arih / mawèh gunêm manis arum / lir tètèsing madu gêndhis / kang ingarah tan karaos // Yaktinipun gunême kang manis iku / môngka tèdhèng aling-aling / tandukkên paekanipun / ywa nganti cêtha katawis / dènnya nglèlèti piawon // De trangipun watêke iblis puniku / sêngit mring janma utami / dadya kathah krenahipun / nandukkên guna lan dhêsthi / nanging sranane tan mêlok // Adhuh-adhuh sira cantrik lan manguyu / dipun awas dipun eling / mring solah kridhaning mungsuh / kang padha alaku sandi / masang jirêt kang tan katon //

Singgahana kabèh gunêm manis iku / solahbawane katawis / kang ngarah ala puniku / lèjêm liringing pangèksi / wum mêlok yèn arsa goroh // Kang kadwinya sangkalaning urip iku / donya brana rajapèni / rêtna adi myang jumêrut / cinêkak gampanging uni / kabèh kang sorote mompyor // Dayanipun soroting donya puniku / nyulapi tranging pangèksi / lèngkète ngluwihi pulut / nutup netra kanan kering / nyumpêt karna ngrisak batos // Kathah janma dadya ewah miwah gêmblung / mung kalulut rajapèni / datan jêjêg imanipun / lali kang wus dadi wajib / nêrak anggêring Hyang Manon // Wus bênêre manungsa wajib anggayuh / rajabrana rajapèni / nanging aywa nganti limut / mung melik bôndha kang adi / wani nrajang mring wêwaton // Kang kacêtha minôngka upaminipun / punggawa abdi nagari / priyayi apangkat luhur / nômpa bêsêl rupa picis / sing janma kang sugih yêktos // Wigatine nyaosi bêsêl puniku / kinacèka ing sasami / yèn lêpat aywa ingukum / wasana priyayi melik / nômpa picis mlêbu kanthong // Adhuh-adhuh kabèh para cantrik ingsun / aywa sira wani-wani / nglakoni tindak kang dudu / nêrak anggêring nagari / mung ngudi isining kanthong // Iku têtêp janma tan wruh saru siku / mung kalulut êmas picis / lali marang wajibibun / nrajang sumpahe pribadi / mung melik intên mancorong // Katrinipun satruning ngaurip iku / yèku daginge pribadi / myang kabèh karêmanipun / kang kaprah ingaranan mim / iku singkirana yêktos // Luwih kathah cacahing êmim puniku / minum mangan lawan main / madat kaping caturipun / kang luwih gêdhe satunggil / yèku kang ingaran madon // Kang sun rêmbug mung kang aran madon iku / iki karêmaning daging / kang lwih gêdhe dosanipun / kang nêrak prakara iki / klêbu janma kang lwih asor // Datan pae lan sato kang asor tuhu / marma sira para cantrik / cêgahên ardaning kayun / kang kapengin ulah rêsmi / mung nuruti budi asor // Pêrangana kêkarêpan kang tan urus / yèku karêmaning daging / kang tansah murih mêmirut / nutup karna myang pangèksi / anjarag nglampahi awon // Lamun sira bangkit nyandhêt hawa napsu / iku utamèng dumadi / aran unggul juritipun / mêrangi kurdaning iblis / iku manungsa kinaot // .

Marmanipun kabèh cantrik lan manguyu / udharên budinirèki / jèrèngên tawangna gupuh / munggèng pêpadhang sajati / ing kono apa kang katon // Lamun ana kang sisip gêdhe salugut / enggal jumputên pribadi / cêmplungna ing gêni murub / dimèn sirna êntèk ênting / kari bêcike kang mêlok // Mung samono gaduging wêwulang ingsun / adhuh sira para cantrik / cathêtên munggèng kêkulung / minôngka jimat paripih / ywa nganti lali ngrêraos // Wêwêlingku sira kabèh pra manguyu / candhêtên ardaning ati / elinga mring katri iku / setan donya lawan daging / katrinya tan wèh krahayon // Tan paedah sira cêgah mangan turu / salaminya anyênyirik / nanging nguja hawa napsu / nuruti karêping daging / têtêp ingaran wong asor // Para cantrik sandika ing aturipun / dhawuh andika kapundhi / nêdya nglampahi pituduh / andikane kyai rêsi / sang rêsi nulya makuwon // Para cantrik kinèn samya nyuwun rêmbug / yèn wontên pêtênging budi / kênèng sambekalanipun / kang dadya araling urip / puwara gya samya bodhol // Pramila kadhapur wicantênipun pandhita mulang para cantrik. Gubahanipun: ajar ing wukir Lawu. supados botên katingal nyolok mripat. Anggitanipun R. Karta Wardaya SANGUNING AGESANG KINANTHI Kanthi awas lawan emut / santosa sabar ing budi / makatên wêwulangira / para lêluhur ing nguni / yèku sanguning ngagêsang / nèng donya murih basuki // Lire awas têrangipun / sabarang tindaking urip / aswa tilar ing wêweka / wajib titi ngati-ati / jêr donya akèh penginan / kang karya sangsarèng dhiri // Awit ing kalimrahipun / ngagêsang lamun ningali / ing wêwarnan kang sarwendah / miwah mawi amêmelik / kauntungan langkung kathah / tyasira gampang kapengid // .S.

Ing satêmah lalu limut / saking melik gendhong lali / wong dêdulu: ngabotohan / makatên upaminèki / saèstu melik kalintang / wrin pamênang anglangkungi // Jêr saêjam bisa ontung / mênang têlung puluh ringgit / tur sinambi jêjagongan / ngrungokke gôngsa ngêrangin / tibaning gong kabênêran / nêbak bangku angrabasi // Bingahe kalangkung-langkung / lir jawah têkaning dhuwit / kang mulat dahat kapranan / têmah milu anênêmpil / yèn mênang pan dadi tuman / yèn kalah mrih wangsuling dhit // Kang makatên wujudipun / wong tilar waspada yêkti / mung kang mênang kang katingal / kang kalah datan tiniti / gene tan wrin kawirangan / nêmbung utang kèh sujanmi // Yêkti kathah yèn winuwus / bêbaya ingkang pinanggih / wit saking karêm kasukan / wong sugih pan dadi miskin / priyayi kecalan pangkat / wênèh ana nglalu mati // Wontên malih tunggilipun / wong karêm utang kapati / dupèh gampang linampahan / mung muwus kèwês kawijil / nyêngka nganggo têtanggungan / mêsthi lamun dèn sukani // Wêwekane tan dinulu / anakan nêkuk nikêli / mung melik tampaning arta / krasa-krasa yèn tinagih / pinêksa bayar cicilan / mawi ngancam murih miris // Ketang saking ajrihipun / wusana ngupaya budi / utang-utang maring liyan / karya wangsuling panicil / mangke saya kasangsaya / nandhang utang andharindhil // Sigêg ganti kang winuwus / mênggah bab emut puniki / lire emut mring lêlakyan / nênggih utamining urip / sumingkir maring maksiyat / yèku panggawe tan yukti // Jêr ngagêsang yèn kongsi wus / paracidra anindaki / utang ngêmplang ambêbedhang / ambêk siya ing sêsami / colong jupuk èstu têmah / sinirik sakèh sujanmi // Dadya apês badanipun / uripe sinônggarunggi / nambut karya tan tinampan / saya ayun angêngêmpit / candhak kulak bêbakulan / layanane nora sudi // Yèn kalêrês sami kumpul / jroning pasamuan yêkti / kang cêlak tumuli kesah / sumêlang bok diarani / ginêbyah uyah wong ala / katôndha katon nyakêti // Marmane sami dèn emut / marang ing panggawe bêcik / anêtêpi tatakrama / mrih sinihan ing sasami / èstu agêng dayanira / sugih mitra mitadosi // Kêni pininta pitulung / bok ing têmbe angalami / lêlakon kang ewuhaya / anaa kang amadhangi / pêpêtênging manah susah / mrih lêjar lir wingi uni // Wondene ingkang kasêbut / santosa kukuh ing kapti / tan kagiwang ing panggodha / mung mungkul ngèsthi sawiji / kanthi têmên-tinêmênan / mrih katêkan kang kinapti // .

Makatên ing lampahipun / panggayuh marang kamuktin / têtêp budi datan owah / mungkur ing rèh ngujèng kapti / abêbungah tanpa wayah / byung-ubyungan pakardi // Balik malah amilaur / nèng ngomah marsudi budi / kasampurnaning pakaryan / apa ingkang dèn tindaki / insya Allah katurutan / katêkan ingkang kinapti // Mangke sabar kang winuwus / kathah ingkang amastani / tindak ingkang ngulêr kambang / ngalêmêr lir kurang bukti / cinacad tindak tan yogya / makatên klintu sayêkti // Wondene pikajêngipun / tindak kang sabar puniki / lire mawi ngarah-arah / aywa nganti mindho kardi / marma katon datan rikat / saking tindak ngati-ati // Yèn ambabar èstu punjul / kang saya lêga ing galih / kang mulat sami karênan / saking ing pakirtyan awig / satêmah kondhang warata / aindêngi sanagari // Yêkti wontên bedanipun / tindak sabar lawan rindhik / tumrap tindak ingkang sabar / talatèn kalawan titi / datan darbe wêgah sayah / linambaran budi êning // Tindak kang rindhik puniku / kakehan klêthêk yèn wiwit / nadyan garap barang gampang / dangune kapati-pati / ing wusana lêrês lêpat / tarlèn nyuwun pangaksami. .

Sign up to vote on this title
UsefulNot useful