Tanggale 14 Juli 2009. Aku isih eling banget. Isih esuk aku wis ketamon wong lima. Tujuwane kabeh padha, kepengin anake bisa mlebu SMP, awit ana bocah wolu sing mundur saka pendhaptaran senajan wis ketampa. Dene wali murid lima sing mertamu iku kandha daneme anake kurang sithik, pamrihe arep nggenteni kekosongan bangku sing wis ditinggal mundur kasebut. Sawise ngomong ngalor ngidul, lan anak-anake bisa ditampa kanggo ngganteni pendhaptar sing mundur, salah sijine wali murid
2
aran Yul (34 taun) dumadakan njungkel brug ana jogan. Sanalika kabeh padha epyoh tetulung wanita sing lagi mbobot tuwa kuwi. Yul dihoyog- hoyog, diblonyohi minyak angina nganti dadi eling. Dheweke bali lungguh satata. Tamu liyane mung padha nyawang. Durung wae ilang rasa gumune para tamu, kedadak saka gambar wayang kang dakpasang ing ruwang tamu, yaiku gambare Bima kang lagi gelut mungsuh naga taksaka, ngetokake cahya cumlorot putih, mlesat kaya nunjem wetenge Yul. Srrreeetttt! Mlesate cahya mau mbarengi panjungkele Yul maneh ana cedhak meja ngarepku. Aku dadi gugup, semono uga tamu- tamu liyane. Luwih gugup maneh bareng wetenge Yul katon obah-obah sajak bayine lagi kroncalan. Wetenge Yul pating penjelut munggah mudhun ngiwa nengen. Yul nahan rasa lara karo
3
sambat-sambat. Tamu-tamu kang ana ruwang tamu padha nyekeli Yul supaya ora nganti ketatap kursi utawa meja. "Niki wau cahya napa ta pak, kok medal saking gambar wayang niku?" pitakone pak Parman karo nyekeli Yul. "Wah, kula nggih boten ngertos. Wong gambar wayang niki taksih kalih minggu kula pasang. Gambar niki peparinge kanca kula sing asmane mas Darto saking Semarang... lajeng kula pigura lan kula pasang wonten ruang tamu ngriki," wangsulanku. Aku banjur eling, nalika ngarepake surup dumadakan ana saweneh pawongan nggoleki aku menyang sekolahan ing SMP. Nalika kuwi aku pinuju nggladhi drum band murid-muridku. Pawongan rambut gondrong, kumel numpak sepedha karo nggawa lukisan. "Mas, takgoleki saka Semarang jebul bisa ketemu
4
ana kene. Tampanen pisungsungku iki. Gambare Bima ngupadi Tirta Amerta lan wusana bisa ketemu karo Dewa Ruci. Wis tampanen." Lukisan banjur dak tampa. Pawongan mau mesem. Sekawit aku lali tenan, sapa pawongan iku. Lagi bareng dheweke mesem banjur eling yen pawongan iku mas Darto, kanca seniman lukis saka Semarang. Dakwenehi dhuwit emoh nampa. Dakajak mampir omahku uga ora gelem. "Wis, aku tak terus bali wae. Openana wayangku iki," Mas Darto banjur nyengklak sepedha pancale ninggalake aku karo bocah- bocah sing isih padha mlongo. Lha kok gambar pawewehe mas Darto iku saiki ngetokake cahya putih cumlorot nunjem wetenge Yul sing lagi nggarbini, nganti bayine polah sabantere. Daksawang polahe bayi ing kandhutane Yul saya alon... saya alon lan wusana anteng maneh. Si Yul
5
wis ora katon pucet ngempet lara. Nanging dumadan Yul jengkeng ana ngarepku, ngambung dhengkulku lan tangan kekarone ngajak salaman karo aku. Dhuh mahaguru, kula nyuwun sih samodra pangaksami dene sampun kumawantun nerak wewaler paduka. Pramila si jabang bayi wonten kandhutan kula menika mboten purun mijil saking guwa garba senaosa sampun tigang warsa. Dhuh mahaguru, kula nyuwun panjengan ruwat saking papa cintraka, swarane Yul melas banget. Aku saya bingung karo kedadeyan iki. Ngapa kok nyebut aku mahaguru? Apa maneh basane Yul dadi alus runtut kanthi basa krama kang ora nate dianggo dening Yul. Dakcoba aku mangsuli sakenane. "Mengko dhisik, ana apa sliramu iki?" "Kula sampun nerak wewaler paduka dhuh
6
Sang Dewa Ruci. Kula nrimah paduka pulasara, nanging jabang bayi menika sampun ngantos paduka siksa kados makaten dhuh pukulun Dewa Ruci..." wangsulane Yul. Aku saya gumun lan kaget. Kok aku dianggep Dewa Ruci iku nalare piye? Apa Yul saiki wis owah pikire ta ya?! Nanging banjur cahya putih cumlorot saka gambar wayang iku mau cahya apa?! Aeng tenan, nanging jan daksipati kanthi mripatku dhewe. Apa wayang pawewehe mas Darto iki ana yonine ta ya?! Sawise lerem, Yul banjur pamitan. Semono uga tamu-tamu liyane. Aku lan ibune bocah-bocah isih gumun karo lelakon sing kadadeyan esuk iku mau. Nganti tekan bengi aku isih terus mikir lelakon aeng kasebut. Esuke nalika aku mbukak lawang, e...lha dalah. Si Yul wis teka maneh. Mangka wektune isih jam lima esuk. Wonge ya dakacarani mlebu. Nanging Yul ora terus lungguh
7
kursi, nanging malah bablas menyang ngarep gambar wayang Bima. Yul mandeng suwe banget, karo tangane nyembah. Aku dadi wedi-wedi campur bingung, awit anggone nyembah suwe banget, wiwit jam lima nganti jam pitu. Wan, blaen tenan. Iki mengko aku mesthi kasep anggonku mlebu dhines. Nanging arep kepriye wong isih ana tamu. Bareng wis rong jam, Yul nuli lungguh sila sedhakep kayadene wong kang lagi semedi. Mak gragap, dheweke melek, nuli ngadeg nyat. "Sampun mahaguru, kepareng nyuwun pamit. Pukulun Dewa Ruci sampun paring pangaksama dhateng badan kula. Kula mila sampun nerak wewaleripun. Kula dipun penggak nindakaken goroh, nanging kula terak, wusana kula dipun pidana. Berkah pangestunipun kula suwun. Mugi jabang bayi menika purun nyuwita wonten
8
kandhutan kula sadangu-dangunipun," pamite Yul karo ngaras tanganku. Lha kok ya ana-ana wae. Ing batin aku ngguyu, nanging iki lelakon apa?! Lan nyatane, kandhane Yul kang kepengin si jabang bayi nyuwita ana kandhutane sasuwe- suwene iku uga kelakon tenan. Nganti saprene kandhutane Yul durung lair. Mangka wis pirang- pirang taun. Upama kandhutane mau dudu bayi, geneya kok kerep katon kroncalan? Nanging upama bayi kok jroning kandhutan samono suwene. Terus apa gandhenge anggone nyebut Yul marang aku kok "mahaguru"? Apa gandhenge karo wayang pawehe mas Darto?! Wis embuh, lelakon kok rena- rena wae. Kadhang aku malah mikir, apa aku iki wis gendheng ta ya, lelakon kang dakweruhi iku kok aneh-aneh...!