You are on page 1of 4

Malin Kundang

Kacarito ing jaman mbiyen, ing pesisir pantai Padang Sumatra Barat, urip sawijining
kulawarga kang duwe anank siji dijenengke Malin. Uripe tansah kekurangan,awit panggaweane
among golek kayo ing pesisir, didol menyang pasar kanggo nyukupi kebutuan saben dina. Bapakne
lunga golek gawean ing tanang sebrang, nanging wis pirang-pirang warso ora bali-bali, dadi Malin
mung urip karo ibune.
Malin bocah kang pinter, nanging rodo nakal. Yo maklum awit mung urip karo ibune, tur
meneh saben dino ditinggal lunga golek kayu bakar. Malin gaweane dolan, senengane nyoyak-oyak
lan nyabeti pitik. Salah sawijining dina, Malin nyoyak-oyak pitik nganti tibo keno watu. Tangane loro,
nganti tatu banget. Sak wise mari, tatune ora ilang, malah dadi koyo tanda lahir.
Dino ngganti minggu, minggu ngganti taun, sak wise Malin wes gede,wes iso ngrasakke
rekasane ibune, banjur tuwuk pikirane yen bakal nyambut gawe melu tanggane kang dadi awak
kapal. Tanggane kang melu kapal, uripe podo kepenak, kamongko mbiyene amung podo karo
kulawargane Malin.
Salah sawijining sore, Malin linggung ngarep omah karo ibune. Kesempatan kuwi dingo
Malin matur karo ibune.
Malin: Ibu, aku saiki wes gede, aku tak melu nyambut gawe neng kapal, ben ibu sesok ora usah
golek kayu bakar, aku wae seng golek duit.
Ibune mangsuli: Ora osah le, nyambut gawe kene wae mgewangi ibu golek kayu. Bapakmu mbiyen
nyambut gawe ing tanah sebrang, melu kapal nanging nganti saiki ora bali-bali.
Malin nyauri: Ibu, nek mung golek kayu terus ora bakal maju, kae lho bu… Tanggane dewe sik melju
kapal, saiki uripe podo kepenak Bu. Sesuk nek wis entuk koyo sing akeh, aku tak bali ben ibu ora
kajenan.
Kanthi eluh dlewuran, Ibune mangsuli: Yo Malin, tak lilakno kowe lungo, nanging sing ati-ati yo le.
Ojo lali karo Ibu, tak enteni balimu, Ibu ben ora kijenan.
Dino sak candakke, Malin sido mangkat tenan melu kapal. Ibune ngeterake ono ing pesisir
nunggu kapal e mangkat, disawang nganti kapal e ora ketok. Dilalah ono ing tengah laut, kapal sing
diiloni Malindi rampok karo bajak laut. Barang e dijarah, penumpange podo dipateni kebeh.
Rahayune, Malin iso ndelik, dadi Malin iso selamet. Nanging kapale Malin pirang-pirang dino ono ing
tengah laut, dewe, tanpo mangan, tanpo ngombe. Kapale katut angin minggir ing daratan, emboh
ngendi Malin ora weruh. Banjur Malin ditemu karo penduduk pulau mau, nyitak ake kabeh
kahanane banjur ditulungi diajak bali. Ing kono papan e subur makmur, panggaweane podo olah
tetanen. Malin ngewangi opo wae kanthi tememen, nyinau olah tetanen malah-malah kepinterane
Malin ngungkuli wong-wong ing kono. Awit ketekunane, soyo suwi Malin soyo maju, malah dadi
sodagar sing sugih banget. Anak buahe akeh, kapale uga akeh. Kapal-kapal mau kanggo ngangkuti
tetanen neng pulau liyane.
Malin banjur omah-omah ngepek putri ing kono seng ayu dewe. Pesto kanthi gede-gedean.
Kanggo nyeneng-nyenengke garwane dijak menyang pulau sebrang, ngajak anak buah e, lan nganggo
prau seng apik dewe.
Ganti kacarito Ibune Malin, kang wis suwi banget ditinggal anakke. Umure soyo tuwo, awake
soyo ora roso, nanging saben-saben ora kendat dongakke anakke, moga-moga Malin tansah entuk
kabejan. Roso kangen Ibu ne ora iso dibendung meneh, saben wayah sore, ngadeg ono ing pesisir
ngenteni baline anakke. Seminggu, sewulan, nganti tahun, anakke ora bali-bali, nanging Ibune tetep
nunggu saben sore ono ing pesisir.
Kapinujon ngadeke ono ing pesisir, ketok kapal gede banget sing bakal minggir ing pesisir.
Pasuryane sumringah, kebak pangarep-arep bakal ketemu anak lanang sing ditresnani. Kapal mau
soyo cedhak, lan minggir ono ing ngarepe. Ibune kaget, banjur prikso ono wong loro lanang lan
wadon ngadeg sak nduwure kapal kanthi panganggon sing apik banget. Ibune ora pangkling yen seng
teko kuwi Malin.
Sak uwise medun ono ing kapal, Ibune nututi lan nyekep lan muni, “Anakku… Malin, Inu
kangen banget.”
“Sopo kowe? Ngaku ibuku, minggir…” mangkono pocape Malin, karo njorokke ibune nganti tibo
klekaran.
Aku Ibumu… , aku ora pangkling. Tatu ing tanganmu kuwi dadi tondo, biyen nalika cilik kowe tibo.
Bojone Malin nyambung: “ Mas, yen kuwi pancen ibumu, diajak wae munggah kapal, urip bareng
awak dewe ora popo.” Malin nyauri, ”Wong tuwo reged kuwi dudu Ibuku. Deweke kere sing ngaku-
ngaku. Krungu kandhane Malin, loro ati Ibunebanjur muni, “Malin, pancen kowe ora patut dadi
manungsa. Atimu atos koyo wato.” Bareng pangocapane Ibune. Ing kono dadi udan deres banget
nganggo bledeg nyamber-nyamber. Bledeg ke keno awake Malin lan sak naliko kuwi, Malin dadi
watu.
Crito iki mau, iso kanggo conto yen anak ojo wani lan nglalekake wong tuwo. Sanadyanto
wong tuwo ne elek, nanging dongane wong tuwo kuwi mandi banget.
Maturnuwun