You are on page 1of 2

AL FAATIHAH

MAS KUMITIR JULY 15, 2008 34 COMMENTS

9 Votes

AL FAATIHAH ( BEBUKA )
Surat kaping 1 : 7 ayat
( Tumuruning wahyu ana ing Mekkah, tumurun sawuse surat Al-Muddatstsir )
Bahasa Arab :
1.Bismillahir rahmaanir rahim
2.Alhamdu lillaahi rabbil aalamiin
3.Arrahmanir rahiim
4.Maaliki yaumid diin
5.Iyyaaka nabudu wa iyyaaka nastain
6.Ihdinash shiraathal mustaqiim
7.Shiraathal ladziina anamta alaihim, ghairil maghdhuubi alaihim waladl dlaal-liin
Bahasa Jawa :
1.Kalawan asma Allah kang Maha Murah ugi Maha Asih.
2.Kabeh pangalembana kagunganing Allah Pangeran, Sesembahaning alam jagad-rat pramudita.
3.Kang Maha Murah Maha Asih.
4. Kang Ngratoni ing dina Piwelas.
5. Namung dhumateng Paduka piyambak kita sami menembah ibadah, saha namung dhumateng
Paduka piyambak kita sami anyenyadhong pitulungan.
6. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring pitedah ing kita sadaya lumampah wonten ing margi
ingkang leres.
7. Inggih punika margi, Agaminipun para tetiyang ingkang sampun Paduka paringi kanimatan, sanes
ingkang sami kabendon, tuwin sanes ingkang sami sasar.
Isi maksud ingkang wigatos ing Surat Al-Faatihah :
Intisari saking isinipun Al-Quraan punika sampun kaweca pokok-pokok ingkang fundamentil
wonten salebeting Surat Al Faatihah, kados kasebut ing ngandhap punika :
1. Bab aqaid utawi kaimanan ; punika kuwajiban ingkang wiwitan kaampil, ingkang dipun
dawahaken dening junjungan kita Nabi Muhammad s.a.w, makaten ugi dening para andika Rasul
saderengipun. Ingkang baku inggih punika aqidah-tauhid ( memundhi saha mangeran namung
dhumateng Panjenanganipun Allah piyambak ) Aqidah-tauhid wau dados jejering piwucal Agami,
sadaya para andika Nabi Utusaning Allah kautus ngampil tugas-pokok mbangun Tauhid ing Allah,

sarta ngrebahaken sadaya kamusyrikan, ugi ngajak Ummatipun supados samia ibadah ( manembah )
ing Allah piyambak, lan nilar sadaya brahalanipun.
2. Ibadah ; utawi ngumawula lan manembah ing Allah, ingkang kuwajiban sadaya titah, langkunglangkung manungsa ( sabab manungsa punika makhluk ingkang saged damel kabudayan wonten ing
alam donya ). Ingkang baku wonten sekawan, inggih punika : Shalat, Zakat, Shiyam lan kesah Haji.
Saking ingkang baku kasebut, lajeng tuwuh ibadah memuji, ndedonga, dzikir lan tafakkur utawi
Itikaf ing masjid. Saking zakat lajeng tuwuh ibadah qurban sidqah, weweweh lan tetulung ing
sasaminipun, lan saking Shiyam tuwuh watak WiraI 9 mboten ndremis lan mboten kathah sesambat )
sumingkir saking ingkang nama lelangkungan ( gesang prasaja ). Lajeng saking Haji tuwuh semangat
ambelani sarta labuh ing agami.
3. Angger- angger Hukum lan Pernatan- pernatan : maksudipun Syariat Islam damel anggerangger hukum lan pranatan punika kangge karaharjaning ummat manungsa ing Donya dumugi ing
Akheratipun. Pramila ing salebetingQuraan ngemot pinten-pinten norma lan katamtuwan, upami
hukum, politik, tatanagari, sosial, ekonomi, perang, dahme, sesambetan internasional, kabudayan sarta
kesenian, agami, sesambetaning manungsa kaliyan Allah, lan lingkungan sapiturutipun.
4. Janji sarta ancaman : artosipun supados ngadeg keadilan lan keleresan ingkang saestu, sanajan
wonten Donya saged lolos saking hukuman, nanging wonten ngarsaning Allah ing dinten Qiyanat
tantu nboten saged lolos malih.
5. Sejarah : maksudipun ingkang saged dados tepa-palupi ing salebeting sesrawungan ummat
manungsa, sampun ngantos damel sejarah awon, gesang sapisan wonten ing alam Donya.

You might also like