You are on page 1of 24

ANALISIS NILAI DIDAKTIS

SAJRONE SERAT KANCIL SALOKADARMA
JILID 1 PUPUH I-III
KELOMPOK III
KIRANA ARTA A.M(12020114030)
KURNIA INTAN P

(12020114046)

GHALANT REENATA

(12020114050)

A. PURWAKA
Sastra yaiku lembaga sosial kang nggunakake basa
minangka sarana; basa iku dhewe minangka reriptan
sosial (Damono, 1979:1). Miturut A Teeuw, sastra bisa
ditegesi piranti kanggo mulang, buku pituduh, buku
instruksi utawa pamulangan (1984:23). Dene, miturut
Rene Wellek lan Austin Warren, sastra yaiku sawijine
kagiyatan

kreatif,

sawijine

karya

seni

(1989:3).

Adhedhasar andharan kasebut, bisa diandharake yen
sastra idhentik karo teks lan karya tulis, kaya teges
sajrone KBBI yaiku sastra minangka karya tulis, kang
yen ditandhingake karo tulisan liya nduweni maneka
werna kaluwihan, kaya keaslian, keartistikan, kaendahan
sajrone isi lan andharane (1991:882).
1

Teks tulisan bisa arupa tuisan tangan (naskah) lan
tulisan cethakan (Baried, 1985:4). Wacana kang arupa
teks klasik iku ngandhut fungsi tartamtu, yaiku
mbayangake pikiran lan mbentuk norma kang lumaku
tumrap wong sajaman lan generasi sabanjure (Baried,
1985:5). Saka akehe naskah kang sumebar ing maneka
dhaerah, utamane ing wilayah Jawa, teks Kancil
minangka minangka salah sawijine jinis teks klasik.
Teks Kancil nyritakake pengalamane Kancil ing alas,
klebu kapinterane nalika ngadhepi musuh-musuhe.
Paraga Kancil minangka paraga kewan kang wis
misuwur

ing

nuswantara,

kayadene

ing

Aceh,

Simalungun, lan negara sabrang kaya Malaysia lan
Singapura.

Amarga misuwure iku, akeh panliti kang

menehi kawigaten ngenani teks Kancil saka segi crita lan
pamaragan, klebu panliti dhewe. Kancil minangka kewan
kang wujude memper kidang kanthi ukuran kang luwih
cilik. Kewan iki isih ana ing dhaerah Jawa lan minangka
kewan asli Jawa, kewan iki uga sinebut tragulus
javanicus (KBBI, 1991:439).
Kancil kagolong sajrone kategori paraga kewan licik,
kewan kang pinter ngapusi kewan kang luwih gedhe lan
kuwat (Faurot, 1995:47). Adhedhasar kategori kasebut,
Kancil minangka paraga kewan kang pinter lan licik sarta
2

Serat Kancil Kridhamartana (SKKM). Saliyane SKAS. mula bisa diarani yen Kancil minangka paraga kewan kang nyulihi jinis manungsa kang asor nanging bisa nutupi kakurangane kanthi kapinteran kang diduweni. Versi katulis crita Kancil yaiku Serat Kancil Amongsastra (SKAS). 1998:60). Serat iki ana 16 episode. SKAS anggitane Ki Rangga Amongsastra nganti saiki dianggep minangka serat Kancil kang paling tuwa (Dipodjojo. serat Kancil kang isih minangka buku indhuk yaiku Serat Kancil Naskah Van Dorp (SKNVD). Serat Kancil Amongpraja (SKAP). saengga wajar yen ana maneka versi crita utamane ing dhaerah Jawa. 1966:29). nanging sawise diwaca intine 3 . lan Naskah Van Dorp. SKNVD ana 18 episode. jeneng kasebut dijupuk saka arane penerbit (Dipodjojo. Diarani Van Dorp amarga ora dingerteni panganggite. Saking misuwure crita iki ing Indonesia. Senajan naskah iki diwenehi judhul SKAS. Naskah Kancil kang ana ing perpustakaan FSUI (saiki FIBUI) dikenal kanthi jeneng SKAS kang kandele 380 kaca kanthi judhul Dongeng Sato Kewan (Behrend. 1966:24). Serat Kancil Salokadarma (SKSD).panemu yen kang kuwat lan gedhe durung mesthi menang saka kang cilik lan asor.

ana saperangan isine crita Kancil versi transliterasi kang ora trep karo judhule. Dene bab kang beda ana ing perangan wiwitane crita kang sajrone SKNVD (Dongeng Sato Kewan) ana crita ngenani kelairane Kancil saka sawijine manungsa (Dewi Sungkawa) nganti lelakone Kancil menyang Mesir banjur mati. lan Kancil mlebu sumur banjur ngapusi Gajah. 4 . jeneng Balai Pustaka wis ora asing maneh. Kancil ngalahake raseksa. Madhege Balai Pustaka minangka implementasi lumakune politik etis ing jaman iku (wiwitane abad 20). mula bisa dianggep yen naskah kasebut miangka salah sawijine varian saka SKNVD. Adhedhasar katrangan kasebut. SKSD wis ditransliterasi dening Sri Suharini lan diterbitake kanthi judhul Serat Kancil dening Departemen Pendhidhikan lan Kabudayan sarta penerbit Balai Pustaka ing taun 1986.crita meh padha karo crita SKNVD. Pepadhane SKAS lan SKNVD ana ing perangan wiwitane crita SKAS karo perangan tengahe crita SKNVD. Minangka penerbit. ing antarane ing episode Kancil nyolong timun. Balai Pustaka didhegake dening Commissie Voor Inlandschee School en Volklectur ing tanggal 22 September 1917 dening pamrentah Walanda.

Panji Sasrawijaya (pupuh kapisan pada kaenem). SKKM kang dikarang dening R. Miturut katalog iku. Dipodjojo ing buku kang judhule Sang Kantjil Tokoh Tjerita Binatang Indonesia. Ing katalog kasebut diandharake yen teks SKKM iki nyebutake R. Ing buku kang padha uga diandharake ngenani SKKM kang sacara garis besar critane padha karo SKSD. Katrangan ngenani SKKM kang kaetung anyar. Katrangan ing teks kasebut. Ing buku kasebut dijelasake yen SKSD anggitane R.Ing asile transliterasi ana katrangan ing pupuh kapisan lan pada kapisan yen SKSD wiwit ditulis ing tanggal 6 sasi Muharam kira-kira taun 1805 (tata sirna esthining bumi). ana ing dheskripsi naskah kanthi kode L181 kanthi judhul SKKM yaiku sajrone Katalog Induk Naskah Nusantara Jilid I: Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Jimawal 1805 kanthi sengkalan ‘Tata Sirna Estining 5 . idhentifikasi ngenani pangarang panulisan diwiwiti ing dina Rebo Pon 6 Muharam. Arya Sasraningrat ing taun 1891 (1966:35). linawanan karo katrangan kang diandharake dening Asdi S. Panji Natarata lan diterbitake ing taun 1909 (1966: 39-40). Serat iku minangka anggitane R. Panji Sasrawijaya minangka pangriptane (1990:329).

SKSD minangka buku indhuk kang paling enom. Senajan ing kolofon katulis yen Yogyakarta minangka panggon panulisane. dene bedane ana ing pungkasane crita. SKSD kadhapuk saka 11 episode. Yen katrangan ing dheskripsi naskah bener. SKSD rada kelangan sipat dongenge. SKSD minangka teks kang awujud tembang macapat. Ing kabeh critane katon cetha yen pengarang 6 . Panji Sasrawijaya pancen persis karo SKKM.Bumi’ utawa 2 Februari 1876. Nanging ngenani perangan kasebut panulis ora nduweni wewenang kanggo ngowahi saengga amrih gampange panulis tetep nggunakake judul SKSD. mula bisa diarani yen ana kesalahan ing judhul kang ditulis dening pengalih aksara. katrangan tambahan saka Panti Boedaja menehi tambahan data yen teks kasebut minangka asil karangan Pakualaman. Beda karo serat Kancil liyane. urutan crita SKSD versi R. 1990:329). dudu ing gatra pungkasan pupuh sadurunge (Behrend. Intine. yaiku ing wiwitane saben pupuh. kayata ing episode Kancil balapan mlayu karo kul lan ing episode Kancil nyolong timun. manut katrangan ing versi translitrasine. Saperangan crita SKSD padha karo SKAS lan SKNVD. disengkuyung kanthi anane sasmitaning tembang kang digunakake miturut adat ing Pura Pakualaman.

sajrone panliten iki bakal ngrembug bab ngenani nilai didaktis kang kinandhut sajrone SKSD jilid I pupuh I-III. 1966:36). sajrone versi Jawa crita kewan Jawa awujud siklus. yaiku nggambarake masyarakat ing wektu iku lan ajaran awujud ilmu kebatinan. wiwit Kancil lair nganti diwasa (Dipodjojo. (Dipodjojo. 1966:36).nduweni tujuwan-tujuwan tartamtu. Tipe crita kaya mangkene iki nggambarake pola pikire masyarakat Jawa yaiku ngenani sangkan paraning dumadi (Ciptoprawiro. Masyarakat Jawa luwih nengenake nilai-nilai kasebut wiwit cilik. Tujuwane panliten kanggo ngandharake nilai-nilai didaktis kang gegayutan karo panguripane manungsa kang kinandhut sajrone SKSD jilid I pupuh I-III. yaiku saka wiwitan nganti pungkasan. 2002:96). Adhedhasar asil panlitene Philip Frick McKeane. 1986:22). uga awujud siklus. Manut tipe karya sastra Jawa umume. 7 . Nilai kang kinandhut sajrone dongeng iku gegayutan karo sekabehane bab ngenani becik lan ala. masyarakat Jawa nggunakake dongeng Kancil kanggo nggulawenthah anake (Danandjaja. Mula saka iku. saengga yen gedhe anake bisa ngetrapake nilai kasebut ing masyarakat. Semono uga naskah iki.

Jawa. Crita ngenani kewan kang dimaksud minangka manungsa ing wektu tulisan iku digawe. ing Ajam suwe ora ana udan. Raja kang mrentah ing Ajam nalika iku asmane Kanjeng Nabi Sulaiman. sawijine pegawai istana ing Yogyakarta asmane Raden Panji Sasrawijaya. Sawijine dina. Crita kawiwitan ing Negeri Ajam (Pakistan) ing jaman kang sinebut jaman kitrah. nanging wis akeh jinis kewan kang pinter. ora bisa diparani dening kewan. Nalika iku manungsa durung akeh cacahe. Bledug uga ana ing endi-endi padha miber digawa angin. Arab. ANDHARAN Ing taun Jawa 1804 utawa taun 1873 Masehi. Akeh kewan kang prigel basa Kawi. Saengga katon garing ing endiendi. nggawe tulisan awujud tembang macapat dijenengi Serat Kancil.B. Semono uga sumber-sumber lan kali dadi 8 . Kang isih urip mung kayu-kayu kang ana ing jurang. kanggo nengahi maneka werna filsafat piwulang Agama Islam. Suket lan tanduran padha mati. Semono uga kahanan ing Pulo Jawa. uga ana lesus terus-terusan kang nggawe kayukayu ing gunung lan alas padha ambruk. lan elmu-elmu agama.

9 . Senajan tetuwuhan ijo iku ana ing pinggire jurang. njaluk welas asihe Hyang Kuwasa. Dheweke lunga golek godhong drenges cacahe rong bongkok. Kebo janji nulung macan nalika lara utawa mati. Godhong drenges mau diumbah banjur diwenehake kebo. Sawijine dina ana macan ing panggonan iku. Dheweke krungu swara sambatane kewan banjur tuwuh kawigaten kanggo nemokake swara kasebut.asat. Dheweke suwe ora mangan lan ora ngombe. meh patang wulan ora kepethuk panganan. Nalika digoleki. Macan nduweni kekarepan nulung kebo iku lan njaluk supaya kebo janji gelem dadi kancane lan menehi pitulung yen macan ngalami kasusahan. Saben dina macan menehake godhong iku nganti ping telu. Ana sawijine kebo lanang enom lan gagah awake. nanging macan saguh njupukake lan menehake marang kebo nganti dheweke ngrasa marem. Macan nrima janjine kebo. Malahan tlaga lan bengawan garing nuwuhake kasengsaran tumrap kabeh kewan. dheweke nemokake kebo kang awake dirubung laler ijo. Dheweke lemes lan lungguh ing sangisore wit sempu.

ula. Welas Asih Sejatine ora ana sifat apik utawa sifat ala ing donya iki. kancil. Dheweke eling karo jasane kang wis diwenehake marang kebo. godhong jagung utawa godhong tela ing tegalane warga kanggo ngraketake kekancanane karo kebo. Dheweke banjur nemoni kebo lan ngandharake maksude yaiku njaluk separo daging punuke.Kadhangkala macan nyolong godhong kacang. Suket lan tetanduran wiwit semi lan ana godhonge maneh. Sabanjure andharan ngenani nilai didaktis sajrone SKSD jilid I pupuh I-III bakal dijlentrehake kaya ing ngisor iki. nanging kanthi kapeksa amarga pengin tetep urip. dheweke diterake macan menyang pinggir segara. Satemene kebo ora wani. 1. wis ana udan ing negeri Ajam. utawa kodhok. Awake kebo dadi lemu. Wiwit kedadeyan iku. Mung wae kita sing ora bisa ngontrol pikiran kita 10 . Kebo ora pengin menehake daginge. Dicritakake yen macan wis pitung dina suwene ora oleh panganan arupa kidang. nanging dheweke saguh ngewangi kancane mau kanggo ngadhepi macan loreng.

Welas asih yaiku rasa memelas utawa gampang mesakake marang wong liya. Mula uga ana kang tumindak apik uga ana kang tumindak ala. Sifat welas asih iku kerep tuwuh lan ndadekake manungsa kepengin nglakoni bab tartamtu kanggo nulung pawongan liya. mula tuwuh anane tumindak nglarani kancane. ora preduli marang liyan. lsp. Sifat kuwi bisa mangaribawani tumindak kang bakal dilakoni. Kadhangkala manungsa akeh kang ora nduweni rasa welas asih marang manungsa liya. nanging ora kabeh manungsa bisa nduweni rasa welas asih. Manungsa minangka makhluk individu nduweni maneka werna sifat lan tumindak dhewe-dhewe. Welas asih kalebu salah sawijine sifat kang becik kang tuwuh ing dhirine manungsa iku.kang sawayah-wayah bisa kegodha. Sejatine rasa iku ora mung diduweni manungsa wae. nanging kadhangkala uga 11 . Ana kang diarani sifat apik lan sifat ala. Tuladhane sifate egois utawa sakarepe dhewe. Mula tuwuh anane tumindak ala lan tumindak becik uga sifat ala lan sifat becik. Apa maneh nalika mangerteni yen manungsa kasebut lagi nandang kasusahan ing uripe.

kadulu ngalumpruk.diduweni kewan. Kayata ing Serat Kancil Salokadarma jilid I pupuh… kang nyritakake rasa welas asihe macan marang kebo kang nalika iku butuh pitulungan. wus tan pisan-pisan sipat mesa. kang ngluntuken katresnan. Kutipan ing ndhuwur ngandharake yen sawijine dina ana macan ing panggonan iku. mring wujute maesa. paran baya kebo sireki. heh mitrengsun kang sudibyeng wana. Nalika digoleki dheweke nemokake kebo kang awake dirubung laler ijo. tiniling saya ngruntuh. Samana nuju sira dibya di. warnanira kang karuna. manjing karna tangi kang budi. tangis ngisor Sempu nggone. amrepeki sor sempu kagyat mangeksi. serdula tatanya age. uwis kawandasa ri tampi (Sasrawijaya. Saka kutipan kuwi bisa dingerteni yen macan nduweni rasa welas asih marang kebo. Amarga kewan uga salah sawijine makhluk urip kang dicipta dening Gusti kang Murbeng Dumadi. kesari wisata mireng swara. welas mring kang udrasa. wandala sawang kunarpa. Si Danuka sumambung ngreririntih. Dheweke krungu swara sambate kewan banjur tuwuh kawigaten kanggo nemokake swara kasebut. analangsa ngumbar swara gendeng piker. sun aneng ngisor Sempu. sira takon purwakane. ririh denira muwus. Kabukti saka kebo kang krungu swara sambate kewan liya banjur nggoleki 12 . wus lawas watarengwang. tur sima drung weruh. 1986:29). Angalemprak tinup laler wilis.

Ing kene kabukti yen rasa welas asih ora mung diduweni manungsa. dheweke ora bakal gelem nggoleki sumber swara kuwi. Rasa welas asih kang gedhe iki bisa dadi tuladha kanggo kita minangka manungsa. Saliyane iku uga kabukti yen rasa welas asih bisa nuwuhake tumindak kang becik. Yen kita urip kudu nduweni rasa welas asih marang sapadha. Ateges kebo kuwi lemes banget.swara kuwi. Yen macan ora nduweni rasa welas asih. Rasa welas asihe macan saya gedhe kang nuwuhake rasa kepengin nulung marang kebo kasebut. Banjur sawise ketemu sumber swara kuwi dheweke nemokake kebo kang dirubung laler ijo. kayata nulung kebo kang lagi kasusahan mau. nanging uga diduweni kewan. malah kaya-kaya wis meh mati. 13 . nanging amarga macan nduweni rasa welas asih dheweke nggoleki sumber swarane.

nanging ora gelem nulung. manungsa ora bisa urip dhewean. wis saya akeh manungsa kang ora gelem tulung-tinulung marang sapadha. Tulung-tinulung ateges padha-padha nulungi. Amarga pangrembakane jaman. Yen sing siji mbutuhake mula sijine nulung. suwalike yen sijine mbutuhake mula sing sijine uga nulungi.2. Manungsa mesthi mbutuhake wong liya lan mbutuhake pitulungane wong liya. Tulung-Tinulung Minangka makhluk sosial. Mula antarane siji lan sijine mesthi nduweni sesambungan. Manungsa luwih seneng mikir uripe dhewe. Bab kuwi mau dijalari 14 . Tumindak tulung-tinulung kuwi uga tuwuh saka rasa welas asih sadurunge kang diduweni dening manungsa kasebut. Jaman saiki pancen ora akeh pawongan sing gelem tulung-tinulung marang sapadha. Ora mung salah siji wae sing gelem nulung. Malah uga ana kang gelem ditulung. Krana manungsa siji lan sijine padha-padha mbutuhake mula antarane siji lan sijine mesthi tulungtinulung. Bab iku wis dadi ukume alam yen manungsa siji lan sijine kuwi padhapadha mbutuhake. nanging kekarone.

sabab badanku wus leash. senadyan ana pangan. nambak pralayeng sung mangkya. isih nduweni rasa tulung tinulung kang gedhe. Kayata kang diandharake ing Serat Kancil Salokadarma jilid I pupuh…. anggone nulung iku mau ora eklas. 1986:29). saengga kabeh bisa wae diukur nggawe dhuwit. 15 . Kutipan ing ndhuwur ngandharake yen macan nduweni kekarepan nulung kebo iku lan njaluk supaya kebo janji gelem dadi kancane lan menehi pitulung yen macan ngalami kasusahan. kang kaya awak sun macan. mula ora akeh kang gelem tulung-tinulung. reh gurung asat kewala (Sasrawijaya. Tegese dahat mustakim. salah sijine yaiku anane pangrembakane jaman. Tetulung uripan mami. Kebo janji nulung macan nalika lara utawa mati. iku dununging regengwang. paribasane wong kuna. sun kira tan bisa klebu. kang uwis kaya mangkene. Dicritakake yen macan nulungi kebo lan kekarone nduweni janji yen suk padha mbutuhake arep tulung-tinulung. yen nemuwa urip maneh. Kewan kang akale isih luwih asor tinimbang manungsa. Manungsa saya akeh kang nduweni sifat egois. teknologi. Tegese.amarga maneka werna bab. Beda karo kewan. lan sapiturute. nanging ngemu surasa pamrih. sileming perahu gabus. nganti kembanging sela.

ana mlebu ana metu. nanging yen tumindak apik kudu diwales kanthi tumindak apik.Saka kutipan ing ndhuwur mratandhani yen kewan isih nduweni rasa tulung-tinulung kang gedhe. Bab kasebut diarani males kabecikan. Dheweke ora tega marang kebo. Males kabecikan yaiku males budine utawa tumindak apike wong liya kanggo kita kang kudune kita wales kanthi tumindak apik uga. Tumindak ala ora kudu diwales kanthi tumindak ala. ana lanang ana wadon. malah yen isa diwales kanthi tumindak apik. nanging tumindake bisa dadi tuladha kanggo kita minangka umat manungsa. Amarga golek wong apik 16 . 3. lsp. Macan isih gelem nulung kebo kang lagi kasusahan. yen ditulung kudune uga nulung. Ateges kekarone isih nduweni rasa tulung-tinulung kang gedhe. Padha karo ukume alam yen diwenehi kudune uga menehi. Kamangka kalorone iku kewan. senajan uga ana tumindak apik diwales karo tumindak ala. Kebo uga gelem janji marang macan. Males Kabecikan Wis dadi ukum alam yen ana awan ana bengi. dudu manungsa. Kepara malah nduweni janji yen arep kekancan lan padha tulung-tinulung.

Bab kuwi dijalari krana kekarone padhapadha butuhe. Senajan sejatine males kabecikan kuwi tuwuh saka rasa kaeklasane ati. sun rambanken ron drenges tilarsa. suket banyu ron-ronane. melarati rehning punukira Bothi. Kaya kang dicritakake ing Serat Kancil Salokadarma jilid I pupuh…. wus sun timbang kaya nora.ing jaman saiki iku angel banget. krana kekarone wis dadi kekancan. luwar saka 17 . saking kadarmanku. lsp. nanging kadhangkala ana wong kang males kabecikan mung krana ora kepengin dipuji pawongan liya utawa kepengin ketok ing ngarepe wong liya. nanging uga ana pawongan kang sadurunge nduweni janji kanggo padha-padha males kabecikan. lsp. anglengguruk punukmu gajih. nemahi daging lemu. mangkya wus kiyat santosa. Punukmu puniku. adoh lan dalan nyawa. Males kabecikan uga tuwuh amarga anane kaeklasan. Mangka punuk ingsun kang murwani. mula aja nganti kita kelangan kanca kang apik marang kita. Pungkasane kebo uga gelem males kabecikan ing tembe mburine. Males kabecikan sejatine tuwuh amarga rasa panuwun kita marang wong liya kang wis tumindak apik marang kita. Dicritakake yen macan karo kebo padhapadha janji bakal padha-padha males kabecikan ing tembe mburi amarga macan wis nulungi kebo.

Ujaring dalil kalamolahi. Mula dheweke janji yen bakal nulung kanggo ngadhepi macan loreng. marma aja selak pamundhutsun Bothi.kasangsaran. Satemene kebo ora wani. nanging dheweke bakale mati yen dheweke menehi daging punuke. senajan sejatine dheweke ora wani ngadhepi macan loreng. Kebo ora pengin menehake daginge. nanging dheweke saguh ngewangi kancane mau kanggo ngadhepi macan loreng. kang mangka pamitengsun (Sasrawijaya. Dheweke eling karo jasane kang wis diwenehake marang kebo. Macan ngandharake maksude yaiku njaluk separo daging punuke. banjur dheweke diterake macan menyang pinggir segara. nanging kanthi kapeksa amarga pengin tetep urip lan males kabecikan marang macan. utawa kodhok. Kebo wis ngupaya kanggo nulungi macan. Dheweke banjur nemoni kebo saperlu njaluk pitulungan. ula. tikel satus wawalese. mula dheweke nglakoni maneka werna cara kanggo nglawan macan loreng. Kebo ora gelem menehi ora ateges dheweke ora gelem males kabecikan lan nulungi macan. Kutipan ing ndhuwur ngandharake yen macan wis pitung dina suwene ora oleh panganan arupa kidang. kancil. wong kang potang ngamal rika eklas. Bab iku wis bisa 18 . benering tatakrama. 1986:29).

nanging ora ana musuh kang sejatine kanca. Amarga kanca iku wigati banget lan angel digoleki ing donya iki. Kekancan iku butuh kaeklasane ati. Apamaneh kanca kang benerbener eklas nrima kita apa anane minangka kancane. mula yen kita nduwe kanca kang benerbener apik aja nganti kita tumindak ala marang kanca kita kasebut. Kita kudu bisa dadi kanca kang apik. Kanggo padhapadha tulung-tinulung. mula dheweke uga bakal apik marang kita lan bisa dadi kanca kita salawase. nanging arang banget yen musuh kang pungkasane dadi kanca. Kita butuh kanca kanggo urip ing bebrayan iki. Kekancan ing urip bebrayan iki kudu dilakoni dening manungsa amarga kita ora bisa urip dhewe. kanggo padha-padha menehi. Pangurbanan kanggo Kanca Urip ing donya iki luwih kepenak golek musuh tinimbang golek kanca. 4. Kadhangkala uga ana kanca kang pungkasane dadi musuh. kita butuh kanca. Ora 19 . Mula kekancan iku wigati banget tumrap uripe manungsa.dadi wujud yen kebo wis gelem males kabecikan amarga macan wis nate nulung uripe. Kadhangkala ana kanca kang sejatine musuh.

kadhangkala kanggo sedulur wae akeh sing ora gelem ngalah. Bab pangurbanan pancen sejatine angel banget dilakoni. 20 . Kang wigati wong liya mau bisa seneng lan ora kelara-lara. Pangurbanan yaiku tumindak kang dilakoni dening sawijine pawongan kanggo nyenengake pawongan liya. nanging uga susah seneng dilakoni kanthi bebarengan. Yen wis kaya mangkono kadhangkala apa wae bisa dilakoni kanggo nyenengake atine kanca. Mula ana kang bisa nglakoni pangurbanan. uga ana kang ora bisa. Dheweke ora mikirake kepriye bebayane. Seje karo crita kang dicritakake ing Serat Kancil Salokadarma jilid I pupuh…. senajan dheweke kudu susah.mung teka nalika susah. mula ora bakal ana pangurbanan kanggo kanca kasebut. Ora akeh wong kang bisa nglilani dheweke kelara-lara kanggo wong liya amrih ora kelara-lara. Pangurbanan tumrap kekancan iku wis angel banget ditemoni ing donya iki. Bab iku kang diarani pangurbanan. mung wae ukurane beda-beda. Ora mung pangurbanan kanggo kanca. Kabeh lila dilakoni kareben wong liya iku bisa ngrasakake kasenengan. Yen kekancane iku ora eklas utawa pamrih amarga ana butuhe. Amarga saben pawongan nduweni sifat egosi dhewedhewe.

kongsi nyolong lung tela. Dheweke ngerti yen iku bisa bebayani marang awake dhewe. rinangsun ping tri sadina. darbeke janma padesan. nanging macan saguh njupukake lan menehake marang kebo nganti dheweke ngrasa marem. nanging tetep dilakoni kanggo kebo kancane. Kutipan ing ndhuwur ngandharake yen macan nrima janjine kebo. saha solan salin godhong. kabeh mau dilakoni amrih kancane bisa 21 . kayata golek godhong mau kang anane mung neng pinggir jurang. samana alama lama (Sasrawijaya. Dheweke lila nglakoni apa wae kanggo kebo. lir tunggal yayah rename. Awit ketarik tresna sih. Wusing watara saptari. Senajan tetuwuhan ijo iku ana ing pinggire jurang.Pangurbanan tumrap kanca isih kenthel banget. Dheweke lunga golek godhong drenges cacahe rong bongkok. Dheweke ngerti risiko saka tumindak kang dilakoni. Apa wae lila dilakoni kanggo kancane. nir suba sutanira. lembayung rending ron jagung. sima sangsaya sihira. tan kena benggang Sarema. rina wengi tunggal turu. 1986:29). Saben dina macan menehake godhong iku nganti ping telu. Godhong drenges mau diumbah banjur diwenehake kebo. Dheweke ora pedhuli marang bebaya kang ana. Pangurbanane macan kanggo kebo kang wis dadi kancane iku gedhe banget. dennya met pawong sudara.

ing antarane yaiku Serat Kancil Amongsastra (SKAS). Bab iki bisa dadi tuladha kanggo manungsa ing urip bebrayan iki. Panliten kang winates ngrembug Serat Kancil Salokadarma (SKSD) jilid I pupuh I-III iki ngandharake patang nilai didaktis. tulungtinulung. C. Serat Kancil Salokadarma (SKSD). Serat Kancil Kridhamartana (SKKM). ing kene perane kewan minangka sesulih saka manungsa. Serat iki biyasa digunakake masyarakat Jawa kanggo nggulawenthah anake supaya ngerti marang bab-bab kang becik lan ala. saengga ing tembe bisa njaga lan ngetrapake bab-bab kasebut ing pasrawungan utawa masyarakat. lan pangurbanan kanggo 22 . beda banget karo manungsa. Serat Kancil klebu karya sastra Jawa klasik kang nyritakake saweneh kewan kang nggambarake watake manungsa. lan Serat Kancil Naskah Van Dorp (SKNVD). yaiku rasa welas asih. males kabecikan. Serat Kancil Amongpraja (SKAP). DUDUTAN Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen Serat Kancil minangka dongeng Jawa iku versine ana lima.seneng lan ora kelara-lara. Dadi. Kamangka dheweke iku kewan.

Sosiologi Sastra: Sebuah Pengantar Ringkas. Sapardi Djoko. 1986. Jakarta: Djambatan. 1985. 23 . Filsafat Jawa. 1991. Katalog Naskah Nusantara Jilid 3A-B: Perpustakaan Fakultas Sastra Universitas Indonesia. Damono. Jakarta: Balai Pustaka. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. Titik (ed). TE lan Pudjiastuti. Abdullah. Behrend. Ciptoprawiro. 1998. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. saengga bisa migunani tumrap masyarakat umume lan dhiri pribadhi khususe.kanca. Siti Baroroh dkk. Pengantar Teori Filologi. Kapustakan Baried. TE (ed). Behrend. Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Jilid I: Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Jakarta: Yayasan Obor. Nilai-nilai didaktis iku cocog yen diwulangake marang bocah wiwit cilik supaya sipat-sipat kasebut bisa ditiru kanthi tliti. 1979.

Tim Penyusun Kamus Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa. Rene Kesusastraan lan Warren. McKean. 1995. Asdi S. Wellek. Yogyakarta: Andi. Jakarta: PT Gunung Agung. Faurot. Jakarta: Balai Pustaka. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti. 1991. 1984. Panji. R. dening Teori Melani . Kamus Besar Bahasa Indonesia. 1966. James. The Mousedeer In MalayaIndonesian Folklore. 2002. Serat Kancil Salokadarma Jilid I. Sang Kantjil: Tokoh Tjerita Binatang Indonesia. (ing Austin. 1971. Ora diterbitake. dongeng. Philip Frick. 1986.Danandjaja. Dipodjojo. Sastra dan Ilmu Sastra. Jeannette. Indonesia Budianta). A. Folklor Indonesia: Ilmu gosip. dan lain-lain. Teeuw. Sasrawijaya. Jakarta: Gramedia. New York: Touchstone. 24 1989. Asian-Pasific Folktales and Legenda. Jakarta: Pustaka Jaya.