You are on page 1of 5

GUGON TUHON

Apa ta sajatine gugon-tuhon iku? Ing bab iki, tembung gugon-tuhon kena
ditegesi warna loro.
Kapisan, yen kapirid saka tembung watak, gugon-tuhon tegese wewatekan
kang gampang nggugu lan mituhu marang guneman utawa dedongengan kang
pancene mono ora prelu digugu lan dipituhu.
Kapindho, yen kapirid saka tembung aran, gugon-tuhon yaiku guneman utawa
dedongengan kang dening wong kang nggugu lan mituhu dianggep nduweni daya.
Yen ta nganti ora digugu sarta ora ditindakake, wong iku bakal nandhang rekasa
utawa ora kapenak uripe.
Mangkono kang diarani gugon-tuhon, kapirid saka tembung watak lan
tembung aran. Dene miturut jinise, gugon-tuhon bisa kabedakake dadi telung
warna, yaiku:
a. Gugon-tuhon kang salugu;
b. Gugon-tuhon kang isi wasita sinandi; lan
c. Gugon-tuhon kang kalebu pepali utawa wewaler.
A. GUGON-TUHON KANG SALUGU
Manut kaprecayan Jawa, bocah-bocah kang kagolong bocah sukreta lan wong kang
kalebu panganyam-anyam iku dadi mangsane Batara Kala. Iya kaprecayan kang kaya
mangkono kang diarani gugon-tuhon kang salugu.
Wondene bocah-bocah kang kalebu bocah sukreta yaiku:

1. Ontang anting, yaiku anak lanang siji thok.


2. Unting unting , yaiku anak wadon siji thok.
3. Kedhana kedhini, yaiku anak loro, lanang siji wadon siji. Yen wadone pambarep, diarani:
kedhini kedhana.
4. Kembang sapasang, yaiku anak loro wadon kabeh.
5. Uger uger lawang, yaiku anak loro lanang kabeh.
6. Kembar, yaiku anak loro kang nunggal sakandhutan, lanang kabeh utawa wadon kabeh.
7. Dhampit, yaiku anak loro kang nunggal sakandhutan, lanang lan wadon.
8. Pancuran kapit sendhang, yaiku anak telu, wadon-lanang-wadon.
9. Sendhang kapit pancuran, yaiku anak telu, lanang-wadon-lanang.
10. Cucuk dulit, yaiku anak telu lanang kabeh.
11. Gotong mayid, yaiku anak telu wadon kabeh.
12. Sarimpi, yaiku anak papat wadon kabeh.
13. Saramba, yaiku anak papat lanang kabeh.
14. Pandhawa, yaiku anak lima lanang kabeh.
15. Pancagati, yaiku anak lima wadon kabeh
16. Ipil ipil utawa Pipilan, yaiku lima lanange mung siji.

17. Padangan, yaiku anak lima wadone mung siji.


18. Sapasar, yaiku anak lima lanang wadon, ora mesthi cacahe.
19. Pandhawa nyandhangi, yaiku anak nem lanange lima, ragile wadon.
20. Gilir kacang , yaiku anak akeh, laire ajeg genti-genten: lanang-wadon-lanang lan
sateruse, utawa wadon-lanang-wadon lan sateruse.
21. Lumpat kidang, yaiku anak akeh kang laire ora ajeg kaya kang kasebut ing angka 20.
22. Garendhel, yaiku anak akeh ragile seje dhewe (lanang utawa wadon).
23. Gendhong , yaiku anak akeh, wadone mung siji dumunung ing tengah.
24. Pathok, yaiku anak akeh, lanange mung siji dumunung ing tengah.
25. Sumarak, yaiku Anak akeh, lanange utawa wadone mung siji.
26. Gondhang kasih, yaiku anak loro pakulitane siji bule siji ireng.
27. Tawang gantungan, yaiku kembar utawa dhampit, nanging laire ora nunggal sadina.
28. Bungkus, yaiku anak kang nalika laire kebuntel ing kendhangan.
29. Karendha, yaiku anak kang lair loro nunggal bungkus.
30. Sumala, yaiku anak kang cacad wiwit lair.
31. Jempina , yaiku anak kang lair durung wayahe, upamane lagi wolung sasi.
32. Margana , yaiku anak kang laire mbeneri lelungan utawa ana ing dalan.
33. Wahana, yaiku anak kang laire mbeneri ana ing pasamuwan.
34. Wuyungan, yaiku anak kang laire mbeneri ana geger.
35. Julung sarab, yaiku anak kang laire ing wektu srengenge meh surup.
36. Julung sungsang, yaiku anak kang laire mbeneri tengange.
37. Julung caplok, yaiku anak kang laire mbeneri srengenge surup.
38. Julung kembang, yaiku anak kang laire mbeneri pletheking srengenge.
39. Cemani, yaiku anak kang pakulitane ireng.
40. Bule (wungle) , yaiku anak kang pakulitane putih.
41. Tiba sampir, yaiku anak kang nalika laire kalung usus, yen wis gedhe sarwa luwes.
42. Tiba ungker, yaiku anak kang nalika laire ginubel utawa ginubed usus ing anggane.
43. Wungkul, yaiku anak kang nalika laire tanpa ari ari.
44. Slewah, yaiku anak kang raine abang lan pingul.
45. Thok thing (thothok kathing) , yaiku anak kang asirah cilik.
46. Julung pujud, yaiku bocah kang lair pas wayah maghrib.
47. Wujil, yaiku bocah kang dilairke awake cebol.
48. Walika, yaiku bocah kang dilairke wujude bajang ( kendil )
49. Kresna, yaiku bocah kang dilairke duweni kulit ireng.
50. Lawang menga, yaiku bocah kang lair wektu Candhik Kala ( senja hari )
51. Pipilan, yaiku anak 5, 4 wadon lan 1 lanang
52. Mancalaputri, yaiku anak lima wadon kabeh.
53. Kalung Usus, yaiku bocah lair pusere nggubed gulu
54. Grandel, yaiku anak lanang akeh, sing pungkasan wadon
55. Anggana, yaiku anak akeh sing urip mung 1
56. Ungker teka, yaiku bocah lair, banjur seda
B. GUGON-TUHON KANG ISI WASITA SINANDI
Wasita sinandi tegese pitutur sinamun, pitutur kang ora dikandhakake kanthi
melok. Dene kang diarani gugon-tuhon kang isi wasita sinandi yaiku gugon-tuhon

kang ngemu surasa pitutur, nanging anggone nglairake ora dikandhakake kanthi
melok. Lumrahe dikantheni tembung ora ilok, utawa malah tembung kang
medeni. Gugon-tuhon iki uga lumrah diarani aradan.
Upamane: Aja lungguh ing bantal, ora ilok. Mundhak wudunen!. Pancene iya
ora ilok, saru! Coba ta dipanggalih. Bantal rak kanggo dhasaring sirah, teka
dilungguhi. Rak ya saru tenan ta?! Dene tembung mundhak wudunen iku mung
kanggo medeni thok.
Samono uga gugon-tuhon ing ngisor iki. Kajaba kalebu wasita sinandi, uga sering
dikandhakake ora ilok. Apa sababe ora ilok? Mangga dipanggalih piyambak!
1. Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene.
2. Ngandhut tampah. Karepe: wong ngandhut utawa meteng, nglungguhi
tampah.
3. Pawuhan celak wisma.
4. Kekudhung kukusan.
5. Mangan ngore. Karepe: mangan karo ngore rambut.
6. Pawon mangetan. Karepe: pawon kang adege madhep mangetan.
7. Uncal uwuh. Karepe: mbuwang uwuh metu ing jendhela.
8. Lumah pipisan. Karepe: arep memipis, durung nyadhiyakake barang kang
arep dipipis wis nglumahake pipisan.
9. Kureb ajang. Karepe: bakda memangan, ajange terus dikurebake tanpa
diasahi luwih dhisik.
10. Jendhela menga. Karepe: srengenge wis surup, jendhelane durung ditutup.
11. Uwuh longan. Karepe: mbuwang uwuh ana ing ngisor longan.
12. Buwang tuma. Karepe: metani, oleh-olehane tuma ora dipateni, mung
dibuwang thok.
13. Turu waton. Karepe: turu ana ing watoning amben.
14. Mangan sangga ajang.
15. Mangan panas. Karepe: memangan panganan kang isih panas.
16. Mangan paturon. Karepe: mangan ana ing paturon.
17. Mangan mlaku. Karepe: memangan panganan karo mlaku.
18. Sumur ing ngajengan.
19. Nggites ngenggon. Karepe: metani, tumane digites ing sirah bae.
20. Nyapu dalu. Karepe: nyapu ing wayah bengi.
21. Wanita lungguh jegang.
22. Kandhang kebo ing jero omah.
23. Ngethoki kuku wayah bengi.
24. Lumbung tanpa dhedhasar.
25. Kasur tanpa pramada. Karepe: kasur tanpa seprei.

Lungguh ing tengah lawang.


Supatanan. Karepe: sithik-sithik supata (sumpah).
Turu ing wayah sandyakala.
Sanggar cungkup. Karepe: gawe omah ragangane kecampuran ragangan
tilas cungkup.
30. Weweh dijaluk bali, mundhak gondhoken.
26.
27.
28.
29.

C. GUGON-TUGON KANG KALEBU PEPALI UTAWA WEWALER


Gugon-tuhon iki asale saka sabdaning leluhur utawa wong kang cikal-bakal ing
panggonan kono. Iya marga dheweke wis tau ngalami lelakon kang ora kepenak
utawa cilaka, mula banjur paring wewaler marang tedhak-turune utawa para
kawulane supaya aja nindakake pakaryan kaya kang marakake ora kepenak utawa
cilaka mau.
Tuladhane gugon-tuhon kang kalebu pepali utawa wewaler, upamane:
1. Wong-wong Banyumas ora kena lelungan ing dina Setu Paing. Marga
apa? Iya marga Sang Adipati Wirasaba mang-gih cilaka ana ing dina
Setu Paing, banjur panjenengane, sadurunge seda, paring wewaler:
Anak-putuku lan kawulaku kabeh, dakwewaleri, ora kena lelungan ana
ing dina Setu Paing.
2. Tedhak-turune Panembahan Senapati, samangsa mangsah jurit, ora
kepareng nitih titihan bathilan, yaiku titihan kang wulune ing surine
utawa buntute dikethok. Apa jalarane? Jalarane yaiku nalika
mangsah jurit nglawan Arya Panangsang, durung nganti adu atosing
balung wuleding kulit dumadakan titihane Panembahan Senapati
mbandhang kang agawe lingseme Sang Panembahan lan meh gawe
cilakaning panjenengane. Wondene titihan kang dititihi nalika samono
jaran bathilan kang aran Gagakrimang.