You are on page 1of 4

PERINGATAN ROJABIYAH

..



..



.
.
:

Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati.
Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyin kulo
muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh SWT. Shoho nyuwunaken tambahipun
Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi
Muhamamd SAW, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun.
Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !
Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun Isro Miroj ipun
junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW. Kini kembali mengenai hal-hal historis revolusi
fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh SAW, ingkang panjenenganipun tepat tanggal 27
Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh SWT,

dipun Isroaken utawi dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos
Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Miroj aken saking Masjidil Aqso minggah dateng
langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken dateng pinten-pinten
tanda kekuasaanipun Alloh SWT, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal
meniko dipun jelasaken wonten Al-Quran surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten
:

Ingkang artosipun :
Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu, saking
Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, saperlu ingsun
tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan
Maha Mengetahui
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro lan Miroj meniko, kito
tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat Islam, ,lewat peringatan meniko, kito
tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh SWT, ingkang maksudipun sak
sampunipun peringatan Rojabiyah meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku
agamane Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten
kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan pendidikan
utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun peringatan Rojabiyah nimu
sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup

berorganisasi, hidup bermasyarakat, lan hidup bergotong royong lewat jamiyah-jamiyah. Lewat
pengajian-pengajian kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing
Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul Karimah,
mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat Islam saget sesuai
antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel akon-akon thok, nanging
tumindhaipun boten sesuai. Mangane boten diatur coro Islam, pergaulane boten diatur coro
Islam, nek pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos terjadi. No. 4 Niat demi
wujudipun pengamalan wajib ingkang dados rukunipun agami Islam. Terutama pengamalan
wajib ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro Miroj meniko ingkang sampun dipun
kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah.

. nopo BU? Inggih meniko sholat gangsal wkedal.


M bok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo
dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko merupakan barometer utawi alat
pengukur dateng pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget sahe utawi
boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten
dawuhipun Alloh wonten Surat Al-Angkabut, ayat 45 :

Artosipun :
Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah meniko dipun
tingkataken ingkang saestu, terutami dumateng putra-putri kito utawi generasi kito sedoyo,
meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito
umbar, mboten kito arahaken, supados mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap
agomo, bongso lan negoro.

Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun ingkang mendidik.
Dawuhipun bapak kiai :
1. Anak iku nisbat koyo dene wadah. Apik olo tergantung sing gulo wentah
2. Senajan wadah cilik isi lengo wangi. Panggonane ing lemari amon klambi.
3. Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo
Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-pengaruh sangking
arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter ketendang banjir kepuntir-puntir
ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental
umat Islam.
Kanjeng Nabi naliko Miroj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang dados lambang
ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang
estri ingkang ayu.teng pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten
mandeg, slajeng dipun tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih
meniko lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek, tentu umat
panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot.
Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman ingkang kuat mugimugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan akhirat. AMin yaa Robbal aalamin.
Cekap semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun angunging pangapunten.



Suka
Be the first to like this.

You might also like