You are on page 1of 1

MINGGU LEGI, 30 AGUSTUS 2015

KEDAULATAN RAKYAT
HALAMAN 15

( 15 DULKAIDAH 1948 )

ENARA Eifel isih setya ngadeg njenggereng, ngancani lakuku kang lungkrah
sayah. Matumpuk-tumpuk garapan kudu
dakrampungake, ngoyak deadline kang wus
ditemtokake. Dakkekep tas kulit weton Mandhing Bantul,
paringane Ibu nalika aku bali rong taun kepungkur. Ana
rasa anget ing dhadha, pindha kekepane Ibu, dadi
tameng saka atising mangsa adhem.
Dakkebut lakuku kaya lumrahe wong kene. Hawa
kang lagi ekstrim ing Paris ngudokake apa-apa sarwa
cepet, mundhak selak beku.
"Please Wening, ana putri Jogja dadi putri salju
mengko." guyone Marryam kancaku asli Swetzerland,
menawa weruh lakuku rada alon.
"Sikilku dawane ora padha sikilmu Mer.." wangsulanku rada mlayu nututi lakune Marryam.
Kelap-kelip lampu mercusuar ing dhuwur menara,
tansaya aweh pratandha menawa wus wengi. Jam
sewelas tekan apartemen. Dakcenthelake mantel wulu
anggonku tuku ing Holand nalika tugas mrana patang
sasi kepungkur.
"Jae ? " tanganku ngathungake mug gambar
Wadhuk Sermo.
"Gula Jawa ? " Marryam noleh.
"Hem..mm." tanganku ngranggeh gula krambil
gaweyan Clereng Pengasih, kirimane Bu Dubes minggu kepungkur.
"No Thanks, aku gawe wedang secang wae. " Mer
menyat.
Aku mung mesem. Landa ayu muslimah iku biyen
wedi weruh wedang secang, kebak uwuh, jarene kumuh. Saiki meh saben bengi gawe dhewe. Seger
jarene..
Tahu susur instan anggonku tuku ing Asia Market.
daetokke, Rega pitung Euro utawa satus lima ewu rupiah, isine pitu. Enak, gurih tur ora ngecepoh lenga.
Senajan ya isih enak tahu susur mburi Bank BPD
Wates.
"Ah.. Javanesse language rumit.?"
"Unik lan adiluhung, iku sing bener." wangsulanku
karo lalap lombok rawit Belgia. Rasane padha karo lombok ing Pasar Bendungan, bedane ora mambu rabuk.
Awan wancine ngaso, aku sendhen tembok ing
Musholla kantor Ambasador papanku nyambut gawe.
Rukuh durung dakcopot. Dzikirku mantheng sinambi
ngirim donga kanggo Bapak, Ibu lan adhi-adhiku ing
Jogja. Esuk mau Bu Duta Besar ya bosku sing asring
dakaturi Bu Dubes paring dhawuh menawa cuti taunan
kudu digilir, urut daftar urutan kepangkatan. Kamangka
aku kalebu yunior. Masa kerjaku paling sithik menawa
dibandhingake kanca sakantor, ateges giliran cutiku keri.
"Ning help me please." Mer anguk-anguk ing jendela.
Enggal daklempit sajadahku, marani kancaku kang
kembeng luh.
"Ning, aku kudu bali menyang Swetzerland.

Kakangku ngalami accident. Pesawate take off nabrak


gedung amarga ketutup salju. Tulung gaweyanku ditekel
ya Ning" akeh critane kacampur tangis.
Wis rong minggu Mer cuti. Aku durung ngabarake
kepriye kawusanane nasibe kakangne kang dadi pilot
Qatar Airways.
****
"Mer.." katon mitraku sumringah.
"Iki Hussein, kakangku kang wingi entuk alangan."
Hussein manthuk, urmat. Tuwuh rasa ayem ing dhadhaku, weruh Hussein waras ora nandhang cacat fatal
amarga kacilakan pe-

sawat. Senajan lagi ketemu sepisanan, nanging rasane


kaya wus sedulur taun-taunan.
Seminggu Hussein nginep ing Hotel cedhak apartemen. Seminggu iku uga Mer lan aku tansah dipethuk
bali nyambut gawe. Aku wiwit ngerti menawa Hussein
sarjana penerbangan kang wasis maca Al Qur'an.
"Ning, apa oleh aku ngeterake cutimu menyang
Indonesia ?" sawijining sore Hussein lungguhan ing
balkon apartemen.
"Oleh, karo Mer ?" wangsulanku karo ngathungake

martabak gaweyanku.
"No, aku dhewe with you "
"Weh, arep ngapa kok dhewe ?" aku njupuk tissu.
"Aku arep nglamar kowe, dadia my wife ya ? "
Aku keselak. Adhuh irungku perih. Nanging atiku
anyep, dheg-dhegan campur seneng lan rikuh.
"Aku iki wong Jawa, nek arep married kudu nimbang
bibit bobot bebet. Tegese wong iku turune sapa, silsilah
kulawargane piye, latar belakange piye, watake piye,
akhlaqul karimah apa ora, maaf ya nganti kira-kira
pametu kanggo sangu urip ing tembe piye. Durung
paugeran Jawa kang kudu nganggo petung memet,
njlimet. Contone dina lairku Selasa Legi utawa ing Basa
Kawi Anggara Manis, mula aku manis ta ?"
Mer ngguyu tipis, ora dakgubris.
"Menawa dietung neptuku 8, amarga Selasa kuwi 3
dene Legi iku 5. Mangka Mas Hussein iku nuwun sewu
dudu wong Jawa, neptune pira ra ngerti. Emange ing
Swetzerland ditulis lairmu Rebo Paing pa Minggu
Wage ? Njur neptumu pira ya ra ngerti. Aja ngguyu
ta iki kearifan lokal lho" aku wiwit rada sewot.
"Okey, aku seneng krungu andharanmu Ning. Ngertia ya, sadurunge kuliah penerbang, aku wis lulus sarjana sastra. Sastra-sastra kuno aku ngerti, kalebu Basa
Saksak lan Jawa. Mesthine kowe ya wis ngerti ta menawa my Mother dosen sastra klasik, bapakku arkeolog. My
big familiy ngerti neptu kaya wong Jawa. Dokumen lairku
cetha, aku lair dina Kemis Kliwon utawa Respati Kasih,
neptuku 16 amarga dina Kemis iku 8, Kliwon iku 8. Manut
petung Jawa watakku sabar, nyenengake, alim, anarendra kang tegese bisa mimpin, tegas lan mawa petung.
Mula aku bisa nglakokake pesawat jet." Aku njondhil,
kaget, senajan anggone njlentrehake Hussein sareh.
"Nggon pametu kowe rak ya ngerti ta, menawa gajine
awake dhewe iku mung saprolimane Mas Hussein ?"
Mer nrambul.
Aku gedheg. Pokoke aku gedheg.
Mer lan Hussein bingung, lemes, katon nglokro.
"Ning, please delengen iki lho. Kakangku ngguanthenge kaya Rambo, kowe seneng nonton film
Rambo ta ? Prakosa kaya Gathutkaca, senajan idholamu Werkudara, ning Gathutkaca iku rak anake.?"
Mer malah ibut tawa, kaya bakul jamu ora payu.
Aku tetep gedheg.
"Ning kowe nolak lamarane Mas Hussein ?" Mer mbisiki aku, melas.
Aku gedheg. "Alhamdulillah.." keprungu gunem lirih
saka lathine pilot lembah manah ing ngarepku.
Mer mlongo. Aku meneng. Mas Hussein ya ora kumecap apa-apa.
Kembang Rara Nyidra ing pinggir balkon katon mrining kuning sumringah, kaya-kaya ngerti saeba bungahing kulawargaku nalika ngerti sejarahe calon mantu. - s
(bedhidhing Agustus 2015)

Paugeraning Jejodhoan
DIDANGU wigatine sowan, Patih Kala Sekiputantra
sigra munjuk atur: "Ndadosna
ing kawuningan, Pukulun.
Sowan kula ing ngarsa paduka Pukulun, ingkang sepisan
ngaturaken
sungkeming
pangabekti mugia konjuk.
Ndungkap ingkang angka kalih, awratipun dinuta ratu sesembahan kula Sang Prabu
Kala Pracona, rehning Dewaji
Kala Pracona menika narendra ingkang taksih jejaka dereng mengku garwa prameswari, mila mawantu-wantu
panyuwunipun dhumateng
paduka Pukulun Sang Hyang
Jagadnata, wekdal dinten menika kapareng boten kapareng Bathari Supraba badhe
kasuwun. Badhe winengku
garwa dening Sang Prabu
Kala Pracona, kinarya garwa
prameswari wonten ing negari Gilingwesi. Kula ingkang
dipunpitados nglamar Batha-

ri Supraba. Bilih paduka Pukulun maringaken, kagungan


pamundhut menapa, bilih naming gebyaring mas picis rajabrana, boten badhe kuciwa.
Boten perlu kula munjuk,
temtu Pukulun priksa kawi-

bawanipun gusti kula Prabu


Kala Pracona."
Sang Hyang Jagadnata
(Bathara Guru) banjur paring
pangandika marang Bathara
Narada, "Kakang Narada."
"Punapi, Adhi Guru?"

"Paugeraning dewa, wong jejodhoan puniku wis ana


pakeme, yen raseksa kaya ratu gusti kita puniku kudu
dhaup karo raseksi.... ngendikane Bathara Narada.

"Suwawi Kakang, tumunten ulun aturi paring dhawuh


dhateng Sekipu supados cetha
menggahing wewaler sarta
paugeraning jejodhoan."
"Henggeh, Adhi Guru."
Bathara Narada banjur paring pangandika marang Patih Sekipu, "Sekipu, ndadekna
sumurup kita ya Sekipu. Boya
kok dewa puniku bakal nampik marang sih katresnane
ratu gusti kita, puniku babar
pisan boya. Nanging dewa
puniku darbe paugeran, darbe
pathokan mungguhing wong
bebrayan. Dadi boya mung
waton seneng, nanging senenga nganggo wewaton kang
bener."
"Liripun kadospundi, Pukulun?" Sekipu miterang.
"Paugeraning dewa, wong
jejodhoan puniku wis ana pakeme, yen raseksa kaya ratu
gusti kita puniku kudu dhaup
karo raseksi. Satriya karo pu-

tri, yen pandhita karo endhang, yen dewa kudu karo


widadari."
"O, makaten?"
"Ya. Yen ratu gusti kita puniku kepengin mengku widadari, jenenge nggayuh kang
dudu mesthine. Kuwi boya kena."
"Mangke rumiyin, Pukulun.
Upaminipun dewa mengku
garwa titah marcapada, menika kenging menapa boten?"
pitakone Sekipu.
"Boya kena. Titah marcapada sing boya kuwat marang
perbawane dewa, satemah
titah mau boya dawa umure."
"Nanging kula nate mireng
menawi wonten dewa ingkang
ndhemeni putri ing marcapada ngantos nggarbini lan
peputra."
"Puniku rak dewa cluthak.
Boya kena. Boya bakal lana
anggone jejodhoan."
(Mulyantara) -s

AY Untung Rusbintarto
PISUNGSUNG SEWINDU

Pametri Tunggak Semi Pro 4 RRI Yogya


(Mijil Wedharingtyas)
1. 'Tunggak Semi' gantilaning ati.
Pra warga angayom.
Golong gilig manunggal karsane.
Angleluri sarta amemetri.
Mrih budaya Jawi.
Tuwuha sempulur.
2. 'Tunggak Semi' yuswa wolung warsi.
Seminya ngrempoyok.
Adi yuswa tan dadya palange.
Mbabar sekar, crita miwah gurit.
Endah ndudut ati.
Arsa sung panglipur.
3. Mangga sami manunggiling karsi.
Minta mring Hyang Manon.
Pra kadang winantu ing berkah-E
Tansah manggiha hayu basuki.
Iki kang den udi.
Rinten klawan dalu.
Arga Seta titi surya 20 Agustus 2015

Ki H Sustam Mulyadi

Sugeng Tindak Ibadah Haji


(Sinawung ing Sekar Pangkur)
1. Rukun Islam kang lelima
Kang pungkasan yaiku ibadah haji
Lamun pra warga sadarum
Wus lumebet wulan Syawal
Kabeh samya siyaga sedayanipun
Madhep mantep ing ibadah
Lan njaga ikhlasing ati
2. Wulan Syawal miqot zaman
Pra jam'ah purna anggone manasik
Pamit tangga lan sedulur
Tan keri nyuwun pandonga
Amrih nggayuh ibadah haji kang mabrur
Haji mabrur piwalesnya
Tan liya jannatun na'im
Ngayogyakarta, 17 Agustus 2015

Budhi Wiryawan

Cathetan saka Langit


Wengi iki aku ninggal cathetan
segara kimplah-kimplah banyune
nanging buthek, nyethek
sapa kang ngobak-obak papan jembar
saliyane rupa manuk gagak
kang ngelak ing pucuking sore ?
Kedadeyan saka padinan
sing dumunung saka pakulinan
geneya tekan ana ing kanisthan
apa merga tangan kang kesambet candhikala
apa amerga karep, dunung ana ing alam
bawah sadhar pikirane
wis slenco, nora nyawiji
Karangasem 106 Condongcatur, Depok, Sleman.

KAWRUH TEMBUNG
Bun-bun Enjang Jejawah Sonten
ORA cetha kepriye mula bukane kok ana tembung 'bun-bun enjang jejawah sonten' kanggo nyebutake nglamar. Bun lumrahe
tinemu ing wayah esuk, banjur apa gandhengane karo udan
wayah sore. Ya iki sugihe basa Jawa, ana maneka tembung sing
yen diadhepi wantah kaya ora ana gandhengane. Yen wis ditamatake, lagi ngerti ngono ta karepe.
(War) -s

PETUNG JAWA LAN PAWUKON

Misteri Angka 25 lan 27 ing Bebrayan Jawa


WONG Jawa sugih petung. Uga sugih etungan.
Tembung-tembung etungan Jawa, sawise angka sepuluh, jebul ngemu surasa mirunggan. Biasane, wong
Jawa nyebut angka sawise sepuluh nganggo las.
Wuwuhan kayata sewelas, rolas, telulas, lan sapiturute. Yen wong lanang isih jaka tumaruna. Wanita
sing umur las-lasan, kegolong prawan sunthi. Sing
luwih aneh meneh, sawise rongpuluh njur selikur, rolikur, telulikur, patlikur, nemlikur, pitulikur, wolulikur, lan sangalikur. Wuwuhan likur iki mesthi wae
ngemu surasa kang jero.
Likur seka jarwadhosok li (lungguh) lan kur (kursi).
Tegese, umur kur-kuran iku pancen cocog tumrap wanita kanggo lungguh kursi, yaiku dhampar pawiwahan. Lire, wanita sing wis umur 21-24, trep banget
mangsane palakrama. Dene kanggo wong lanang
yaiku umur 26-29, tetep nganggo wuwuhan likur.
Prawan sing umur likuran iku kena diarani prawan
kencur, sing kumencur, enak banget rasane. Enak
ateges sedhep, kaya kembang kencur katelah sedhet.
Umur sing ngganda likur iku pancen becik kanggo
nemtokake jantrane urip. Wuwuhan likur uga krasa
aneh. Daksebut aneh, merga kabeh nganggo pakecapan likur kok ana siji yaiku selawe, ora diucapake limalikur. Iki sing njalari kebak pitakon dawa. Selawe
seka jarwadhosok se (seneng), la (lanang), lan we (wedok). Tegese, umur selawe iku pancen watesan umur
sing nuduhake wong wis seneng antarane lanang lan
wedok. Mung wae, tumrap bebrayan Jawa ora kena
mung mburu seneng, perlu petung yen arep palakrama. Pancen wong Jawa duwe dina becik lan ala (naas).
Arepa ana sing kandha, kabeh dina becik, wong Jawa
tetep kebak petung memet.
Ana sing kandha, angka selawe kang nyele (beda
dhewe) iki sok nggo ndumuk jare wong Jawa ora kon-

Dening Suwardi Endraswara


sisten (ajeg) penemune. Satemene ana apa wong Jawa
emoh ngucap limalikur. Kacihna, kabeh mau ana
teges kang sumimpen jero. Wong Jawa duwe etungan
iku nandhani yen sugih pangawikan utawa kawruh.
Pangawikan Jawa kang bisa njalari wong Jawa kuwi
duwe kagunan. Petung Jawa bakal nuduhake
alabecike wektu yen dingo makarya.
Seka lajere ngelmu kejawen sing disebut othak-athik
gathuk (mathuk), etungan selawe iku gayut karo etungan dhuwit jaman biyen. Dhuwit biyen yen wis klumpukan seka sebenggol, segelo, seringgit banjur ditata,
ganep selawe banjur ditaleni nganggo lawe. Wenang iki
uga ateges umur selawe iku wenang (duwe hak) karma,
yen pengin nemu becik tembe mburi. Selawe ateges sak
talenan wenang (benang), kareben kepenak etungane.
Umur selawe, ateges becik kanggo naleni ati kanthi
palakrama ngliwati janur melngkung. Wong palakrama umur selawe, ateges kaya dhuwit dilak (ditaleni).
Mula ing manten kae mesthi ana tembung peningset,
ditaleni kareben ora ucul. Yen selawe didadekake siji
cacah rong lawe dadi seket, tegese saiket.
Yen ana wong nikah (palakrama) dietung nganggo
weton kok tiba angka 25, gunggung lanang-wadon
jare pancen ora becik. Manut wong biyen, yen tinemu
selawe, upamane sing lanang Rebo Kliwon (15) lan
sing wadon Minggu Legi (10) dewane bathari Durga
lan retune Baladewa. Yen pasatowan salaki-rabi mau
dietung nganggo: pati, sri, edi, werdi bakal tiba pati.
Pati, tegese sing bakal kalah sing lanang. Yen etungane tiba 26 (sri), 27 (edi), lan 28 (werdi). Kanthi
mangkono tiba 27 iku becik, upamane palakrama sing
lanang laire Rebo Kliwon (15) karo wanita sing lair

Sabtu Wage (12). Petungan ngene iki pancen sipate


spekulatif, bisa digugu lan uga bisa dianggep entheng.
Mung wae, becik ala iku tansah wigati ditimbang-timbang, amrih slamet.
Yen digagas, kok wong Jawa pancen ndilalah.
Ndilalah angka 27 iku klebu sasmita begja. Ana
pengetan 27 Rejeb, dadi dina wigati tumrap tumurune
wahyu salat. Sing rada ngedheg-dhegi, wong Jawa
uga asring duwe pangucap: Tak sembah ping pitulikur, yen bisa ngalahake aku. Iki asring diucapake ing
jagad ngelmu guna kasantikan Jawa.
Yen bocah cilik dolanan dhakon, uga asring nglagokake: yo dolanan dhakon, cacahe pitulikur. Yen angka 2
mau digathukake karo angka 7 nglambangake sipat
Yupiter, petualang, lan duwe rasa pengin ngerti apa wae.
Wong sing lair ngemu angka 7, biasane kandel daya spiritual. Watak wantune dhemen mendhita, sugih ngelmu
lan wewarah. Mula wong kang lair tanggal 27, biasane
wonge awatak alus, bisa madhangi, tur ora marahi
panas kaya rembulan.Wong mau uga sipate lantip.
Angka 27 klebu angka mistik. Jagad mistik iku dhemen othak-athik gathuk, ning tetep ngugemi nalar.
Embuh kebeneran apa piye, angka 27 seka 2+7 = 9
sing ngemu teges sanga, iku gayut karo nutupi babahan hawa sanga. Wong sing bakal nampa pitulungan,lamun bisa nyegah hawa nafsu. Kabegjan, uga
bakal digayuh yen wong Jawa bisa merdeni unenunene Drona: mblegudhug monyor-monyor pitulikur
dina howelo-hawelo. Amrih wong Jawa lantip lan begja, yen muruki anake mesthi nganggo tembung: aja
nganti bodhone ping pitulikur. Bab iki nggambarake
yen wong Jawa bisa merdeni angka 27, bakal ngerti
lungite ngelmu begja. - s
*) Suwardi Endraswara,
guru besar Antropologi Sastra Jawa, FBS UNY.

Narima ing Titah


NARIMA ing titah, watake
rada sinung kaelingan, saguh
gumolong wicarane lan wani
ing pakewuh. Ora kalap
uwohe, tegese ora ana gawene. Ora kena kinongkon
adoh, mesthi kena ing bebaya.
Cepak kamuktene, ngatokake
pasianing Dewane. Mangkono
pawukon minggu iki kang mlebu Wuku Marakeh, Ahad Legi
(30/8)-Sabtu Paing (5/9)
taun 2015. Pawukon
sawutuhe yaiku,
Ahad Legi, rahayu, nandura
pala brungkah
kirna. Senen
Paing, barang
karya becik,
angguntur
omah becik
uga, purnama
sidi.
Selasa
Pon, aja lunga-lunga kalaran
ing paran. Rebo Wage, rahayu, ana wong dedana, tur
agung rejekine, nanging lelungan ala, uring-uringan
watake. Kemis Kliwon, memundhuta rahayu ing marga,
nambani wong lara bisa
waras, ngguntur omah becik.
Jumat Legi, masanga piranti,
bancang rajeg piluwang becik
kabeh. Sabtu Paing, lelungana
rahayu slamet. Ewasemono,
durung mesthi sing lair ing dina-dina kasebut ndhuwur

kabeh mlebu Wuku Marakeh,


gumantung tanggal, wulan lan
taun kelairane.
Sengkala bilahine, kabalabak. Tulak slametane: sega
wuduk dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik putih mulus
linembaran, lan juwadah werna-werna, salawate satus ewu,
dongane: Tulak bilahi.
Candrane kadya
kembang setaman kinurungan, watake kumet
nanging
arum manis
wicarane,
lan pratitis
ing solah bawa. Nanging
yen tinunjel
ing rembug
banjur njalomprongake murih
dudune ing sapadha-padha.
Dene lambange kadidene
ron akeh sempal, tegese bilahi
awit saka dialakake ing wong
akeh lan kerep diapusi. Murih
rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji kemiri satus iji lan
ares-aresan, tindhihe satus
ewu. Banjur kasidhekah ake.
Jabung Kala (reribet) Wuku
Jaya Bumi ana ing lor bener
marep mangidul bener, sajroning pitung ndina aja marani
enggoning Jabung. (Top) -s