http://www.setaywara.

tk The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo

KAWRUH PADUWUNGAN
BAB I Babaring Prabot Dhapur Busana, Makna Murad Rahsanipun Duwung Dèning Setya Amrih Prasaja.S.S.

Kawruh bab paduwungan ingkang binabar saking babon cariyos lampahan salebeting serat suluk Amongraga ugi ingkang winastan serat Centhini ngandharaken babaring prabot dhapur busana, makna murad rahsaning duwung kados ing ngandhap punika :

A. Prabot ricikaning duwung ; 1. Ganja, punika minangka ingkang langkung luhur, nggambaraken kawontenan jumbuhing Kawula kalawan Gusti. 2. Sirah cecak, sayektosipun Betal-makmur, minangka pralambanging sirah, werdinipun sasana, paraméyan wijilipun kaèngetaning manungsa boten sanès saking Betal-makmur. 3. Tikel alis, sayektosipun nepsu tigang perkawis, Darana, Mila lan Maklum, punika warnanipun nepsuning kang manah. 4. Kembang kacang, werdinipun Gunung Tursina utawi Grana, ingkang ngawruhi laku lumebet lan medaling napas. 5. Lambé gajah, werdinipun Lisan, dunungipun insan kamil, inggih punika sabda kun fayakun.
http://www.setyawara.tk | 1

http://www.setaywara.tk The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo

6. Grènèng, nggambaraken aksara dha1 lan ma , werdinipun panggènaning pejah ing salebeting dhadha, mokal kalamun medala ngagesang kalamun pejah. 7. Gandik, werdinipun jejantung, ingkang kawasa mahanani dumadinipun ing careming manungsa punika datan sanès asalipun saking jantung. 8. Sogokan, werdinipun purus, ingkang mbikak warananing hawa tingal, karna, grana, tutuk, jaleran lan sulbi. 9. Bawang sabungkul, werdinipun baga purana Betal-mukadas, omah panggenaning pasucèn. 10. Srawéyan, werdinipun musibat kang sejati. 11. Karuwingan, werdinipun pawakan, kedah winagut aturut. 12. Pasikutan, werdinipun luwesing manungsa, tandangipun sampun ngantos keblinger lan kedah nyumurupi pasemoning liyan. 13. Pèjètan, werdinipun jempol, ingkang kawasa nyangga bakuhing karya nglantari pagesangan. 14. Wadidang, werdinipun sikil, kang misésa adeging badan. 15. Tunggakan, werdinipun mengku pikajeng, menawi watak wantunipun manungsa ingkang boten kenging kasoran, lumuh asor kedah unggul. 16. Kèpèt, werdinipun talapakan, pat – upating manungsa. 17. Jalèn, werdinipun mengku pikajeng, gesang datan kenging kalimput, awit benjang wangsul datang asalipun. 18. Waja, werdinipun bebalung, panjingipun kasantosan. 19. Wesi, werdinipun daging, salebeting gesang wonten alam donya serating wesi manjing ing kulitipun. 20. Pamor, werdinipun otot bebayuning manungsa, mengku teges sayektosipun nurbuwat, gegambaran pratandhaning gesang manungsa, suci trus wening satuhu. 21. Pesi, werdinipun puser, minangka gegambaraning kahanan satuhu ing tyas lan sanubari. 22. Kodhokan, werdinipun mengku pikajeng tandhaning pangrungon. B. Prabot Dhapuring duwung ; 1. Tilam upih, makna pasemonipun murat jalma pawèstri. 2. Brojol, maknanipun pikajengan, anggemèni wicara, Aja lunyu ing pangucap, lunyu lonyot angacuwis. 3. Jalak tilamsari, werdinipun tutup, gegambaranipun wong anèndra, aja pisah kalawan gegaman2, wungu utawi saré ing rina kalawan wengi.

1

http://www.setyawara.tk | 2

http://www.setaywara.tk The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo

4. Jalak dinding, werdinipun kijab utawi aling – aling, mengku pikajeng manungsa kedah anebut Allah Kalawan Muhammad3. 5. Jalak sangu, werdinipun wadhah, mengku pikajeng bilih saben manungsa gadhah rejekinipun piyambak – piyambak. 6. Jalak ngoré, werdinipun ura, mengku pikajeng pan manungsa punika nora kenging kalimput, saknalika bawahrasa pepuntoning barang pikir. 7. Sengkélat, werdinipun urubing ati, mengku pikajeng patrap tumindak ingkang luhur, minangka pepèling rina kalawan dalu, tangi lungguh punapadéné nèndra duga – duga awya kari. 8. Carita, werdinipun ujar wangsit kang prayoga, mengku pikajeng seserapan, kagunan punapadéné kapinteran punika dipunjalari saking para sepuh. 9. Sabuk tampar, werdinipun kenceng, mengku teges kaluwihan punika asalipun saking kencenging manah minangka kanugrahaning dumadi. 10. Sabuk inten, werdinipun sesotya kang linuwih, mengku teges tyas kamulyaning manungsa punika kedah nganggé saréngat, tatakrama ingkang satuhu premati. 11. Sumpana, werdinipun impèn, mengku teges padhanging kawruh, manungsa kedah handarbèni kira – kira ingkang prayogi. 12. Carang soka, werdinipun nepsuning asta kekalih, mengku pikajeng manungsa punika bakalipun mijèkaken turun, mila arahen mijèni ingkang becik. 13. Pandhawa, werdinipun gangsal perkawis, mengku teges manungsa punika kedah nyumurupi rasa patining jalma ingkang winengku salebeting pasaran legi, pon, wagé, kliwon lan paing. Murat saking piwulang para sujana rahsanipun kedah wikan eninging kang pancadriya, dumadya sabar, narima, sumingkir angkaraning budi. 14. Semar bethak, werdinipun peteng, mengku teges manungsa punika kedah angupaya boga lan pangupajiwa ananging aywa cacah cucah anglakoni panggawé sisip. 15. Semar tinandhu, werdinipun ngalamun, mengku teges manungsa punika salebeting gesang aywa nganti suwung kedah ndarbèni rarawatan ing ngélmu. 16. Semar angujiwat, werdinipun bungah, mengku teges bungahing manah kanthi tansah éling, pasemonipun manungsa salebeting gesang aywa grusah grusuh nganthènana penggalih ingkang padhang lan sarèh. 17. Pandhawa rarya, werdinipun napsu limang prakara, mengku teges gegambaraning napsu abang, ireng, pingul, wilis lan jenar. Paring pasemon keblat papat lima pancer.
2

Gegaman ingkang dipunmaksud sanès gegaman sanjata, nanging gegamaning manungsa gesang (Agama).
3

Mbok menawi manungsa punika kedah nyumurupi Syahadat.

http://www.setyawara.tk | 3

http://www.setaywara.tk The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo

18. Sempana blandhong, werdinipun beninging mripat, mengku teges manages, manekung, paring pasemon manungsa ing sabarang karsa kedah tajem tingalipun menep penggalihipun. 19. Sempana kinjeng, werdinipun jalma ngimpi, tegesipun paring sasmita bikih manungsa bakalipun wangsul ing kamuksan surud ing kasidan jati. 20. Condhong campur, werdinipun tunggal waskithaning kalbu, mengku teges angumpuli ing sabarang rembag, ajur ajér bisa. 21. Campur bawur, werdinipun karep, mengku teges manungsa punika kedah saged jumbuh dhaup pikiripun kalawan Gustinipun lir campuring tembaga mas kang dadya suwasa murni. 22. Pudhak sategal, werdinipun wujud, mengku teges manungsa punika kedah ndarbèni pangajab lan nebihana kumudu salebeting tumindak. 23. Carubuk, werdinipun siti, mengku teges bakuh pengkuh, mengku teges aja nampik sabarang karya ingkang becik. 24. Sadak, werdinipun kenceng kumandeling kodrat, mengku teges salebeting gesang ing bebrayan sampun remen mbancindè mbanciladan. 25. Rara siduwa, werdinipun enom, mengku teges aywa kesupèn marang garwa. 26. Kebo dhèndhèng, werdinipun enak kang sajati, tegesipun manungsa gesang sageda damel sukaning liyan. 27. Putri saroja, werdinipun amepaki, tegesipun manungsa punika awarni – warni boten wonten ingkang sami mesthi wonten bènténipun. 28. Karna tinandhing, werdinipun panasing ati, mengku teges nggambaraken kahananing manungsa ingkang tansah rebut pangawikan (rebut) pinter. 29. Tebu sauyun, werdinipun uriping nyawa, mengku teges manungsa punika kedah micara kang jujur, kang condhong sami ing pangrasa, aja demen ngèyèl ing sabarang pikir. C. Parabot Busananing Duwung ; 1. Warangka, punika wujud kayu kapirit saking tembung Arab kayun urip tan kena pejah. 2. Godhong, punika wujud jiwaning manungsa sageda jumbuh kaliyan gustinira, sumungkem ing ngarsaning Gusti. 3. Lapal wujud aran Latha, punika parabot laletheking athi – athi. 4. Cangkring, mengku teges pundhakira. 5. Gandur, dedeg piadeg lan pepesthèn. 6. Pendhok, jarwanipun saking tetembungan andhok tatakramanira, kandelan tembung kramanipun mengku teges kudah ngandhel kumandhel mring Hyang Agung. 7. Kathékan, panganti antining tokit. 8. Mendhak, tegesipun sageda ngendhakaken penggalih.
http://www.setyawara.tk | 4

http://www.setaywara.tk The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo

9. Ukiran, tandhanira Gusti Kang Maha Luhur kang ngluwihaken sagung sawiyah ginunturan tartamtu nora kénging mukir. Mekaten saktlereman bab parabot dhapur busananing duwung, ingkang winedar minangka gegambaraning saranduning badan manungsa gesang ing ngalam donya sageda menggalih lan waspada dhumateng sangkan paraning dumadi, ing pangajab lumantar babaring kawruh curiga utawi duwung punika saged mahanani lan anjalari pasemon piwulang para sujana, para winasis saged migunani tumraping gesang pribadi.  Ing ngandhap punika mantra punapadéné tatacaraning nayuh duwung. Niat :

……… Duwung dipunkutugi menyan, tabuh jam 12 ndalu majeng ngalèr lan maos : Mantranipun :

http://www.setyawara.tk | 5

Sign up to vote on this title
UsefulNot useful