You are on page 1of 2

EMBUH I Wengi saya atis sansaya pepet mamring mbatiri ati gempil napaki impen kapungkur

kadaluwarsa kang tansah beksan sajroning netra Purworejo, 26 Agustus 1993 KARO AKU bebarengan sliramu mecaki dina-dina kebak puspa lan warna prasasat tanpa ana rasa ngelak lan … SUKMA LELANA GUGAT angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra sasat tanpa leren ngobahake banyu iwak gedhe iwak cilik padha gumregah jumedhul sakdhuwure ombak ilang swara mlebu ing akasa prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen kanthi jala lan jaring … SIJI SURO wit-witan jumedhul saka ngakasa maneka warna godhong lan woh-wohane kebak aksara kang wis katulis bisa diwaca lan ora bisa diwaca kadhang katon kadhang ora gumantung padhanging netra banyu segara malih dadi seksi kanthi cahya kang madhangi UDAN WAYAH SORE udan riwis-riwis nggawa angin gumanti ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu DALAN OMBAK Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina SEDYAKU Wis, Jeng… Aku sumeleh sempurna ing guritan siji… nyelehake pangarep-arepku marang katresnan lan kawigatenmu sing semu yen nyatane amung semene cunthele lelakonku… Pepenginku tansah sumandhing lan nresnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengestumu wae tansah mili kanggo aku Wis, Jeng aku pamit becik njembarake pikir nggayuh kabegjan