You are on page 1of 2

Cerita cekak iku diwangun saka bagean- bagean kang bisa diperang dadi unsure intrinsic lan unsure

ektrisik. Unsure intrinsik iku unsure kang ana ing jerone cerito cekak, dene unsure ekstrisik iku unsure kang ana eng jabane crita cekak.ing piwulangan iki, kang bakal diterangake yaiku unsure intrinsic saka cerito cekak yaiku kaya ing ngisor iki. 1. Tema utawa pokoke crita, yaiku lelandhesane utawa dasar cerita. Prekoro kang bisa dadi pokoke critaiku ana maneka warna, antarane: babagan katresnan, paseduluran, ekonomi, politik, lan kabudayan. 2. Alur utawa urutane crita, yaiku gegandhengane kedadean- kedadean kang ana ing crita. Alur iku ana kang maju ana kang mundur. Saliyane iku, sawijine crita cekak bisa uga bisa nganggo alur campuran maju lan mundur. Alur maju yaiku urutane crita saka kadadean kang wis kepungkur maju ing kadadean saiki. Dene, alur mundur yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundung ing kedadean kang wis kepungkur. 3. Tokoh crita yaiku paraga utawa kang dicritakake. Tokoh crita iku ana kang sipate becik lan ana uga kang sipate ala. 4. Penokohan utawa gambarane watake paraga utawa tokoh crita. Watake tokoh iku bisa kanggo mbedakake tokoh siji lan sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake tokoh bisa kanthi lumantar ing ngisor iki. a. Katerangan langsung sing diandharake pangripta jroning crita. b. Lumantar caturan/ pirembugan (dhialog) ing antarane para paraga. c. Kalakuan, tumindak, lan kedadean- kedadean sing dialami paraga. 5. Latar, yaiku unsure kang ana gegayutane karo panggonan, wektu, lingkungan social, lan swasana kang ndasari kedadean sing ana ing crita iku. Wektu, nerangake kapan dumadine lelakon sing dicritakake. Lingkungan social, nerangake tataran ngisor (golongane wong mlarat utawa kawula cilik), tataran madya (menengah), lan tataran dhuwur (golongane priyayi lan wong ngaluhur). Dene, swasana gegayutane kro kaanan kang ana ing crta iku, upamane swasana rame utawa kisruh. 6. Sudut pandang, yaiku carane pangripta nyeritakake crita iku utawa kepriye dununge utawa jejering (kedudukane) pengarang ing sajrone crita sing diandharake. Jroning crita cekak jejering (kedudukane) pengarang bisa dadi paraga utama (utama parusa) lan bisa uga minangka dadi paraga wong katelu (pratama purusa). Jejering (kedudukane) pengarang minangka dadi paraga utama (dadi tokoh I), tegese jroning crita kasebut pengarang dadi paraga ing sajroning crita sarana nggunakake tetembungan aku. Dene jejering (kadudukane) pengarang minangka paraga wong ketelu (prataa purusa), tegese pangripta anggone nyeritakake ngunakake tembung sesulihe wong ketelu, kayata: dheweke; piyambake; piyambakipun; panjenenganipun; utawa sarana langsung nyebutake jenenge paraga. 7. Amanat yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku. Pepeling iku arupa ajaran moral utawa pendhidikan. Amanat bisa kepetik saka crita cekak. Mula saka iku, maca crita cekak iku bisa athuk pepeling kang luhur.

8. Gaya bahasa, yaiku carane pangripta migunakake basa kanggo nyritakake crita iku. Tuladhane gaya bahasa yaiku citraan utawa gambarane imajinasi kanthi tembungtembung. Tuladha liyane yaiku majas utawa kiasan. Majas iku akeh warnane, ana majas personifikasi, hiperbol, metafora, lan isih akeh liyane.