You are on page 1of 2

JANTURAN JEJER ING NAGARI DWARAWATI.

Swuh rep data pitana, anenggih nagari pundi ingkang kaeka adi dasa purwa eka sawiji adi luwih dasa sapuluh purwa wiwitan - sanadyan kathah titahing dewa ingkang kasongan ing akasa, kasangga pratiwi kapit ing samodra, katah ingkang sami anggana raras, boten wonten kados nagari ing Dwarawati ya Dwaraka; mila kinarya bubuka, ngupayaa nagari satus tan angsal kalih, sewu tan antuk sadasa; mila winastan ing Dwarawati, palawanganing jagad, utawi wenganing rahsa, Dwaraka panggenan pambuka. Dasar nagari panjang punjung, pasir wukir loh jinawi gemah ripah karta tur raharja ; panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane; pasir samudra, wukir gunung, dene nagari ngungkurake pagunungan, ngeringake pasabinan, nengenaken banawi, ngajunaken bandaran gede; loh tulus ingkang tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku, gemah kang lurnaku dagang, rainten dalu tan ana pedote, labet tanana sangsayaning margi, aripah janma ing manca kang sami griya salebeting praja, jejel apipit, pangrasa- aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking rejaning nagari; karta, kawula ing padusunan pada tentrem atine, mungkul pangulahing tatanen; ingon-ingon kebo sapi, pitik iwen tan ana cinancangan, rahina aglar ing pangonan, jen bengi mulih marang kandange dewe; raharja tebih ing parang muka, dene para mantri bupati pada kontap kautamane, bijaksana limpad ing kawruh putusmarang wajib pangrehing praja, tansah ambudi wewahe kaluhuraning Nata; dasar nagara gede obore, padang jagade, duwur kukuse adoh kuncarane; boten ing tanah Jawi kemawon ingkang sumujud sanajan ing tanah sabrang katah ingkang sumawita, tanpa kalawan karaning banda juda, mung kayungyun popojaning kautaman, babasan ingkang celak manglung, ingkang tebih tumiyung, sami atur putri minangka panungkul; ing saben antara mangsa asok bulu bekti,glondong pangareng-areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi. Wenang den ucapna juluking Nata Sri Batara Kresna Prabu Arimurti, Padmanaba, Narayana, Kesawa, Wasudewa, Wisnumurti, Danardana, Janardana. Mila jujuluk Sri Batara Kresna, cemeng pasarirane trus balung sungsum ludirane, jen ayama ayam cemani, keni kinarja sarana, sanadyan Sri Batara uga dadya sarana jayaning Pandawa ing Bratajuda, Arimurti luwih padang, dene wruh sadurunge winarah. Padmanaba, sekar sumorot, dene anggaduh sekar Wijajakusuma, panguripane wong sabumi. Nayarana titising dewa, marma kawasa angasrepi sesining jagad. Kesawa, panah linuwih, dene bisa warna kala mertyu. Wasudewa warananing Dewa, Danardana, adina-dina tansah adedana, lumintu yayah ilining narmada. Janardana, wong sugih, dene dadi saciptane, ana sasedyane, teka kang kinarsakake. Wisnumurti, Wisnu sawantah, marma wus tan samar saulah kridaningrat Cinarita Sanghyang Wisnu binelah panitise, dadya Kresna lan Arjuna pama kembang lan sarine, kadi agni lan urube, kembange Kresna, sarine Arjuna; geni Kesawa, urube Janaka; pama suruh, lumah lan kurebe dinulu seje rupane, ginigit tunggal rasane. Pranjata Ratu ing Dwarawati ambek tanuhita, darmahita, samahita, sarahita, tegesipun - karem ulah kapanditan ; remen ulah pangadiian, marsudi rehing tatakrami, remen ulah kaprajuritan; marma sinihan ing Dewa, kinamulen para Widadari

limpad pasanging graita putus ing cipta sasmita. kacu mas sawunggaling. jen sampun leresing kapidana boten mawi wigih. utawi anetepi berbudi bawa laksana. teka muwuhi asri senening panangkilan. tuwin sabawane abdi kriya gending pande kemasan. payungagung bawat.. aweh pajung wong kodanan. beg amber ambalabar dumugi sajawining taratag. tan ngendak gunaning janma. aweh banju wong kasatan. karya sukaning prihatin amaluyakaken wong asakit. kaja ndoyong-ndoyongna pancak sujining alun-alun. mumpuni ing aguna. marma wong sapraja pada wedi asih trusing lair batin. turunambek paramarta. lemek babut prangwedani sinebaran sari-sari. Sang Nata miyos siniwaka ing sitinggil binaturata. Ratu amiguna ingaguna. lajeng katrap ing pamisesa. sarta anindakaken sama beda dana denda. Dene lelabuhaning Nata. putus sandining weweka. angsung pangan wong kaluwen. pinatik ing nawa retna. bagus rupane anom dasare karengga ing busana. irigkang taksih sami njambut damel. satriya ing Lesanpura akakasih Raden Arja Satyaki. paring sandang wong kawudan. angsung kudung wong kepanasan. . jenta ginunggunga lelabuhaning ratu. gegodongan tahana obah. bagus rupane sembada prawira. jaka palara-lara sami ngampil upacara. dwipangga ingkang sarwa retna. Ing pagelaran ander para mantri bupati. tansah angasrepi sesining praja. kinebutan lar badak kanan kering. ginanda wida ing jebat kasturi. lenggah ing dampar denta. banjak dalang ardawalika. tinon angendanu panda mendung. sanadyan putra santana warga. Rep sidem pramanem tan ana banane walang asisik. berbudi tansah ngganjar. paring teken wong kalunjon. larnpahing pangadilan anindakaken dana wesiasat. pinalipit ing kancana. ting carengkling imbal ganti lir mandaraga. andap tan keni ingungkulan . sawurining Sang Narpaputra. sinigeg. kadang naksanak kaipe ing Sri Bafara. pinunggel ingkang murweng kawi. mesti kalampahan. ginarebeg ing bedaya srimpi biyada manggung ketanggung. yayah anjurernna sunaring Hyang Pratanggapati. Nuju ing ari Respati. marma kinatik ing rama rinten dalu. Iire boten ambau kapine. kaseseg para wadya ingkang samya nangkil. samirana tanana lumampah. ambek paramarta. abra busananing wadya pinda sekar sataman. ingkang anindihi ing p agelaran kipatih Udara. kongas gandaning Nata dumugi pangurakan. punapa ingkang sampun kadawuhaken boten kenging oncat. ing alun-alun papanjen umbul-umbul bandera lelayu. amung swaraning pradangga kang nganyut anyut lan swaraning manuk engkuk jalak kang mencok ing waringin. luhur tan ngungkul-ungkuli. ing ajuda. Sinten ingkang caket ing ngarsa Nata satriya ing Kadipaten akekasih Raden Samba. cat kapireng cat boten saking paningkilan. bala laksana. ngulawisuda. kinarya gedig manggala gulagul. wiyaring jajahan sadalu tanana pedote.kinacek sasamining Ratu. sirna kamanungsane katon kadi Sanghyang Wisnu ngejawantah dinajap para widadari. mila anggung ginala-gala ingulig.