Basa Ngoko Alus

Basane ngoko dicampuri krama inggil. Basa karma inggil sing digunakake kanggo aweh pakurmatan marang mitra wicara. Tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, panindake, lan barang kaduwekane. Ater-ater lan panambang ora dikramakake. Basa ngoko alus iku nuduhake basa kang watake raket banget lan alus sarta ngajeni banget marang wong sing diajak omong-omongan,jalaran nggunakake tembung karma inggil tumrap wong sing diajak omong-omongan, lan wong sing diomongne.

Basa ngoko alus digunakake : a. kanggo omong-omongane garwa marang kakunge, ibu marang bapak, lan kosok baline; b. dening wong tuwa marang sanak kang luwih enom nanging pangkat/drajade luwih dhuwur lan wis kulina; c. anak marang bapak-ibune, awit si anak wis ngreti yen ngoko alus iku luwih ngajeni tinimbang ngoko lugu; d. dening ibu marang putra-putrane kang isih cilik-cilik, prelune kanggo nggulawentah supaya wiwit cilik bisa ngreti marang tatakramane basa. e. kanggo omong-omongan kang ngrembug (ngandhakake) wong liya kang diajeni banget.

Tuladha :     Merga wis awan, panjenengan saiki kudu dhahar neng kene! Panjenengan mengko bengi sida sare kene, ta? Yen ora kersa rawuh dhewe ya ora usah dicaosi. Pak lurah wingi jarene gerah mulane ora sida tindak.