LPP Sinode Wulan Brayat 2014 12

NALIKA
TÈKNOLOGI
DADOS
“BENDARA”
TUMRAPING
MANUNGSA


DHASARING PAMAWAS
Manungsa pinaringan nalar bebudèn déning Gusti Allah
murih saged mbudidaya supados gesangipun raharja.
Wujuding tanggapan awit pinaringan nalar-budi, manungsa
ngréka-daya ing manéka warni prakawis ingkang
tundhonipun njalari lampahing gesangipun manungsa
gangsar. Tèknologi dados salah satunggal undhuh-
undhuhaning kawasisan nalar-bebudènipun manungsa.

Menawi kita ningali ngrembakaning tèknologi wekdal
samangké, temtunipun pantes menawi tuwuh raos bombong
déné manéka warni wohing tèknologi kadamel déning
manungsa. Contonipun tèknologi informasi ingkang wohipun
saged kita panggihaken ing barang-barang kadosta hand-
phone (asring sinebat HaPé), laptop (kawaos: lèp-top), gadget
(kawaos: gè-jêt) utawi barang-barang èlèktronik kanggé
sarana komunikasi, télévisi lan sanès-sanèsipun.
Mirungganipun tèknologi HP, kita mrangguli bilih namung
WULAN BRAYAT
Minggu II, 12 Oktober 2014
Waosan I
Pangentasan 32:1-14

Tanggapan
Jabur Masmur 106:1-6, 19-23

Waosan II
Filipi 4:1-9

Injil
Matéus 22:1-14


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 13

ing satunggal genggeman kémawon manungsa saged
nindakaken manéka warni prakawis. Wiwit saking paring
pawarta (informasi), blanja ngginakaken internèt utawi
sinebat on-line (kawaos: on-lain), dol-tinuku, dolanan lan
sapanunggilipun.

Saking jagading télévisi, kita manggihaken manéka warni
jinising télévisi makaten ugi kaunggulanipun. Jaman
samangké kita saged milih télévisi ingkang agengipun boten
limrah, wujudipun rata makaten ugi tipis. Kaunggulan-
kaunggulan kasebat èstu damel bombonging manah. Nanging
ing sisih sanès wonten prakawis ingkang prelu kita gatosaken,
inggih punika nalika tèknologi dados “gusti” tumraping
manungsa.

Sangsaya dangu, ngrembakaning tèknologi kasebat nggèndèng
manungsa kajiret ing sikep gumantung dhateng tèknologi;
tundhonipun manungsa rumaos boten saged gesang kanthi
prayogi menawi boten wonten tèknologi. Satunggaling
majalah naté ngawontenaken panalitèn magepokan kaliyan
sapinten gumantungipun manungsa dhateng HP. Nalika
dipun ajengaken pitakènan, pundi ingkang èstu damel
kuwatos: HPnipun kantun utawi dhompètipun ingkang
kantun? Asiling panalitèn kasebat nyebataken bilih ingkang
èstu karaosaken kuwatos punika menawi HPnipun kantun.

Tèknologi punika sanès prakawis ingkang awon, nanging
mujudaken wohing kawasisan nalar-budinipun manungsa
kanggé damel rancaging gesangipun. Nanging émanipun
manungsa asring kalindhih temah ndadosaken tèknologi
minangka prakawis ingkang wigati linangkung. Tèknologi
kadadosaken bendara tumraping manungsa, satemah njalari
manungsa boten preduli dhateng mitra utawi réncangipun
jalaran winengku raos suka-bingah ngginakaken tèknologi.
Sikep boten preduli kasebat boten namung mangaribawani
pérangan brayatipun jalaran langkung nggatosaken tèknologi,
nanging ugi mangaribawani sikepipun dhateng Gusti awit

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 14

manungsa rumaos bilih saged nggayuh punapa kémawon
kanthi nalar-bebudènipun piyambak.

Lumantar khotbah punika kita badhé nyinau prakawis boten
prayogi ing wekdal ingkang sampun kapengker mirungga
ingkang katindakaken déning Israèl inggih punika nalika sami
damel patung pedhèt mas minangka “gusti” tumrap Israèl.
Sinaosa kita boten gesang ing mangsa mardikanipun Israèl
saking pangawulan Mesir, nanging kala-jiret “gusti” palsu
kasebat saged kémawon kita temahi ing jaman samangké
kanthi wujud manéka warni. Salah satunggalipun inggih
punika tèknologi. Nalika tèknologi kadadosaken ingkang
langkung utami nglangkungi sanèsipun, punika ateges
tèknologi sampun dados “bendara” utawi “gusti” ingkang
nguwaosi gesangipun manungsa.


DHAPTAR WAOSAN
Wonten béda waosan lèksionari antawisipun GKJ lan GKI,
inggih punika wonten ing pérangan Masmur Tanggapan lan
Waosan Kalih. Ing pérangan Masmur Tanggapan, lèksionari
GKI muwuhi ayat 19-23; déné Waosan Kalihipun kawuwuhan
ayat 9. Panyerat bahan punika mrayogèkaken kita
ngginakaken dhaptar waosan ingkang kaanggé déning GKI
jalaran ayat 19-23 wonten ing Jabur Masmur 106 wonten
sesambetanipun kaliyan waosan sanèsipun, makaten ugi ayat
9 saking Waosan Kalih.


KATRANGAN WAOSAN
Pangentasan 32:1-14
Kitab Pangentasan kasebat, nyariosaken lelimbanganing
kapitadosanipun Israèl anggènipun nemahi kawontenan
gesang ingkang rekaos nalika medal saking Mesir. Ing kitab
kasebat kagambaraken dosa durakaning bangsa ingkang kapiji
déning Gusti Allah piyambak. Wongsal-wangsul anggènipun
Israèl sami ngedumel dhateng Gusti Allah kados nalika badhé

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 15

nyabrang seganten Teberau, nalika boten gadhah toya wening
ing Mara lan nalika sami kerapan ing pasamunan Sin. Cariyos
ing kitab Pangentasan 32 punika béda amargi nalika semanten
Israèl sampun nampèni prasetyanipun Gusti Allah punapa
déné Angger-angger Sadasa Prakawis (Pangentasan 19-20).
Awit saking punika, pambalélanipun Israèl kasebat èstu
mrihatosaken menawi katandhingaken kaliyan anggènipun
sami grundelan ing wekdal-wekdal sakdèrèngipun.

Pawadan anggènipun sami nyuwun dhateng Harun supados
ndamelaken patung pedhèt cor-coran inggih punika awit
Musa boten énggal mandhap saking pucuking redi Sinai.
Èstunipun Musa sampun nilar weling supados sami sarèh
nengga ing ngandhaping redi Sinai ngantos piyambakipun
wangsul (Pangentasan 24:14). Nembé sawatawis dinten
kapengker Israèl binerkahan lan kawilujengaken. Ananging
sapunika sami sowan dhateng Harun lan nyuwun
kadamelaken allah sanès (ayat 1). Tiyang-tiyang punika sami
ènget anggènipun tiyang-tiyang Mesir sami nyembah dhateng
brahala.

Nemahi kawontenan panyuwunipun tiyang kathah kasebat,
Harun tundhanipun nyembadani lan kelampahan èstu
pambalélanipun Israèl kanthi nyembah brahala ing redi ing
pundi Gusti Allah piyambak paring Angger-angger Sadasa
Prakawis. Harun paring dhawuh supados tiyang-tiyang
kasebat sami ngempalaken raja-brana rerengganipun lajeng
kadhapur anak pedhèt (ayat 4). Anggènipun damel pepethan
pedhèt punika mujudaken asoring bebudènipun Israèl jalaran
kénging pangaribawa nalika sami gesang ing Mesir. Miturut
pamawas Mesir, kéwan-kéwan ingkang gesang dipun wawas
suci. Déwa-déwa kagambaraken ndarbèni sirah kéwan kepara
wadagipun ugi kéwan (The New Bible Commentary, 1976,
London).

Kalepatanipun tiyang-tiyang kasebat matikel-tikel nalika
Harun ndamelaken misbyah kanggé wewangunan pedhèt lan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 16

mbyawarakaken pahargyan tumrap pepethan kasebat (ayat 5).
Makaping-kaping Gusti Allah paring dhawuh supados Israèl
boten manembah dhateng brahala (katandhingna Kaimaman
17:7, Yosua 24:14, Yéhèzkièl 20:18), ingkang mratandhani
bilih Gusti Allah boten rena magepokan tumindak kasebat.
Samangké, tiyang-tiyang Israèl malah njarag tumindak dosa
ingkang dipun awisi déning Gusti (ayat 6).

Mirsa kanyatan kadurakanipun Israèl kasebat, Gusti Allah
duka kepara ing ayat 7 mratélakaken sanget anggènipun duka:
“Sira mangkata, mudhuna, awitdéné bangsanira kang wus sira
irid lakuné metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak
duraka.” Kados-kados Gusti sampun boten nyebat Israèl
minangka kagunganipun, nanging ngandika kanthi tembung
“bangsanira.” Israèl sampun nalingsir, boten ngèngeti bab sih-
pitulungipun Gusti ingkang kapratélakaken dhateng Israèl.
Gusti Allah ndhawahaken bebendu ingkang mulad-mulad
tumrap Israèl (ayat 10). Panjenenganipun boten rena mirsani
kadursilanipun Israèl punapa déné anggènipun manembah
dhateng allah sanès.

Mrangguli dukanipun Gusti Allah, Musa énggal-énggal
nglilihaken galihipun Gusti kanthi ngèngetaken prasetyanipun
Gusti piyambak tumrap Israèl. Ing ayat 13 dipun
pratélakaken: “Paduka mugi karsaa ènget dhateng abdi
Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israèl,
ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos
dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani:
Turunira bakal Suntangkar-tangkaraké nganti kaya lintang ing
langit, lan tanah kang wus Sunjanjèkaké iku kabèh bakal
Sunparingaké marang turunira, supaya dadi darbèké ing
salawas-lawasé.” Myarsakaken panyuwunanipun Musa, Gusti
Allah piduwung, mila ing ayat 14 dipun pratélakaken: “Ing
kono Pangéran Yéhuwah apiduwung ing bab bilai kang wus
karancang bakal katandukaké marang umaté.”
Kadurakananipun Israèl sajatosipun linangkung
nglingsemaken, éwasamanten sarèhning Gusti Allah ènget

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 17

dhateng prasetyanipun mila Panjenenganipun rena ing galih
lan nyigeg dukanipun.



Jabur Masmur 106:1-6, 19-23
Jabur Masmur 106 mujudaken kalajenganing Jabur Masmur
105 ingkang nggambaraken Israèl minangka umat
pepilihanipun Gusti Allah asring nerak wewaleripun Gusti lan
sampun boten pantes malih nampèni sih-rahmatipun. Wonten
ing Jabur Masmur sadèrèngipun (bab 105) kita taksih
mrangguli Gusti Allah mratélakaken berkah lumantar
prasetyanipun. Ing pérangan punika, juru masmur ningali
kasetyanipun Gusti Allah ing pangadilanipun inggih punika
anggènipun tetep nresnani umat sinaosa tiyang-tiyang kasebat
sampun nerak angger-anggeripun Gusti.

Jabur Masmur 106 kapurwakan kanthi paseksi magepokan
kaliyan kasaénanipun Gusti ingkang langgeng salaminipun.
Pratélan kasebat katalesaken saking pangalamanipun Israèl
ingkang naté nemahi kawontenan manéka warni dadosa
bingah punapa déné sisah, dadosa ing salebeting pambangun-
turut punapa déné nalika nerak wewaleripun Gusti Allah.
Underanipun inggih punika bilih Gusti Allah tansah setya-
tuhu ing salaminipun.

Ayat 2 mujudaken pepujènipun umat gegayutan kaliyan
kamulyanipun Gusti. Manungsa boten badhé saged nggayuh
karsa saha rancanganipun Gusti tumrap umatipun.
Kalajengaken ing ayat 3 ingkang mratélakaken kayakinanipun
umat bilih sok sintena ingkang tuhu-setya nindakaken
dhawuhipun Gusti inggih punika tiyang ingkang sinebat
rahayu. Salajengipun ing ayat 4-5 mujudaken panyuwunan
supados Gusti tansah ènget dhateng prasetyanipun lan
nglestantunaken berkah tumrap umatipun.


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 18

Ing ayat 6, juru Masmur ngèngetaken panerakipun bangsa
Israèl salamining gesangipun. Dosa ingkang katindakaken
boten namung ing wekdal samangké (ngginakaken tembung
“kawula”), nanging ugi kedadosan ing wekdal ingkang sampun
kapengker (katitik ing tembung “para leluhur kawula”).
Salajengipun ing ayat 19-23 nandhesaken panerakipun para
leluhuripun Israèl ingkang ndayani bangsa Israèl nindakaken
duraka-dursila kados ing waosan kapisan (Pangentasan 32).
Wonten ing ayat 19 dipun pratélakaken, “Ana ing gunung
Horèb padha gawé reca pedhèt, sarta sujud marang reca
cithakan”, katandhesaken malih ing ayat 23: “Mulané
Pangéran ngandika bakal numpes para leluhur, yèn ajaa Nabi
Musa pepilihané, nengahi ana ing ngarsaning Pangéran,
nyirep bebenduné temah Panjenengané ora sida nyirnakaké
para leluhur.” Nanging ing suwaliking panerak kasebat,
sajatosipun katresnanipun Gusti boten éwah gingsir inggih
punika kanthi pratélan: ”Sih-susetyané iku langgeng ing
salawasé” (ayat 1).

Filipi 4:1-9
Bab 4 kasebat kapurwakan kanthi pujènipun Rasul Paulus
tumrap pasamuwan Filipi magepokan kaliyan kasetyanipun.
Ing ayat 1 dipun pratélakaken: “Awit saka iku sadulur-
sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi
kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti,
hé sadulur-sadulurku kang kinasih.” Sih-katresnanipun
Paulus tumrap pasamuwan Filipi kacetha ing ayat kasebat.
Piyambakipun nresnani kepara kangen dhateng pasamuwan
Filipi. Langkung saking punika, Rasul Paulus nyebat
pasamuwan Filipi minangka “makutha”nipun. Miturut tata-
basa Yunani, wonten kalih tembung ingkang ngener dhateng
tembung “makutha” inggih punika: kapisan sinebat
didaméma jarwanipun “makutha karajan” lan ingkang angka
kalih stéfanos. Tembung stéfanos kasebat ingkang dipun
anggé déning Paulus ing ayat kapisan kasebat, wondéné
tembung stéfanos tegesipun wonten kalih: [1] makutha
ingkang dipun anggé déning olahragawan nalika menang ing

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 19

lelumban. Makutha punika kadamel saking ron jaitun alasan
kaanyam kaliyan ron parsli (kados slèdri) ijem lan ron
murbéi. Wekdal samanten bab pikantuk makutha kasebat
dados gegadhangan tumraping olahragawan. [2] Stéfanos ing
sisih sanès punika minangka makutha ingkang dipun aturaken
tumrap tamu ingkang dipun ulemi ing pista bingah-bingah.
Dados, nalika Paulus mratélakaken bilih pasamuwan Filipi
minangka makuthanipun punika ateges Paulus mawas bilih
Gusti Allah ngawontenaken pista bingah-bingah lan
pasamuwan Filipi minangka makuthanipun.

Ing ayat 1b, Rasul Paulus mbereg pasamuwan ingkang dipun
tresnani supados ngudi sikep golong-gilig wonten ing Gusti.
Sikep kasebat ingkang saged ngawékani godha-rencana
makaten ugi ngawékani karingkihan dhiri pribadi. Tembung
ingkang dipun anggé inggih punika stékété, ingkang dipun
samèkaken kaliyan prajurit ingkang adegipun teguh nemahi
mengsah nrajang ing madyaning paprangan ingkang
ngéramaken. Gréja lan tiyang-tiyang Kristen badhé tatag
tanggon menawi tansah ngudi gesang tunggil kaliyan Sang
Kristus.

Salajengipun ing ayat 2-3 kagambaraken wonten bebèncèngan
tokoh Kristen kalih ing Filipi inggih punika Éuodia lan
Sintikhé. Murih saged karukunaken malih, Paulus
mrayogèkaken Éuodia lan Sintikhè supados tansah golong-
gilig wonten ing Gusti. Bok bilih kekalihipun pawèstri ingkang
griyanipun dipun anggé kempalan pasamuwan Filipi.
Samboten-botenipun, saking katrangan kasebat kita
mrangguli prakawis wigati inggih punika sanyata bilih
pawèstri gadhah pangaribawa wonten ing ngrembakaning
pasamuwan kawitan.

Wonten ing ayat 3, Rasul Paulus ndhawuhi Sunsugos ingkang
sinebat “kancaku kang tumemen” supados nulungi pawèstri
kalih kasebat. Miturut William Barclay (kawaos: Wiliêm
Barklèi), wonten sawatawis panginten magepokan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 20

pribadinipun Sunsugos kasebat. Panginten angka satunggal,
piyambakipun punika sémahipun Éuodia utawi Sintikhè
ingkang dipun prayogèkaken tumut tumandang damel
ngrampungi prakawis sémahipun. Angka kalih, piyambakipun
pamimpin pasamuwan kados Lidhia, Timotéus, Silas utawi
pangèning gréja Filipi. Tiga, condhong dhateng Épafroditus
ingkang mbekta serat punika, dados boten namung dutaning
serat nanging ugi kajibah ngrukunaken pasamuwan Filipi.
Sinten kémawon ingkang dipun sebat Sunsugos, bakunipun
tumraping Rasul Paulus bebèncèngan punika kedah dipun
rampungi kanthi tentrem-rahayu.

Ing ayat 4-5, Rasul Paulus mrayogèkaken pasamuwan Filipi
supados tansah bingah ing sadhéngah kawontenan. Pratélan
suka-bingahing manah kedah dipun talesi kanthi sihipun
Gusti. Wonten ing ayat 6-7 Rasul Paulus mbereg supados
pasamuwan tansah ngeneraken pangangen-angen punapa
déné pangraosipun dhateng Gusti tanpa wigah-wigih kuwatos.
Déné ayat 8-9 mujudaken kuwajiban umatipun Sang Kristus
supados ngedalaken woh pamawas ingkang saé ingkang badhé
dados etuking karahayon.

Matéus 22:1-14
Wonten ing Matéus 22:1-14 Gusti Yésus paring pasemon bab
pahargyan mantu kanggé nggambaraken Kraton Swarga.
Pasemon ingkang dipun agem Gusti kasebat atetales
padatanipun tiyang Yahudi nalika ngawontenaken pista
ningkahan. Padatan ngrika, wonten ing kitir utawi uleman
pahargyan mantu dèrèng kasebataken wekdal
kaleksananipun. Menawi sadaya sampun cumawis, para abdi
kautus martosi dhateng para tamu ingkang dipun ulemi
magepokan wekdal kaleksananing sedya ingkang sampun
gumathok. Ratu ing pasemon kasebat sampun dangu
anggènipun kintun uleman. Nalika sampun sumadiya
sadayanipun, warta kaleksananing pista kabyawarakaken
déning para duta, nanging émanipun katampik déning para
tamu sinedhahan. Èstu, kanyatan ingkang nrenyuhaken.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 21


Miturut W. Barclay, pasemon kasebat ngemu teges kalih, [1]
Jarwaning pasemon magepokan kawontenan ngrika, inggih
punika lumantar pasemon kasebat Gusti Yésus ndakwa
tiyang-tiyang Yahudi kados déné ingkang nampi uleman
nanging sami nampik sowan. Wiwit rumiyin tiyang-tiyang
kasebat sampun kauleman minangka umat pilihanipun Allah,
éwasamanten nalika Sang Putraning Allah rawuh ing jagad
ingkang sami kauleman kasebat kepara nampik rawuhipun.
Awit saking punika ulemanipun Gusti Allah dipun tujokaken
kanggé tiyang-tiyang ing sapinggiring margi, ing prasekawan-
prasekawan ingkang mrasemokaken golonganing tiyang dosa
lan tiyang-tiyang sanès bangsa Yahudi, déné tiyang-tiyang
kasebat boten naté gadhah gegadhangan kauleman mlebet ing
Kratoning Allah.
[2] Jarwaning pasemon ingkang rowa bilih lumantar pasemon
kasebat Gusti Allah ngulemi tiyang-tiyang sanès bangsa
Yahudi (kalebet kita) nampi uleman Panjenenganipun.
Prakawis wigati magepokan kaliyan pamawas kasebat inggih
punika:
a. Pasemon kasebat ngèngetaken kita bilih ulemanipun Gusti
Allah punika uleman kanggé ndhèrèk ing pista pikraman.
Kadosdéné pista ningkah ingkang rinengga kabingahan,
pramila kita tinimbalan nampèni suka bingahing manah
sesarengan kaliyan Gusti.
b. Pasemon kasebat ngèngetaken kita bilih wonten prakawis-
prakawis ingkang dèrèng kantenan awon ingkang njalari
manungsa nutup talingan magepokan ulemanipun Gusti
kasebat. Lumantar pasemon kasebat kapratélakaken bilih
pawadan anggènipun boten sami purun ndugèni punika
amargi wonten ingkang nggatosaken pategalanipun lan
wonten ingkang nindakaken pakaryanipun. Tiyang-tiyang
punika boten késah kanggé pista gedhèn ngantos mendem,
nanging sami nggatosaken kuwajibanipun piyambak-
piyambak. Sinaosa makaten, tiyang-tiyang kasebat
nglirwakaken prakawis ingkang wigati linangkung
katimbang kuwajibanipun punika. Gampil tumraping

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 22

manungsa winengku ing kabetahan tata kajasmanèn
ingkang satléraman kawontenanipun temahan
nyupèkaken prakawis-prakawis ingkang sipatipun
langgeng.
c. Pasemon kasebat ngèngetaken kita bilih pamrayogining
Sang Kristus boten supados kita langkung nengenaken
bebendu ingkang dados undhuh-undhuhanipun. Pancèn
ingkang boten purun sowan badhé nampi paukuman,
nanging ingkang langkung mrihatosaken inggih punika
bilih tiyang-tiyang kasebat badhé kécalan kabingahaning
pista pikraman.
d. Uleman ingkang dipun byawarakaken déning Gusti punika
uleman magepokan kaliyan peparing sih-rahmatipun.
Uleman kasebat kanggé sok sintena ingkang kanthi
tinarbuka saha legawaning manah nampèni uleman.

Pasemon salajengipun (ayat 11-14) nyariosaken satunggaling
tamu ingkang sowan ing pista ningkah ing kraton, nanging
tiyang kasebat boten manganggé rasukan pista ingkang
murwat. Tiyang ndhatengi pista punika nedahaken adrenging
manah ingkang mbereg anggènipun marak ing pista
pikraman. Menawi badhé sowan ing dalemipun tiyang
ingkang kita aosi mesthinipun boten manganggé rasukan
reged ingkang kaanggé nyambut damel. Punika boten ateges
rasukan ingkang langkung dipun tengenaken, nanging
sajatosipun rasukan kasebat nedahaken anggèn kita ngaosi
ingkang gadhah damel; makaten ugi nalika kita sowan ing
Padalemaning Allah. Pasemon kasebat boten nggepok-senggol
prakawis rasukan ingkang kaanggé dhateng gréja, nanging
magepokan kaliyan pacawisaning manah anggèn kita adreng
sowan Gusti. Punapa pisowanan kita punika winengku manah
ingkang ngaosi Gusti saha kanthi katemenaning manah, utawi
namung waton sowan kémawon?


UNDERANING PIWULANG

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 23

Tèknologi punika sajatinipun sanès prakawis awon-duraka,
nanging ingkang dados prakawis inggih punika ingkang
nganggé tèknologi jalaran tèknologi sajatinipun kadadosaken
sarana njangkepi sadhèngah kabetahaning gesang manungsa.
Nalika manungsa sanget anggènipun mbetahaken tèknologi,
mila tèknologi santun-rupi kados déné “pepethan pedhèt” ing
jaman samangké. Menawi kita sanget gumantung dhateng
tèknologi mila kita badhé nindakaken prakawis ingkang sami
katindakaken déning Israèl, inggih punika nyujanani Gusti
Allah lan jejering Panjenenganipun kanthi tèknologi
damelanipun manungsa.

Kita prelu ngakeni dosa-duraka kita kados ingkang dipun
tindakaken déning juru masmur ingkang kapratélakaken
wonten ing Jabur Masmur 106. Makaten ugi kita nyinau
kadosdéné pasamuwan Filipi ingkang dados sumbering
kabingahan saha raos bombongipun Rasul Paulus. Paulus
ngèngetaken pasamuwan supados tansah teguh lan boten
miyar-miyur kapitadosanipun kanthi nalesi gesang dhateng
Sang Kristus. Salajengipun waosan Injil samangké
ngèngetaken kita bilih supados saged ngraosaken
kabingahaning Kraton Swarga pramila dipun prelokaken
pacawisan dhiri ingkang prayogi linangkung. Caranipun
inggih punika kanthi katemenaning manah saha pakurmatan
ingkang linangkung dhumateng Gusti Allah ingkang murba
dumadi.


KHOTBAH

NALIKA TÈKNOLOGI DADOS “BENDARA”
TUMRAPING MANUNGSA

Para sadhèrèk ingkang kinasih wonten ing Gusti Yésus,
wonten satunggaling filem ingkang irah-irahanipun “Electric
Dreams: The 1990’s” (kawaos: Ilèktrik Drims: Ndê Naintin
Naintis) [saged kapirsanan ing

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 24

http://www.youtube.com/watch?v=9E HDVvx-dQs]. Filem
kasebat nyariosaken ngrembakaning tèknologi sasampunipun
tahun 1990, mirungga magepokan kaliyan pangaribawaning
tèknologi déning ingkang nganggé antawis taun 1990 ngantos
taun 2000. Satunggaling panalitèn ingkang dipun tindakaken
wonten ing salah satunggaling brayat ingkang èstu gumantung
dhateng tèknologi nedahaken bilih brayat kasebat remen
ngginakaken tèknologi ingkang ngéramaken éngga brayat
kasebat boten mrastawakaken bilih sampun dipun kuwaosi
déning tèknologi. Péranganing brayat kasebat namung
nggatosaken “jagad” ingkang kawangun déning pamawasipun
piyambak temah boten mbetahaken sesami ing bebrayan
agung. Kacihna brayat kasebat awis-awis rerembagan aben-
ajeng nanging satunggal lan satunggalipun sami nengenaken
gadget (kawaos: géjêd) utawi piranti èlèktronikipun
piyambak-piyambak. Kepara nalika wonten ing méja dhahar
pamawasipun tansah sambet kaliyan “jagad” njawi ngrika
sanès kanyatan anggènipun badhé kembul bujana.

Nalika sami nglenggana bilih wonten prakawis wigati ingkang
ical saking gesanging brayat kasebat inggih punika bab
wawan-rembag sesarengan ingkang tinalesan sih-katresnan,
pramila brayat punika mangsulaken malih kawontenan
griyanipun kados nalika jaman taun 1990. Kawontenan griya
katata saèmper taun 90-nan. Komputer ngginakaken DOS
utawi diskèt ageng, radio lan tape (tép) ngginakaken kasèt,
télévisi kagantos ingkang hitam-putih lan sapanunggilipun.
Ing kawontenan kados kasebat, patunggilaning brayat karaos
éndah saha tuwuh malih guleting kekadangan jalaran wawan-
rembag dados prakawis wigati.

Saking filem kasebat ngemu piwulang bilih kamajenganing
tèknologi pancèn ndayani gesangipun manungsa sarwa
gampil-gangsar, éwa samanten pangaribawanipun asring
boten dipun waspadakaken déning manungsa ingkang
winengku tèknologi. Manungsa ndadosaken gadget sarana
ingkang wigati nglangkungi samukawis kalebet patunggilan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 25

wonten ing brayat. Wonten malih panalitèn magepokan
kaliyan HP. Saking pitakènan panalitèn: pundi ingkang njalari
raos boten jenjem, HP ingkang kantun utawi dompètipun
ingkang kantun? Sapérangan tiyang ingkang dipun suwuni
pirsa ing panalitèn kasebat mangsuli bilih prakawis ingkang
njalari raos manah boten tentrem nalika HPnipun kantun.
Tanpa kanyana, kita sampun dados angkatan ingkang sarwa
èlèktronik!

“Angkatan èlèktronik” gesang ing salebeting pamawas “adoh
lamun cerak, cerak lamun adoh.” Kanthi tèknologi, tebihing
kawontenan boten wonten aosipun jalaran sadaya tiyang
saged sesambetan sanalika, éwa samanten tiyang ingkang
wonten ing ngajengipun karaos tebih sanget jalaran langkung
nggatosaken sarananing sesambetan utawi sarana
èlèktronikipun piyambak-piyambak katimbang wawan-
rembag kaliyan sesami ingkang wonten ing ngajengipun.
Langkung mrihatosaken malih nalika tèknologi sanyata njalari
manungsa boten ngener dhateng Gusti malih.

Para Sadhèrèk ingkang kinasih wonten ing Gusti,
bangsa Israèl naté damel kadurakan magepokan kaliyan
gesanging kapitadosanipun. Nalika lumampah medal saking
Mesir lajeng mampir ing redi Sinai, Musa minangka
pamimpining bangsa kasebat nampèni angger-anggeripun
Gusti. Saking Pangentasan 32 kita manggihaken bilih Musa
minggah redi ingkang kaping kalih. Ingkang sepisanan nalika
Musa nampèni Angger-angger Sadasa Prakawis lan
maringaken angger-angger kasebat dhateng Israèl
(Pangentasan 20). Déné ingkang kaping kalihipun Musa
minggah redi Sinai lajeng kalampahan pambalélanipun Israèl
ingkang asor kasebat. Nalika nengga Musa boten énggal
mandhap saking pucaking Sinai, manahipun Israèl kadereng
ing pepénginan kamanungsan saha nganggep bilih Musa
sampun mbucal wekdal tanpa gina (Pangentasan 32:1).
Kawontenan kasebat ingkang njalari Israèl sami kedumelan
dhateng Harun lan nyereg Harun ndamelaken “allah anyar”

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 26

ingkang badhé nuntun lampahipun (ayat 1). Ing salebeting
lumampah tumuju tanah prajanjian, sampun makaping-
kaping Israèl grundelan dhateng Gusti, kadosta nalika dipun
oyak déning bala-tantranipun Pringon ing gegisiking seganten
Teberau (Pangentasan 14:10-12), makaten ugi nalika sami
kasatan toya ing Mara (Pangentasan 15:22-27), saha nalika
sami kerapan-tedhan ing pasamunan Sin (Pangentasan 16:1-
12). Pancèn, nalika sami kedumelan Gusti tansah paring
pitulungan. Nanging wonten ing Pangentasan 32
kadurakanipun Israèl dipun ambali alih. Tiyang-tiyang punika
boten sami nitèni panuntunipun Gusti kepara nyulayani
Panjenenganipun mawi nggantos kalenggahanipun kanthi
pepethan pedhèt (Pangentasan 32:4). Tiyang-tiyang punika
sami pista ndem-ndeman saha misungsungaken korban
obaran ing sangajenging pepethan ingkang awujud barang
tanpa daya linangkung. Kadurakanipun Israèl kasebat èstu
mrihatosaken déné tiyang-tiyang punika sajatosipun sampun
nampi angger-anggeripun Gusti. Paugeranipun Gusti ingkang
kapisan lan angka kalih cetha nandhesaken: “Ingsun iku
Yéhuwah Allahira, kang wus ngentasaké sira saka ing tanah
Mesir, ing tanah pangawulan. Sira aja nduwèni allah liyané
ana ing ngarsaningSun. Sira aja gawé reca utawa tetironing
apa baé kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor,
apadéné kang ana ing banyu sangisoring bumi. Sira aja sujud
utawa ngabekti marang iku, awitdéné Ingsun, Yéhuwah
Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputané bapa
marang anak-putuné, turun ping telu lan ping pat tumrap
wong kang padha sengit marang Ingsun.”

Limrah, nalika Gusti Allah pirsa tumindakipun Israèl
Panjenenganipun lajeng duka saha badhé paring paukum
tumrap Israèl (Pangentasan 32:10). Mireng rancanganipun
Gusti ingkang badhé numpes Israèl, Musa mratélakaken
panyuwunan pangapuntening dosa dhateng Gusti.
Tundhanipun Gusti Allah apiduwung lajeng ènget dhateng
prasetyanipun ingkang naté kapratélakaken Gusti piyambak
tumrap umatipun.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 27


Para Sadhèrèk ingkang kinasih wonten ing Gusti,
sinaosa wujuding tumindakipun béda, nanging mesthinipun
kita naté nindakaken kadurakan kados ingkang katindakaken
déning bangsa Israèl. Bok menawi kita naté nyujanani Gusti
Allah kanthi nggantosi Panjenenganipun kaliyan pekareman,
piranti utawi prakawis kadonyan sanèsipun. Salah
satunggalipun inggih punika piranti tèknologi ingkang kita
anggé wonten ing pagesangan kita. Tanpa kawaspadaning
dhiri, piranti-piranti kasebat sampun ngéjawantah dados allah
ing wujud anyar jaman samangké. Tèknologi kedahipun dados
mitra pagesangan kita ingkang ancasipun inggih punika
ndayani gesangipun manungsa sangsaya gangsar, nanging
émanipun malah dados gusti ingkang nguwaosi gesanging
manungsa. Tanpa dipun nglengganani, wonten ing gesanging
brayat kita tèknologi sampun nglindhih timbalan péranganing
brayat jalaran saben gegelitaning brayat sampun sami dipun
kuwaosi déning piranti-piranti téknologi.

Satunggaling ibu naté cariyos (mirungga dhateng ingkang
nyawisaken bahan khotbah punika) bilih manahipun sedhih
lan mbetahaken panglipuran. Ibu kasebat nembé kémawon
tinilar déning garwanipun lan ngraosaken sepen-samun
wonten ing dalemipun. Sajatosipun ibu kasebat boten
piyambakan. Taksih wonten putra, mantu lan wayah ing
dalemipun. Nanging ibu kasebat ngluntakaken pangunek-
unekipun makaten: “Pak pendhita, kula ngraosaken sepen
wonten ing griya. Putu kula boten saged dipun ajak gegojegan
punapa déné rembagan salimrahipun. Menawi piyambakipun
wangsul saking sekolah, énggal mlebet kamar lan namung
nggatosaken pekaremanipun piyambak. Menawi sampun
nyandhak HP lan laptop, sampun aras-arasen medal saking
kamar éngga supé nedha.”

Ing kalodhangan sanès, nalika késah sesarengan kaliyan nèm-
nèman Gréja saking kitha Sala nuju Wates, rombongan sami
mampir ing pom bènsin. Lajeng sami medal saking titihan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 28

badhé dhateng wingking. Nalika badhé mlebet kolah (kamar
mandi) kula nggatosaken para nèm-nèman kasebat sami foto
ing ngajeng kori kolah. Kula suka pitakèn dhateng nèm-
nèman kasebat punapa ancasipun sami mendhet gambaripun
piyambak-piyambak, wangsulanipun nèm-nèman: “Kanggé up
date (kawaos: ap dhét) status pak.”

Cariyos béda malih magepokan salah satunggaling laré remaja
ingkang sampun sawatawis wekdal boten masamuwan, nalika
dipun tuwèni sesarengan Pengurus Remaja jebul larénipun
nembé dolanan laptopipun. Nalika dipun tangleti kénging
punapa dangu boten masamuwan, remaja kasebat matur:
“Kula nembé sibuk punika pak, èman-èman menawi nilar
dolanan kula punika.”
(Cathetan: conto-conto kasebat prayogi dipun gantos
kaliyan pangalamanipun pengkhotbah nalika mrangguli
tèknologi sampun nguwaosi gesangipun manungsa)

Menawi Gusti Allah duka dhateng Israèl ingkang sampun
nyujanani Panjenenganipun, temtunipun Gusti ugi badhé
sekel galihipun nalika mrangguli manungsa langkung
nengenaken samukawis nanging sanès Panjenenganipun.
Gusti Allah boten nampik ngrembakaning nalar-bebudènipun
manungsa kanthi tèknologi murih nggangsaraken gesangipun
manungsa, jalaran nalar-bebudèn kasebat inggih Gusti
piyambak ingkang yasa. Nanging ingkang dados prakawis
inggih punika nalika manungsa ndadosaken tèknologi
minangka prakawis ingkang langkung wigati utawi
nglangkungi sadayanipun.

Para Sadhèrèk ingkang dipun tresnani Gusti,
kita prelu nyinau saking cara gesangipun pasamuwan Filipi.
Kasetyan saha kataberènipun pasamuwan Filipi njalari tuwuh
raos bombong lan mongkog manahipun Rasul Paulus.
Pasamuwan malah sinebat makuthanipun Rasul Paulus. Éwa
samanten, Rasul Paulus nglenggana bilih sinaosa pasamuwan
setya lan taberi ing salebeting kapitadosanipun dhateng Gusti,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 29

nanging pepalang saha reridhuning gesang mesthi badhé
dipun temahi. Awit saking punika, Paulus ngèngetaken
pasamuwan Filipi kanthi pangandika: “Awit saka iku sadulur-
sadulur kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi
kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti,
hé sadulur-sadulur kang kinasih.” Pasamuwan kaweling
supados teguh lan tatag-tanggon kapitadosanipun, sinaosa
nemahi reridhu punapa déné pamblithuk kanthi ancas
nilaraken Gusti, Rasul Paulus adreng anggènipun meling
pasamuwan Filipi supados tetep ngudi kasetyan punapa déné
kateguhaning kapitadosan.

Makaten ugi lumantar Injil Matéus 22:1-14, Gusti Yésus
paring pasemon bab Kraton Swarga lan cara anggènipun
manungsa saged nggayuh kasampurnaning samukawis ing
swarga kasebat. Sanès kanthi cara gesang sasekécanipun
piyambak, nanging prelu kaudi kanthi katemenan saha
kasetyaning manah. Sok sintena ingkang boten nyawisaken
kapitadosanipun kanthi tumemen kados déné tamu sinuruhan
ing pista pikraman, boten pantes nampèni kabingahan sajati
ing Kraton Swarga.

Para Sadhèrèk ingkang dipun tresnani Gusti,
sampun ngantos tèknologi dados gusti tumraping gesang kita
ingkang tundhanipun saged nggantos timbalan gegelitaning
brayat kepara nggantos jejering Gusti Allah ingkang kuwaos
ing gesang kita. Sumangga kita tansah teguh ing kayakinan
sarta setya-tuhu mbangun-turut dhumateng Gusti saha
rinengga kasetyaning iman temahan pantes ndhèrèk
sesarengan nampèni kabingahan sajati ing Kraton Swarga.
Amin.


[ATS]
kasan

Bausastra Jawi:

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 30

- Gèndèng: ditarik
- Rancag: (Ind: lancar) gancang, gancar, énggal rampung
- Didhapur: diwangun
- Pepethan: wewujudan kang minangka gambaran (tetiron)
- Piduwung: rasa getun
- Pikrama: ningkah
- Éngga: kongsi, nganti, nganti kaya
- Prastawa: waspada, waskitha
- Sereg: njujug ing panjaluk
- Paugeran: pikukuh (ing cancangan), wewaton, bebaku
- Sinuruhan (sinedhahan): diulemi dikon mélu pista

Related Interests