LPP Sinode Wulan Brayat 2014 139

PUNAPA
GADHAH
TANGGEL JAWAB?



1. Wekdal Ening

2. Rerangkèning Atur Panuwun:
Ibu : Kawula ngaturaken panuwun dhumateng
Paduka Gusti, awit brayat peparing
Paduka.
Bapak : Kawula ngaturaken panuwun karana
pangreksa Paduka, ing salebeting bingah
lan sisah.
Anak : Ing salebeting kabegjan lan kakirangan.
Semua : Ing sadaya kawontenan, kawula badhé
ngluhuraken asma Paduka.
Ibu : (Ngidungaken Rèff. KPK BMGJ 29)
Reff.:
Nyawa kula gya sumyak sung puja
yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji
yekti Allah Maha kwasa.

Putri : (Ngidungaken KPK BMGJ 29: 1,2)
Adhuh Gusti lamun kula nyipati
WULAN BRAYAT
BAHAN 3
Kidung
KPK BMGJ 29: 1,2,3
KPK BMGJ 38: 1,2,3
KPK BMGJ 300:1,2

Waosan
Lukas 12:39-48





LPP Sinode Wulan Brayat 2014 140

lintang abyor ing dalu kang sepi
wah gumlegering gludhug ing akasa
kula ngungun gunging kamulyanta

Sadaya : (Ngidungaken Refrein KPK BMGJ 29)
nyawa kula gya sumyak sung puja
yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji
yekti Allah Maha kwasa.

Kakung : (Ngidung KPK BMGJ 29:2)
Lamun nlasak tengahing wana wasa
sato peksi kekidungan ramya,
wonten ngaré dalah ing ardi ugi,
bra gumelar sesawangan adi.

Sadaya : (Ngidungaken Refrein KPK BMGJ 29)
nyawa kula gya sumyak sung puja
yekti Allah Maha kwasa
nyawa kula gya sumyak sung puji
yekti Allah Maha kwasa.

3. Pandonga Pambuka

4. Kidung Pamuji

KPK BMGJ 38: “Haléluyah, Puji Gusti”

Para Laré:
Pinuji Gusti kang nitahken jagad
siyang ratri tan kendhat ngganjar sih rahmat.


Sadaya:
Haléluya sagung puji tansah konjuk Gusti


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 141

Haléluya sagung bekti mring ratu swargi.

Bapak:
Pinuji Gusti Sang Juru Basuki
kang ngurbanken sarira nebus manungsa.

Sadaya:
Haléluya sagung puji tansah konjuk Gusti
Haléluya sagung bekti mring ratu swargi.

Ibu:
Pinuji Gusti yéku Sang Roh Suci
kang nuntun ing kraharjan wah kasampurnan.

Sadaya:
Haléluya sagung puji tansah konjuk Gusti
Haléluya sagung bekti mring ratu swargi.

5. Pamaosing Kitab Suci: Lukas 12:39-48
(Saged kawos gentosan, bapak, ibu lan laré)

6. Renungan (ayat nats: Lukas 12:43)

PUNAPA GADHAH TANGGEL JAWAB?
Titikaning manungsa ingkang ndarbèni adhab (alusing
bebudèn, tatakrama, kasusilan) inggih punika tanggel
jawab. Gusti Allah nitahaken manungsa minangka titah
ingkang gadhah tanggel jawab (Purwaning Dumadi 1: 28).
Wonten tanggel jawab dhateng dhiri pribadi, tiyang sanès,
masyarakat, punapadéné tanggel jawab dhumateng Gusti.
Kamus Besar Bahasa Indonesia nerangaken tanggel jawab
minangka kawontenan ingkang wajib nanggel sadaya
prakawis (menawi wonten punapa-punapa saged dipun
prakawisaken, dipun lepataken lsp.) Kanthi nyanggi tanggel
jawab piyambak-piyambak, gesang punika lajeng mlampah
kanthi saé lan tumata. Nanging émanipun, boten sadaya


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 142

tiyang nindakaken tanggel jawabipun.
Sakirang-kirangipun wonten sebab kalih, kénging punapa
tiyang boten tanggel jawab. Sepisan, karana dipun sengaja.
Punika kelampahan saged karana kesèd utawi nganggep
bilih tiyang sanès ingkang kedah langkung tanggel jawab.
Saged karana wontenipun adicara ing télévisi ingkang narik
kawigatosan, lan alesan sanèsipun. Minangka conto, laré
sekolah boten purun sinau jalaran kesèd, utawi dèrèng
wonten ujian, utawi langkung nengenaken anggènipun
dolanan. Sinau dèrèng dipun anggep satunggaling
kuwajiban.
Kaping kalih, karana tiyang léna dhateng satunggaling
prakawis temahan nglirwakaken tanggel jawabipun.
Umpaminipun léna anggènipun ngginakaken telpon tangan
(hp), internèt, utawi karemenan (hobi). Satunggaling ibu
lirwa nggatosaken anakipun karana kasengsem dhateng
sinétron. Utawi satunggaling bapak karana karemenanipun
lajeng kirang sesambetan kaliyan anakipun.
Nglirwakaken tanggel jawab asring boten namung damel
tunanipun dhiri pribadi nanging inggih tiyang sanès,
brayat, malah bangsa lan nagari. Tiyang sepuh utawi anak
ingkang boten tanggel jawab badhé ndayani tumrap
brayatipun. Pendhudhuk ingkang kesèd utawi wekdalipun
dipun telasaken kanggé sesukan, temtu kemawon badhé
nukulaken bangsa ingkang gapuk. Kamangka bangsa kita
asring kadhatengan samukawis ingkang pinangkanipun
saking nagari manca (wiwit saking sabun dumugi
handphone, motor lan mobil ingkang dipun ginakaken).
Kita namung dados péhak ingkang nganggé. Satata
panenimbang ing babagan ékonomi lan kajiwan,
sayektinipun kita saweg dipun jajah déning bangsa manca.
Ing wekdal ingkang sinebat globalisasi lan kamajenganing
tèknologi kados ing samangké, kita dipun ajak supados


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 143

waspada ing sakathahing bebaya wau.
Lukas 12:40 ngèngetaken kita, “Mulané kowé kabeh padha
tansah rumantia, awit rawuhé Putrané Manungsa iku ing
wektu kang ora koknyana.” Salajengipun ing ayat 43-44
kapangandikakaken, “Begja abdi kang ketemu nindakaken
kawajibané nalika bendarané rawuh. Aku pitutur marang
kowé: Satemené bendarané mau mesthi bakal ngangkat
dheweké dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang
sabarang kagungané bendarané kabeh.”
Gusti ngersakaken supados kita nindakaken tanggel jawab
kanthi setya. Gusti Yesus inggih sampun paring patuladhan
ing bab kasetyan salebeting nindakaken tanggel jawab.
Panjenenganipun rila ngurbanaken sarira, nandhang
sangsara lan séda ing kajeng salib amrih kawilujenganipun
manungsa. Sasampunipun nindakaken sadaya wau,
Panjenenganipun kamulyakaken déning Ramanipun lan
kaparingan asma ngungkuli sakathahing nama (Filipi 2:9).
Lumantar Lukas 12: 43 kita kaajak nindakaken kawajiban
kita piyambak-piyambak kanthi tuntas lan leres. Kita
nindakaken boten karana wonten ingkang ngawasi utawi
ajrih yèn sawekdal-wekdal wonten ingkang badhé
nyrengeni kita. Kita nindakaken kawajiban jalaran tugas
punika minangka péranganing gesang kita piyambak.
Kawajiban wau dados bab ingkang prelu karaosaken kanthi
prayogi, boten karana kapeksa. Tugas lan tanggel jawab ing
gesang punika minangka sih-rahmat. Satunggaling sih
rahmat ingkang badhé ndhatengaken kabegjaning gesang.
Ing wulan brayat punika, kita kaajak supados boten
namung ngraosaken wigatining kawajiban salebetening
gesang, nanging ugi nggulawenthah laré madeg dados
pribadi ingkang tanggel jawab. Sikep ingkang kebak tanggel
jawab boten jumedhul makaten kémawon. Bab punika


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 144

kedah dipun gladhi lan boten sakedhik tuwuhing
panggodha, mirungga ing jaman samangké. Patuladhaning
tiyang sepuh dados kunci sembadaning laré salebeting
mangun dhiri dados jalma manungsa ingkang tanggel
jawab.
Tiyang ingkang tanggel jawab badhé saged nindakaken
kasaénan sanadyan boten wonten ingkang nyumerepi utawi
ngawat-awati. Piyambakipun ndarbèni lan nyepengi kanthi
bakuh paugeman ing bebener, ndarbèni kekendelan,
ngemudhèni dhiri kanggé tumindak ingkang saé. Sanadyan
wonten panggodha kanggé nindakaken piawon,
piyambakipun tetep setya. Sayektinipun sinau tanggel
jawab kalebet sinau angurmati lan nresnani sesaminipun,
kanggé nelakaken anggènipun kendel salebeting nyepengi
paugeman-paugeman ingkang saé, kanggé njembaraken
anggènipun ngemudhèni dhiri lan nguwaosi dhiri pribadi.
Nresnani lan ngurmati tiyang sanès punika wujuding
tanggel jawab. Boten preduli soksintena tiyang wau,
kadospundi warnining pakulitanipun, wangunaning
mripat, kadospundi kawontenaning pangupajiwanipun,
punapa-déné agaminipun. Wonten tiyang ingkang
nganggep leres anggènipun korupsi ing papan panyambut
damel kanthi pawadan bilih ingkang dipun korupsi punika
bandhaning tiyang sugih (bendaranipun). Punapa
kemawon pawadanipun, tumindak ingkang makaten
punika tumindak ingkang boten tanggel jawab lan boten
kepareng ing ngarsanipun Gusti. Sumangga kita
nindakaken gesang kanthi kebak tanggel jawab, minangka
wujuding atur panuwun kita karana sih rahmat
peparingipun Gusti. Amin.

7. Kidung Tanggapan:



LPP Sinode Wulan Brayat 2014 145

KPK BMGJ 300: 1,2 “Karahayoning Tyang Gegriya”
Arahayu sagunging tyang gegriya
ingkang tansah rumaket mring Gusti,
mung Gusti, dadya tuking basukinya
klayan bingah préntahnya pinundhi
sékakapti anilingken sabdanya,
angabekti Allah klayan éklas,
rinten ndalu angluhurken asmanya
myang sumuyud kalayan trus ing tyas.

Arahayu sagunging tyang semahan,
ingkang nunggil tresnanya mring Gusti,
runtang runtung dènira sih sinihan,
klayan saékapraya lan budi,
tansah migatosken sabdaning Allah,
sarta memuji ngluhurken Gusti,
mantep ing pitados kang trusing manah,
saha setya dumugi ing janji.

8. Pandonga Syafaat lan Panutup
 Ingkang mimpin pandonga saged dipun dum
antawisipun bapak, ibu lan putra.
 Salah satunggaling panyuwunan ing pandonga supados
saben warganing brayat kasagedaken nindakaken
tanggel jawabipun piyambak-piyambak.
 Menawi pakempalan pandonga punika katindakaken
déning kelompok alit, prayogi menawi pandonga syafaat
katindakaken kanthi gegandhèngan asta, utawi
samidéné andongakaken satunggal lan satunggalipun.


[MH/TK]