LPP Sinode Wulan Brayat 2014 46

BRAYAT:
GRÉJA INGKANG
ALIT WUJUDIPUN
SAHA
NDHATENGAKEN
PANGAJENG-AJENG
TUMRAPING JAGAD





DHASARING PAMAWAS
Kanyataning gesang padintenan ingkang dipun temahi déning
brayat Kristen nedahaken bilih gesang sesémahan makaten
ugi minangka tiyang sepuh lan anak, kénging pangaribawa
kamajenganing jagad jaman samangké. Kanthi gadget utawi
piranti èlèktronik wonten tembung-tembung panyaruwe
“nyerakaké kang adoh lan ngadohaké kang cerak.” Pérangan
“nyerakaké kang adoh” ngemu teges prayogi, saé. Nanging
pérangan “ngadohaké kang cedhak” kedahipun dados
pratandha bilih tuwuh singget sesambetan antawisipun
gegelitaning brayat satunggal lan satunggalipun. Punika dados
lampu jené ingkang prelu kawaspadakaken lan dipun adhepi
kanthi wicaksana.

Langkung bebles malih menawi dipun raosaken, bilih
tuwuhing kanyatan makaten punika jalaran wonten
kamajenganing piranti èlèktronik ingkang kaanyaraken teras,
ngantos njalari ingkang sami nganggé winengku ing piranti
kasebat. Mirungga nèm-nèman jaman samangké kanthi
piranti ingkang nama smartphone (kawaos: smartfon) saged
WULAN BRAYAT
Minggu IV, 26 Oktober 2014
Waosan I
Pangandaring Torèt 34:1-12
Tanggapan
Jabur Masmur 90:1-6, 13-17

Waosan II
1 Tésalonika 2:1-8

Injil
Matéus 22:34-46


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 47

sinebat bilih boten wonten laré nèm ingkang boten gadhah
sarana pepanggihan ing jagad maya lumantar Facebook,
Twitter, Path, utawi Instagram. Piranti èlèktronik ingkang
reginipun sangsaya mirah, sinten ingkang boten badhé
kapencut?

Jaman tinarbukaning komunikasi samangké, nawèkaken
tèknologi ingkang ngéramaken sinaosa eneripun dhateng
prakawis ékonomi ingkang dipun dadosaken ancas
anggènipun para pengusaha sami mbudidaya. “Atas namining
karaharjan”, para pengusaha condhong boten nggatosaken
wetahing brayat. Awit saking punika, brayat-brayat Kristen
kedah maspadakaken kawontenan jagad samangké temahan
boten kapilut lan winengku kamajenganing jaman ingkang
saged ngrisak dhiri pribadi lan namung ndhatengaken
kauntungan tumrap sawenèhing tiyang.


DHAPTAR WAOSAN KITAB SUCI
Boten wonten béda waosan lèksionari antawisipun GKJ lan
GKI. Adhedhasar dhaptar waosan lan dipun sambetaken
kaliyan irah-irahan Wulan Brayat 2014, irah-irahanipun
ingkang kapacak katalesaken ing jejer khotbah GKJ lan GKI.
Lumantar irah-irahan punika, kita kabereg ngraos-raosaken
malih timbalaning brayat minangka gréja ingkang alit
wujudipun lan mbabar pangaribawa ing salebeting gesang
bebrayan agung.


KATRANGAN WAOSAN
Pangandharing Torèt 34:1-12
Pérangan punika mujudaken pérangan pungkasan cathetaning
khotbah satunggaling priyayi ingkang sampun yuswa adi
ingkang ing salamining gesang tansah mangun sesambetan
celak kaliyan Gusti. Piyambakipun boten nyandhang
kalenggahan ingkang mulya wekdal samanten, jalaran
piyambakipun sampun nerasaken kapamimpinan dhumateng

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 48

Yusak, laré anèm ingkang kagulawenthah. Sacara tata
karohanèn, piyambakipun boten nglenggahi kalenggahan
“pamimpining umat” awit Gusti Allah sampun ndawahaken
“pidana pejah” tumrap piyambakipun awit saking pambaléla
ingkang naté dipun tindakaken. Piyambakipun namung
kawawas minangka “pemimpin wekdal ingkang sampun
kapengker”, inggih punika pemimpin ingkang mbekta Israèl –
sawatawis angkatan kapengker sanès angkatan samangké –
medal saking pangawulan dhateng bangsa Mesir makaten ugi
ingkang nedahaken panguwaos saha mukjijat ingkang
mratélakaken sinten sajatosipun Gusti Allah punika. Éwa
samaten, cathetan pirembaganipun Musa kaliyan Gusti
punika nedahaken bilih tanpa nglenggahi kalenggahan kados
sakawit, tanpa wonten kakiyatan paugeran lan tanpa wonten
tetepan ing upacara; Musa tetep ngeneraken gesang punapa
déné manahipun dhumateng Gusti. Piyambakipun mujudaken
pribadi ingkang mangun sesambetan gulet sanget kaliyan
Gusti Allah. Piyambakipun tepang Gusti Allah kanthi satuhu.

“Sira Sunparengaké ndeleng kalawan mripatira dhéwé,
nanging sira ora bakal nyabrang mrana” (ayat 4). Pratélan
punika ingkang njalari Israèl pepes, jalaran saking kadurakan
punapa déné wangkoting manah, Musa – sang pemimpin –
kedah ngundhuh wohipun, sinaosa pancèn sami kapedhotan
katresnan kaliyan sang pemimpin (ayat 8).

Temtunipun, cariyos ingkang sinerat ing kitab Pangandharing
Torèt punika boten tanpa ancas tujuwan. Panyerating
pérangan punika kanthi ancas nedahaken bilih wonten ing
ngarsanipun Gusti, samursid-mursidipun manungsa – kados
ingkang sinerat ing ayat 10-12: “Ing sabanjuré ora ana nabi
manèh kang jumeneng ing antarané Israèl...” – prabawanipun
Gusti Allah nglangkungi pikajengipun manungsa éngga
tundhanipun manungsa namung saged ngucap: “Punapa
ingkang kula wawas prayogi, dèrèng mesthi mekaten
tumraping Paduka, dhuh Gusti”. Menawi dipun tingali
satléraman, lumantar cariyos kasebat Gusti Allah nedahaken

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 49

“wangkoting manah”, “grusa-grusu” saha “tanpa
lelimbanganipun manungsa”; dadosa tumrap Musa makaten
ugi abdinipun (ayat 5 lan 7) punapa déné umatipun (ayat 8).
Nanging menawi dipun gatosaken pérangan salajengipun,
badhé ketingal kasaénanipun Gusti ingkang boten éwah
gingsir nilar umatipun, awit Panjenenganipun tetep makarya
nuntun Israèl tumuju dhateng negari ingkang sampun
kaprasetyakaken lumantar Yusak (ayat 9).

Punapa inggih Gusti tumindak “mangkotaken galih”, “grusa-
grusu” lan “tanpa lelimbangan” tumrap abdinipun ingkang
asma Musa? Tiyang-tiyang Kristen sajagad wekdal samangké
bok menawi boten nggadhahi raos-pangraos punapa-punapa
nalika maos “Cariyos Kamulyanipun Gusti Yésus ing Paredèn.”
Phillip Yancey, wonten ing bukunipun “The Bible Jesus Read”
mratélakaken makaten:

Prastawa anggènipun Gusti Yésus kamulyakaken
ngemu kanyatan ingkang asring dipun lirwakaken
déning tiyang Kristen, nanging dipun gatosaken
déning tiyang-tiyang Yahudi. Ing wekdal
nalikanipun kamulyan kasebat kababar, Musa
ngadeg ing pucaking redi ing Tanah Prajanjian.
Gusti Allah èstu ènget dhateng kaum lebu, ingkang
andhap-asor punapa déné ingkang agung.

Gusti sanès Pribadi ingkang “mangkotaken manah”, “grusa-
grusu” lan “tanpa lelimbangan.” Panjenenganipun tansah
ènget dhumateng Musa. Gusti ngèngeti prasetyanipun!

Pérangan punika ugi ngewrat papan panggènan magepokan
prasetyanipun Gusti Allah dhateng Israèl (ayat 2-4a). Gerhard
von Rad, ing buku tafsir anggitanipun “The Old Testament
Library, jejeripun “Deuteronomy” mratélakaken bilih
panyerating papan-papan ingkang dipun tedahaken déning
Gusti dhumateng Musa mujudaken katetepaning tata
karohanèn tumrap Israèl anggènipun ngejègi papan-papan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 50

kasebat. Panjenenganipun piyambak ingkang nedahaken
papan panggènanipun! Punika ateges bilih Gusti Allah
piyambak ingkang ngulungaken pasiten kasebat tumrap
Israèl, kadosdéné prasetyanipun tumrap Abraham, Iskak lan
Yakub. Panjenenganipun ugi ingkang paring kasagedan
tumrap Israèl nggayuh prasetyanipun.

Jabur Masmur 90:1-6, 13-17
Marvin E. Tate, ing buku tapsiripun Word Biblical
Commentary jejeripun “Psalm 51-100” nyebat bilih Masmur
punika golonganing “Masmur Pandonga” magepokan isinipun
ingkang mratélakaken bab sinten ta sajatosipun Allah punika.
Gusti Allah dipun tepangi lan sinebat minangka etuking
pitulungan ingkang langgeng. Kawontenanipun Gusti Allah
ingkang èstu nggegirisi katandhingaken kaliyan
karingkihanipun manungsa. Juru Masmur ngakeni
karingkihan saha winatesing dhirinipun, jalaran asalipun
saking lebu lan adegipun boten saged katandhingaken kaliyan
Gusti Allah piyambak.

Kadosipun, Jabur Masmur punika karipta saking
pangalamaning gesang ingkang winengku karupekan. Pratélan
“ngantos bénjing punapa” nedahaken boten sabaripun Juru
Masmur lan para abdinipun winengku karupekan lan
tundhanipun mratélakaken ugi gegadhangan supados
kawontenanipun kapulihaken dados prayogi malih.

1 Tésalonika 2:1-8
Salah satunggal pergumulan ingkang dipun temahi déning
pasamuwan Tésalonika inggih punika wontenipun
“panrajang” déning tiyang-tiyang Yahudi lan bok menawi ugi
wontenipun panindhes déning pamarintah Rum (1 Tésalonika
1:6), nanging pasamuwan kedah tetep ngudi “mbangun-turut
dhumateng Gusti.” Awit saking punika, seratipun Rasul
Paulus punika ancasipun inggih punika paring pambereg saha
kakiyatan anggènipun pasamuwan sami nemahi kawontenan
ngrekaos lan nyanggi momotan sarta paring piweling

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 51

magepokan kaliyan prakawis-prakawis mirunggan ingkang
tuwuh wonten ing pasamuwan kasebat.

Ing pérangan punika, Rasul Paulus nyerat kados pundi
anggènipun sesarengan mitra paladosan mbudidaya supados
boten ngegungaken dhirinipun nalika sepisanan martosaken
Injil ing Tésalonika, kepara nengenaken kawigatosan dhateng
Sang Kristus ingkang kababar wonten ing gesangipun tiyang-
tiyang Tésalonika. Rasul Paulus lan para mitra tunggil
paladosan tetep mbudidaya andhap asor kanthi mapanaken
dhiri minangka abdinipun sadaya tiyang. Ing ngriki cetha
sanget pangatag punapa déné panjurungipun Rasul Paulus
tumrap pasamuwan Tésalonika supados tansah ndadosaken
Sang Kristus minangka punjering kapitadosan, temahan
prakawis kasebat boten namung kandheg ing tataran
karohanèn nanging èstu kababar wonten ing pangalaman saha
patuladhan gesangipun ingkang saé.

Matéus 22:34-46
Pranatan utami punika wonten sesambetan kaliyan tata
politik Karajan Rum tumrap bangsa-bangsa ingkang dipun
wengku inggih punika mapanaken Sang Nata Agung minangka
péhak ingkang ndarbèni gesangipun rakyat. Kanthi paring
gambaripun Sang Nata wonten ing pérangan arta ingkang
dipun anggé sarana mbayar dol-tinuku wekdal samanten,
Karajan Rum gadhah ancas anggènipun ngèngetaken bilih
Sang Nata Agung “rawuh” (omnipresent) ing sadhéngah
pérangan gesangipun manungsa. Pax Romana, maknanipun,
sadaya prakawis kedah teluk utawi wonten ing sangandhaping
panguwaos Rum wekdal samanten!

Ing sisih sanès, masyarakat Yahudi sanyatanipun ndarbèni
tata hukum piyambak ingkang sanget dipun tengenaken
déning para Rabbi. Adhedhasar pangalamanipun Israèl
ingkang dipun buwang – lan dumugi samangké tiyang-tiyang
kasebat taksih rumaos kados kabuwang ing jaman rumiyin
jalaran kécalan kaprabawan saha pangajeng-ajengipun bilih

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 52

kawontenan badhé pulih malih kados nalika jamanipun
Dawud – jalaran dosa-pambalélanipun, pamawas “suci lan
najis” dados cara anggènipun tiyang-tiyang nengenaken
agaminipun. Awit saking punika, kamursidan pribadi dados
prakawis ingkang langkung utami nglangkungi timbalan
gesang ing bebrayan agung. Ing jamanipun Gusti Yésus, para
ahli Torèt lan tiyang Farisi madeg dados “manungsa kanggé
Torèt.” Ancasing sedya sajatosipun prayogi, éwa samanten
kasunyatanipun malah njungkir-walikaken piwulang sih-
rahmatipun Gusti Allah wonten ing Torèt.

Wangsulanipun Gusti Yésus magepokan kaliyan “tresna
dhateng Gusti Allah” ingkang kajajaraken saha kasambetaken
kaliyan “tresna dhateng manungsa kados déné nresnani
dhirinipun piyambak” sajatosipun nampik paugeran ingkang
katetepaken déning pamarintah Rum lan ugi njungkir-
walikaken tatanan hukum – utawi langkung prayogi sinebat
mulihaken tatanan hukum – ingkang dipun wulangaken
déning para Farisi. Saking cariyos anggènipun tiyang Farisi
nètèr Gusti Yésus ing ngajengipun tiyang kathah punika, Gusti
Yésus ngèngetaken bilih:
a. Namung dhumateng Gusti Allah kémawon manungsa
tinimbalan ngabdi lan mitadosaken gesang, sanès dhateng
panguwaos-panguwaos ingkang asalipun saking donya
punika.
b. Ngabdèaken dhiri dhateng Gusti Allah punika ateges
mapanaken manungsa, dhirinipun lan sesami, ing papan
ingkang trep kaliyan karsaning Gusti inggih punika
“minangka pangrimat brayatipun Gusti Allah”
(katandhingna Purwaning Dumadi 1:26-28, “...iku padha
nguwasanana...” lan “...telukna, kuwasanana...”) sanès
dados abdining pranatan.
Nresnani sesami kados déné dhirinipun piyambak ateges
mapanaken sadaya tiyang ing tataran ingkang sami, kalebet
mapanaken dhirinipun piyambak sajajar kaliyan tiyang sanès.
Boten wonten ingkang langkung inggil, ingkang langkung

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 53

andhap lan sapiturutipun. Sadaya manungsa punika
minangka jejer, ingkang nindakaken sanès lésan kémawon.


UNDERANING PIWULANG
Gusti Allah punika Pribadi ingkang pantes dipun pitados
jalaran Panjenenganipun etuking pangajeng-ajengipun
manungsa! Pratélan kasebat ingkang dados underaning
piwulang waosan lèksionari punika. Temtu kémawon pratélan
kasebat boten lajeng dipun dadosaken pratélan tanpa teges,
kepara dados pambereg tumrap gréja wekdal samangké
supados èstu nanggapi pratélan kasebat dadosa ing pratingkah
pribadi, makaten ugi tumindak ingkang sipatipun “ngudi
patunggilaning brayat”, punapa déné ing pakaryan-pakaryan
paladosanipun gréja minangka patunggilaning tiyang pitados.

Awit saking punika boten namung gréja ingkang kedah
mratélakaken saha ngundangaken pamratobat tumrap
warganing pasamuwan punapa déné jagad, nanging gréja ugi
mbereg saben warganing pasamuwan supados tumut
tumandang damel ngudi pratélan kasebat wonten ing
sauruting lampah gesangipun wiwit samangké saha wonten
ing kawontenan manéka warni. Pramratobat ing ngriki ateges
ngeneraken manah lan gesang sarta mangsa ngajeng dhateng
Gusti. Pancèn gréja prelu mangretosi kawontenan samangké,
boten namung ingkang “kasat mata” kanthi kedadosan-
kedadosan ingkang kalampahan, kepara ugi kawontenan ing
suwaliking kanyatan kados déné tata caraning lampah gesang
sosial, ékonomi, politik ingkang sadayanipun punika
kawangun lan mangaribawani kanyataning gesang
padintenan.

Sumangga kita jinggleng kawontenan jaman samangké. Tata
ékonomi bangsa kita boten mapanaken rakyat dados jejer
(subjek) ingkang kedah dipun aosi, nanging kepara minangka
lésan (objek) ingkang saged dipun dadosaken banten kanggé
kapentingan kelompok tertemtu. Tata lampahing ékonomi

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 54

Indonésia punika saged kagambaraken kados déné aquarium
tabung ingkang dipun singget temahan kawangun tigang
pérangan ruang (mirsanana gambar 1).







Ruang 1




Ruang 2




Ruang 3




Gambar 1



LPP Sinode Wulan Brayat 2014 55

Saben pérangan dipun paringi sawatawis ulam. Ruang kapisan
ulamipun langkung sakedhik, ruang kalih ulamipun langkung
kathah lan ruang tiga langkung kathah malih ulam. Lajeng,
ulam-ulam kasebat dipun paringi tedha, temtu kémawon
saking nginggil tedhanipun amargi nama “aquarium”
(mirsanana gambar 2).





Tedhan saking nginggil










Gambar 2

Punapa ingkang kelampahan?
a. Tedhan langkung kathah dipun tedha déning ulam
ingkang wonten ing ruang kapisan. Tundhanipun, ulam
ing ruang kapisan ageng-ageng.
b. Tirahan tedhan saking ruang kapisan mandhap ing ruang
kalih menawi boten kénging singget jala antawisipun
ruang satunggal lan kalih. Ing ruang kalih wiwit ketingal
ulam-ulam wau wiwit rebatan kècèran saking ruang
kapisan.
c. Kekarèning tedhan saking ruang satunggal lan kalih
mandhap ing ruang tiga, dadosa sisaning tedhan utawi
tedhan ingkang kaluntakaken kepara wonten regedan
ingkang katut mangandhap. Punika ingkang dipun tedha

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 56

ulam ing ruang tiga. Sampun boten resik lan namung sisa-
sisa kémawon. Ing ruang tiga punika saben ulam sami
rebatan, sami déné nyakot, malah nalika saking luwénipun
ulam-ulam kasebat nedha réncangipun piyambak utawi
kosok wangsulipun katedha déning ulam sanès.

Makaten punika gambaraning tata sosial-ékonomi Indonésia
ing pundi Gusti mapanaken gréja ngrembaka lan nindakaken
timbalanipun. Adegipun gréja ing ruang tiga, inggih punika
ruangipun rakyat – kalebet brayat Kristen – kadadosaken
banten déning ingkang “maringi tedha” utawi ulam-ulam
saking ruang kapisan.

Brayat dipun pangaribawani supados nampi asiling
pambudidaya (hasil produksi) saking ruang nginggilipun.
Ingkang wonten ing ruang kalih kedah nampi asiling
pambudidaya saking ruang satunggal makaten salajengipun
dumugi ing tataran ngandhap déné ingkang wonten ingkang
ruang tiga dados péhak ingkang “kapeksa” kedah nampi lan
ngginakaken asiling pambudidaya saking ruang
sanginggilipun boten preduli “tedhanipun” saé punapa boten
dipun tedha. Laré-laré dipun iming-imingi manéka warni
games utawi dolanan ingkang ngener dhateng sikep
mentingaken dhirinipun piyambak kepara remen dhateng
kekerasan. Games utawi dolanan ing smartphone utawi laptop
asring nengenaken bab unggul lan kawon, sikep nrajang
kanthi adreng utawi ngalah. Makaten ugi giyaran télévisi, DVD
ingkang dipun sadé ing pinggir-pinggir margi. Kados pundi
kawontenanipun laré remaja lan pemudha? Tataran punika
dipun iming-imingi gadget ingkang boten namung
nengenaken munpangatipun nanging magepokan kaliyan
tandha tataran tata sosial. Sangsaya anyar lan ngéramaken,
langkung mulya malih kawontenanipun lan sinebat njamani
(nglarasaken gesangipun kanthi kawontenanipun jaman ing
pundi piyambakipun gesang).


LPP Sinode Wulan Brayat 2014 57

Kados pundi bab raketing sesambetan brayat? Punika sanès
prakawisipun para pengusaha ingkang damel gadget!
Prakawis nèm-nèman kita kablithuk ing kabudayan
nengenaken dhiri pribadi, punika ugi sanès prakawisipun para
pengusaha! Kanyatan bilih wonten singget ing gesang
bebrayan agung jalaran piranti gesang makaten, ugi
ngrembakaning tumindak kekerasan ing masyarakat, punika
sanès prakawisipun para pengusaha! Prakawis tumraping para
pengusaha punika ngudi supados asiling pambudidayanipun
laris lan piyambakipun saged pikantuk bathi ingkang
sakathah-kathahipun kanthi njiret masyarakat.


KOTBAH

BRAYAT: GRÉJA INGKANG ALIT WUJUDIPUN
SAHA NDHATENGAKEN PANGAJENG-AJENG
TUMRAP JAGAD

Pasamuwan ingkang kinasih,
jejering gréja temtu kita asring ndedonga. Kita aturaken
ingkang dados prentuling manah makaten ugi ngaturaken
pangajeng-ajeng kita konjuk Gusti. Wonten ingkang nandhang
sakit kita dongakaken supados saras. Wonten ingkang
kakirangan gesangipun kita dongakaken supados binerkahan
cekap. Wonten ingkang sami pasulayan kita dongakaken
prelunipun supados tentrem rahayu.

Pdt. Josef P. Widyatmadja, wonten ing satunggaling kegiatan
pelatihan Leadership Capacity Building 2014 mratélakaken,
“Donga iku tumindak kang subvèrsif! Tumindak kang
mbaléla! Kita mbaléla magepokan kanyatan padintenan
ingkang boten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Kita
nyuwun Gusti makarya, nyantuni kawontenan-kawontenan
ingkang boten laras kaliyan karsanipun temah dados sami
kaliyan ingkang karancang déning Panjenenganipun.” Sinaosa
sinebat “tumindak subvèrsif”, nanging Gusti Allah karsa

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 58

myarsakaken pandonga kita jalaran Panjenenganipun pantes
pinitados.

Para sadhèrèk ingkang kinasih,
sadaya tokoh Kitab Suci ing waosan lèksionari dinten punika
mratélakaken kayakinanipun bilih Gusti Allah punika Pribadi
ingkang pantes dipun suyudi.

Musa nglenggana kénging punapa Gusti Allah “namung”
paring wewengan tumrap piyambakipun ningali tanah
prajanjian saking tebih. Piyambakipun boten étang-étangan
kaliyan Gusti Allah, tegesipun boten nedahaken pamrih saha
ngegungaken pakaryanipun nuntun Israèl. Babar pisan boten!
Musa mangretos bilih Gusti Allah ingkang dipun bektèni
punika Allah ingkang pantes dipun pitados lan awit saking
punika sadhéngah pancasan punapa déné pakaryanipun
punika mujudaken prakawis ingkang kedah dipun tampi
kanthi legawaning manah. Musa mangretos pangaribawa
ingkang kedah dipun tampi, boten namung tumrap
piyambakipun, nanging ugi kanggé umat Israèl. Kanthi
pancasanipun Gusti Allah kasebat ancasipun saged dados
panglenggana tumrap Israèl supados langkung pitados saha
tuhu-setya dhumateng karsaning Gusti.

Makaten ugi ingkang kapratélakaken déning Juru Masmur,
déné ing satengahing karupekan ingkang dipun prangguli,
piyambakipun nglenggana bilih Gusti boten naté nebih saking
gesangipun. Gusti Allah dados etuking pangajeng-ajeng lan
namung dhumateng Panjenenganipun Juru Masmur sesambat
punapa déné ngajeng-ajeng.

Para Sadhèrèk ingkang kinasih,
kula pitados bilih dinten punika boten wonten ing antawis kita
ingkang boten nyanggi momotan utawi pergumulaning
gesang. Wonten ingkang nemahi prakawis magepokan kaliyan
kasarasaning badan. Wonten ingkang nemahi pergumulan
magepokan kaliyan panyambut damel. Wonten ingkang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 59

nemahi momotan gegayutan kaliyan kabetahaning brayat.
Pitakènanipun, “Kados pundi sikep kita nalika Gusti paring
wewengan tumrap kita nemahi prakawis pergumulan
kasebat?” Wonten sawenèh tiyang ingkang kirang trep
mangretosi saha ngraos-raosaken sambet kaliyan Gusti.
Ingkang dipun wawas, “Menawi sampun wonten ing
asmanipun Gusti, sadaya pambudidaya mimpang! Kasarasan
saé! Brayat saé! Boten wonten satunggal prakawis ingkang
boten saé!” Pitakènanipun, “Punapa punika leres?”

Nalika pergumulan nrajang, lampahing gesang kados déné
layangan ingkang pedhot benangipun, kabur kanginan boten
kantenan. Ing satengahing kawontenan makaten, manungsa
asring suka pitakènan bab kamirahanipun Gusti.
Panguwuhipun, “Gusti, punapaa Paduka nilar kawula? Gusti,
punapaa Paduka paring bebendu dhateng kawula?” Gela
dhumateng Gusti, nebih saking Gusti lan medal saking gréja.

Para Sadhèrèk ingkang kinasih, Musa lan Juru Masmur
nemahi kanyataning gesang kanthi sikep punapa wontenipun.
Tiyang-tiyang punika sami suka pitakèn bab margining Gusti,
nanging boten suka pitakèn bab astanipun Gusti. Asring sami
lelimbangan kepara rumaos margi ingkang dipun ambah
punika rumpil saha awrat. Kathah reridhu pindha krikil
lancip-lancip ing ngajeng lampahipun, nanging tetep sami
pitados, sami ngajeng-ajeng, sami ngeneraken manah
dhumateng Gusti. Pepalang reridhu ing madyaning
gesangipun boten ndadosaken nebih saking Gusti, nanging
njalari sangsaya tepang kaliyan Gusti kepara ndayani sami
suméndhé, pasrah, sumarah dhumateng Gusti.

Kita sadaya ugi tinimbalan ndarbèni manah ingkang pitados
satuhu dhumateng Gusti. Bok menawi kanyataning gesang
ingkang kita temahi saged njalari kita boten pitados
dhumateng Gusti kepara kawontenan-kawontenan ing
sakupeng kita njalari wiwit tuwuh raos lelimbangan
magepokan panunggilipun Gusti. Pangandikanipun Gusti

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 60

dinten punika ngèngetaken bilih Gusti punika Pribadi ingkang
pantes dipun pitados! Panjenenganipun sampun mbabar bukti
magepokan lampah gesangipun Musa! Panjenenganipun ugi
sampun mbabar lumantar gesangipun Juru Masmur!
Panjenenganipun ugi badhé mbabar woten ing gesang
Panjenengan sadaya!

Para Sadhèrèk ingkang kinasih,
Rasul Paulus ngèngetaken pasamuwan ing Tésalonika. Pancèn
wekdal samanten gesang ndhèrèk Sang Kristus punika sanès
prakawis ingkang gampil katindakaken.

Tiyang-tiyang Yahudi nggadhahi pamawas bilih dados Kristen
punika ateges nyingkur Allah Tritunggal, “Apa tumon Allah
kagungan Putra?” Jalaran pangakenipun bilih Gusti Yésus
punika Putraning Allah, pasamuwan kawitan kalebet
pasamuwan ing Tésalonika kapeteg déning tiyang-tiyang
Yahudi makaten ugi kapeteg déning pamarintah Rum inggih
awit saking pratélan kapitadosan ingkang makaten punika.
Tumraping masyarakat Rum, inggih namung Sang Nata
Agung ing Rum ingkang dipun akeni minangka Putraning
Allah! Sanès Yésus! Ngakeni bilih Yésus punika Putraning
Allah ateges nglèngsèr kalenggahanipun Sang Nata Agung lan
kagantos kaliyan Gusti Yésus! Satata politik, prakawis kasebat
temtu kémawon mbebayani tumraping pamarintah Rum lan
awit saking punika pasamuwan ing Tésalonika nemahi
panganiaya. Pasamuwan boten namung kapeteg, nanging ugi
dipun oyak-oyak lan nalika kecepeng lajeng dipun peksa
ngakeni bilih namung Sang Nata Agung ingkang dados
Putraning Allah. Jalaran kawontenan ingkang ngrekaos
makaten punika, Rasul Paulus kintun serat ingkang
werdinipun neguhaken saha ngiyataken pasamuwan
Tésalonika. Piyambakipun ngeneraken pasamuwan ing
Tésalonika supados namung pitados saha ngajeng-ajeng
pitulungan namung saking Sang Kristus. Inggih namung
wonten Sang Kristus, pasamuwan badhé kakiyataken saha
kalipur ingkang tundhanipun nampèni tentrem-rahayu sajati!

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 61


Dinten punika minangka tiyang sepuh brayat Kristen kaaben-
ajengaken kaliyan pitakènan makaten: Kados pundi anggèn
kita mulang anak-anak nalikanipun sami nemahi panandhang
karibedan? Nyuwun sèwu, wonten satunggaling padatanipun
tiyang sepuh ingkang sajatinipun kirang trep kanggé
nggulawenthah anak. Nalika anak dhawah dadosa sukunipun
kesandhung méja, kesandhung séla utawi dhawah lajeng
ndhadug jubin; asring kalampahan tiyang sepuh condhong
nglepataken péhak sanès. Méja ingkang dipun srengeni! Séla
ingkang dipun lepataken! Jubin ingkang dipun thuthuki
kanthi ngucap: “Jubin èlèk!” Sanalika pancèn anak badhé
kèndel, nanging punapa panjenengan pirsa bilih cara
nggulawenthah makaten punika mulang anak langkung
gampil ndakwa péhak sanès supados dipun lepataken lan
boten paring kalodhangan sinau trumap anak supados
nglampahi gesang kanthi tanggel jawab?

Nalika anak dhawah, kedahipun tiyang sepuh ngekep lan
ngandikani, “Wis, ora apa-apa nggèr... Sesuk manèh sing ati-
ati ya...” Pratélan kasebat mesthinipun ndayani anak langkung
ngatos-atos saha mbudidaya tanggel jawab anggènipun
nglampahi gesangipun. Pratélan kasebat nggulawenthah lan
njalari laré kulina nemahi kangèlaning gesang minangka
kalodhangan ingkang dipun paringaken Gusti wonten gesang
kita. Sangsaya wuwuh yuswanipun, prayoginipun tiyang sepuh
tansah ngamping-ampingi kanthi ngèngetaken bilih nemahi
kanyataning gesang ingkang boten gampil kasebat, kedahipun
boten katindakaken kanthi ngendel-endelaken kakiyatanipun
piyambak, nanging tuhu-yakin bilih Gusti Allah tansah rawuh
wonten ing lampah gesang anak-anakipun. Boten awon, nalika
bapak utawi ibu tindakan, dumadakan jawah, lajeng misuh-
misuh ing ngajengipun anak. Bok menawi boten limrah kita
mrangguli, bapak utawi ibu dumadakan kèndel nitih sepédha
motor, ngagem jas hujan lajeng ngucap, “Puji Gusti!” Nalika
nitih mobil sesarengan kaliyan para laré, kita saged
ngrepèkaken kidungan, “Jalan Serta Yesus”, lelagon ingkang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 62

gampil dipun repèkake lan ugi ngèngetaken kita supados
tansah lumampah ngajeng-ajeng panunggilipun Gusti Yésus.

Para Sadhèrèk ingkang kinasih,
prakawis-prakawis ingkang alit sampun kapratélakaken kala
wau dados sarana nggladhi dhiri badhé “nampèni prakawis-
prakawis ageng” ingkang badhé kaparingaken Gusti kanggé
kita minangka Gréjanipun. Gréja ingkang kawawas minangka
patunggilaning tiyang pitados ing satunggal sisih tegesipun
kempalaning tiyang ingkang mitadosaken gesangipun
dhumateng Gusti. Ing sisih sanès, pratélan kasebat ateges
patunggilan ingkang mbabar utawi nedahaken pakaryan
minangka pakempalan ingkang saged dipun pitados
pratingkah gesangipun. Lumantar paseksi saha paladosan
ingkang dipun tindakaken, Gréja kedahipun dipun wawas
minangka pakempalaning pribadi-pribadi ingkang pantes
dipun pitados.

Ing wekdal samangké, masyarakat kita nembé nemahi manéka
warni prakawis. Rakyat sami lelimbangan magepokan kaliyan
pawarta-pawarta ingkang njalari raos pinitados wiwit luntur
képara ical. Prajanjinipun para pemimpin bangsa kanggé
ngicali tumindak nylingkuhaken arta (korupsi), nyawisi
padamelan saha mbangun kawontenan ingkang jenjem
temahan saged ndhatengaken karaharjan; kasunyatanipun
prakawis kasebat namung kantun prasetya ingkang nglaha.
Tumindak kekerasan sangsaya kathah kalampahan makaten
ugi reregèn kabetahaning masyarakat ugi sangsaya nginggil.
Pitakènanipun, “Punapa ingkang katindakaken déning Gréja
ing satengahing kawontenan masyarakat ingkang makaten
punika?”

Para Sadhèrèk ingkang kinasih,
ingkang nama Gréja boten namung manembah Gusti wonten
ing salebeting pangibadah kémawon. Nalika Gusti Yésus
paring wangsulan pitakènanipun tiyang-tiyang Farisi
magepokan pranatan ingkang utami, Gusti Yésus

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 63

nandhesaken anggènipun umatipun Gusti kedah
nyumèndhèkaken gesang namung dhumateng
Panjenenganipun kémawon, boten dhateng panguwaos-
panguwaos sanèsipun! Sanès dhateng kakiyataning
manungsa, sanès dhateng arta! Namung dhateng Gusti! Awit
saking punika, nalika bangsa punika wonten ing satengahing
kawontenan ingkang awrat, punika ateges bilih Gréja ugi
tinimbalan ngundangaken pamratobat tumrap bangsa punika
temahan boten nindakaken kaculikan, boten ngumbar sikep
nggatosaken kapentingan piyambak lan sapiturutipun. Bangsa
punika nyinau kanthi sikep-sikep gesang ingkang dipun
karsakaken déning Gusti: jujur, tanggel jawab, boten ngebrèh
lan sapanunggilipun.

Temtu kémawon mimbar Gréja punika boten rowa lan winates
kanggé mbereg saha ngundangaken pamratobat lan
pangajeng-ajeng tumrap jagad punika. Tumrap Bapak, Ibu,
Sadhèrèk ingkang ngasta wonten kantor, mangga
panjenengan babaraken sikep gesang ingkang dipun
kersakaken déning Gusti! Babarna sikep minangka abdi-
abdinipun Gusti Allah ingkang mapanaken Gusti langkung
utami katimbang samukawis, kalebet ing panyambut damel
Panjenengan! Dhumateng Bapak lan Ibu minangka tiyang
sepuh, sageda Panjenengan paring tuladha saé dhateng para
laré inggih punika kanthi wekel nyambut damel lan
mbudidaya ngudi sikep gesang satraju kaliyan karsanipun
Gusti. Sami mulanga bab sikep gesang ingkang jujur, tanggel
jawab makaten ugi sikep gemi satiti! Sami mijèkna wekdal
murih saged asring pinanggih kaliyan sémah, anak-anak
makaten ugi kosok wangsulipun temahan jagad punika saged
njingglengi bilih brayat Panjenengan boten dipun kuwaosi
déning gadget utawi smartphone. Mangga kita sami ngudi
supados lumantar gesang kita jagad saged ningali bilih Gusti
ingkang jumeneng pemimpin lan panutan tumrap brayat kita!
Kanthi makaten, brayat kita minangka Gréjanipun Gusti saged
ndhatengaken pangajeng-ajeng tumrap brayat sanès saha

LPP Sinode Wulan Brayat 2014 64

mbagé karahayon tumrap sesami ing sanjawining Gréja.
Amin.
Cathetan:
 Bahan punika prayogi dipun oleh malih déning
pengkotbah supados Katrangan Waosan punapa déné
Isining Kotbah saged katampi kanthi gamblang déning
warganing pasamuwan saha cundhuk kaliyan
kawontenan pasamuwan-pasamuwan.
 Ingkang ngagem bahan punika dipun paringi wewengan
anggènipun badhé ngagem conto-conto makaten ugi cak-
cakaning pangandika manut kawontenaning
pasamuwan-pasamuwan.


[SSG]
kasan

Bausastra Jawi:
- Jené: kuning, emas
- Kapilut: digegèndèng atiné supaya sih
- Sawenèh: ing sawatara, ana liyané
- Pepes: ilang kakuwatané, ilang dayané
- Jejer: sing dadi pokok, baku [uga sinebut subjek]
- Lésan: apa-apa sing dielès, dituju [uga sinebut objek]