You are on page 1of 7

Etimologi tmbang

Manut Etimologi sarta katrangan sanesipun, bilih suraosing skar macapat kados ing ngandhap
mnika;
1. Mijil
Tgsipun mdal, ananging mijil ugi nggadhahi pangrtosan ingkang nunggil karp synonym
kaliyan kori, lawang. Tmbung kori utawi lawang sagd atgs sadaya ttanduran ingkang
nggadhahi ganda arum heritiera littoralis.
Mila wataking tmbang mijil kados dn kori sagd mnga sadaya (nyumadulur) utawi stngah
mnga( sdhih) utawi kmbang ingkang ganda arum ( gandrung utawi kasmaran), utawi
fleksibel.
Tuladhanipun : pupuh ing srat Wulang Rajaputra
Ruwiya kang ginita rinukti (10/i)
Tinata wus manggon (6/o)
Dadi babad yen tembung jawan (10/e)
Winacaa rinasa kang sidhi (10/i)
Dinedher neng budi (6/i)
Thukuling rahayu (6/u)
2. Sinom
Wontn sambtipun kaliyan tmbung Sinoman, inggih mnika pakmpalanipun pramudha
ingkang sabiyantu dhatng tiyang ingkang gadhah daml mantu .
Ugi wontn pamanggih sanes bilih Sinom wontn sambtipun kaliyan upacara-upacara tumrap
paramudha jaman kina.
Wontn ing Srat Purwaukara, Sinom nggadhahi tgs skaring rikma utawi anak rambut.
Kajawi saking mnika Sinom atgs pupusing pradapa, wontn kalanipun mnika kangg paring
sasmita candranipun kawula mudha.
Wataking tmbang Sinom mnika wontn kalanipun kasmaran, ugi sagd canthas keras.
Tuladhanipun : pupuh ing srat Wedhatama
Nuladha laku utama (8/a)
Tumraping wong tanah Jawi (8/i)
Wong Agung ing Ngeksiganda (8/a)
Panembahan Senopati (8/i)
Kapati amarsudi (7/i)
Sudaning hawa lan nepsu (8/u)
Pinesu ing tapa brata (8/a)
Tanapi ing siyang ratri ( 8/i)
Amemangun karya nak tyasing sasama (12/a)

3. Dhangdhanggula
Mnika nunggaksmi kaliyan namaning ratu ing Kdhiri, Prabu Dhandhanggndhis ingkang
misuwur sasampunipunipun prabu Jayabaya.
Wontn ing Srat Purwaukara, Dhandhanggula nggadhahi suraos ngajng-ajng dhatng
kasanan, mila watking tmbang Dhandhanggula mnika; ngrspakn, ngmu piwucal, luws
tur sagd kangg mnapa kmawon.
Tuladhanipun; pupuh ing srat Wulang putra
Wus winawas ing jaman samangkin (10/i)
Keh wong ngrti mring basaning lyan (10/a)
Kapiran basan dhw (8/)
Jamak wong met kawruh (7/u)
Den salsih wajibireki (9/i)
Den manggon tkadira (7/a)
Ywa was-was ing kalbu (6/u)
Iku lagi ngupoyoa (8/a)
Kawruh liyan dadi busananeng ngari (12/i)
Ywa malbu kalbunira (7/a)
Etimologi tmbang [2]
Manut Etimologi sarta katrangan sanesipun, bilih suraosing skar macapat kados ing ngandhap
mnika;
4. Kinanthi
Tgsipun nggandheng, kanca utawi tmbung aran, kmbang. Jumbuh kaliyan suraosing
tmbang Kinanthi nggadhahi watk utawi dipun-ginakakn ing swasana ingkang snng,
nngsmakn, kapiluyu lan kangg pitutur. Tuladhanipun: ing pupuh srat Jayengsastra
Kinanthi liring pitutur (8/u)
Knthangrambat mnyan putih (8/i)
Wawasn dipun prayitna ( 8/a)
Lawan noliha Widhi (8/i)
Cacangkok wohing kalapa ( 8/a)
Kang dadi pathoking urip (8/i)
5. Asmaradana
Saking tmbung Asmara lan Dhana. Asmara mnika naminipun dwa minangka pralambanging
karonsih, Dhana saking tmbung plutan Dahana ingkang atgs gni.
Asmaradana magpokan kaliyan prastawa Bathara Kamajaya nalika kabsmi dning Bathara
Siwah wontn ing srat kakawin Smaradhana anggitanipun Mpu Darmaja.
Wontn ing Srat Purwaukara, asmaradana ngmu suraos snng weweh, kasmaran.

Tuladhanipun ; pupuh ing srat Wulangwanita


Boja suguh ranireki (8/i)
Krama tmbung kang mrih ljar (8/a)
Tyasing tamu mrih jnak (8/)
Tanag mulih dumadya (8/a)
Pratandhan yen sira ( 8/a)
Sinihan sasamanipun (8/u)
Janma yogya linuria (8/a)
6. Durma
Saking tmbung Jawa kina tgsipun sardula. Awit saking mnika tmbang Durma nggadhahi
watak utawi kaginakakn ing swasana ingkang ngggirisi, galak, nsu, prang lan crita.
Tuladhanipun; pupuh ing srat Wira Iswara
Aywa ag ngubungi karsa tan yogya (12/a)
Saringn dipun wning (7/i)
Pituturing jaman (6/a)
Kuna manungsa tapa (7/a)
Den tmen sira mumundhi (8/i)
Brkahing bapa (5/a)
Nabi ratu myang wali (7/i)
Etimologi tmbang [2]
Manut Etimologi sarta katrangan sanesipun, bilih suraosing skar macapat kados ing ngandhap
mnika;
7. Pangkur
Dipunwastani skar Pangkur, jalaran nalika samantn asalipun saking nami cantrik ing
padhpokan, kados ingkang kactha wontn prasasti - prasasti ingkang mawi basa Jawi kina.
Wontn ing Srat Purwaukara, ttmbungan Pangkur mnika nggadhahi suraos buntut. Pangkur
ugi ngmu suraos sasmita tut pungkur ingkang atgs mbuntut lan tutwuntat, tutwuri sagd
dipunwastani ngungkurakn utawi nyingkur dhatng samukawis ingkang asipat hawa
(ppnginan) , tuladhanipun; pupuh ing srat Wdhatama
Mingkar mingkuring angkara (8/a)
Akarana karnan mardisiwi (11/i)
Sinawung rsmining kidung ( 8/u)
Sinuba sinukarta ( 7/a)
Mrih krtarta pakartining budiluhur (12/u)
Kang tumrap wong tanah Jawa (8/a)
Agama agming aji (8/i)
8. Maskumambang
Saking tmbung mas lan kumambang. Mas tmbung wancah saking Prmas inggih mnika
punggawa wontn salbting upacara Shamanistis.

Kumambang saking lingganing tmbung ambang nampi rimbag bawa Ma, lajng dados
kumambang terapung. Ambang ugi magpokan kaliyan Ambangse ingkang tgsipun nmbang
utawi ngidung.
Kanthi makatn, Maskumambang sagd nggadhahi pangrtosan paraga ingkang nindakakn
upacara Shamanistis, maos mantra utawi ngidungakn mantra sinartan ssaji skar.
Wontn ing Srat Purwaukara, Maskumambang nggadhahi suraos Ulam Toya inggih mnika
ulam ingkang gsang ing lepen utawi kdhung. Wontn kalanipun sinamun mawi gambar utawi
ulam ingkang llumban.
Mila watking tmbang Maskumambang raosipun nlangsa, sdhih, nggrsula, trnyuh.
tuladhanipun; pupuh ing srat Jayengsastra
Siti pangkat ing witana (sitinggil) paris ringgit ( dhadhap) (12/i)
Inggil lawan andhap (6/a)
Kawis jnar(maja) welut sisik(ula) (8/i)
Begja kalawan cilaka (8/a)
9. Pocung
Pucung mnika nami wiji kpayang, utawi tmpayang ; ingkang basa latinipun ; Pengium edule;.
Wontn ing Srat Purwaukara, Pucung atgs kudhuping ggodhongan ingkang taksih sgr.
Pocapan cung ing tmbung Pucung condhong dhatng samukawis ingkang nggadhahi sipat
lucu, sagd kangg llipur, kadosta ; kuncung lan kacung.
Tmahan tmbang Pucung mnika nggadhahi watak ingkang mardika, nanging wontn
kalanipun smbrana.
Tuladhanipun ; pupuh ing srat Wulangputra
Aja ancung, yen suwita mring wong agung ( 12/u)
Lawan kancanira (6/a)
Lamun sira antuk singgih (8/i)
Dena bisa ngnaki atining kanca (12/a)

Sertat Wedhatama
1. Pupuh Pangkur
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap neng tanah Jawa


Agama ageming aji
Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak-ganyik nglilingsemi
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo paparah lamung angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis
Si pengung ora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
Saya elok alangka longkanganipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si pingging
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggu anggung gumunggung
Agungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip
Uripe sapisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki
Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah-wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lah iya ingkang rama
Balik sira sasrawungan bae durung

Mring atining tata krama


Nggon-anggon agama suci
Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Sumengah sosongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki
Kekerane ngelmu karang
Kakarangan saking bangsaning gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengkok pancabaya
Ubayane mbalenjani
Marma ing sabisa-bisa
Babasane muriha tyas basuki
Puruita kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger-ugering keprabun
Abon-aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri
Iku kaki takokena
Marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus
Kawawa naheb hawa
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin muda sudra kaki
Sapa ntuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning jiwangga
Yen mangkono kena sinebut wong sepuh
Liring sepuh sepi hawa
Awas roroning atunggil
Tan samar pamoring sukma
Sinukmanya winahya ing ngasepi
Sinimpen telenging kalbu

Pambukaning warana
Tarlen saking liyep layaping ngaluyup
Pindha pesating supena
Sumusuping rasa jati
Sajatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming asuwung
Tan karem karameyan
Ingkang sipat wisesa-winisesa wus
Milih mula-mulanira
Mulane wong anom sami.

You might also like