You are on page 1of 5

PAWARTA

LENGEN BAYI DIGUNTING IBUNE DEWE


Lengene Bayi digunting Ibune Dewe Jombang. Miris banget kelakuane Nur Inani
Ana,33,warga dusun Ngudirejo kec.Diwek.marang putrine dewe.dheweke tega
ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek wingi(25/8).nyebabake lengen
kiwo bayine meh pedhot. Otot lengene pedhot,sawise diwenehi pangrumatan,bayi
kasebut terus dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya,atur dr.Agung,dokter
jaga UGD RSUD Jombang. Agung ngrujuk bayi kasebut menyang RSUD
dr.Soetomo sawise nyuwun palilah menyang dokter spesialis.sawise tatune
ditutup,bayi langsung karujuk menyang RSUD dr.Soetomo.ujare.kahanan balunge
pedhot opo ora during iso menehi katrangan kang rinci.kawulo dereng ngantos
mreksani kahanan balunge langsung kawulo rujuk.ujar dr.Agung.
Aisyah(jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam
10.00 kahanane parah banget. Awake lemes,amergo ngetokake getih waras saka
lengen kiwone. Nganti ora bisa nangis naming misek-misek lan luh mripate dredes
terus. Tekan rumah sakit Aisyah gak kesuwen terus di infuse liwat sikile,sedelo
banjur iso nangis.tangis Aisyah leren amergo bakake menehi dot susu formula.
Aisya putri kang kapisan pasangan.Arifin,31 lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti
saka tangise Aisyah,ora ngerti sebab opo kok nangis terus saka isuk. Ing omah
gedhe iku,ana mung Aisyah,ibune lan simbah putri,Saadah,48. Arifin bapake
Aisyah wiwit isukwis budhal menyang pasar cukir dodolan sayuran.aku keprungu
tangise wiwit jam 05.30kandane salah sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka
omah korban.tak kiro nangis lumrah.tangise kok ora kaya biasane,tangisane kok
suwe banget,padahal biasane bocah kuwi ceria banget.Ature pamane. Jam 09.30,
dheweke ngajak Saadah niliki Aisyah ing kamare,sakarone kaget banget eruh
tangane Aiayah ngetokake geteh nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung
mandeng wae. Ora kepingin putune tambah parah,Sa.adah lan putrane(paman
Aisyah)gawa Aisyah menyang RSUD Jombang. Sawetara Aiyah dirujuk menyang
RSUD dr.Soetomo Surabaya di kancani bapake dhewe jam 11.30, Saada mulih
niliki kahanan ibune korban.
Arifin kaget banget weruh kahanan kaya mankene.wektu kadadean aku isih ning
par.saka pasar aku langsung budal mrenekandane Arifin.

Perajin Tenun Stagen Betah Bantuwan Pemkab


Klaten, Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman,
Kedungampel, Cawas, Klaten, mrihatosaken, jalaran ngantos samangke kirang
dipun gatosaken dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para
perajin namung saged pasrah dhateng kawontenan.
Bab punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan
selendang ing Dhusun Patoman, Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakaken
kekirangan pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp
5.000,00 samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp
4.000,00 ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged kangge ndamel stagen cacah
sekawan, satemah bebathen para perajin mepet.
Nyumerepi kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun,
Tumirin rumaos prihatin dhateng sesanggan gesang para perajin stagen lan
selendang ing wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate
pikantuk pembinaan punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang
kawogan. Pangajabipun, pemerintah sageda gatosaken para perajin, supados
gesangipun saged murwad.

Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti


Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12
Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa
tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul.
Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi
jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing
warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir
Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti
dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa
tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu
katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja
Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI)
Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya,
kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan
brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas
kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh,
tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge
mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah,
murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.

Proyek Rel Ganda Nemahi Perkawis Gantos Rugi Tanah


Tim pembebasan tanah proyek rel ganda Kabupaten Kendal, Jawa
Tengah, nemahi perkawis. Ingkang dados sebab, wonten warga
ingkang nyuwun gantos rugi tanah kanthi regi inggil, inggih
punika ngantos 10 juta per meter. Mila ngantos sakniki,
pembebasan tanah ing Kendal nembe kalaksanan 50%.
Miturut pangandikanipun Kepala Bagian Tata Pemerintahan
Kabupaten Kendal, Agung Budi Cahyono, tanah ingkang sampun
dibebasaken namung 45 hektar. Kamangka, tanah ingkang
dipunbetahaken kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.
Tanah ingkang taksih dados perkawis inggih punika wonten ing
Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang
ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per
meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun
Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter.
Miturut kateranganipun Agung tanggal 8 Januari 2013, regi
ingkang dipun suwun warga punika inggil sanget. Sebab, regi
ingkang dipun temtuaken dening tim saking 800.000 ngantos 2
juta per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi
bangunan.
Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis
pembebasan tanah kangge proyek rel ganda dipunkarepaken
sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa
ingkang badhe dipundamel proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa
sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun taksih
dipunrembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos
rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika dhateng pengadilan,
supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.

TUGAS
Ndoleki unsur 5W + 1H ing PAWARTA nduwur :
1. What(apa) :Lengene bayi di gunting ibune dewe
2. When (kapan):tanggal 25 agustus 2012
3. Who (sopo) :
a. Nur Anani Ana :pelaku
b. Aisyah :korban
c. Arifin :Garwa pelaku
d. Saadah :mbah korban
e. Paman :pamane korban
4. Why (kenapa) :Aisyah di infus amarga mari ngetokake darah akeh teka tangan sing di gunting
ibune
5. Where (Dimana) :Aisyah di rujuk ing RSUD Jombang
6. How (piye) :Aisyah di gawa keluargane menyang RSUD Jombang kahanane parah banget

You might also like