You are on page 1of 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati bapak ibu guru ingkang rawuh ten kelas niki. Pertami tami
monggo kita sesarengan manjataken puja lan puji syukur dumateng gusti Allah
ingkang maringi pinten pinten kenikmatan sainggo kita saged rawuh teng mriki.

Sholawat saha salam mugi katur dhumateng nabi Muhammad SAW, sumrambah
dhateng kaluwarganipun para sahabat saha para pendherekipun.

Parasederek, wonten ing kelas menika, badhe kawula aturaken babagan Lailatul
Qodar, setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Alloh SWT.
Satunggaling malem menika anugerah saking Alloh tumrap insane beriman ingkang
bobotipun tanpa upami. Kados ingkang sinebat wonten ing Al-quran surat Al-
Qodar :1-5, wondene asbabun nuzul utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul Qodar
inggih punika midherek satunggaling hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun
saking mujahid inggih punika bilih ingkang jamanipun Bani Israil wonten
satunggaling tiyang jaler ingkang anggenipun ngibadah wiwit wekdal ndalu dumugi
enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun. Lelampahan wau dipun
leksanakaken ngantos 1000 sasi. Tumunten lajeng Alloh nurunakensuratAl-Qodar
ingkang negasaken bilih setunggal ndalu malem Lailatul Qodar ingkang sae
tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau.

Kangge ngadepi Malem Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toladan, sabuk dipun
kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah ngathahaken ngibadah.
Ade sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dados tigang
perangan inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul qodar
ingkang saged kagayuh dening para nabi lan rosul. Kaping kalih, tingkatan cukup
inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh dening para ulama sufi.
Kaping tigo, tingkatan awam, inggih punika tiyang awam ingkang saged nggayuh
kautaman lailatul qodar jiwanipun badhe istiqomah anggenipun nglaksanakaken
dhawuh gusti Alloh lan nebihi laranganipun.

Kula raos cukup semanten pidato ingkang kawula aturaken. Menawi wonten
kesalahan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Muhammad Nuroni

Guru SD at sdn Temon 2 arjosari

You might also like