You are on page 1of 18

Nama : Octaviana Putri Puspita Sari

Nomor / Kelas : 30 / XI MIPA 1

TUGAS BASA JAWA
NOVEL

Soroting rembulan ingkang dados coloking dalu kados ngarih-arih nènèman kekalih
wau. Ramyang-ramyang damel sekécaning pandulu lan tentreming manah. Dèrèng ngantos
katog anggènipun kasaput ing méga kandel, Rapingun rumaos kegelan ing manah, satemah
nolèh ngiwa, ing pangangkah badhé pitakèn dhateng Radèn Ajeng Tien, kados pundi raosing
manahipun.Nanging Rapingun kagèt sumerep Radèn Ajeng Tien suntrut pasemonipun,
linggih kaliyan sidhakep.
Rapingun ingkang rumaos dados pamomong, kepéngin sumerep punapa sababipun
déné Radèn Ajeng Tien taksih ketingal sedhih, mangka pancènipun kedah kosok
wangsulipun, awit sampun luwar saking bebaya.Murih boten andadosaken kagèting
manahipun Radèn Ajeng Tien, wicantenipun Rapingun kadamel alon sarta gadhah raos
anorraga.
“Ndara!”
Radèn Ajeng Tien boten mireng, sanget anggènipun angraosaken rubédaning manah,
mila Rapingun lajeng ngambali wicantenipun malih: “Ndara Ajeng!”
Radèn Ajeng Tien anjenggirat, ketingal kagèt mireng pangundangipun Rapingun
ingkang sarèh lan melas asih punika. Sanalika pasemonipun Radèn Ajeng Tien ingkang
ketingal suntrut lajeng byar padhang, kados wulan purnama ingkang oncat saking
pangridhuning méga, ngléla gilar-gilar.Ingkang makaten wau kajawi kanggé nutupi raosing
manah ingkang saweg ruwed, inggih murih sampun ngantos Rapingun ketaman raos ingkang
boten-boten. Mila Radèn Ajeng Tien gugup anggènipun mangsuli dhateng Rapingun: “Ana
apa, Rap?” Criyos makaten wau kaliyan nyilakaken sinoming ingkang modhal-madhul
wonten bathuk, perlu kanggé mbucal tilas.
“Anu Ndara! Kula tingali panjenengan kok ……..” Rapingun rumaos awrat badhé
nglajengaken criyosipun.
“Ora, ora.Rap, aku ora apa-apa.”
“Inggih, ananging samangké sumelanging manah kula tikel satus katimbang kala kula
ajeng-ajengan kaliyan tiyang kekalih wau.”

déné kowé kok olèh sendhok ban. montoré apa kena diputer saka starter.” “Sing koanggo ngantem Hardjana karo Suratna mau apa?” “Séndhok ban.” “Tiyang panjenengan inggih anèh. kula ugi sampun ngrancang kados pundi prayoginipun. Aja klèru tampa. pantes kowé dadi sedulurku.” “Kok anèh temen kowé kuwi. panjenengan matur dhateng ingkang rama saha ingkang ibu. cekap kula matur kémawon?” “Iya.Punapa Ndara taksih sumelang? Tangan kula ingkang kiwa langkung prigel ngolahaken séndhok ban. amargi kula boten ngertos tembung Welandi. sumrambahipun dhateng panjenengan.” “Bab punika tanggelan kula piyambak.” “Anèhé kepriyé?” “Pancènipun panjenengan sampun boten perlu sekel ing panggalih. wong slinger kok ngenani tangan?” “Menika sanès barang mokal.” “O.Sampun ta.” “O.” “Ora. rèhné kowé wus ngorbanaké jiwa ragamu tumrap keslametanku …………. yèn sampun wonten teranging dhawuh panjenengan. Apa kowé ngerti karepé Hardjana mau?” “Namung nitik saking tandang solahipun kémawon. Rap.” . Ndara.Lah kuwi wis pantesé saiki kowé takpasrahi ala beciking awakku. “Sing kosumelangaké apa?” “Saged kula ngretos ingkang kula sumelangaken. Ndara.” “Dadi kowé wis nyedhiyani wiwit ana Magelang?” “Inggih.Nanging kepriyé.” “Mligi saking kasetyan kula dhateng Bendara Setèn sekaliyan.Bab menika kejawi saking karsa panjenengan piyambak. ngaten ta.Menapa ingkang setunggal wau namanipun Suratna?” “Iya.” “É.” “Tiyang sampun sedhiya wiwit pangkat saking Magelang. é.” “Apa iya?” “Inggih. semono anggonmu ngayomi menyang awakku.Nanging aku gumun. bilih tangan kula tengen kénging slinger. nanging kula dèrèng saged matur dhateng panjenengan.” “Aku ngandel. ya talah Rapingun. kepriyé?” “Mangké dumugi ndalem. kula sampun mangretos.” “O. kula aturi pitados kémawon.” “Mangka kowé ora bisa muter montor. amargi sampun oncad saking bebaya. dadi kowé wis ngerti karepku?” Cariyos makaten wau kaliyan mèsem ketingal bingah: “Hara kepriyé?” “Boten susah kula medharaken karsa panjenengan ingkang kedah kula sengker wewadosipun. Rap.

” “O.Sapisan.” “Dhèk wiwitané kowé kok katon wedi banget menyang bajingan loro mau. Kaping kalih: supados Suratna mangretos yèn kula ajrih. amargi sumelang manawi dipunwastani ngretos ginemipun Hardjana lan Radèn Ajeng Tien.” “Tembung Welandi kula sekedhik kémawon boten naté kambetan. agengipun dumugi pejah dèrèng mantra-mantra nimbangi sihipun Bendara Setèn sakaliyan dhateng kula. Aku ngandel.” “Makaten wau rèhning kula dados pamomong. nganti aku rumasa ora bakal olèh pangayoman. “Kowé kok ngerti?” “Tiyang kula manggih dlancang sacuwil ingkang panjenengan tampi. ngantos piyambakipun ical kaprayitnanipun. sok ngono kowé ngerti tembung Landa. nanging. nanging manah kula tatu lebet sanget ketaman sihipun Ndara sakaliyan.” “Iya. Nanging kiraku kowé durung ngerti sabab-sababé kabèh mau.” “Nanging luputmu.” Sareng cariyos makaten wau Rapingun getun sanget. anggèn kula ngretos wiwit wonten bangsal ringgit tiyang.” “Bapak utawa Ibu apa dhawuh ngono kuwi menyang kowé?” “Boten. boten perlu kula ngedalaken tandang kula.” “Ngertos sanget.” “Anggonmu ngarani ngono mau gèk mung saka wedimu. Rap?” “Panjenengan suci lan resik.” “Yèn lentèra boten kula remuk.” “Lo. lan ngulataké aku ana rèstoran. dadi kélangan wektu sethithik.” “Sok ngono kowé ya nggatèkaké banget menyang aku. amargi ingkang boten kénging kula mengsah menika namung pistulipun. Alit sakit. menawi Hardjana wau boten badhé damel wisuna dhateng panjenengan.” “Kula ajrih? Salaminipun kula namung badhé ngantepi menapa ing leresipun kémawon. panjenengan lan kula saged ugi namung wangsul nama thok. . ya Rap. dados wajib rumeksa dhateng panjenengan.” “Apa tandhané Bapak lan Ibu asih menyang kowé?” “Tandha yekti ingkang wujud.” “Makaten wau pancèn kula damel. Hardjana wis bisa tangi.Oto arep mlaku.” “Apa kowé ora kuwatir mungsuh wong loro mau?” “Awit saking setya kula dhateng bendara. déné ndadak ngremuk lentéra piet montor. iya. kula boten saged ngaturaken.” Sasampunipun cariyos makaten punika Radèn Ajeng Tien lajeng unjal napas: “Saiki kepriyé pangiramu tumrap awakku. amargi Hardjana saged nututi oto mawi piet montor kanthi pistulipun. boten wonten sumelanging manah sekedhik- kedhika.

” “Sampun ta. ya wis ayo. Pancènipun Radèn Ajeng Tien badhé pitakèn kados pundi teka ngertos dhateng wosing rembag. ingkang kala semanten katumpangaken ing dhadhanipun.Tumrap panjenengan kula boten saged matur. yèn boten tresna dhateng kula. kaliyan gugup pitakèn: “Kepriyé ta. sampun ingkang nama musthikaning bawana. Ndara. boten badhé ngébahaken manah kula. durung mesthi ungguling rupa lan bandha nggléwangaké atiku.Sareng versnelling tiga sampun saged nyambet (kapasang). déné Rapingun terus dhateng patilemanipun. dumugi kamaripun Rapingun lajeng ngungalaken dilahipun téplok. gesang. setir dipunpèpèt mawi dhadhanipun. samangké kados sampun lingsir dalu. lentéra dipunurubaken.Nanging kepeksa boten dipunlajengaken.” “Kowé apa bisa mbacutaké nyetir?” “Saged. wau ngantos sumaput. . Radèn Ayu Asistèn Wedana terus ngemèk tanganipun Rapingun ingkang abuh. apa kena kanggo nyekel setir?” “Cekap tangal setunggal.” “Tumrap aku. terus murugi kamaripun Rapingun dipunetutaken Radèn Ajeng Tien.Saben tanganipun Rapingun ingkang kiwa nglebetaken versnelling. Kala semanten Radèn Bèi Asistèn sakaliyan dèrèng sami saré. dados gampil kapèpèt mawi tanganipun kiwa ingkang ngrangkep nyetir. nanging lajeng kaduwa déning Radèn Ayu Asistèn Wedana. Rap.Radèn Ayu Asistèn Wedana ngrumiyini. namung mawi klakson manawi perlu. awit knopipun klakson wonten tengah-tengahing setir.” “Tanganmu tengen rak ora kena kesénggol. Jam kalih welas kirang sekedhik dumugi Ngadireja kanthi wilujeng. tanganipun Rapingun ingkang tengen abuh kénging slinger.Tumrap kula piyambak. Sareng Radèn Ajeng Tien mlebet. dèrèng ngantos dipunpitakèni lajeng cariyos: “Pak. oto lajeng kalebetaken ing kandhang. Tuter boten naté kaungelaken. selak badhé sumerep pamanggihipun Rapingun. “Kepriyé panemumu tumrap aku lan Hardjana?” “Tumrap Hardjana rai gedhèg. mangga lajeng kondur kémawon. nadyan widadari pisan. Dumugi Asistènan.” Radèn Bèi Asistèn sakaliyan kagèt. priksa Rapingun sampun tileman boten mawi cucul panganggé. amargi prakawis jejodhoan boten kénging kapeksa. Rap. kok dadi kaya ngono?” Rapingun badhé tangi saking patileman.” “Yèn bisa.” Oto dipunstarter. sasampunipun Radèn Ajeng Tien mandhap. setir dipuncepeng mawi tanganipun kiwa.

Radèn Ayu Asistèn Wedana ingkang ngombèkaken. Radèn Bèi Asistèn piyambak nangèkaken Rapingun. dados badhé nyudakaken strooming accu.” “Sampun mangké kémawon. Bu. kepeksa manut. ombènana anggur. Let sakedhap Radèn Ajeng Tien dhateng nyangking anggur lan gelasipun.Radèn Ayu Asistèn Wedana ingkang nata.” “Inggih menika lepat kula piyambak.” Radèn Ayu Asistèn Wedana terus mbikak sepatunipun. ingkang badhé ngirangaken padhanging lentéra.” “Kuwi. nanging sarèhning panampikipun boten kagega. mangka ragi asrep.” . Ndara.Sekawit lentéra kedhap-kedhèp. telas sagelas.” Sareng sampun kabikak.Rapingun lajeng dipundegaken ing jrambah dipunjagèni Radèn Bèi Asistèn. Kreta manggul kasur. Ndara. Rap?” “Sampun.” Radèn Ayu Asistèn Wedana nyambeti sajak nutuh.Kula lajeng kèndel ngleresaken.” “Inggih. Radèn Bèi Asistèn ingkang ugi sampun wonten ing ngriku pitakèn: “Apa koputer nganggo slinger?” “Inggih Ndara. Ing sakawit Rapingun boten purun dipunsukani kasur. nanging kétang saking sanget émanipun dhateng Rapingun: “Bocah sok sembrana.” “Apa starteré wis ora kuwat?” “Inggih taksih kiyat.Sasampunipun rampung. Bu sepatuné bukaken.Sareng kula puter mawi slinger. “Wis. slingeripun mbalik ngéngingi tangan. ya. rangkepané karo clana ora susah. Ndara.” “Olèhé kena ana ngendi?” “Ngajengaken dumugi Temanggung. “Manèh apa.Sareng sampun. kasur kalèmèkaken sepré. saiki ngombéa anggur.” “Wis.” Gulunipun Rapingun kasanggi ing tanganipun Radèn Bèi Asistèn. Radèn Ayu Asistèn Wedana terus nggugah pun Kreta. bèn anget awaké.” “Apa otoné béka?” “Boten. Tien jupukna anggur. jasé karo dhasiné bukaken. “Kénging slinger.” “Kaé. Rap?” “Inggih.”Rapingun anggènipun mangsuli wau kaliyan mèsem. Rapingun katilemaken malih. bèn anget.Nanging rèhning dalu. Bu. Rapingun katilemaken malih.” “Pancèné disendhal baé sak slag rak wis urip. slingeripun lajeng mbalik. ambok ya ngati-ati. kapurih mendhet kasur ing kamar nglebet. murih kakintena mayar sakitipun. “Wis. nanging inggih taksih linggih ing patileman. mila lajeng kula puter kémawon kuwatos yèn ngantos kedangon gesangipun.

” Radèn Ajeng Tien boten mangsuli. sing durung weruh rasaning atiku tumrap Rapingun.Radèn Ajeng Tien inggih béla. Yektosipun priyantun tetiga: Radèn Bèi Asistèn sakaliyan lan Radèn Ajeng Tien sampun dangu ketuwuhan manah ingkang semanten dhateng Rapingun. Ndara. sumerep makaten wau Radèn Ayu Asistèn Wedana inggih lajeng tumut ngedalaken luh. amargi saya keraos-raos manahipun. dipunsingkiraken ngiwa.” Radèn Bèi Asistèn lajeng nggrayangi ugel-ugelipun Rapingun ingkang kiwa. Kowé anakku ora béda karo Tien. Ing samangké sami lega ing manah. Tien. “Lemesing manah kula boten saking kirang saéning lampahipun rah.” Rapingun mireng ngandikanipun Radèn Bèi Asistèn makaten wau. Namung manah kula ingkang lemes sanget. Rap?” “Boten. ketingal welas sanget. déné bab punika sampun . Ndara. satemah mripatipun kumembeng kaca-kaca malih. tanganipun tengen katumpangaken ing dhadha. tanganipun kiwa lajeng kanggé nutupi mripatipun ingkang wiwit brebel-brebel medal luhipun. Tien gelas lan angguré dokokna méja kono baé. Bawanipun priyantun èstri. Rap?” “Boten menapa-menapa. “Kowé. Radèn Ayu Asistèn Wedana lan Radèn Ajeng Tien srikutan anggènipun ngusapi luhipun piyambak-piyambak. ingkang nutupi mripatipun. namung ndhingkluk kaliyan mbrebes mili. Radèn Bèi Asistèn lajeng wicanten: “O.” “Lah saka apa?” “Saking kawraten nampèni sih panjenengan ingkang samanten agengipun. manahipun kados dipuniris-iris welat.” “Inggih.” Radèn Ayu Asistèn Wedana nyambeti pitakèn: “Apa ora lemes. “Wis. luhipun Rapingun dipunusapi. lajeng takèn: “Kepriyé rasané awakmu. Aku wong tuwamu. awit kowé dhéwé ora duwé sedulur. namung kaot dèrèng naté dipuncocogaken. Radèn Ayu Asistèn Wedana lajeng anggrayangi tanganipun Rapingun ingkang kiwa. nanging saya mindhak awratipun déning mireng ngendikanipun Dèn Bèi Asistèn Wedana ingkang makaten wau.” Sareng Rapingun sampun katilemaken malih kanthi lon-lonan déning Radèn Bèi Asistèn.”Wicanten makaten punika luhipun Rapingun saya deres wedalipun. Rapingun sampun boten kraos sakit. Rap! Aja akèh-akèh sing kopikir. Ndara. Radèn Bèi Asistèn tansah mriksani dhateng Rapingun.Rambutipun ing bathuk dipunsilakaken. Sawangen aku. badhé sumerep lampahing erah. wiwit dina iki Rapingun anggepen sedulurmu.

. boten susah kintun menapa-menapa. – Ta! Kreta!” “Nun!” “Kowé jagaa kéné ya. nanging boten purun takèn.” “Sésuk-ésuk baé bareng karo Tien bali menyang Parakan. Bu.” “O. ingkang minangka teturutanipun Radèn Ajeng Tien lan Ibunipun. Ngasoa sing kepénak.” Rapingun lajeng sami katilar. – Wis.kawedharaken piyambak déning Radèn Bèi Asistèn. Pak?” “Awaké dhéwé mangsa ngertia.” “Boten. Ndara. dipuntakènana boten badhé wonten perlunipun. kula pancèn sampun ngantuk. aku dhéwé sing ngeteraké.Tien rak bisa ngubetaké ta?” “Saged Bu. beciké ana Parakan baé. mengko nèk ana perlu apa-apa.” “Bab kuwi kowé ora susah mèlu ngrembug. Bu. Radèn Bèi Asistèn lajeng dhawuh: “Beciké kowé sésuk takgawa menyang rumah sakit baé.” “Iya. bareng dhokter rak bisa weruh terang.” “Ora.” “Inggih. bab pangané bisa dikirim saka Kemantrèn Guron. Ndara. Pak?” “Rumah sakit Magelang baé.” “Inggih. kula saged lan inggih seneng gesang cara griya sakit. saiki yèn bisa turua.Karo kaé Kreta didhawuhi jaga kéné. ya. Ndara. Ndara. awit ing wekdal kesusahan ingkang makaten wau. bener pratikelmu kuwi. Rèhning Rapingun sampun ketingal tentrem manahipun. gentos kajagi pun Kreta.” “Mengko dhisik takkemulané. malah saged ugi andadosaken isin kalih-kalihipun.” “Apa ora kena diopèni dhéwé ta. kados sekéca manggèn ing griya sakit.” “Inggih. Rap.” “Wis. Rap. Rap.” “Iya..” “Dilebokaké rumah sakit ngendi. Kejawi saking punika. Pak. perlu sanget Radèn Ajeng Tien nindakaken punapa kémawon ingkang perlu. Radèn Bèi Asistèn sakaliyan sampun sumerep bilih ingkang kanggé mblebed tanganipun Rapingun punika setagènipun Radèn Ajeng Tien. ayo padha ditinggal.

Tema yaiku bab kang dadi dashare naskah drama digawe Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.Nama : Octaviana Putri Puspita Sari Nomor / Kelas : 30 / XI MIPA 1 TUGAS BASA JAWA NOVEL UNSUR STRUKTURAL 1. Tema ingkang dipuntemokaken ing pethikan novel kasebut inggih punika kasetyanipun abdi dhumateng . Tema Saben karya sastra pasti nduweni tema.

” “Mligi saking kasetyan kula dhateng Bendara Setèn sekaliyan. ananging samangké sumelanging manah kula tikel satus katimbang kala kula ajeng-ajengan kaliyan tiyang kekalih wau. Mengapa anda masih khawatir ? Tangan kiri saya lebih cekatan mengolah sendok ban. Anda” .” “Tiyang panjenengan inggih anèh.” Rapingun rumaos awrat badhé nglajengaken criyosipun. sumrambahipun dhateng panjenengan.” “Sing kosumelangaké apa?” “Saged kula ngretos ingkang kula sumelangaken. Pethikan novel ingkang mbuktikaken kasebut inggih punika : “Anu Ndara! Kula tingali panjenengan kok ……. “Ora. Ndara. yèn sampun wonten teranging dhawuh panjenengan. rèhné kowé wus ngorbanaké jiwa ragamu tumrap keslametanku ………….. tapi saya 100 kali lipat lebih khawatir daripada saat saya berhadapan dengan kedua orang tadi” “Apa yang kamu khawatirkan?” “Saya akan khawatir jika sudah ada perintah yang jelas dari anda” “Kamu kok sangat aneh. Aku tidak apa-apa” “Iya. amargi sampun oncad saking bebaya. ingakng dados abdi saking Raden Bei Asistẽn. tidak Rap.” Terjemahan : “Anu Tuan! Saya lihat anda kok……. Aja klèru tampa.” “Anèhé kepriyé?” “Pancènipun panjenengan sampun boten perlu sekel ing panggalih. “Tidak.” “Kok anèh temen kowé kuwi. Rap. aku ora apa-apa.” “Aneh bagaimana ?” “Seharusnya anda tidak perlu bersedih lagi.Rap.” “O.Punapa Ndara taksih sumelang? Tangan kula ingkang kiwa langkung prigel ngolahaken séndhok ban.” Rapingun merasa berat untuk melanjutkan perkataannya.” “Lebih aneh Anda. Kasunyatan kasebut digambarake dening Rapingun.bendaranipun..” “Inggih. ora. karena anda sudah lepas dari bahaya.

yaiku kedadeyan wiwitan kang ndandekake masalah maslaah kang dilakoni paraga paragane. antiklimaks. juga terhadap Anda. . yaiku masalah sing saling angel kang diadepi paraga paraga ing crita. ngenalaken masalah. yaiku kedadean kang isine ngenani masalah masalah kang wiwit diadhepi paraga paraga ing cerita kasebut. yaiku kedadean kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning crita drama. Alur Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak terakhir.. klimaks. Rap. Ingkang kapethik saking novel kasebut. kamu sudah mengorbankan jiwa ragamu untuk keselamatanku……” “Terkhusus saya mengabdi setia pada Tuan Setẽn sekeluarga.” 2. “O. Jangan salah paham.  Masalah utawa konflik.  Klimaks/puncak konflik. Alur diperangake :  Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake  Ngenalake masalah. Aluripun wonten Novel kasebut yaiku alur maju amargi dipun terangaken saking perkenalan paraga.

saat menoleh kekiri.: Ingkang kapethik saking Soroting rembulan ingkang dados coloking dalu kados ngarih-arih nènèman kekalih wau. Terjemahan : Sinar bulan yang menjadi penerangan di malam hari bagi dua sejoli. a. mangka pancènipun kedah kosok wangsulipun. Ramyang-ramyang damel sekécaning pandulu lan tentreming manah. ingin bertanya pada Raden Ajeng Tien seperti apa perasaannya. Tetapi Rapingun terkaget karena menemukan Ragen Ajeng Tien muram wajahnnya. Murih boten andadosaken kagèting manahipun Radèn Ajeng Tien. satemah nolèh ngiwa. awit sampun luwar saking bebaya. pembicaraannya Rapingunpun halus dan punya rasa b.Nanging Rapingun kagèt sumerep Radèn Ajeng Tien suntrut pasemonipun. Rapingun ingkang rumaos dados pamomong. Rapingun rumaos kegelan ing manah. Ngenalake masalah kalih masalah : Ingkang kapethik saking : “Sing koanggo ngantem Hardjana karo Suratna mau apa?” “Séndhok ban. Rapingun yang merasa menjadi pengasuh. karena sudah lepas dari bahaya. Rapingun merasa kecewa. linggih kaliyan sidhakep. kepéngin sumerep punapa sababipun déné Radèn Ajeng Tien taksih ketingal sedhih. Agar tidak membuat jengkel dihati Raden Ajeng Tien. wicantenipun Rapingun kadamel alon sarta gadhah raos anorraga. Dèrèng ngantos katog anggènipun kasaput ing méga kandel. Remang – remang cahaya menjadikan pemandangan yang indah dan tenteram di hati. maka sebaiknya segera bertanya.Menapa ingkang setunggal wau namanipun Suratna?” . kados pundi raosing manahipun. Perkenalan paraga. ingin mengetahui apa yang menyebabkan Raden Ajeng Tien masih terlihat sedih. ing pangangkah badhé pitakèn dhateng Radèn Ajeng Tien. Belum sampai tertutup dengan awan tebal. duduk dengan melipat tangan.

Pak?” “Kita seperti paham saja.” “Sésuk-ésuk baé bareng karo Tien bali menyang Parakan.” “Boten. Pak. Rap. – Wis.” “Iya. beciké ana Parakan baé.” “Inggih. Terjemahan : “Yang kamu pakai untuk bertengkar dengan Hardjana dan Suratna tadi apa ?” “Sendok ban. Rap.” “Mengko dhisik takkemulané. kula saged lan inggih seneng gesang cara griya sakit. Pak?” “Rumah sakit Magelang baé.Karo kaé Kreta didhawuhi jaga kéné. Ndara. Rap.” “Inggih. Ndara. gentos kajagi pun Kreta. Ngasoa sing kepénak. bab pangané bisa dikirim saka Kemantrèn Guron. dibawa ke dokter saja yang lebih jelas. Ndara.” “Ora. mengko nèk ana perlu apa-apa. Terjamahan : “Sebaiknya besok kamu dibawa kerumah sakit saja. – Ta! Kreta!” “Nun!” “Kowé jagaa kéné ya. Ndara.” “Dilebokaké rumah sakit ngendi. aku dhéwé sing ngeteraké.” “Wis. boten susah kintun menapa-menapa.” .” “Apa tidak bias dirawat dirumah saja. Rap.” “Bab kuwi kowé ora susah mèlu ngrembug.” “Dimasukkan ke Rumah Sakit mana. bareng dhokter rak bisa weruh terang. ya. Pak?” “Rumah Sakit Magelang saja. saiki yèn bisa turua. Mengapa ? Yang satu tadi bernama Suratna ?” c. kados sekéca manggèn ing griya sakit. Anti Klimaks : Ingkang kapethik saking : “Beciké kowé sésuk takgawa menyang rumah sakit baé. Pak?” “Awaké dhéwé mangsa ngertia..” “O.Tien rak bisa ngubetaké ta?” “Saged Bu. akan lebih baik jika dibawa ke rumah sakit. bener pratikelmu kuwi. ayo padha ditinggal.” “Iya Nonya. Bu.” Rapingun lajeng sami katilar.” “Iya. Bu.” “Apa ora kena diopèni dhéwé ta.” “Inggih. kula pancèn sampun ngantuk.

“Tidak.” “O ya benar. sumrambahipun dhateng panjenengan. Kreta panggilah kemari untuk berjaga jika nanti butuh sesuatu. sekarang tidurlah. 3.” Rapingunpun ditinggal dan dijaga oleh Kreta.Apa Tien tidak bisa mengobati ?” “Bisa. Kalih tokoh punika inggih dados paraga protagonis amargi sifatipun ingkang becik. untuk makanan bisa dikirim dari Kemantren Guron.” “Sudah. tindakan mu itu . Sebaiknya dimasukkan ke RS Parakan saja. “Mligi saking kasetyan kula dhateng Bendara Setèn sekaliyan.” “Baik Tuan. Kreta!” “Iya.” “Iya Tuan saya juga sudah mengantuk. biar aku selimutkan dulu. tidak usah repot-repot saja bisa dan lebih senang dengan cara rumah sakit.”  Tokoh pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat penceritaan.” “Iya aku sendiri yang mengantakan – Sudah.” “Besok pagi saja bersama Tien kembali ke Parakan.” “Tentang itu kamu tidak usah ikut meributkannya. juga terhadap Anda. Rap. Istirahatkan tubuhmu yang nyaman.” “Iya – Ta. Bu.” “Tidak usah nyonya. Ingkang dados tokoh pembantunipun inggih punika Radèn Ayu Asistèn .” “Iya sebentar.” “Kamu berjaga disini ya. Ing Novel kesebut inggih punika Rapingun kalih Raden Ajeng Tien amargi ing sajroning novel kasebut paraga ingkang njedul ing kabeh urutaning crita inggih punika Rapingun kalihan Raden Ajeng Tien. Bu. Bu.” Terjemahan : “Terkhusus saya mengabdi setia pada Tuan Setẽn sekeluarga. Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)  Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber crita. Ayo kita tinggal. Pak.

” “Inggih. kok dadi kaya ngono?” Terjemahan: Raden Bei Asisten dan istrinya terkaget. kalih Kreta. Kreta!” . Rap. priksa Rapingun sampun tileman boten mawi cucul panganggé. Radèn Ayu Asistèn Wedana terus ngemèk tanganipun Rapingun ingkang abuh. Ingkang kapethik saking : “Iya. kok jadi seperti itu?”  Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata. ingkang kala semanten katumpangaken ing dhadhanipun. terus murugi kamaripun Rapingun dipunetutaken Radèn Ajeng Tien. Raden Ayu Asisten Wedana mendahului. Raden Ayu Asisten Wedana menggenggam tangan Rapingun yang terluka. Wedana kalih Raden Bei Asisten ( Tokoh niki inggih dados tokoh tritagonis (Panengah)) amargi kalih paraga niku njedul sakedhik ing novel inggih punika Radèn Bèi Asistèn sakaliyan kagèt. Terjemahan : “Iya – Ta. a. nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan. Ing novel kasebut ingkang dados tokoh figuran inggih punika Hardjana. Rap. Ingkang kapethik saking : “Sing koanggo ngantem Hardjana karo Suratna mau apa?” Terjemahan : “Yang kamu pakai untuk bertengkar dengan Hardjana dan Suratna tadi apa ?” b.. Suratna. gentos kajagi pun Kreta. dumugi kamaripun Rapingun lajeng ngungalaken dilahipun téplok.Radèn Ayu Asistèn Wedana ngrumiyini.” Rapingun lajeng sami katilar. dan menghampiri kamar Rapingun yang diikuti oleh Raden Ajeng Tien. Ndara. lalu menaruhnya didadanya dan bertanya “Bagaimana bisa. kaliyan gugup pitakèn: “Kepriyé ta. sesampainya dikamar Rapingun langsung menyalakan lampu minyak melihat keadaan Rapingun yang sudah merebahkan diri dan belum mengganti pakaiannya tadi. – Ta! Kreta!” “Nun!” “Kowé jagaa kéné ya.

Kamaripun Rapingun saget dados latar panggonanipun novel ….” “Kamu berjaga disini ya. Ning njobo ( boten ing omah) “Mangké dumugi ndalem. 4.” “Baik Tuan. latar panggonan. “Iya.  Latar wektu : yaiku wektu kang digambarake nalika paraga paraga ngalami kedadean kedadeyan ing panggung. bahwa tangan kanan saya terkena slinger.” .sesampainya di kamar Rapingun langsung menyalakan lampu minyak….. yaiku latar wektu. 2. Terjemahan : Sinar bulan yang menjadi penerangan di malam hari bagi dua sejoli  Latar panggonan : Yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake. Latar Utawa Setting Latar utawa setting diperangake dadi telu. anda akan berkata kepada ayah dan ibu. Latar wektu ingkang kajupuk saking novel iki inggih punika latar wektu bengi.. 1.” Rapingunpun ditinggal dan dijaga oleh Kreta. panjenengan matur dhateng ingkang rama saha ingkang ibu. lan latar swasana.” Terjemahan : “Nanti sampai rumah. Saking pethikan novel : Soroting rembulan ingkang dados coloking dalu kados ngarih-arih nènèman kekalih wau. bilih tangan kula tengen kénging slinger. dumugi kamaripun Rapingun lajeng ngungalaken dilahipun téplok…… Terjemahan : …..

linggih kaliyan sidhakep. satemah nolèh ngiwa. tuladhane : udan gerimis . tuladha : murka. Saking pethikan : Dèrèng ngantos katog anggènipun kasaput ing méga kandel.Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga. .Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga. Terjemahan : Belum sampai tertutup dengan awan tebal. saat menoleh kekiri. linggih kaliyan sidhakep. Sudut Pandang : Ing ndeleng amba punika penulis cara novel marang crita utawa titik tampilan saka penulis ing nggawa crita kang. swara jangkrik lagi ngerik (bengi). Sudut pandang ingkang dikagem pangripta novel inggih punika wong katelu maha tau amargi pangripta ngaggem jeneng tokoh-tokoh lan saget nggambaraken pikiran tokoh.Nanging Rapingun kagèt sumerep Radèn Ajeng Tien suntrut pasemonipun. kados pundi raosing manahipun. Tetapi Rapingun terkaget karena menemukan Ragen Ajeng Tien muram wajahnnya. Sudut pandang bisa nggunakake wong pisanan. seneng. Ing novel niki swasana ati nipun saking Raden Ajeng Tien saking : Nanging Rapingun kagèt sumerep Radèn Ajeng Tien suntrut pasemonipun. duduk dengan melipat tangan. nesu.  Latar swasana : Latar swasana di perangake dadi loro yaiku : . . Rapingun merasa kecewa. Terjemahan : Tetapi Rapingun terkaget karena menemukan Ragen Ajeng Tien muram wajahnnya. duduk dengan melipat tangan. ing pangangkah badhé pitakèn dhateng Radèn Ajeng Tien. was was. wong liya utawa wong katelu. Rapingun rumaos kegelan ing manah. 5. ingin bertanya pada Raden Ajeng Tien seperti apa perasaannya.

7. ingkang kapethik saking : “Mligi saking kasetyan kula dhateng Bendara Setèn sekaliyan. amargi saya keraos-raos manahipun. Gaya Bahasa : Gaya basa kanggo nggunakake basa dening penulis ing novel. sumrambahipun dhateng panjenengan.” Dengan begitu airmata Rapingun semakin deras keluarnya. Amanat : Amanat yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton. “Lemesing manah kula boten saking kirang saéning lampahipun rah. Terjemahan : Raden Bei Asisten lalu memijat mijat tangan sebelah kiri Rapingun. Ingkang dipun kaggem ing novel kasebut inggih punika hiperbolis saking pethikan Radèn Bèi Asistèn lajeng nggrayangi ugel-ugelipun Rapingun ingkang kiwa. karena perasaannya yang juga semakin tersentuh. Ndara. “ Lemasnya saya bukan dari kurang lancarnya peredaran darah saya.” “Lah saka apa?” “Saking kawraten nampèni sih panjenengan ingkang samanten agengipun.6. badhé sumerep lampahing erah.Lah kuwi wis pantesé saiki kowé takpasrahi ala beciking awakku.” “Aku ngandel. untuk memperlancar peredaran darahnya. Amanat ingkang saget dipunjupuk saking novel kasebut inggih punika kabecikan ingkang didamel wong tuwo menehi kabecikan dingge putro-putrinipun. Tuan” “Lalu dariapa?” “ Sampai begitu berat menerima kebaikan hati tuan pada saya.”Wicanten makaten punika luhipun Rapingun saya deres wedalipun.” .

” “Aku percaya. Komunikatif ipun saget dipuntinggali dening Rapingun cedhak utawa dipun anggep kaluwarga dening kaluwarganipun Bendara. amargi caranipun Rapingun komunikasi ingkang sopan kalih santun. Tokoh Rapingun inggih nduweni sipat ingkang kerja keras ( ngantemi kangge njaga Raden Ajeng Tien).Terjemahan : “Terkhusus saya mengabdi setia pada Tuan Setẽn sekeluarga.” UNSUR PENDIDIKAN Unsur pendidikan ingkang wonten ing novel inggih punika  Kerja keras  Bersahabat/Komunikatif  Tanggungjawab Unsur – unsur kasebut dipun peranaken dening Rpingun. maka dari itu sudah sepantasnya saya memasrahkan baik buruknya diriku untuk mu. tokoh ingkang tanggungjawab dhateng bendaranipun ( jaga putrarnipun bendara inggih punikaRadeng Ajeng Tien). . juga terhadap Anda.