You are on page 1of 9

Jaka Tarub

dalam Bahasa Jawa

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan
putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih
menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati
kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken
kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak
wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana
kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada subuh supados
konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten
angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu
lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana.
Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka
Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka
Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning
tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking
pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.
Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu
menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang
sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari
menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika
Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan
satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar
rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun
caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub,
widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka
Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang
Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-
manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen
Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa
amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan
punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados
satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun
kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang
Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan.
Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh
kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan.
Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados
widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan
boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan
nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun
Nyi Roro Kidul.

=================================================================
Keong Mas
dalam Bahasa Jawa

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang
pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo
nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing
sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake
marang Gusti Kuasa. Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis
saking prahara punika.
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh
cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon Cahya apa kuwi,
kok cumlorot kaya emas ? banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining
keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan
ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk
krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing
emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe.
Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing
ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak
panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka
genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?
Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.
Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin
Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab,
Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton
Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika
kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu
nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku
anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di
dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa
kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor
kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget
amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba
Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni
Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi
Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan
deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga
agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
ASAL-USULIPUN RAWA PENING
Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa,
Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan
endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking
guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun
nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.

Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar
pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa,
piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging
amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados
ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.

Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso


ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar


Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya
lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang
bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes,
saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih
tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun
ngawon-awon.

Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa
dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki
Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.

Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan
ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika
dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem
malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.

Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng
klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi
Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged
manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya.
Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.

Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken


papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak
sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.

Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-
manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang
ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar
Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.

Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki
Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar
menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru
Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng
Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen
Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.

Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika
boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu.
Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak
brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa
dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng
mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun
boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki
Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.

Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa
menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka
ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat.
Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, pratelane Ki
hajar.

Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud
tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi
sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana.
Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken
putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun
ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.

Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah
satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun
mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga
ingkang nama Baru Klinthing.

Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru


Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging
reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging
dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening
mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka
kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung
mbekta enthong lan sangu saprelunipun

Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi
nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten
ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-
setunggala ingkang saged.

Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-
kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.

Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados
redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi
lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa
bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.
Kedadean Banyuwangi

Ing jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang Raja lan Permaisuri ingkang sami-sami
tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras engkang ayu lan gemati
dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening garwanipun. Wonten
sawijining dinten, Raja nduwe pangangkah kesah datheng ngalas konjuk berburu menjangan
utawi sangsam. Raja banjur bidhal kanti rencangi para pengawale.

Saksampune dangu wonten ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah
sanget nalika ningali Raja kondur.

Permaisuri caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wonten tami saking
keraton sanes.

Nanging nalikaning Raja badhe memoni tamu punika, dumadakan Raja mireng menawi
tamu kesebat akrab sanget dening Permaisuri. Kedadean menika anggawe Raja duka uga
cemburu lan nuduh Permaisuri sampun selingkuh kaliyan tamu punika. Permaisuri mitadosaken
Raja menawi punika mboten leres.

Nanging Raja tetap mboten percaya marang Permaisuri. Sinambi nangis banjir eluh
Permaisuri criyos:

Rama, kula kersa mbuktikaken menawi kula mboten salah, Kula badhe nyemplung
wonten kali

wingking keraton, menawi mangke toya kali punika mambu busuk, nandake tuduhan Rama
dateng kula

menika leres. Nanging, menawi toya kali punika wangi, nandake tuduhan dening kula
mboten leres, wilujeng tilar Rama. Sakwise kedadean kesebat, kali panggen tilaripun
Permaisuri punika dipunsukani nami BANYUWANGI
BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH

Bawang Putih yaiku bocah wadon kang wis ora duwe bapak lan ibu. Deweke urip karo ibu
tirine sing duwe anak wadon kang umure padha karo Bawang Putih. Saben dina Bawang Putih
dikongkon nyambut gawe sing abot-abot, umpamane ngangsu nyang sumber sing jarake adoh
seko omah.

Kosok baline si Bawang Abang ora tau dikongkon ngrewangi ibune. Gawean sing
gampang, umpamane makani ayam, nyapu latar, ngguwang resak, kabeh kudu ditindakne
Bawang Putih, padahal Bawang Abang ora nyambut gawe opo-opo.

Bawang Putih ugo dikongkon golek kayu bakar kanggo masak. Nanging Bawang Putih ora
tahu ngresula. Bawang Putih nglakoni urip kanthi tabah, sanajan ibu tirine ora adil. Amargo
saben dina nyambut gawe mula awake Bawang Putih katon seger lan singset. Rupane ayu tur
kulite resik.

Bawang Abang saben dina gaweane mung dandan lan mangan. Bawang Abang ora trima
yen kalah ayu lan kalah menarik tinimbang Bawang Putih.

Sak wijining dina, Bawang Putih dikongkon ngumbahi ana ing kali. Sak suwene umbah-
umbah, Bawang Putih dibantu karo iwak emas ajaib. Saben klambi sing reget dicelupne ana ing
kali langsung resik. Mulane Bawang Putih cepet rampung anggone umbah-umbah.

Ngerti yen olehe ngumbahi cepet rampung, ibu tirine dadi curiga. Terus ngakon si Bawang
Abang ngetutke Bawang Putih nek umbah-umbah.

Liya dina Bawang Abang, kandha karo ibune yen arep ngumbahi menyang kali. Nanging
sak temene mung arep nyekel iwak mas ajaib sing gawene ngewangi ngumbahi Bawang Putih.
Bareng wis dicekel, iwak mas kuwi banjur digawa mulih lan digoreng karo ibuke.

Sak banjure iwak mas goring mau dipangan Bawang Abang lan ibune, nganti meh entek.
Sing diturahke mung endas karo balung erine. Nanging Bawang Putih ora gelem mangan, malah
turahan kuwi dikubur ana ing latar omahe. Ora suwe, papang sing dingo ngubur mau tuwuh
tanduran sing wujud kembang sing elok rupane.

Sak wijining dina ana Pangeran sing liwat ing sak ngerepe omahe Bawang Putih. Banjur
Pangeran mau mudun seko jarang lan takon sapa sing nandur kembang kuwi. Bawang Abang
ngaku yen deweke sing nandur. Pangeran mau malah gedeg, nandakake yen dudu Bawang
Abang sing nandur. Sejatine Pageran wis ngerti sing nandur kuwi Bawang Putih. Mulane
Bawang Putih diboyong menyang kerajaan arep didadekne garwane.