You are on page 1of 4

IRAH-IRAHAN : LUTUNG KASARUNG

PARAGA :
1. Raja Tapak Agung
2. Purbararang
3. Purbasari
4. Lutung kasarung
5. Ibu
6. Dayang
Ing satunggaling dinten, wonten satunggal kaneman ingkang sesilih Sanghyang Guruminda.
Piyambakipun kepengen madosi jatuh kramanipun ingkang saget nampi piyambakipun napa
wontenipun lan badhe dipundadosaken garwa. Piyambakipun nyuwun pirsa kaliyan
ibunipun supados saget maringi margi ingkang sae.
Lutung : “Bu, kados pundi kula madosi jatuh kramanipun kula ingkang saget
nampi kula napa wontenipun?”
Ibu : “Kepriye Nak, yen umpamane Ibu ndadeke praupamu memba dadi
lutung?”
Lutung : “Napa, Bu? Lutung? Lajeng praupa kula ingkang bagus niki bakal
dados awon.”
Ibu : “Ya kudu ngono supaya sliramu bisa nggoleki wong sing seneng tulus
apa anane marang sliramu.”
Lutung : “Sak sampunipunkula dados lutung, kula kedang gesang wonten pundi?”
Ibu : “Budhala sliramu nang alas lan mapana nek kana.”
Lutung : “Nggih sampun, kula mituhu punapa ingkang dados dhawuhipun Ibu.”
Wusananipun Sanghyang Guruminda dipunewohi dados lutung kaliyan ibunipun. Lajeng si
Lutung kesah wonten ing wana lan gesang wonten ing mrika.
Lutung : “Sauntara iki, aku urip nang kene wae. Becikke yen aku gawe gubuk
ndisik.”
Sinareng wekdal ingkang sami, Ing salah satunggaling kraton wonten ing Jawa Barat.
Wonten ing kraton punika dipunpimpin kaliyan Raja ingkang agung lan wicaksana ingkang
asmanipun Raja Tapak Agung. Raja Tapak Agung gadhah putri pitu. Ananging gangsal
putrinipun sampun gadhah garwa lan mapan wonten ing kraton garwanipun piyambak-
piyambak. Kaleh putrinipun Raja ingkang sesilih Purbasari lan Purbararang dereng gadhah
garwa saengga taksih mapan wonten ing kraton menika. Wonten ing wekdal punika wonten
kedadosan pasewakan agung kangge nemtokaken sinten ingkang badhe anglajengaken
nglenggahi dados pusaraning Raja Tapak Agung. Sang Raja paring sabda bilih ingkang
badhe ngglantosi minangka dados gantosipun Raja nggih punika putrinipun ingkang kinasih
nggih menika Purbasari. Salah satunggaling putrinipun ingkang sesilih Purbararang mboten
nyarujuki dhawuh sabda ramanipun.
Raja Tapak Agung : “Kanjeng rama iki wes sepuh lan kanjeng rama mbutuhake sing
nggentos ingkang kedah entuk sing bisa nggawe kraton iki luwih apik.”
Purbararang : “Kanjeng rama mboten sisah penggalih ingkang amrat kangge pados
tiyang ingkang nggentosi kanjeng rama, amargi ing mriki sampun wonten kula ingkang
pantes dados ratu wonten ing kraton menika.”
Raja Tapak Agung : “Ya apike sing dadi ratu yaitu Purbasari ae.”
Purbararang : “Napa? Kanjeng rama menapa ingkang parikedah dados ratu punika
Purbasari? Kanging menapa kok mboten kula kemawon? Kula lak nggih langkung pantes
dados ratu tinimbang Purbasari.”
Purbasari : “Inggih kanjeng rama, Kanda Purbararang langkung pantes dados ratu
tinimbang kula.”
Purbararang : “Purbasari kemawon ngakeni mboten pantesipun dheweke kagem
dados ratu.”
Raja Tapak Agung : “Nanging ora ngunu, ora luwih apik yen adimu, Purbasari wae sing
nerusake nyekel pusaran ing adil kanjeng ramamu sing wis sepuh iki?”
Purbararang : “Kanjeng rama mboten adil, kula serik kaliyan kanjeng rama.”
Raja Tapak Agung : “Mengko sek Purbararang, apike yen kanjeng rama menggalihake.”
Purbararang : “Nggih. Kula tengga dhawuh pangandikanipun kanjeng rama
saklajengipun.”
Dinten salajengipun, Raja Tapak Agung ngawontenaken pasewakan agung malih
Raja Tapak Agung : “ Putri-putriku, Kanjeng rama wis nemtokake marga kanggo ngudari
perkara iki yaiku salah siji antarane sliramu kabeh sing bisa dadi ratu kudu bisa nyembadani
pamundhutku.”
Purbararang : “Cobi syarat sarana menapa ingkang kanjeng rama kersakaken.”
Raja Tapak Agung : “Kanjeng rama arep nunjuk salah siji antarane sliramu kabeh sing dadi
ratu yen sliramu kabeh wis nemokake calon garwa sing pantes njajari dadi ratu.”
Purbararang : “Namung menika syarat sarananipun saking kanjeng rama?Nggih
sampun kados pundi syarat sarana saking kanjeng rama temtu kula ingkang saget ngungguli.”
Raja Tapak Agung : “Becike ngono, piye karo kuwe Purbasari?”
Purbasari : “Menawi gusti ingkang murbeng dumadi ngersakaken, Mangka kula
saget dados Ratu, Nanging mbok bilih gusti mboten ngersakaken, kula badhe nampi lila lan
legawa.”
Kangge menangaken syarat sarana ingkang dipundhamel kaliyan kanjeng rama,
Purbararang nyobi dhamel cilaka lan nyelong Purbasari saking kraton.
Purbararang : “Aku kudu bisa nyingkirake Purbasari saka kraton iki supaya Purbasari
ora bisa menangake syarat sarana sing dipundhawuhaken kanjeng rama.”
Lan wusananipun Purbararang nemokake margi kangge nyingkirake Purbasari.
Piyambakipun ngutus Dayang kangge menehi bubuk gatel wonten ing wedhakipun
Purbasari supados pasuryanipun Purbasari dados rusak lan malih awon praupanipun.
Purbararang : “Dayang, tulung delehana bubuk ini ning wedhake Purbasari!”
Dayang : “Nanging kanjeng putri, menika bakal njalari bebayanipun kanjeng
putri Purbasari.”
Purbararang : “Yen kuwe ora mituhu reh printahku, kuwe bakal tak tokake saka
kraton iki.Nanging yen kuwe gelem, bakal tak wenehi bebungah koin emas.Piye gelem apa
ora?”
Dayang : “Nggih, Kanjeng kula purun.”
Wusananipun dayang bidhal menyang kamaripun Purbasari kangge ngaturake dhaharan
lan uga maringi ingkang diparingi kaliyan Purbararang. Nanging nalika dayang medhal
saking kamaripun Purbasari, kasunyatanipun Purbasari mangertosi Dayang medhal saking
kamaripun.
Purbasari : “Apa sing kok tindakake ning kamarku, Dayang?”
Dayang : “Nyuwun pangapunten kanjeng putri, kula namung ngaturaken
dedhaharanipun kanjeng putri.”
Purbasari : “Ya wes, Maturnuwun, Dayang.”
Dayang : “Nggih, sami-sami kanjeng.”
Sonten dintenipun saksampunipun siram, Purbasari ngagem wedhak ingkang sampun
dipunaringi bubuk gatel kaliyan Dayang. Sekedap saksampunipun Purbasari ngagem
wedhak punika, piyambakiun kraos gatel-gatel lan pasuryanipun warnanipun abrit.
Purbasari : “Ana apa ambek rupaku iki? Rasake kok panas lan gatel.”
Pasuryanipun Purbasari dados awon lan wusananipun Purbasari dipunusir saking
kraton amargi penyakitipun saget nular.
Purbararang : “Dinda, kenapa praupamu bisa dadi kayak ngono?”
Purbasari : “Kula mboten ngertos kanda. Sekedap saksampunipun kula ngagem
wedhak, praupanipun kula dados gatel.”
Purbararang : “Becike kuwe lunga a saka kene supaya penyakitmu ora nular nek
wong akeh.”
Purbasari : “Napa, kanda?”
Purbararang : “Wessah iki kanggo kabecikan wong akeh, Dinda.”
Purbasari : “Nggih sampun, Kanda. Kula purun kesah saking mriki.”
Wusananipun wonten ing tengahipun dalu. Purbasari tumuju wonten ing wana. Wonten
ing wana, Purbasari pinanggih kaliyan Sanghyang Guruminda kang sampun memba dados
Lutung. Purbasari ajrih kaliyan Lutung punika.
Purbasari : “Sapa kuwe? Lan laopo kuwe nang kene?”
Lutung : “Lerema mboten usah ajrih, Putri. Kula namung Lutung ingkang
nembe pados jatuh krama.
Purbasari : “Oh ngono.”
Lutung : “Kanging menapa kalian pasuryanipun panjenengan?”
Purbasari : “Aku ora ngerti.”
Lutung : “Nggih sampun, menika sampun dalu. Becikipun panjenengan sare
wonten mriki. Mbenjang enjing kula nganteraken panjenengan tumuju ing panggenan
ingkang saget ngusadani pasuryanipun panjenengan.”
Purbasari : “Maturnuwun sanget, Lutung.”
Lutung : “Nggih, sami-sami.”
Enjing salajengipun, Lutung nganteraken Purbasari tumuju ing danau ingkang
toyanipun saget ngusadani penyakitipun Purbasari.
Lutung : “Mangga, Putri, kesah kaliyan kula.”
Purbasari : “Nggih, Lutung. Mangga..Mangga”
Wusananipun saksampunipun Purbasari siram wonten in danau punika, pasuryanipun
Wangsul kados asalipun.
Purbasari : “Praupanku wes mbalik meneh. Maturnuwun, Lutung!”
Lutung :” Panjenengan ayu sanget.”
Purbasari : “Maturnuwun, Lutung.”
Wusananipun Purbasari kesengsem kaliyan Lutung punika. Salajengipun Purbasari
badhe ngajak Lutung kangge sowan wonten ing kraton supados manggihi Kanjeng
ramanipun.
Purbasari : “Tung-lutung napa kuwe gelem melu aku ning kraton kanggo dadi
pasanganku?”
Lutung : “Napa pangandikan panjenengan? Mboten klentu, Putri? Napa putri
mboten njijik kaliyan praupan kula?”
Purbasari : “Ora tung, aku nerima awakmu lila legawa sing awujud kethek iki.”
Saklajengipun Purbasari lan Lutung sowan wonten ing kraton kagem manggihi
Kanjeng Rama, Ananging kanjeng ramanipun sampun seda wekdal Purbasari wonten ing
wana.”
Purbasari : “Kanda, wonten pundi kanjeng rama?”
Purbararang : “Napa kuwe ora reti, Dinda? Kanjeng rama sampun seda.”
Purbasari : “Napa, kanda?Kanjeng rama seda? Kanging punapa Kanjeng rama
saget seda?”
Purbararang : “Kanjeng rama gerah amarga ana berita yen kuwe wes ora ana. Lha
sapa sing ning sampingmu iku?”
Purbasari : “Menika calon garwa kula, kanda. Asmanipun Lutung.”
Purbararang : “Apa? Pasanganmu awujud Kethek? Coba deloken pasanganku iki,
dewekke luwih becik tinimbang pasanganmu kuwi.”
Purbasari : “Ananging kula tetep tresna marang piyambakipun, amargi
piyambakipun nggadahi sifat ingkang sae. (Kaliyan ngelus-elus Praupanipun Lutung)
Sak menika ugi Lutung wangsul praupanipun kados asalipun. Dados si Sanghyang
Guruminda sampun manggihi jatuh kramanipun yaiku Purbasari.
Purbararang : “Wah bagus tenan pasanganmu kuwi, Dinda.”
Purbasari : “Wah nggih, niki bener Lutung?”
Lutung : “Nggih, Putri nami kula Sanghyang Guruminda ingkang njelma dados
manungsa amargi pengen madosi jatuh krama.
Wusananipun Purbararang ngrestui bilih adinipun, Purbasari luwih pantes dados ratu
anglajengaken Raja Tapak Agung.
Purbararang : “Dinda sliramu luwih pantes dados Ratu. Sakdurunge aku njaluk sepura,
bilih sing marai praupamu elek iku aku. Aku ngongkon Dayang supaya menehi bubuk gatel
nang wedhakmu.”
Purbasari : “Panjenengan, Kanda?
Purbararang : “Iya, Dinda.”
Purbasari : “Nggih sampun mboten napa-napa kanda. Panjenengan sampun
kula sepurani.”
Purbararang : “Maturnuwun, Dinda.”
Wusananipun Purbasari dados Ratu wonten ing kraton lan krama kaliyan
Sanghyang Guruminda. Piyambakipun sedaya rahajeng ing gesang