You are on page 1of 2

Assalamu'alaikum Warohmatullahhi Wabarokatuh.

Alhamdulillahi Rabbil 'Alamin Wabihi Nasta'in Wa'ala umuriddun Ya waddin. Wa'ala


Alihi Washohbihi Azma'in. Allahumma Sholli 'Ala Sayyidina Muhammad, Wa'ala Ali
Sayyidina Muhammad.

Labbaikallahumma Labbaik... Labbaikalasyariiiiikalaka labbaik....Innal Hamda,


Wanni'mata laka Wal Mulk Lasyari Ka Lak.

Hadrotal Muhtaromin Para 'Alim Ulama' ingkang kawula patuhi sedaya dawuh-
dawuhipun.
Para Pangembaning Praja Satriyane Nagari Ingkah satuhu dahat kinurmatan. Wabil
Khusus dumateng Bapak Kepala desa lan sak perangkatipun sedaya. Ingkang Kula
hormati Bapa .... / Ibu ..... (Calon Haji) Ingkang dipun Mulyaaken dening Allah
SUbhanahu Wata'ala. Hadirin wal hadlirat Rahima Kumullah.

Ing ngriki kawula kumawantun ngadek wonten ngarsa panjenengan sami, Hanamung
mundi dawuh panjenenganipun Bapa .... / Ibu .... (shohibul Bait). Supados ngayahi
jejibahan nglumataraken adicara wonten ing enjang punika. Para Bapak saha para
ibu , hadirin wal Hadirat Rahima Kumullah.

Kepareng kulo maosaken rantapaning adicara ingkang bade kalampah wonten ing
enjang punika
Adicara ingkang angka setunggal nuninjih pambuka.
Dipun lajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur'an.
Adicara ingkang angka tigo, sambutan shohibul Bait.
Adicara sak lajengipun inggih punika, Mauidloh Hasanah dipun tutup kaliyan do'a.
Ingkang sak lajengipun inggih punika pemberangkatan Calon Haji ingkang sak mangke
dipun Purwakani kaliyan adzan lan Iqomah.

Hadirin Wal Hadirat Rahima Kumullah.


Mangga sesarengan kito bikak adicara wonten ing enjang punika kathi waosan Ummul
Kitab Suratul Fatihah. 'Ala Hadihinniyah Bi Sirril Faaatihah.....

Dungkap reruncining adicara saklajengipun inggih punika Waosan Ayat Suci Al Qur'an,
Ingkang bade dipun sarirani kadang Kula kang Mas Bagus ..... (Asmane ingkang Qori').
Wekdal saha panggenan sak wetahipun kawula sumangga aken. (sak bakdane qori
dipun lajengaken)

Shodaqollahul 'Adhim. Shadaqollahul Adhim. Mugi Mugi, Waosan Ayat Suci Al-Qur'an
Kala Wau bekta berkahing Majlis wanten ing enjang punika. Amin Ya Rabbal 'Alamiin.

Adicara sak lajengipun Sambutan saking Shohibul Bait Ingkang bade pun sarirani
panjenenganipun Bapa .... (wakil tuan Rumah). Wekdal saha panggenan kawula
aturaken, sumonggo! (sakbakdane sesorah nembe dipun lajengaken.)

Adicara sak lajengipun inggih punika Mauidlah Hasanah. Wanten ing enjang punika
bade dipun wedar panjenenganipun Rama K.H. ....... (Dipun isi asmane Kyai). Wekdal
saha panggenan kawula aturaken sumongga.!

Hadirin Wal Hadirat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Subhanahu Wata'ala.
Adicara ingkang terakhir inggih punika Pemberangkatan Calon HAji . Kawula aturi
Bapa .../ Ibu .... (asmane calon Haji). Saha sedaya ingkang hadir
Jumeneng sakwetawis. (jeda, menawi sampun sami jumeneng, nembe dipun
lajengaken)

Wanten adicara pemberangkatan Haji punika dipun purwakani kanti kumandanging


Adzan Lan Iqomat. Ingkang bade dipun Kumandangaken kadang kula ....... (asmane
ingakang bertugas) . Dumateng kadang kulo ....... (ingkang dipun tugasi adzan lan
iqomat). Wekdal saha panggenan Kawula aturaken.

Mangga bapa ..../ Ibu .... (asmane calon haji) kepareng nyuwun pamit, salam
perpisahan dumateng sedaya hadirin. (MC : Labbaikallahuma labbaik,
labbaikalasyarikalaka labbaik, innal hamda wanni'mata laka wal mulk lasyari kalak,
secukupnya sampai Calon haji berangkat)

Menawi wonten sasar sarune tembung ingkang mboten mahanani wonten ing manah
panjenengan sedaya, kula ngaturaken gunging samudra pangaksama. Billahi Taufik
Wal Hidayah, Warridlo Wal Inayah,..

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

You might also like