You are on page 1of 4

Kancil Karo Monyet

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem
lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-
dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane
Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis
dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi
sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring.
Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi
asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh,"
jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing
maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo
Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine
marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging
Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet,
bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik
rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik,
kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong
Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut
ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang
siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada
karepe dewe-dewe.

KANCIL KARO MONYET

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine.
Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe
drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil
wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo
ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut
roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye...
koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise
diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel
dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti
rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni
roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu
brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip
pada karepe dewe-dewe.
Kucing Sing Pinter Ngalembana
Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune
mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging
empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara
supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani,
lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal
saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora
tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging
dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale
bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan
kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning
tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku
dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi
sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme
arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek
sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi
Kucing kang rupane mranani kuwi.
KUCING SING PINTER NGALEMBANA

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning
pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing
dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi
modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa
ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit
cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng
wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku
ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora
ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben
tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi.
Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau,
banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.

You might also like