You are on page 1of 2

Hari Pendidikan Nasional Nuwun, Kasugengan, ketentreman, tuwih karahayon mugi tansah sumambrah ing saranduning angga kita

sami. Sakderengipun mangga kula derekaken manungkupuja ngunjukaken puji syukur ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampu paring kerohmatan, hidayah saha inayahipun saengga saged makempal wonten ig acara pangetan Hari Pendidikan Nasional ingkang kita pangeti saben tanggal 2 mei. Para siswa sutresna, tema Hari Pedidikan Nasional taun iki yaiku Membangun Martabat bangsa lewat Pendidikan lan Karya Nyata. Tema iki pantes diangkat kanggo njaga arumig bangsa lan negara Indonesia. Luwehluweh ing wektu-wektu iki sansaya akeh pawongan sing wani wirang, ora wedi isin, nerak anggering tata, adoh ing kasusilaan wani lan nerak kautaman. Mula saka iku pamarintah tansah mbudidaya ndandani sistem pendidikan sing wis ana. Sistem pendidikan saiki ora mung nengenake kecerdasan intelekual wae nanging uga keterampilan lan budi pekerti sing mulya. Ayo padha disengkuyung bebarengan. Saiyen saeka praya. Dadia generasi mudha sing di idham-idhamake bangsa lan negara yaiku para mudha sing landhp pikire, trampil lan luhur budi pekertine. Paa siswa agul-agule bangsa lan negara Indonesia, kaya ora ana alane manawa kita nulad marang perjuangane para pahlawan, khususe pahlawan pendidikan. Salah sawijne pahlawan pendidikan sing dikukuhake dadi bapak pendidikan indonesia yoiku Ki Hajar Dewantara, sing nalika tumur kagungan asma RM. Suwardi Suryaningrat Panjenenganeisih thedaking kusuma rembesing madu (isih keturunan bangsawan) anangin tansah aduweni kawigetan kang gedhe kanggo para kawula. Wiwit cilik, panjenengane nduweni semangat mekatar-mekatar kanggo ngundi kepinteran, nggladhi keterampilan, nyinau agama lan uga agleluri budaya. Sanadyan darah bangsawan RM. Suwardi ora wigih-wigih berjuang kanggo rakyat khususe bidang pendidikan. Kamangka bidang pendidikan wektu iku tansah dilarang, dialang-alangi dening pemerintah Kolonial balanda. Suwardi ora peduli. Tekade siji minterake para kawula lan bangsa, dhidik rakyat supaya ora diini marang bangsa manca. Para siswa idham-idhamane bangsa, gegebengane Nuswantara. Saiki kita wis mardika, kesempatan uga tinarbuka. Ayo cancut taliwanda ndandani kakurangan, ngoyak ketinggalan. Ayo padha nambah greget ngudi kawuruh,

nyinau kebudayan, ngasah budi pekerti lan ngandelake iman keagamaan. Kecerdasan otak kanan, alusing budi pekerti otak kiwa, serta teguhing budi pekerti ing sanubari bisa kanggo ngadhepi pengaruh era global sing ngedabedabi. Kita kudu kukuh aja gampang keseret marang kanisthan. Generasi mudha kudu kuwat lan duweni martabat. Aja gelem didikte, dina lan di dikendhaleni dening bangsa liya. Sateruse ayo padha golek angusing murwat kanggo makarya murih majune bangsa lan negara. Ayo berjuang mbangun martabate bangsa lumantar pendidikan lan karya-karya nyata. Dak kira cukup semene andaran saka ibu muga-muga atilar, semangate para putra bisa tinarbukalar Gust kang mubeng Dumadhi Muga tansah ngijabahi. Makanten ingkang saged kula andaraken, mugi-mugi wonten manfaatipun. Jenang sela wader kali sesonderan, apuranta menawi wonten lepet kawula. Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun ngapunten. Nuwun

You might also like