You are on page 1of 11

CERKAK

(Cerita cekak)

Pangertene Crita Cekak


Cerkak yaiku wacan sing klebu crita narasi
kang ngandharake sawijining prastawa
utawa kadadean kang nyata utawa fiktif.
Sajroning cerita cekak iku ana kadadean,
ana paraga, ana masalah, lan ana wektu
kadadean.
Titikaning Cerkak yaiku:
a. Reroncening crita mung siji
b. Perwatakan digambarake kanthi cetha
c. Prastawane mung siji
d. Naratif/urut

Unsur Crita Cekak


Cerkak iku awujud karya sastra, mula
ing sajrone ana unsur-unsur
pandhapuke.
Unsur-unsur crita cekak kasebut
kabedakake dadi:
1. unsur intrinsik (unsur ing njero)
2. unsur ekstrinsik (unsur ing njaba)

Unsur Intrinsik
1.

Tema
yaiku gagasan baku kang dadi underane prakara crita.
Tuladhane : kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan.
2. Latar/Setting
yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita. Papan bisa
ana ing pasar, kantor. Wektu bisa awan, bengi, esuk, sore.
3. Punjering Crita/Sudut Pandang
sudut pandang yaiku posisine pangripta ing crita utawa carane
pangripta nyritakake isine crita.
4. Alur/Plot
yaiku urut-urutane kadadeyan ing crita saka wiwitan nganti
pungkasan.
a. Alur maju : Alur sing nyritakake kahanan saiki kanthi sateruse
b. Alur mundur : Alur sing nggambarake kahanan saiki
diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.

5. Penokohan

nggambarake karakter kanggo paraga, bisa


dimangerteni saka tumindake, ciri fisike.
tuladhane protagonis, antagonis, tritagonis.
6. Konflik
perkara kang dadi punjere crita.
7. Amanat
yaiku piweling utawa piwulang luhur kang
kakandhut ing sajroning crita, kang arep
diwenehake pangripta marang pamaca.

Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang
mbangun cerkak saka sanjabane cerkak.
Kang mangaribawani dianggite sawijining
cerkak saka unsur ekstrinsike yaiku:
a. Agama
b. Ekonomi
c. Sosial
d. Pendhidhikan
e. Budaya

Nilai-nilai kang kamot sajroning


cerkak
1. Nilai Budaya
2. Nilai Sosial
3. Nilai Moral
4. Nilai Religius/keagamaan
5. Nilai pendidikan
6. Nilai Estetis/keindahan
7. Nilai Etika
8. Nilai Politis
9. Nilai kemanusiaan

Sinopsis
Yaiku ringkesan crita saka alur kang
dawa dadi cekak nanging bisa
njlentrehake crita sakabehe.
Sinopsis bisa kagawe kudu nggatekake:
tema, latar, alur lan penokohan.
Ancasing sinopsis yaiku menehi
gambaran ringkes ngenani sawijining
crita cekak.

Carane gawe sinopsis, yaiku:


1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan
umum penulis
2. Nyathet gagasan umum kanthi nggarisi ngisor
gagasan sing wigati.
3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan utama kaya
dene sing dicathet sajrone cara kapindho.
4. Gunakna ukara sing padhet, efektif, lan narik
kanggo ngrangke alur crita dadi sawijining
karangan cekak kang nggambarake karangan asli.
5. Dhialog lan monolog tokoh cukup ditulis isi utawa
garis besare wae.
6. Sinopsis ora antuk nyimpang saka alur crita lan isi
saka sakabehing karya sing asli.

Gladhen Kelompok
1. Jlentrehna unsur-unsur kang mbangun
crita cekak!
2. Temtokna pitutur kang ana ing
sajroning crita cekak!
3. Gaweya sinopsis sajroning crita cekak!
Kagawe kanthi power point saben
saklompok lan dipunpresentasikaken!
Sugeng Makaryaaaaa....

You might also like