You are on page 1of 24

BASA JAWA

ASMA ANGGOTA :
 ATIKA WIDYA VASHTI
 EDI JAYA KUSUMA
 INTAN DWI SAFITRI
 JUMIATI NOVITASARI
 SITI MAFIROH
JENISE PARAGRAP
Paragrap deduktif

Paragrap Deduktif yaiku paragrap kang ukara


pokoke manggon ana ing ngarep paragrap,
banjur kasusul ukara – ukara panjlentrehe.
Tuladhane Paragrap Deduktif
 Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing
apik. Ora ana manungsa sing kepengin nemu
kedadeyan sing ala. Mula banjur ana tembung
beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kedadeyan sing
nyenengake iku sinebut beja, dene yen nemoni
kedadeyan ora nyenengake adate banjur diarani
cilaka.
Paragrap Induktif
Paragrap Induktif yaiku paragrap kang ukara
utamane manggon ana ing sisih buri paragrap.
Adate ukara utama ana paragrap Induktif
nggunakake konjungsi penyimpul antar ukara
kayadene : dadi, mula, lan sapanunggalane,
nanging iku ora mutlak, jalaran akeh uga ukara
utama kang ora kudu diwiwiti ngganggo
konjungsi kasebut.
Tuladhane Paragrap Induktif
 Prabeya kanggo transportasi saya suwe
saya mundhak. Rega – rega barang
kabutuhan urip saben dinane uga melu
mundhak saengga rakyat cilik ora kuwat
tetuku kanggi nyukupi kabutuhaning urip.
Kauripane rakyat cilik saya mundhak
susah. Iku mau jalaran saka mundhake
rega BBM wiwit minggu –minggu iki
glunjak banget regane.
Tuladhane Paragrap Induktif
kang migunakake konjungsi
 Kanggo ngadhepi pengetan dina kamardikan, warga RT
02/RW XIV ana bapak-bapak akehe 20 kang padha
metu saka omah lan reresik dalan, dene kang 6 jejring
randha ya lumrah yen ora melu kerja bakti. Warga RT
01/RW XIV sajake dipontho-pontho dadi telu, ana kang
ngecet gapura, ana kang ngresiki slokan lan ana kang
babat-babat sukte ing lapangan. Dene warga RT 03/RW
XIV padha reresik lapangan basket. Mula bisa diarani
kabeh warga melu kerja bakti ngadhepi dina
kamardikan.
Paragrap Campuran

ParagrafCampuran yaiku
paragraf kang ukara lajere
dumunung ana wiwitan lan
pungkasaning paragraf.
Tuladha Paragrap Campuran
 Kita kabeh becike kudu ndhisikake
kepentingane bangsa lan negara. Bab
iku nuduhake sepira tresna kita marang
bangsa lan negara kang kita panggoni
iki. Sok sapa kang tresna bangsa mesthi
bakal njaga katentreman lan tansah
nyipta manunggaling bangsa iku wujud
nyata saka tumindak ngluhurake
kepentingane bangsa lan kepentingane
bangsa lan negara tinimbang
kepentingane pribadi utawa golongan.
JENISE WACANA
Wacana Narasi

 Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake


prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang
maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa
mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha
rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang
winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate
mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning
crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
 Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu / apa anane. upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan
ana ing jjero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa Jaksa nyritakake
kedadeyan rajapati ing pengadilan.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor
wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok,
Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe
Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen
Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.

 Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa
nggugah pangangen - angene waong kang maca. upamane : dongeng (
Aji saka ), cerkak, Novel, Roman.
Tuladha:
Cerkak ( cerita cekak )
Pak Guru
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún.
Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa
têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné
dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo
ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu
Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
"Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé
kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."
Tanpå ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké
ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng kêmêndhêng.
Parjó dhèwèkan manèh....ngalamún……………………………..
Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif
 Narasi Ekspositoris
Njembarake wawasan utawa pangerten.
Mbeberake katrangan bab prastawa.
Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
Basa Informatif, tembung denotatif.
 Narasi Sugestif
Mbeberake makna kang sinandi.
Nguripake pangangen – angen(imajinasi)
Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
Basa figuratif, tembunge konotatif.
Wacana Diskriptif

Wacana Diskriptif yaiku wacana


kang nggambarake kanthi cetha salah
sawijining kahanan (objek), objek
mau kaya - kaya ana ngarepe wong
kang maca.
Tuladhane wacana Diskriptif
 Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana
pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis
ora bisa diinepake, tur teyengen sisan.
Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya
wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa
piranti liyane kang arep disimpen ana
kono.
Wacana Eksposisi
wacana eksposisi yaiku maparake,
njlentrehake ( menjelaskan), ngaturake
informasi, ngajarake lan nerangake sawijining
bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa
nampa utawa narima.
Lanjutan…..

Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake


pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah -
langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses
dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane
upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane
gawe tahu lan sapanunggalane.
Tuladha Wacana Eksposisi
 Gawè nopia isih nganggo cara kang
tradisional. Kanggo gawè kulit yaiku glepung trigu
dicampur banyu banjur diaduk-aduk nganti dadi
adonan. Adonan iku mau banjur digawe bunder-
bunder gedhènè sak jempol-jempol.Sakwisè kuwi
banjur bunderan mau diisi nganggo gula jawa kang
wis diremuk. Sakwisè dadi banjur dioven nganti
tekan mateng.
Wacana Argumentasi

Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya


kanggo ngowahi pola pikire wong liya supaya
pada karo apa kang dikarepake penulis. Kanthi
mbeberake bukti lan kasunyatan, penulis
mbudidaya supaya wong kang maca percaya lan
manut tumindak jumbuh karo apa kang
dikarepake
Tuladha Wacana Argumentasi
 Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake
tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika
Serikat saben tahun 25.000 luwih wong mati amarga
kacilakaan lalu lintas awit nyopir kanthi mendem. Luwih
saka 150.000 jiwa tumindak kasar kleebu nglalu, amarga
mendem. Ana 40 yuta anak lan bojone padha sengsara
nandhang tekanan mental, awit salah sijine anggota keluarga
nyandu alcohol. Biasane uga wong kang senenge mendem
wonge gampang nesu, awake rusak, pikirane cethek lan
seneng sekarepe dhewek.
Wacana Persuasi
 persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo
alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos.
banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan,
imbauan utawa saran marang pamaos. bedane
paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap
argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere
gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep -
arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha Wacana Persuasi
 praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben
praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling
nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh
iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh
pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin
mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan
nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya
kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya
obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa
percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas
kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan
grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo
ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan
trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.
MATUR NUWUN